NEW
Font size
WorksheetsJENIS JENIS TEKS BASA JAWA
Total questions: 10
Worksheet time: 14mins
Surya teka ing sekolah esuk banget, amarga wayahe piket kelas. Dheweke banjur mlebu kelas, njupuk sapu kanggo nyapu kelase. durung suwe olehe nyapu, kancane, sari, Dimas, lan Dina pada teka. saiki bareng-bareng padha ngresiki kelase.
Miturut jenise wacan ing ndhuwur kalebu teks...
Deskripsi
Narasi
Eksposisi
Persuasi
Argumentasi
Wacanen teks ing ngisor iki!
Limolas taun wis lumaku anggone Ani lulus SMK. Yen kelingan biye wektu seolah, Ani kudu nggrantes. Awit wektu sekolah biyenana guru sing asmane Pak Budi kang duwe pengalama kang ora kepenak. Wektu iku Ani nembe kelangan ibune sing seda amarga gerah. Saduruge seda, ibune ninggalake gelang sing dadi siji-sijine tinggalane. Nalika pelajaran matematika, para murid padha anteng ora aa blas sing wani ngguyu lan gojegan. Pancen pak Budi kawentar guru sing galak.
Wacana ing ndhuwur kalebu jenis wacana ...
Narasi
Deskripsi
Eksposisi
Argumentasi
Persuasi
Wacanen teks ing ngisor iki!
Nalika nyawang busana adat iku aja mung disawang blegere wae, nanging kudu ngerteni lan mahami apa kang sejatine. Amarga saben busana kang digawe dening leluhur biyen mesthi duwe karep lan pitutur kang luhur. Upamane tata cara panganggone keris, ana kang dumunung ing mburi uga dumunung ing ngarep. Panggonane keris kang ana ing ngarep iku ora nandhakake yen wong Jawa iku seneng gelut utawa padudon. Nanging iku minangka pratandha yen wong Jawa iku kebak ing pangati-ati. Mula pusakane dumunung ing ngarep.
Wacana ing ndhuwur kalebu jenis wacana ...
Narasi
Deskripsi
Eksposisi
Argumentasi
Persuasi
Wacanen teks ing ngisor iki!
Candhi Borobudur dumadi saka 9 tataran yaiku enem teras wujud persegi lan telu wujud bunder, kanthi pucukan wujud cungkup ing pusere. Candhi iki direnggani panel relief cacah 2.672 lan reca Budha cacah 504. Cungkup pusere kinubengan reca Budha lungguh cacah 72 sing padha dipapanake ing njero stupa-stupa sing bolong-bolong.
Wacana ing ndhuwur kalebu jenis wacana ...
Narasi
Deskripsi
Eksposisi
Argumentasi
Persuasi
Ngopeni Banyu Sumber Panguripan
Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.
Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.
Teks wacan ing dhuwur klebu jenis-jenis teks....
Narasi
Deskripsi
Persuasi
Eksposisi
Argumentasi
Jenis Gamelan lan ManfaatipunIng tanah Jawa gamelan yaitu gamelan ageng lan sakabeh piranti gamelan digunakake kanggo nyawisake ganding-gending. Gunane kanggo iringan musik utawa genting ing sawijining pementasan, umpamane wayang becik, wayag lulang, wayang wong, ketoprak, tari-tarian adat lan liya-liyane. Ana rupa-rupa gamelan kang digunakake saben ana acara utawa pementasan.
Gamelan jawa kanggo ngiringi penyajian gending ing jero pementasan karawitan, bisa dipupyran dumadi pirang-pirang repetoar yaiku : soran utawa gending-gending ingkang volume tabuhan sing atos. Kekabeh perangkat gamelan ditabuh kajaba suling, gender, gambang, siter lan rebab. Swaraning gamelan jenis iki dicawisake karo tempo tanggung, seseg lan antal. Jenis lirihan, padha karo jenenge, penyajian gending iki luwih lembut utawa alon-alon. Kekabeh instrumen ditabuh, nanging sing luwih diutamakake yaiku gender, gambang, rebab, siter lan suling. Ana dene karawitan lirihan bisa dipupuran meneh saka rizikan sing dikanggoake, antarane yaikut gadon, nyamleng, siteran, genderan, lan liya-liyane.
Ana uga gamelan sing kang digunakake dumadi piranti upacara adat yaiku gamelan ageng. Ana jenise maneh yaiku gamelan sekati lan gamelan nunggang. Gamelan segati sing nduweni Kanjeng Kyayi Gunturmadu lan Kanjeng Kyai Guntursari. Biyasane ditabuh ing jero perayaan uatawa acara sekaten yaiku dianakake pas tanggal 5 Mulud nganti 12 Mulud kanggi ngelingi weton lan wafatipun Nabi Muhammad SAW. Naning gamelan jenis iki uga kanggo acara nyambut dhayoh agung, supitan lan teteasan putra utawa putri Sultan lan sakarsa dalem. Instrumen utawa piranti kan ana ing jero gamelan sekati yaiku 2 gong ageng, 1 bedug, 1 kempyang, 1 saron demung, 2 sarong ricik, 2 sarong peking, 1 sampur lan 1 bonang. Gamelan nunggang yaiku gamelan sing nduweni telu nada. Gamelan iki nduweni awak saka 4 racakan isine teli bonang gedhe, 1 kenong japan, 2 bende, 1 pasang lojeh, 1 kendang gending, 1 kendang penuntung lan loro gong. Pada karo gamelan segati, gamelan nunggang kanggo nyambut adegan Sultan, ngiring dhayoh agung, supitan, tetesan, manti, rempog macan, grebegan lan liya-liya sekarsa dalem.
Gamelan sing biyasane digunakake ing tanah Jawa nduweni akeh jenis lan cara nabuh yaiku ana sing volume keras lan ono sing lembut. Jenis-jenising gamelan ana akeh, saka piranti apa bae sing kang ditabuh lan piranti sing diutamakake ditabuh. Ana gamelan kanggo pementasan lan kanggo upacara adat, mergo kuwi kula lan panjenengan kudu ngerti jenis, jeneng piranti gamelan lan manfaatipun gamelan kanggo ngelestariake budaya jawa.
Wacana ing dhuwur iku kalebu jenis-jenis teks....
Narasi
Argumentasi
Eksposisi
Deskripsi
Persuasi
Tlatar Boyolali wis dikenal warga sakiwa tengene Boyolali dadi sawijining papan wisata. Papane rada ngalor sithik saka kutha Boyolali, adohe kira-kira 7 km. Sing disuguhake neng kana yaiku wisata alam. Hawane adhem, seger lan isih akeh wit-witan gedhe. Neng kana ana sumber kang banyune bening. Kanggo narik wisatawan didegi papan mancing iwak neng pirang-pirang panggonan. Nalika lunga rana, kari milih panggon mancing sing disenengi. Iwak sing dipancing maneka warna kayata iwak lele, nila, gurameh, kakap, bawal lan sapanunggalane. Neng kono wis disediyani piranti kanggo mancing dadi ora perlu nggawa saka ngomah. Wong-wong uga bisa masak lan mangan iwake nang kono. Mung emane turis mancanegara durung ketarik mrana. Isih perlu didandani kanthi tenanan, butuh pamikiran lan wong kang setya ngondhangake Tlatar
Wacana ing dhuwur iku kalebun jenis-jenis teks....
Narasi
Persuasi
Eksposisi
Deskripsi
Argumentasi
akal muring-muring jalaran aku mulih kewengen.
Tekan ngomah, bener apa sing tak khawatirke mau. Ibuku nesu lan nyeneni aku. Suwe banget aku diseneni lan diceramahi. Aku mung bisa meneng ora bisa mbantah. Iki pancen salahku. Apa maneh isuke aku kudu mlebu sekolah. Aku banjur kelingan, aku ana PR matematika sing durung tak garap.
Mlebu kamar, aku langsung lungguh ing kursi, mbukak buku nggarap PR. Sakwise rampung nggarap PR, rasane ngantuk banget. Apa maneh, pelajaran matematika angel banget. Aku lagi rampung jam loro bengi.
PR wis rampung, kesel awakku lan ngantuk mripatku. Aku nglemah ana ing kasur. Mripatku wis kriyip-kriyip ora kuwat melek maneh.
Dhog...dhog...dhog….
Swara iku banter banget. Mripatku isih abot rasane arep melek. Nanging swara iku aku kenal banget. Iku swarane ibuku. Ibu njeluki aku, ngongkon tangi. Tak bukak HP ku, tak delok jam, wadhuh….
Wis jam 7 esuk. Telat aku. Maneh, aku diseneni ibuku merga tangi kawanen lan telat sekolah. Ing sekolah, aku kena hukuman ora oleh melu pelajaran pertama.
Wacana ing dhuwur iku kalebu jenis-jenis teks....
Narasi
Eksposisi
Persuasi
Argumentasi
Deskripsi
Gawe kenthongan, pranatan manawa ana tamu sing nginep kudu dilapurake marang pangarsane RT utawa RW, lelungan adoh kudu nggawa surat katrangan, pindhah alamat kudu lapur marang kang kawongan, lan liya liyane.
kajaba bab-bab kaya kang kasebut ing dhuwur kuwi, ora lali para wargane kampung uga kudu tansah njaga kawilujengane dhewe-dhewe, sarana ngudhakake pangati-atine. umpamane, ing wayah bengi cendhela lan lawang kudu diinep lan dikancing, lan ora ninggal barang gletak-gletek saenggon-enggon.
manawa kabeh wargane kampung padha njaga kawilujengane dhewe-dhewe, lan munggahe padha gotong royong guyup rukun njaga tentreme kampunge, wis mesthi kahanane bebrayan tansah ayem tentrem, adoh ing rasa was sumelang.
Wacana ing dhuwur iku kalebu jenis-jenis teks.....
Narasi
Argumentasi
Eksposisi
Deskripsi
Persuasi
Maca iku lawang kawruh. Kanthi maca buku saben dina, pikiran kita dadi luwih wiyar lan ora gampang kélangan informasi. Buku ora mung dadi kanca wektu luang, nanging uga bisa nuntun kita nggayuh cita-cita. Mula, ayo padha nyisihké wektu saben dina kanggo maca buku. Minimal 15 menit saben dina, supaya wawasan kita saya jembar.
Wacan ing ndhuwur kalebu jenis-jenis teks....
Persuasi
Narasi
Eksposisi
Argumentasi
Deskripsi
