Worksheets12.8 BAHASA JAWA SOAL ASESMEN MADRASAH SMT GENAP 2024/2025
Total questions: 53
Worksheet time: 27mins
Name
Class
Date
1.
NAMA LENGKAP (SESUAI KARTU UJIAN)
4 lines
2.
TEMPAT TGL LAHIR ( Jember, 13 Juni 2009)
4 lines
3.
KELAS
a)
8 A
b)
8 B
4.
Gunemane wong kang srawunge wis raket kuwi panggone basa....
a)
Ngoko lugu
b)
Ngoko alus
c)
Krama lugu
d)
Krama alus
5.
Supaya ancase kang bakal dikandakake ana sajroning pacelaton isa ditampa kanthi cetha, rembungan kudu....
a)
Ngambra-amba
b)
Jumbuh karo bab kang diomongke
c)
Ngayawara
d)
Milih-milih sapa kang diajak rembugan
e)
6.
Ingkang menggalih nganti dadi lara. Tembung galih dasanama saka tembung
a)
Bumi
b)
Gunung
c)
Ibu
d)
Ati
7.
Nuliske keterangan arupa papan, wektu, lan swasanane ana ing....
a)
Kurung
b)
Titik loro
c)
Seru
d)
Pitakon
8.
Panggonane menyang sepadha-padha kang wis kulina banget, menyang sing kaprenah enom, yaiku basa...
a)
Ngoko lugu
b)
Ngoko alus
c)
Kromo lugu
d)
Kromo alus
e)
9.
"Aku nyuwun priksa apa panjenengan sesuk sida tindak? " Mugunakne basa
a)
Ngoko lugu
b)
Ngoko alus
c)
Kromo lugu
d)
Kromo alus
10.
Panggonane wong enom marang wong tuwa, batur marang bendarane, yaiku panggonane basa....
a)
Ngoko lugu
b)
Ngoko alus
c)
Kromo lugu
d)
Kromo alus
11.
Wacanan narasi kang njlentrehake sawijing prastawa kanthi basa figuratif lan migunakke tembung konotatif yaiku....
a)
Naratip
b)
Sugestip
c)
Argumentatip
d)
Deskriptip
12.
Pupuh ing serat wulangreh kang kaperanv saka 33 pada/bait yaiku....
a)
Kinanti
b)
Dhandanggula
c)
Sinom
d)
Gambuh
13.
Ngisor iki ukara kang ora migunakake basa krama alus yaiku...
a)
Badhe dateng klaten, dipun timbali bapak
b)
Panjenengan arep tindak ngendi?
c)
Bu Guru badhe dateng peken.
d)
Ibu menawi mapan sare, mesthi ngunjuk rumiyin.
14.
Menawi panjenengan badhe tindak dhateng Semarang, kula nderek. Ukara kasebut menawa didadekake ngoko alus dadi....
a)
Manawa panjenengan arep tindak menyanh Semarang, aku melu.
b)
Menawi sampeyan arep tindak dateng Semarang, kula melu
c)
Menawi panjenengan kesah dateng Semarang, kula dherek.
d)
Menawa sampeyansampeyan arep kesah dateng Semarang, kula melu.
15.
Nuju ari pasewakan, Prabu Ramawijaya lenggah siniwaka kaadhep ingkang rayi Raden Laksmana, narpati Sugriwa, lan sawetara bala wanara.
Ingkang rinembag inggih menika babagan murcane Dewi Sinta. Miturut palapurane jathayu, Dewi Sinta kadhusta dening prabu Dasamuka, raja yaksa ing Negara Ngalengka.
Narpati Sugriwa kagungan atur becike nglurug perang ngrebut Dewi Sinta. Nanging Raden Laksmana darbe panemu liya, becike ditakyinake dhisik apa bener Dewi Sinta dumunung ing Ngalengka. Prabu Ramawijaya nyarujuki apa kang dadi panemune Raden Laksmana.
Kang dadi underaning rembung ing pasewakan yaiku ?
a)
Dumununge Dewi Sinta
b)
Panemune Raden Laksamana
c)
Murnace Dewi Sinta
d)
Dasamuka raja ngalengka
16.
Menawa maca geguritan kudu nggatekake carane maca,ora kena groyok,pangucapane
tembung cetha,ora pelo. Bab iki diarani ?
a)
Wirama
b)
Wiraga
c)
Wicara
d)
Wirasa
17.
Tembang pangkur iku guru gatrane ana pira ?
a)
5
b)
6
c)
8
d)
7
18.
Narkotika lan obat-obat terlarang iku dadi satru tumrap para mudha.tembung satru iku tegese ?
a)
Mungsuh
b)
Kesenengan
c)
Bebaya
d)
Kanca
19.
Nuju ari pasewakan, Prabu Rawmawijaya lenggah siniwaka kaadhep ingkang rayi Raden Laksamana, narpati Sugriwa, lan sawetara bala wanara.
Tembung wanara nunggal teges karo tembung ?
a)
Kethek
b)
Pandhita
c)
Buta
d)
Raseksa
20.
Sutrisna tansah waspada anggone srawung,supaya ora kagodha marang tumindak maksiyat lan narkoba. Waspada iku tegese ?
a)
Sembrana
b)
Ngati-ati
c)
Mbedakake kanca
d)
Pilih-pilih
21.
Adoh saka kutha
Adoh saka punjering warta
Sandhingku gumuk watu,kayu-kayu waru
Kiwa tengenku alas gung umyek
Tetuwuhan lan manuk tuwu
Adoh saka ratu
Saka geguritan sapada ing ndhuwur iki,kira-kira nyritakake kahanan ing ?
a)
Pinggir desa
b)
Pesisir
c)
Pinggir kutha
d)
Pegunungan
22.
Para warga kudu tansah njaga kerukunan,jalaran ana paribasan ‘’rukun agawe santosa, crah agawe bubrah’’. paribasan iku tegese ?
a)
Seneng rukun bakal sugih sedulur denen seneng congkrah adoh sedulur
b)
Sing gelem rukun mesthi slamet,sing seneng congkrah cilaka
c)
Wong ringkih nanging gelem akur karo kancane bakal dadi kuwat awake
d)
Rukun iku bisa njalari kuwat dene cecongkrahan njalari ringkih
23.
Anoman tinarka durjana, mula banjur dadi perang rame. Trimurda lan Trikarya temekaning lampus.
Tembung tinarka durjana nunggal teges karo tembung ?
a)
Didakwa tukang ngapusi
b)
Didakwa telik sandi
c)
Didakwa maling
d)
Didakwa tukang culik
24.
Balung klapa,esuk-esuk ora pirsa
Batangane wangsalan kasebut yaiku ?
a)
Bathok
b)
Glugu
c)
Manggar
d)
Sepet
e)
Didakwa tukang culik
25.
Tembang jawa macapat iku manut riwayate minangka pralambang uripe manungsa wiwit lair tekan matine.kawiwitan saka tembang mijil kang mengku pralambang ?
a)
Manungsa wiwit ngerti sapa wong tuwane
b)
Manungsa lair ing alam donya
c)
Manungsa lagi nandang asmara
d)
Manungsa wiwit duwe rasa tresna
26.
Sandhingku gumuk watu,kayu-kayu waru
Kang diarani gumuk yaiku ?
a)
Lemah jembar
b)
Pategalan
c)
Kali cilik
d)
Gunung cilik
27.
Among bisa tetulung bapa biyung,nderes,apek cengkeh,nglumpukake kleyung
Saka pethikan geguritan iku bisa dirasakake menawa paraga ing geguritan iku ?
a)
Bocah kang ugal-ugalan
b)
Bocah kang ora seneng uripe
c)
Bocah kang sedhih marang nasibe
d)
Bocah kang nrima apa anane
28.
Pethikan crita wayang kanthi irah-irahan “Laripun raden Ramawijaya” kalebu ana ing peranganing babon crita wayang Ramayana ?
a)
Iskendakanda
b)
Aranyakanda
c)
Ayodyakanda
d)
Balakanda
29.
Pancen mung wora-wari
Sekar arda datan hambejaji
Nanging....
Jambon abang warnane
Nuwuhake sumringah asuka
Saka pethikan geguritan ing dhuwur iku tegese tembung arda yaiku ?
a)
Dalan
b)
Alas
c)
Sawah
d)
Gunung
30.
Saliyane tembang macapat uga ana tembang dolanan. tuladhane tembang dolanan yaiku ?
a)
Caping gunung,nyidham sari
b)
Sluku-sluku bathok,menthog-menthog
c)
Stasiun balapan,pokoke joget
d)
Dhandanggula,asmaradana
31.
Batangane tembang ing ndhuwur iku yaiku ?
a)
Kupu
b)
Kombang
c)
Kinjeng
d)
Manuk
32.
Peranganing crita wayang Ramayana kang nyritakake nalika raden Ramawijaya ketemu karo rajaning wanara, banjur njaluk tulung supaya diwenehi bala wanara kanggo nggempur benteng Ngalengka, yaiku ?
a)
Sundarakanda
b)
Yudhakanda
c)
Aranyakanda
d)
Kiskendakanda
33.
Kiwa tengenku alas gung umyek tetuwuhan lan manuk tuwu
Alas gung iku diarani ?
a)
Alas kang gedhe
b)
Alas kang akeh manuk
c)
Alas cilik
d)
Alas rungkud
34.
Nulis geguritan iku kudu nggatekake perkara-perkara ing ngisor iki,kejaba ?
a)
Migunakake seselan
b)
Nggunakake purwakanthi
c)
Kudu nganggo tembung edi peni
d)
Pamilihing tembung mentes
35.
Ana gula ana semut.tegese paribasan iku yaiku ?
a)
Panggonan sing akeh rejekine, mesthi sitik sing nekani
b)
Panggonan sing akeh rejekine,mesthi akeh sing nekani
c)
Panggonan sing sitik rejekine,mesthi akeh sing nekani
d)
Panggonan sing akeh rejekine,mesthi akeh sing ngedohi
36.
Taman Asoka ing Ngalengkadiraja mujudake papanipun Dewi Sinta kasingidaken dening Prabu dasamuka.
Tembung kasingedaken nunggal teges karo tembung ?
a)
Didhelikake
b)
Digondhol
c)
Digarwa
d)
Diculik
37.
Dene tembang pamgkur iku nduweni pralambang ?
a)
Manungsa wis dibuntel utawa dipocongi
b)
Manungsa lagi mangsane dikanthi utawadituntun
c)
Manungsa wus krasa lamun uripe bakal ngambang
d)
Manungsa wiwit mungkur ora mikirake kadonyan
38.
Apa iku dudu uler dudu yuyu
Endah kaya mega
Kekiter ing ara-ara
Saben dina dheweke ngisep puspa
Tembang ing ndhuwur iku kalebu tembang ?
a)
Pangkur
b)
Sinom
c)
Pocung
d)
Mijil
39.
Underaning gagasan kang ana ing geguritan diarani ?
a)
Ekpresi
b)
Purwakanthi
c)
Pamilihing tembung
d)
Tema
40.
Lampahipun Anoman tumuju Negara Alengka nemahi pambengan ingkang matumpa-tumpa.
Tembung pambengan nunggal teges karo tembung ?
a)
Pepalang
b)
Buta
c)
Pitulungan
d)
Wuta
41.
Narkoba iku saya suwe ora saya suda,malah tambah ndadra.
Tembung ndadra tegese ?
a)
Ilang
b)
Moncer
c)
Kondhang
d)
Ngambra-ambra
42.
Jenang sela,wader kali sesondheran.apuranta yen wonten lepat kawula
Wangsalan kasebut batangane kang trep yaiku ?
a)
Watu gamping, sidhat
b)
Apu-apu, lepat
c)
Gamping, welut
d)
Apu, sepat
43.
Cagak griya,tan yogya duhka nestapa
Batangane wangsalan kasebut yaiku ?
a)
Tembok
b)
Blandar
c)
Saka
d)
Gendheng
44.
Kemulku sarung sarapanku jagung,aku ora pinter gawe kidung,ora wasis nulis ngetung,amjung bisa tetulung bapa biyung,nderes,apek cengkeh,nglumpukake kleyung
Kidung iku tegese ?
a)
Cangkriman
b)
Piwulang
c)
Tembang
d)
Tulisan
45.
...........................................................
...........................................................
Dipanah ngisor gelagah
Ana manuk ondhe-ondhe
Bok sri bombok,bok sri kate
Pethikan tembang ing ndhuwur iku kajupuk saka tembang dolanan ?
a)
Kodhok ngorek
b)
Kupu kuwi
c)
Kate dipanah
d)
Manuk ondhe-ondhe
46.
Guru wilangan lan guru lagune tembang pangkur yaiku ?
a)
8a,11i,7u,7a,12u,8a,8i
b)
8a.11i,8u,7a,12u,8a,8i
c)
7a,12i,8u,7a,11u,8a,8i
d)
7a,12i,8u,7a,12u,8a,8i
47.
ꦱꦸꦂꦪꦥꦸꦠꦿꦆꦏꦸꦣꦱꦤꦩꦤꦺꦏꦂꦤ
a)
Suryaputra iku dasanamane karna
b)
Bhatara iku dasanamane karna
c)
Dasamuka iku dasanamane karna
d)
Adipati iku dasanamane karna
48.
Aksara Jawa kang durung kawuwuhan sandangan apa-apa kaaran aksara ....
a)
Carakan
b)
Legena
c)
Dentawyanjana
d)
Murda
49.
Gatra kang guruwilangane 7u yaiku....
a)
Meloke ujar iku
b)
Trima Lila ambek sadu
c)
Kalamun durung lugu
d)
Iku denawas denemut
50.
ꦏꦿꦱꦭꦫ
Aksara ing duwur migunakke sandangan ...
a)
Panyigeging wanda
b)
Swara
c)
Wyanjana
d)
Murda
51.
ꦱꦮꦃꦄꦩ꧀ꦧ
Aksara sing digaris bawahi ing duwur migunakke sandangan ...
a)
Panyigeging wanda
b)
Swara
c)
Wyanjana
d)
Murda
52.
ꦱꦮꦃꦄꦩ꧀ꦧ
Aksara sing digaris bawahi ing duwur migunakke sandangan ...
a)
Panyigeging wanda
b)
Swara
c)
Wyanjana
d)
Murda
53.
Simbah nonton wayang ing bale desa wengi Iki numpak sepedah.
Ukara ing duwur menawa diowahi dadi basa krama Alus yaiku....
a)
Simbah mirsani wayang ing bale desa Dalu niku nitip sepedah.
b)
Simbah ningali wayang wonten bale desa Dalu niku numpak sedah.
c)
Simbah ningali Ringgit ing bale desa Dalu niku nitip sepedah.
d)
Simb mirsani Ringgit wonten bale desa Dalu punika nitip sepedah.
100 %
