WorksheetsPAMBIJEN SUMATIF UNGGAH-UNGGUH BASA KELAS XII
Total questions: 25
Worksheet time: 38mins
"Panjenengan rawuha saiki, aku masak rawon." Ukara kasebut gunakake basa...
ngoko lugu
ngoko andhap
krama lugu
krama alus
krama inggil
Guneman karo kanca kang durung kulina migunakake basa...
krama madya
krama lugu
ngoko lugu
ngoko wantah
ngoko alus
Rian: "Sepedhahku iki regane larang lho, kowe aja nyilih mengko ndak rusak." Saka omongane katon menawa watake Rian yaiku...
nakal
anake wong sugih
loma
gumedhe
sregep
Perangan naskah kang menehi andharan marang paraga yaiku...
prolog
pandom
dialog
epilog
naskah
"Bu Dila punapa badhe kondur?" Ukara kasebut migunakake basa...
Krama madya
Krama lugu
Krama inggil
ngoko lugu
ngoko alus
Basa kang digunakake marang kanca sakelas yaiku...
Ngoko wantah
ngoko alus
ngoko andhap
krama alus
krama lugu
Sandiwara iku asale saka tembung 'sandi' lan 'warah'. Tegese Tembung 'warah' yaiku...
Pitutur
piweling
pituduh
piwulang
panemu
Wujude naskah kang dadi titikane drama yaiku...
Gancaran (prosa)
Tumindak (aksi)
Lelakon (cerita)
Pagelaran (pementasan)
Paguneman (dialog)
Jinise drama kang pagelarane ora migunakake naskah diarani drama...
Drama modern
Drama tradisional
Drama kolosal
Drama komedi
Drama tragedi
Teater lan drama serial TV kalebu tuladha jinis drama...
Drama modern
Drama tradisional
Drama kolosal
Drama komedi
Drama tragedi
Perangan alur kang nggambarake kahanan masalah saya ndadi yaiku...
Klimaks
Peleraian
Eksposisi
Komplikasi
Konflik
Basa kang becike digunakake dening bojo wadon marang bojo lanange yaiku...
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama madya
Krama Alus
Sore iku Linda ing omah, dumadakan ana pakdhene lagi dolan. Nalika iku Ibu lan Bapake ora ana ing omah. Ukara kang trep diomongake dening Linda marang Pakdhe yaiku...
Ngapunten Pakdhe bapak lagi kesah
Sepuntene Pakdhe bapak nembe lunga
Pangapunten Pakdhe bapak nembe tindak
Ngapunten Pakdhe bapak lagi lunga
Pangapunten Pakdhe bapak nembe kesah
"Bu, aku arep tuku endhog limang kilo." Ukara kasebut yen diowahi dadi basa Krama kang trep yaiku...
Bu kula badhe mundhut endhog gangsal kilo.
Bu kula badhe tumbas endhog gangsal kilo.
Bu kula badhe mundhut tigan gangsal kilo
Bu kula arep tumbas tigan gangsal kilo
Bu kula badhe tumbas tigan gangsal kilo
"Mangga Pak menawi ajeng tumut becak kula." Ukara kasebut migunakake basa...
Ngoko andhap
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama Inggil
Krama Alus
Tembung kang dikramakake nalika migunakake basa Krama Inggil yaiku...
Tembung lingga
Tembung kriya
Tembung entar
Tembung katrangan
Tembung Aran
"Ibu aku pamit arep mangkal seolah dhisik." Ukara kasebut yen diowahi dadi basa krama kang trep yaiku...
Ibu kula pamit arep mangka rumiyin.
Ibu, kula pamit ajeng budhal sekolah rumiyin.
Ibu, kula pamit ajeng tindak sekolah riyin.
Ibu, aku pamit badhe tindak sekolah rumiyin.
Ibu, kula pamit badhe bidhal sekolah rumiyin.
Ukara kang nuduhake ngoko lugu kang trep yaiku...
Sampeyan rawuh jam pira kimau?
Panjenengan napa purun toya?
Mas Rhama arep tindak jam pira?
Bagus, tulung jupukna gelas ing pawon.
Bapak arep dhahar sakniki apa mengko?
Tuladha basa krama madya kang trep yaiku...
Mas Bima ngertos griyane Mbak Ayu?
Mas Galuh sesuk dakaturi tindak Sala menawa prei.
Ibu boten tindak sabin amargi gerah.
Simbah ngunjuk jamu temu lawak.
Layange wis dakaturake Pak Lurah.
Ukara kang nuduhake panganggone basa krama alus kang trep yaiku...
Sampeyan tindak Surabaya nitih napa?
Nanda, ayo gladhen drama ing omahe Bayu.
Bapak rawuh saking Jakarta kalawau enjing nitih kreta.
Mas Edi, rawuh jam pira mau?
Ndhuk, tekamu kene rak ya padha slamet ta?
Tumrape wong kang lagi ngudarasa nggunakake basa...
ngoko andhap
ngoko wantah
ngoko alus
krama madya
krama lugu
Ragam undha-usuk basa Jawa bakune kapantha dadi rong perangan yaiku...
ngoko alus lan krama inggil
ngoko lan krama
ngoko andhap lan krama
krama alus lan krama inggil
k
Kang ora klebu perangan kang ditindakake nalika ngrantam naskah sandiwara yaiku...
nemtokake tema
nemtokake aur lan setting
nemtokake paraga
ngatur obahing paraga
ngrantam ringkesaning crita
"Simbah lagi lara untu." Ukara kasebut yen diowahi dadi basa krama inggil kang trep yaiku...
Simbah lagi sakit untu.
Simbah nembe gerah untu.
Simbah lagi gerah waja.
Simbah nembe gerah waja.
Simbah nembe gerah mustaka.
"Bu Ita wis rawuh ing kelas apa durung?" Ukara kasebut migunakake basa...
Ngoko alus
ngoko wantah
ngoko lugu
krama lugu
krama madya
