Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Gladhen Pungkasan Bab Unggah-ungguh Basa

Total questions: 14

Worksheet time: 7mins

Name
Class
Date
1.
"Kala wingi eyang (lunga) dhateng Kebumen." Tembung ing jero kurung kang bener yaiku ...
a)
dolan
b)
plesir
c)
budhal
d)
tindak
e)
kesah
2.
Tembung krama inggile lungguh, nggawa, lan tuku yaiku ...
a)
pinarak, mbekta, lan tumbas
b)
lenggah, ngasta, lan mundhut
c)
pinarak, ngasta, lan mundhut
d)
lenggah, mbekta, lan tumbas
e)
pinarak, mbekta, lan mundhut
3.

Subekti : Sinten asma panjenengan?

Budi : ........ kula Budi.

Ceceg-ceceg ing dhuwur kang trep yaiku ...

a)
nama
b)
asma
c)
jeneng
d)
sesilih
e)
name
4.

"Kala wingi Pak Harso nembe wangsul saking Eropa nitih pesawat."

Tembung kang kacithak kandel kuwi durung bener lan pener, mula diowahi dadi ...

a)

nitih

b)

dhahar

c)

ngunjuk

d)

kondur

e)

tindak

5.

Winda nembe matur karo Pak Bagyo, Winda arep nyuwun pirsa bab lapuran prakerin. Basa kang trep digunakake Winda marang Pak Bagyo yaiku ...

a)
ngoko alus
b)
ngoko lugu
c)
krama alus
d)
krama lugu
e)
krama inggil
6.

Pakdhe Aris : Nang, bapakmu digawekne ngombe apa?

Sutrisna : ...............................

Wangsulane Sutrisna kanggo mangsuli pitakone pakde Aris yaiku ...

a)
Bapak senenge ngunjuk kopi, Pakdhe.
b)
Bapak paling remen ngombe kopi, Pakdhe.
c)
Rama paling remen didamelake kopi, Pakdhe,
d)
Rama remene ngunjuk kopi, Pakdhe.
e)
Rama remenipun ngunjuk kopi, Pakdhe.
7.

Pak Bagyo : "Wingi kanca-kancamu wis kok kandhani bab lapuran prakerin, Nif?"

Hanif : “Wis, Pak, kanca-kanca wis takomongi.”

Ukarane Hanif isih kleru, merga ora gunakake ragam basa krama alus, mula sing bener yaiku ...

a)

Wis, Pak, kanca-kanca sampun kula sanjangi.

b)

Sampun, Pak, rencang-rencang sampun kula ngendikani.

c)

Sampun, Pak, rencang-rencang sampun kula sanjangi.

d)

Sampun, Pak, rencang-rencang sampun kula aturi priksa.

e)

Sampun, Pak, rencang-rencang wis kula sanjangi.

8.

"Aku ora melu dhisik, amarga simbah lagi lara." Ukara ing dhuwur menawa didadekake krama alus yaiku ...

a)

Kula boten ndherek rumiyin, amargi eyang saweg sakit.

b)

Kula boten ndherek rumiyin, amargi eyang nembe sakit.

c)

Kula boten tumut rumiyin, amargi eyang nembe lara.

d)

Kula boten ndherek rumiyin, amargi eyang nembe gerah.

e)

Kula ndherek riyin, amargi eyang nembe gerah.

9.
Unggah-ungguh basa iku ditrapake miturut kahanane, sapa pawongan kang diadhepi. Ukara ing ngisor iki kang bener miturut unggah-ungguh basane yaiku ...
a)
Pak Lurah nembe kesah dhateng peken.
b)
Dalemipun pak Lurah ingkang majeng ngilen.
c)
Bapak sampun nedha wau enjing.
d)
Pakdhe sampun wangsul , nembe mawon.
e)
Buku menika gadhahane eyang, tumbase kala wingi.
10.

"Mas Bandi duwe toko ana Madiun, tokone cedhak supermarket."

Ukara lasebut menawa digawe krama lugu dadine ....

a)

Mas Bandi gadhah toko ana Madiun, tokonipun celak supermarket.

b)

Mas Bandi kagungan toko wonten Madiun, tokone cedhak supermarket.

c)

Mas Bandi kagungan toko wonten Madiun, tokonipun celak supermarket.

d)

Mas Bandi gadhah toko wonten Madiun, tokone celak supermarket.

e)

Mas Bandi gadhah toko wonten Madiun, tokonipun celak supermarket.

11.

Owahana ukara-ukara ing ngisor iki dadi Krama lugu!

a. Mas, kowe sida lunga menyang Jakarta ora? apa arep nonton konser Noah?

b. Mbak Bariyah duwe omah ana Plaosan. Omahe cedhak pasar.

4 lines
12.

Owahana ukara ngisor iki dadi krama alus!

a. Omonge Pak Guru, sesuk sida upacara ana lapangan Puhpelem.

b. Mbak Ana arep lunga menyang Jepang sesuk esuk jam loro.

4 lines
13.

Arman : "Di, wis mireng yen sekolahane dhewe iki arep ana rekrutmen pegawe saka pabrik montor?"

Adi : "Lho, ana rekrutmen pabrik montor ta, Man? Kapan iku?"

Tembung kang dicithak kandel kuwi kleru kudune "krungu", kena apa?

a)

Amarga Arman lan Adi kuwi kanca mula ora perlu gunakake tembung krama.

b)

Amarga nembe rembugan antarane guru lan siswa.

c)

Amarga Arman luwih ngurmati marang Adi.

d)

Supaya luwih ngurmati antarane kanca.

e)

Amarga pacelathon kuwi durung padha kenal.

14.

Aku wis ngomong karo ibu, yen aku sida prakerin menyang Solo. Menawa diowahi dadi ukara kang trep jumbuh karo unggah-ungguhe yaiku....

a)

Kula sampun sanjang kalih ibu, yen kula siyos prakerin dhateng Solo

b)

Kula sampun ngendikan kalih ibu, yen kula siyos prakerin dhateng Solo

c)

Kula sampun matur kalih ibu, yen kula siyos prakerin dhateng Solo.

d)

Kula sampun matur kalih ibu, yen kula sida prakerin dhateng Solo

e)

Aku sampun matur kalih ibu, yen kula siyos prakerin dhateng Solo