Font size
WorksheetsUPACARA ADAT
Total questions: 20
Worksheet time: 13mins
Upacara adat Jawa sing ana gegayutane karo kapitayan yaiku ...
nyadran
nyewu
tedhak siten
tolak bala
mitoni
Urutan-urutan tata upacara mantenan adat Jawa sing ditindakake sedina sadurunge ditindakake tata upacara temu manten, sinebut...
Siraman
Mitoni
Pateg layon
Panggih manten
Tingkeban
Jodohna gambar ing ngisor iki!
balang gantal
kacar kucur
sungkeman
bobot timbang
sinduran
Piranti kanggo upacara adat tedhak siten yaiku, kajaba....
pengaron sing diisi kembang setaman
payung
klasa sing isih anyar, kanggo lemek ing njeroning kurungan
udhik-udhik utawi dhuwit logam dicampur kembang
andha pring "Arjuna"
Ing upacara panggih temanten ana kagiyatan balang gantal, ubarampe sing digunakake yaiku...
(a)
Gambar ing ndhuwur iku nalika kagiyatan apa?
Balang gantal
Kacar kucur
Sungkeman
Pasrah
Ngidak tigan
Karepe bocah nyebar udhik-udhik utawa dhuwit, yaiku ....
Bocah saged ngliwati tantangan ing uripipun
Supaya si bocah nduweni dalan urip kang apik lan bisa agawe seneng kaluwargane
Bocah kuwi mlebu donya lan ing njero uripe bisa kacukupan awit saka pakaryane kang wis dipilih wiwit cilik.
Bocah iku nyeker-nyeker pasir kang nduweni teges nggolek pangan.
Bocah nalika diwasa bisa dadi bocah kang dermawan lan seneng tetulung.
Ing ngisor iki tuladha upacara adat kang kedadean ing dhaerah-dhaerah, kejaba ...
ruwatan
mudhun lemah
karnaval
mantenan
larung sesaji
Upacara adat kang ditindakake nalika ibu ngandhut pitung wulan diarani ....
sepasaran
selapanan
pitonan
tingkeban
puputan
Jodhokna gambar ing ngisro iki!
bokor
gantal
dhuwit kreweng
kurungan
tebu arjuna
Ing ngisor iki kang ora klebu upacara tradhisi sing gegayutan karo kadang tani yaiku...
nylameti pari
upacara wiwit
ngurit
labuh sesaji
labuh tandur
Upacara adat kang ana gegayutane karo bocah, yaiku...
pasah
nyapih
bedhah bumi
sepasaran
nyadran
Ing ngisor iki upacara adal masarakat Jawa nalika wis tilar donya, kajaba..
brokohan
nyewu
nyatus
pendhak pisan
sur tanah
Upacara adat sing ana gegayutane karo wong lajang, yaiku...
surtanah
munggah wuwungan
baritan
mantenan
sukeran
Upacara adat Jawa ing ngisor iki sing ora ana gegayutane karo upacara temantenan adat Jawa yaiku...
panggih
kacar kucur
bedah bumi
sungkeman
siraman
Kang dikarepake ing upacara tedhak siten, yaiku ...
Kareben bocahe sehat
Kasiapan bocah kanggo nglakokake kauripan kang bener ing mangsa ngarep.
Cedhake manungsa karo bumi.
Kanggo ngendhani kadadean sing ora becik.
Atur puji sukur marang Gusti Kang Murbeng Dumadi.
Tujuan dianakake tedhak siten yaiku ...
Bocah bisa ngliwati tantangan ing uripe.
Supaya si bocah nduweni dalan urip kang apik lan bisa agawe senen kaluwargane.
Bocah kuwi mlebu donya lan ing njero uripe bisa kacukupan awit saka pakaryane kang wis dipilih wiwit cilik.
Bocah iku nyeker-nyeker pasir, kang nduweni teges nggolek pangan.
Atur puji sukur marang Gusti Kang Murbeng Dumadi, dene wis menehi kekuwatan sarta keslametan nganti bisa ngidak bumi lan bisa urip mandhiri.
Ing upacara adat tingkeban, kang dikarepake cengkir gadhing digambari tokoh pewayangan ...
Supaya bisa niru lan pinter nggambar wayang.
Supaya si bocah mbesuk seneng marang wayang.
Supaya si bocah ndalang wayang.
Supaya si bocah yen lair lanang nduweni watak satriya yen wanita nduweni sifat kaya becik kaya tokoh gambar.
Supaya si bocah bisa meranake tokoh satriya lan bisa meranake putri kang becik kaya ing gambar.
Salah sawijine pangajab dianakake upacara tingkeban yaiku…
Supaya jabang bayi bisa lair kanthi slamet
Supaya calon ibu tansah pinaringan kasarasan
Supaya apa kang dikarepake calon ibu bisa kasil
Supaya calon ibu lan calon bayi tansah wilujeng nir sambikala
Supaya kabeh kulawarga kalis ing bebaya nir ing sambikala
Ing ngisor iki sing kalebu upacara adat kang ana gegayutane karo jabang bayi kang mentas lair yaiku…
Petik laut
Grebeg sura
Brokohan
Bersih desa
Mitoni
