NEW
Font size
WorksheetsSAS Bahasa Jawa
Total questions: 40
Worksheet time: 20mins
Pakdhe uwis ngombe banyune.
Yen dikramake dadi ...
Pakdhe sampun ngombe banyunipun
Pakdhe sampun ngunjuk toyanipun
pakdhe sampun mudhut yatranipun
pakdhe sampun nyambut yatranipun
woh jari arane
karuk
besusu
janggleng
kolang - kaling
Jovan iku lek mlaku banter, nanging lek Rayyan iku mlakune alon kaya ...
sepur
kilat
keyong
kucing
Pak Minto wes wegah ngandhani Wahyu, amerga Wahyu iku kaku atine.
kaku atine tegese ...
gampang nesu
angel dikandhani
seneng mbantah
ora gelem ngomong
piranti ing ngisor iki sing ora kalebu gamelan yaiku ...
gambang
gong
biola
saron
Saben tahun nyedaki dina riaya Idul Fitri, akeh wong sing bali ing kota kelahirane dewe-dewe saka perantauane. Pada bali kepengen ketemu karo keluargane dewe-dewe. Kegiatan kaya ngono kui iku istilahe diarani mudik. Wong-wong pada mudik gunakake piranti transportasi apa bae, saka montor, bus, kereta, kapal utawa montol mabur. Saking akehe wong seng pada mudik, dalan-dalan pada macet. Apa meneh pas wes nyedaki dina riaya kurang seminggu. Akeh wong sing mudik asale saka kutha-kutha gede, kaya Jakarta, Surabaya, Bandung, Semarang lan lia-liane. Dina riaya Idul Fitri bisa dadi wektu sing pas kanggo kumpul karo keluargane dewe-dewe, ing wektu iku biasane wong-wong sing pada kerja oleh liburan rada suwe. Dadi iso dimanfaatke kanggo silaturrahim mbi kabeh keluargane sing ana desa-desa.
Apa irah - irahe wacan ing ndhuwur?
lebaran
mudik
mudik lebaran
riaya idhul fitri
kang kalebu alat transportasi kanggo mudik, kajaba ...
becak
montor
kapal
kreta
Apa tujuane wong-wong pada mudik?
Kepengen dodolan nang desane
Kepengen liburan pas wektu Idul Fitri
Kepengen silaturrahim karo keluargane
Kepengen numpak montor mabur
Kenapa nyedaki wektu Idul Fitri dalan-dalan gedhe pada macet?
Amarga akeh wong kang liburan
Amarga akeh wong kang dodolan
Amarga akeh wong kang padha mudik
Amarga akeh wong kang luru keluargane
Ing ngendi tujuane wong-wong padha mudik iku?
Ing panggonan liburan
Ing panggon kerjane
Ing dalan-dalan
Ing kutha kelahirane
Kembang mawar iki sesuk mesthi bakal alum.
Tembung alum kosok baline …………
seger
bosok
alus
wangi
... regane buku Basa Jawa kuwi?
sapa
kepriye
apa
pira
Adhiku lagi adus ing jedhing. Ukara iki kalebu ....
ukara pakon
ukara andharan
ukara pitakon
ukara penjelas
Manuk emprit menclok pager
Dadi murid kudu sing pinter
Unen-unen iki jenenge ....
paribasan
parikan
bedhekan
wangsalan
Bapak nonton wayang, aku nonton dhangdhut. Yen dadi basa karma ....
Bapak ningali wayang, kula ningali dhangdhut.
Bapak mirsani wayang, kula ningali dhangdhut
Bapak ningali wayang, kula mirsani dhangdhut.
Bapak mirsani wayang, kula mirsani dhangdhut.
Manawa wangsulane/jawabane “iya”, pitakon kang mathuk/cocok yaiku ...
pira regane tas iki?
apa omahmu ing kebumen
sapa jenenge bapakmu?
kapan kowe sunat?
Wit gedhang jenenge debog. Yen wit krambil jenenge ...
pucang
lunng
glugu
tebon
Simbah nembe mriksakaken ... dhateng Puskemas.
padharanipun
mripate
untune
sikile
Cacahing wanda/jumlah suku kata saben sagatra/salarik diarani ...
guru gatra
guru lagu
guru wilangan
dhongdling
Aku wingi kodanan, sandhanganku teles ...
blas
mbethethet
njejet
kebes
Aksara jawa cacahe/jumlahe ana ...
18
19
20
21
Jinise wacan/bacaan werna-werna, kang pas diwaca dening bocah yaiku ...
artikel
dongeng
sinetron
novel
Nalika maca geguritan/puisi, perangan-perangan kang kudu digatekake iku yaiku kasebut ing ngisor iki, kejaba ...
informasi
lafal
ekspresi
irah - irahan
Crita rakyat sing turun-temurun lan kanggo ngelipur/menghibur ati arane ...
dongeng
cerkak
geguritan
sejarah
Crita kedadean gunung Tangkuban Perahu kalebu jinise crita ...
sage
fabe
legenda
mite
Perange Pandhawa lan Kurawa yaiku arane ….
ramayana
baratayuda
baratayana
dhawakura
Prabu Dewatacengkar iku ratu ing ….
ngastina
madukara
medhangkamulan
jodhipati
Padaringan iku wadah kanggo nyimpen ….
duwit
beras
gabah
piring
Aksara Jawa iku jumlahe ana ….
28
15
10
20
Unine ukara ing dhuwur yaiku ….
Macan mangan kidang
Mangan karo kupat
Macan anake papat
Macan sikile papat
Bapak lunga Semarang
Yen ditulis Jawa dadi ….
Budi lagi lara demam, wonge krasa cenut-cenut.
Sing cenut-cenut yaiku ….
Pundhake
Bathuke
Wetenge
Sikile
Andi kui bocah seng ora sopan, wonge ora gelem pamitan. Arep dolan langsung lunga …
ceg
Dhor
Klepat
bles
Piranti kanggo babat suket lan pari yaiku ….
pacul
parang
kampak
arit
Tembung apik iku pada tegese kalian ….
ala
seneng
remen
becik
Bengi iki rembulane katon bunder. Langite dadi katon padang ….
Jluwang
Njingglang
Dluwang
Abang
Tembung ing ngisor iki sing ora kalebu dasanamane angin yaiku ….
Bajra
Hawa
Bayu
Surya
Sirahe Pak Darman gundhul tanpa ….
topi
wulu
rambut
buntut
Kencur, jahe, kunyit iku kalebu tanduran ….
Palawija
Empon-empon
Palagumantung
Palakesimpar
Penggaweane – sopir – dados – Heri – sakniki
Urutan tembung-tembung kang bener yaiku ….
Penggaweane sopir sakniki dados Heri
Heri dados sopir penggaweane sakniki
Dados Heri penggaweane sakniki sopir
Heri sakniki penggweane dados sopir
