NEW
Font size
WorksheetsKuis Bahasa Jawa Kelas XII
Total questions: 50
Worksheet time: 25mins
Susi : “Mbak, njenengan mau wis dhahar durung ta?”
Dina : “Durung je Dhik, lha arep maem ketungka ana tamu.”
Undha-usuking basa ingkang dipunginakaken dening Susi ing pacelathon kasebat, inggih menika ....
ngoko alus
krama alus
krama
ngoko
krama inggil
Simbah : “Kowe mau saka ngendi Na?’
Nana : “Saking ......... budhe Siti Mbah.”
Simbah : “Masmu Joko ana neng ....... ora?”
Nana : “Boten wonten Mbah. Mas Joko tilem wonten ......... Mas Doni.”
Rerangkening tetembungan ingkang trep kangge njangkepi pacelathon kasebat, inggih menika .....
griyanipun - omah - daleme
griyane - griya - omahipun
dalemipun - griya - griyan
dalemipun - omah - griyane
griyanipun - omah - omahe
Ukara ingkang leres menawi lare matur dhateng tiyang sepuh, inggih menika ....
“Turene Bu Giyah, Ibu mau tindak pasar ya?”
“Kula benjing ajeng tindak kaliyan Bu Dhe dhateng Sala.”
“Sik ta Pak, menawi sanes bapak sing njupuk, lajeng sinten?”
“Pak Lurah, sowan kula mriki dipunutus bapak nyaosaken layang menika.”
“Kula pun ngertos kok Pakdhe, wong ibu wingi sampun matur bab menika dhateng kula.”
Kados pundi anggenipun matur menawi telat sekolah...
“Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, menapa kepareng kula ajeng piwucalan?”
“Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapura kula telat, menapa kepareng kula dherek piwucalan?”
“Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, kula badhe dherek piwucalan.”
“Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, menawi kepareng kula ajeng dherek piwucalan.”
“Nuwun sewu Bu/Pak, nyuwun pangapunten kula telat, menapa kepareng kula dherek piwucalan?”
“Ayo Bu, bareng karo aku wae, yen kowe arep menyang Puskesmas”, pangajake Dira marang bu RT.
Ukara ingkang leres inggih punika...
“Mangga Bu, sareng kula mawon yen ibu ajeng tindak dhateng puskesmas”.
“Mangga Bu, sareng kaliyan kula kemawon, manawi Panjenengan badhe tindak dhateng Puskesmas”.
“Mangga Bu, sareng kaliyan kula kemawon, menawi ajeng tindak dhateng puskesmas”.
“Mangga Bu, sareng kaliyan dalem kemawon, menawi Panjenengan badhe tindak dhateng Puskesmas”.
“Mangga Bu, sareng kaliyan dalem kemawon, menawi sampeyan badhe tindak dhateng Puskesmas.
Guru : “ Saderengipun ibu wiwiti piwulangan Basa Jawi ing taun ajaran enggal menika, para siswa sampun sami tepang kaliyan ……………. menapa dereng? Lajeng kaliyan ibu guru menapa sampun sami tepang?”
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ceceg-cegeng ukara kasebut inggih menika......
kanca-kanca
rencang-rencang
para sedulur
bapak saha ibu guru
sekolahanipun
Guru : “Menawi dereng, cobi samenika sami tetepangan malih kaliyan kanca-kancanipun, Caranipun mangke para siswa majeng setunggal mbaka setunggal lajeng nepangaken .................... Mangga dipunwiwiti kanthi nepangaken nama, asal sekolah, alamat, lan karemenanipun. Cobi samenika dipunwiwit majeng kanthi cara gentosan.”
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ceceg-cegeng ukara kasebut inggih menika......
bapak saha ibunipun
rencang-rencangipun
identitas dhirinipun
kanca-kancanipun
Ibu : “Dit, anggonmu bali sekolah mengko jam pira?” Adit : “ Kula ................ sonten Bu.”
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebat, inggih menika ....
wangsul
kondur
tindak
kesah
bali
Guru : “Sinta wis pirang-pirang dina ra mangkat ki lara apa piye?
Murid : “Inggih Bu, Sinta nembe .......”
Guru : “Wis padha tilik durung?”
Murid : “Ketingale benjing Minggu ajeng sami .....”
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ceceg-ceceg, inggih menika ....
gerah - nuweni
lara - niliki
sakit - niliki
sakit - nuweni
lara - nuweni
Pak Camat : “Pak Heru, undangan kanggo Pak Lurah wis diparingke?”
Pak Heru : “Dereng Pak. Menika nengga ............... panjenengan”.
Pak Camat : “Kok durung?”
Pak Heru : “Bibar menika ajeng kula ..... Pak.”
Supados ukaranipun leres, tetembungan ingkang sae kangge njangkepi, inggih menika....
tanda-tangan; paringaken
tapak-asta; paringaken
tapak-asma; aturaken
tanda-tangan; wenehke
tapak-asma; caosaken
Ngendikanipun tiyang sepuh dhateng para putra, ingkang trep kaliyan unggah-ungguh, inggih menika ....
“Wid, apa kowe ora pirsa menawa simbah arep teka sore iki?”
“Nok, anggonmu kondur jam pira? Mengko arep dhahar neng omah apa neng sekolah?”
“Ndhuk, adhimu undangen mrene, ibu arep matur”.
“Le, bapak-ibu arep lunga rada suwe, adhimu dikancani, aja padu ya!”
“Nok, mengko ibu arep tindakan, sliramu ngersakke apa?”
Andharan menika ingkang boten kalebet undha-usuking basa Jawi, inggih menika .....
basa ngoko
basa krama
basa krama inggil
basa krama alus
basa ngoko alus
Ingkang ngginakaken basa ngoko, inggih menika ....
lare enem dhateng tiyang sepuh ingkang sampun rumaket
lare enem dhateng tiyang sepuhipun
nalika tiyang enem mertamu
tiyang sepuh dhateng lare enem
nalika pikantuk pitepangan enggal
Guru : “Bud, wingi kok ora mlebu neng ndi?”
Budi : “....”
Wangsulanipun Budi ingkang leres lan laras kaliyan unggah-ungguh, inggih menika.
“Kala wingi kula nembe gerah Pak.”
“Nyuwun pangapunten Pak, kala wingi kula nembe sakit, boten saged maringi kabar”.
“Nyuwun pangapunten Pak, kula nembe sakit, boten saged mlebet.”
“Kala wingi kula lara Pak, boten saged nyaosi kabar.”
“Kala wingi kula lara, boten saged maringi kabar.”
“Nok, yen mengko Pak Lurah wis ......, diaturi .... sik ya!”
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebat, inggih menika ....
teka - lungguh
sowan - pinarak
sowan - lenggah
rawuh - pinarak
teka - pinarak
Mau bengi Nita ...................... marang ibune yen awake lagi ora kepenak
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara ing inggil inggih menika .....
matur
omong
ngendika
kandha
crita
Bapak .......... adhiku dhuwit 20 ewu.
tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebut inggih menika .....
meneh
nyaosi
maringi
ngaturi
nyuwun
Bapak ora sida ........... amarga sukune aboh.
tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebut inggih menika .....
menyang
mlampah
mlaku
tindak
mangkat
Wawan rembag kaliyan tiyang ingkang enggal ngginakaken basa .....
ngoko
krama alus
ngoko alus
ngoko lugu
krama inggil
Bapak lagi .............. karo ibu ana ngisor wit jambu.
Tembung ingkang trep kangge njangkepi ukara kasebut inggih menika .....
omong-omongan
ngendikan
crita
matur
mundhut pirsa
Kadingaren pakdhe, dalu-dalu tindak ngriki.
Basa kang digunakake yaiku ...
Ngoko lugu
Ngoko andhap
Krama inggil
Krama
Krama madya
Minangka pribadi kang lantip, yen rerembugan kudu bisa empan papan, jalaran ....
ing endi lan karo sapa kita rembugan panganggone basa padha wae.
panganggone basa ing warung kopi padha karo ing arisan ibu-ibu.
bocah sekolah, bocah kuliahan, para pegawai, yen jagongan basane padha wae.
para intelek, pemimpin agama, apa dene politikus, yen jagongan padha wae.
beda papan lan bab kang dirembug, bisa ndadekake beda panganggone basa.
Undha-usuk ing basa Jawa iku bakune mung ana loro yaiku... .
ragam ngoko alus lan ragam krama inggil
ragam ngoko lan ragam krama
ragam krama lugu lan ragam karma inggil
ragam ngoko lan krama inggil
ragam krama alus lan krama inggil
Yen kabandhingake karo basa ngoko, basa krama luwih ... .
kasar lan rumaket
luwih gampang cak-cakane
alus lan nduweni surasa luwih ngajeni
lugu lan kurang ngajeni liyan
endhek tataran undha-usuke
Tembung ‘Menehi” yen dipun dadosaken tembung krama Inggil kange tiyang tiyang sanes inggih menika ........
Nguwe
Nyukani
Nyaosi
Maringi
Ngaturi
Cerkak mujudake kasusastran gagrag anyar kang nyritakake ....
Panguripan sabendina
Epos Ramayana-Mahabarata
Prastawa sejarah
Kedadean sajerone kraton
Kedadean apa anane
Kanggo nguripake crita, pengarang cerkak migunakake ....
Basa baku
Basa standar
Dhialek lan idhiolek
Lelawaning basa
Basa padinan
Adhedhasar urut-urutane crita, struktur teks cerkak kaperang dadi ....
Koda, orientasi, komplikasi, lan resolusi
Resolusi, koda, orientasi, lan komplikasi
Komplikasi, resolusi, koda, orientasi
Orientasi, komplikasi, resolusi, koda
Orientasi, komplikasi, koda, resolusi
Perangane wiwitane crita kanggo nepungake paraga, swasana, lan bibit kawit tumuju crita sabanjure, ing struktur teks cerkak diarani ....
Resolusi
Koda
Orientasi
Komplikasi
Klimaks
Dumadine prakara kang kudu diadhepi dening para paraga, ing struktur teks cerkak diarani ....
Resolusi
Koda
Orientasi
Komplikasi
Klimaks
Pungkasane karampungan pasulayan, ing struktur teks cerkak diarani ....
Resolusi
Koda
Orientasi
Komplikasi
Klimaks
Panintinge dudutan dening para pamaca, ing struktur teks cerkak diarani ....
Resolusi
Koda
Orientasi
Komplikasi
Klimaks
Pesen moral kang ana ing sajroning crita akeh jinise. Bab iki gumantung marang ....
Sing ngarang lan sing maca
Sing nyurasa lan ngrasakake isine crita
Kahanan masyarakat kang kacrita
Kahanan masyarakat wong kang maca
Ing ngendi crita kasebut kawaca
Pakaryan ngowahi basa liya menyang basa Jawa, tanpa ngowahi runtute crita diarani ....
Njarwakake
Nyadhur
Ngrepek
Njiplak
Nganggit
Nalika nyadhur cerkak, ora kena ngowahi ....
Basane cerkak
Lelawaning basa cerkak
Isi lan rasane cerkak
Titikane basane cerkak
Kaendahan basane cerkak
Crita cekak iku kalebu golongane ....
Film
Sastra fiksi
Sastra nonfiksi
Nonsastra fiksi
Nonsastra lan nonfiksi
Crita cekak iku wujude
Gancaran
Geguritan
Pacelathon
Drama
Jurnal
Ciri khas crita cekak, yaiku ....
Migunakake alur flashback
Munjerake marang siji kedadeyan
Setting panggonan lan wektu akeh
Prakara kang tuwuh ing crita rumit
Kadadeyan sing dialami tokoh bola-bal
Kalungguhane pengarang ing sajroning crita diarani ....
Pamawas
Latar
Paraga
Alur
Tema
Unsur kang ana gegayutane karo wektu, swasana, lan lingkungan sosial ing cerkak diarani ....
Latar
Panggonan
Paraga
Alur
Tema
Tintingane cerita cekak yaiku ....
Critane ora dawa, ukarane ringkes, isine padhet nanging basane angel dimangerteni
Critane dawa, isine padhet, basane gampang dimangerteni
Critane cekak, isine padhet, ukarane ringkes, basa dimangerteni
Critane dawa, isine cekak aos, basane menthes
Critane saklepasan, isine padhet, basane endah
Ing ngisor iki sing kalebu ukaran kandha, yaiku ....
"Apa bukuku katut kok gawa?"
Rini lagi maca kalawarti.
Asti lagi sinau nulis cerkak.
Rini takon marang Astri sesuk dheweke sida budal apa ora.
Coba kalawarti kae gawanen mrene!
Ing ngisor iki sing kalebu unsur intrinsik cerkak, yaiku ....
Tema, amanat, watak, alur, dialog
Tema, blegere crita, penokohan
Amanat, isi, latar
Sudut pandang, alur, dialog, pamawas
Pamawas, alur, tokoh, amanat
Ing ngisor iki sing kalebu ukara crita kang trep, yaiku ....
"Tugase kae garapen!" Jarene Rina
"Nyuwun pirsa, menika menapa dalemipun Pak Burhan" pitakone Sasti
"Coba wedang iki tilikana!"
Katno kandha yen kelase arep diresiki.
"Ayo, enggal dirampungake tugase"
"An, kapan kae aku krungu menawa ibumu gerah, apa bener" pitakone Rani marang Ani.
Ukara kasebut menawa diowahi menyang ukara crita sing trep, yaiku ....
Rani takon marang Ani menawa ibune gerah.
Rani takon Ani kapan ibune gerah.
Rani takon marang Ani ngenani babagan bener apa ora yen ibune gerah
Rani takon marang Ani yen ngerti ibune gerah
Rani takon marang Ani menawa ibune gerah.
Tahapan utawa tataran crita kuwi diarani alur/plot. Tahapan crita kang diwiwiti saka wektu ana kedadeyan sepisan mundhak akibate terus nganti rampung iku diarani alur....
Biasa
Rumit
Maju
Mundur
Campuran
Gatekake pethilan cerkak ing ngisor iki!
Katon saya suwe srengenge saya mlaku mulih nyang parane. Sumiyati isih wae lungguh karo ngelap eluhe. Disawang foto ibune kang ana ing tangane. Dheweke isih lungguh ana ngisor wit randhu, ora nglegewa yen Winarto wis ana ing mburine.
Saka pethilan cerita cekak ing ndhuwur, pesen kang kakandhut yaiku ....
A. Sumiyati putra kang bekti marang ibune
B. Sumiyati mung predhuli marang Winarto
C. Sumiyati putra kang bhekti marang ibune
D. Winarto seneng ndelik ngamati Sumiyati
E. Sumiyati sengaja sedhih ben dimelasi Winarto
Cerkak wancahan(singkatan) saka....
Cerita cekak
Cerita pendek
Cerita cakak
Cerita sambung
Cerita ngakak
Unsur ing ngisor iki kang kalebu perangane unsur intrinsik setting yaiku....
alur, paraga, suasana
wektu, papan, suasana
tema, papan, suasana
amanat, nilai moral, paraga
sudut pandang, suasana, wayah
"Muliha, simbah gerah!" Ngono SMS saka Mbak Fitri sing njalari aku ora konsentrasi. Kamangka wektu kuwi pesenanku teh anget isih durung sempat tak sruput.
Setting papan kang ana ing pethikan crita dhuwur, manggon ing ... .
pinggir dalan
sawah
kelas
warung
sekolah
