WorksheetsTradisi Adat Mantu
Total questions: 25
Worksheet time: 45mins
1) Balangan gantal
2) Sinduran
3) Wiji dadi
4) Panggih
5) Kacar-kucur
6) Bobot timbang
Sawetara adicara ing adat tradisi mantu kang ana ing nduwur menawa kasusun miturut urutane kang trep yaiku…
4-1-3-2-5-6
4-1-2-3-5-6
4-1-3-2-6-5
4-1-2-3-6-5
4-1-3-6-2-5
Makna filosofi kang kamot ing sajroning adicara tradisi adat mantu perangan kacar-kucur yaiku…
Garwa putri kudu bekti dhumateng garwa kakung
Manten kekalih kudu tansah tresna lair batin
Manten kekalih kudu benti marang wong tuwa
Manten kekalih kudu bisa ndidhik putra putrane
Garwa kakung kudu tanggung jawab menehi nafkah
Palakrami inggih menika sawijinipun rerangken upacara ingkang dipun lampahi antawisipun priya lan wanita kangge ngalalaken sedaya tumindak ingkang magepokan kaliyan panggesangan kangge mujudaken sawijinipun bale wisma. Kangge nglampahi palakrami, tiyang Jawi mesthi madosi dinten ingkang sae, pramila kedah disuwunaken pirembugan saking para winasis petungan dinten adhedasar pathokan primbon Jawi lan agami. Manut teks uracara penganten adat Jawa kasebut, ancase wong palakrama yaiku ....
ngalalaken tumindak urip mbangun bale wisma
nambah sadulur anatarane keluwarga
upacara adat kang ditindakake wong Jawa
mbangun omah sing apik manut jamane
adhedhasar pathokan primbon Jawa lan agama
Sedhah utawa suruh ditaleni benang lawe kanggo balangan penganten sarimbit. Prosesi balangan gantal penganten sarimbit ditujuaken ing pundikemawon…?
Sirah, batuk, dengkul
Bathuk, dengkul, sikil
Bathuk, dada, dengkul
Sirah, dada, dengkul
Bathuk, tangan, dengkul
Tatacara adat kang nggambarake imbanging katresnan manten lanang wadon yaiku...
Kembar mayang
Bebalangan gantal utawa suruh
Siraman
Midodareni
Kacar kucur
Telu tata acara mantu ing dhuwur duwe aran….
Siraman, kacar-kucur, pasang bleketepe
Sinduran, kacar-kucur, pasang tarub
Sinduran, kacar-kucur, pasang bleketepe
Sinduran, siraman, pasang bleketepe
Sinduran, siraman, pasang tarub
Piranti khas piyayi mantu yaiku janur, dene ubarampe kang dibetahake ing pasangan tuwuhan ana cengkir lan tebu. Menawa wis mantenan dados garwa uga kudu tansah padha-padha njaga katresnan.
Tegese kerata basa saka tembung-tembung kang kacethak kandel saka wacan ing ndhuwur yaiku…
Sejatine nur, kencenging pikir, antebing kalbu, sigaraning dawa
Sejatine nur, kencenging parkir, anteping kalbu, sigaraning nyawa
Sejatine nur, kencenging pikir, antebing kalbu, sigaraning nyawa
Sejatine nur, kencenging parker, antebing mlebu, sigaraning nyawa
Sejatine nur, kencenging piker, antebing mlebu, sigaraning dawa
Tatacara mantu kang duwe makna yen penganten putri iku ora entuk metu saka kamar, amargi ing acara utawa penganten putri balak ayu kaya widodari, yaiku prosesi…
Siraman
Midodareni
Kacar-kucur
Sungkeman
Sinduran
Siji pesthi, lara jodho, telu wahyu, papat pangkat, lima donya iku sinandi mung Gusti Kang maha kuwaos kang bakal peparing, nanging kabeh iku uga kudu dikantheni bektine anak marang wong tuwa. Tatacara mantu kang maknane wujud benti mring wong tuwa yaiku prosesi…
Siraman
Midodareni
Kacar-kucur
Sungkeman
Wiji dadi
Salah satunggaling adicara ing tradisi adat mantu kang kamot ing sajroning gambar nginggil dipunarani…
Bobot timbang
Sinduran
Kacar-kucur
Wiji dadi
Dhahar klimah
Manten kakung ngidak tigan, banjur manten putri mijiki sukune garwa kanthi toya kembang, mralambangake wujud bekti garwa estri dumateng garwa kakung
Tembung kang dipun cethak kandel ing andharan salah sawijining adicara adat tradisi mantu ing ndhuwur duweni teges…
Klapa, driji, oyot
Endhog, sikil, banyu
Endhog, driji, banyu
Klapa, sikil, banyu
Endhog,driji, oyot
Kang ora klebu perangan tatacara wong duwe gawe mantu kanggone wong Jawa iku…
Nglamar utawa dilamar
Atur paningset utawa nampa paningset
Kumbakarnan
Klenengan
Pahargyan
Pasang tarub punika dipunkantheni tetuwuhan ingkang kangge rerengan wonten ing regol mlebet lan medalipun para tamu. Tetuwuhan ingkang dipunagem werni-werni kados kasebut ing ngandhap punika kajaba…
Pisang raja
Klapa gadhing
Tebu wulung
Pari lan canthe
Kacar-kucur
Penganten sak kloron lungguh ing pangkonane bapake penganten putri. Prosesi sakmenika saged dipun sebut…
Timbangan
Bobot timbang
Sinduran
Sungkeman
Kacar-kucur
Sabubare adicara dulangan ing dhahar klimah tasih wonten adat kang dipun tindhakake malih inggih menika….
Dhahar kucur
Ngombe rujak degan
Ngidak tigan pitik
Balang-balangan
Sinduran
Nalika prosesi balangan gantal cacahipun gantal wonten 7. Pengantin putri nyekel gantal cacah pinten…
2
3
4
5
6
Raos kurmat lan panuwun temanten kekalih amargi sampun dipun gulawentah saking alit, menika pralambang saking prosesi…
Bobot timbang
Sungkeman
Ngunjuk toya wening
Siraman
Sinduran
Prosesi ingkang gadhah pralambang supados enggal pinaringan momongan menika prosesi saking…
Balangan gantal
Kacar kucur
Wiji dadi
Sinduran
Bobot timbang
Tandha bekti manten putri dhateng manten kakung saged dipun lantaraken saking prosesi…
Sungkeman
Kacar-kucur
Balangan gantal
Mijiki sikil
Sinduran
Artikel sing ngandharake sawijine masalah kang dumadi ing masyarakat, sahingga bisa disumurupi apa sing satemene dumadi. Jinis iki memper kaya laporan utawa reportase, bedane yen laporan mung adhedhasar kasunyatan wae, yen artikel panulisane nerangake masalah kanthi gamblang bisa awujud opini iki diarani jinis artikel ....
Ekploratif
Eksplanatif
Deskripstif
Prediktif
Preskriptif
Karangan kang ditulis kanthi tujuan kanggo ngandharake gagasan lan fakta sing dawa lan disebarake lumantar ariwarti lan kalawarti diarani ....
Geguritan
Tembang
Artikel
Pariwara
Pawarta
Artikel kang isine menehi panemu kanthi alesan sing cetha kanthi tujuane kanggo mrabawani wong maca supaya luwe yakin yaiku ...
Argumentasi
Eksposisi
Deskripsi
Narasi
Persuasi
Ing ngisor iki kang ora kelebu carane nulis artikel yaiku…
Nemtokake topik utawa tema
Ngandharake ide pokok kang wis ditandha
Nggawe krangka artikel
Ngumpulake dhata
Ngandharake krangka artikel dadi paragraf
Salah sawijining adicara mantu kanthi pundhake manten kekalih katutup kain werna rekta pethak, banjur ramanipun manten putri anggeret lumampah majeng dene ibu manten putri ngetutake saking buri kanthi nyepengi kain ing pundhakipun temanten kiwa tengen, dipunwastani prosesi…
bobot timbang
sinduran
kacar kucur
wiji dadi
sungkeman
Ing jaman kuna jejodhoan manut adat Jawa iku dipetung nganti njlimet, prampihe supaya slamet lahir batin. Unen-unen iki kabeh kajaba...
kudu nanggap wayang
jumbuhing neptu dina kelahirane
arah utawa lakune calon manten lorone ora kiblat mayit
bibit, bebet, bobot
wong tuwane calon manten lorone kudu timbang
