wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa kelas 7 (2025/2026)

Total questions: 10

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Ing struktur laporan asil observasi, perangan sing mujudake dudutan utawa simpulan asil observasi diarani ....

a)

Dhefinisi Umum

b)

Identifikasi

c)

Dheskripsi Bagean

d)

Dheskripsi Munfangat

2.

Perangan utawa bagean sing nerangake titikan (ciri - ciri) barang, tandha, lan sapanunggalane yaiku ...

a)

Dheskripsi munfangat

b)

Pangerten Umum

c)

Klasifikasi

d)

Dheskripsi Bagean

3.

Lembah Harau sing ana ing Kabupaten Lima Puluh Kota, Provinsi Sumatra Barat minangka jurang sng dawane nganti 400 meter. Lembah Harau misuwur amarga kaendahane. Tebing - tebing granit mbentuk unik ing lembah. Iki tebing granit sing tajem duwe dhuwur 80 - 300 m. Wiwit mlebu ing Lembah Harau, bisa nyenengake atine para pengunjung.

Ukara kasebut kalebu struktur teks tanggapan deskriptip yaiku ...

a)

Bagean

b)

Identifikasi

c)

Klasifikasi

d)

Dhefinisi

4.

Ancas utama teks tanggapan deskriptip yaiku ...

a)

Ngajak pamaca nindakake samubarang

b)

Menehi informasi utawa kawruh anyar

c)

Nggambarake objek kanthi rinci supaya pamaca melu ngrasakake

d)

Ngandharake alesan kanthi fakta

5.

Tuladha tembung sing nganggo swara (i) miring yaiku ...

a)

Wajik, Sapi, Petis

b)

Wiwitan, Dhuwite, Adhine

c)

Siji, Sawi, Klambi

d)

Lading, Kalis, Arit

6.

Saben dina, Rita numpak bis karo Sinta.
Tembung sing nggunakake (i) miring yaiku ...

a)

Dina

b)

Rita

c)

Bis

d)

Sinta

7.

Ngomong marang kanca sapadha - padha iku nggunakake basa ....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

8.

Pak Joko saben enjing nitih sepedha.

Ukara ing dhuwur migunakake basa ...

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

9.

Teks ngamot kawruh utawa informasi lan nduweni ancas kanggo narik kawigaten, bab kasebut diarani teks ...

a)

Pariwara

b)

Pawarta

c)

Sesorah

d)

Prastawa

10.

Jinis pariwara kang ancase kanggo nawakake sawijining barang utawa jasa marang konsumen yaiku ...

a)

Pariwara awujud pengumuman

b)

Pariwara layanan masyarakat

c)

Pariwara niaga

d)

Pariwara komersial