wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

KLS 5 BS JAWA BAB 1 . CRITA RAKYAT

Total questions: 73

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

crita dongen kang paragane arupa kewan-kewan diarani ...

a)

fabel

b)

hikayat

c)

mite

d)

legenda

2.

Dumadine Rawa Pening lan Dumadine Gunung Tangkuban Prahu yaku contohe ...

a)

fabel

b)

hikayat

c)

legenda

d)

mite

3.

Putrine Ki Gedhe Penanggungan jenenge ...

a)

Dewi Penanggungan

b)

Dewi sartika

c)

Dewi Walang

d)

Dewi Walangangin

4.

sawahe Pak Tani puso dipangan den bagus. Den bagus iku tegese kewan ...

a)

keyong

b)

tikus

c)

kebo

d)

macan

5.

Katrangan ngenani waktu, swasana, lan papan panggonan crita rakyat diarani ...

a)

tema

b)

sudut pandang

c)

alur

d)

latar

6.

Kancil atine ... amarga nggawa timun akeh.

a)

nesu

b)

sumelang

c)

apik

d)

bunga

7.

Sawahe Pak tani dimilini banyu saka ...

a)

irigasi

b)

kali

c)

kolah

d)

waduk

8.

Crita seng ana bukti nyatane diarani ...

a)

roman

b)

sejarah

c)

babad

d)

hikayat

9.

Ki Gedhe Penanggunangan menehi anak lan mantune sangu kang wujude ..

a)

gabah

b)

pari

c)

duwek

d)

dungo

10.

Tegese sekti mandraguna yaiku ...

a)

ora bisa lara

b)

ora bisa mati

c)

ndueni kesaktian sing luar biasa

d)

ndueni keris seng bisa ngalahno musuh

11.

Cerita Dongeng utawa cerita kang paragane kewan jinising cerita ...

a)

Mite/Mitos

b)

Legenda

c)

Fabel

d)

Sage

12.

Jinising crita rakyat "Nyi Roro Kidul" inggih menika ...

a)

legenda

b)

sage

c)

fabel

d)

mite

13.

Legenda inggih menika crita ingkang ...

a)

wonten gegayutan kaliyan asal-usul papan

b)

wonten ajaibipun utawi kesaktian tokoh

c)

saestu kedadosan

d)

wonten pituturipun

14.

Jinising crita rakyat ingkang kalebet legenda yaiku ...

a)

b)

c)

d)

15.

Dongeng utawa cerita kang nyeritakake

bab alaming lelembut, dewi-dewi, tokoh sing duwe kekuatan ghaib diarani mite/mitos.

Contoh dongeng kang trep yaiku ....

a)

b)

c)

d)

16.

Ing crita rakyat sikap utawa sifate tokoh diarani ....

a)

tokoh

b)

alur

c)

watak

d)

latar

17.

Crita Kancil lan Boyo iku ana ing pinggir kali.

Ing Pinggir kali iku klebu ...

a)

watak

b)

tokoh

c)

alur

d)

latar

18.

Pitutur kang ana ing crita rakyat ing gambar yaiku ....

a)

Dadi anak kudu sregep marang wong tuo

b)

Dadi anak kudu bakti marang wong tuo

c)

Dadi anak kud ngrumati wong tuo

d)

Dadi anak kudu sabar marang wong tuo

19.

Crita Rara JOnggrang lan Candi Prambanan

kalebu jenising crita ... lan ...

a)

Sage lan Fabel

b)

Mite lan Sage

c)

Legenda lan Mite

d)

Legenda lan Sage

20.

Tulisan cekak aos saka wacan asli utawa karangan ananging tetep ngukuhake urutan isi lan sudut pandang pangripta asline diarani ...

a)

purusa

b)

sudut pandang

c)

ringkesan

d)

ngringkes

21.

Crita sing dianggep kadadeyan nyata, biasane crita mau ana petilasane kayata wujud wit, watu, panggonan, gunung, kali, kuwi diarani...

a)

Fabel

b)

Legenda

c)

Hikayat

d)

Dongeng

22.

Crita rakyat duweni unsur intrinsik crita. Ing ngisor iki kang ora kalebu unsur intrinsik Crita Rakyat yaiku...

a)

Alur

b)

Turun-temurun

c)

Latar

d)

Penokohan

23.

Bab paweling/pitutur saka cerita diarani ...

a)

amanat

b)

latar

c)

alur

d)

pernokohan

24.

Lumakune crita yaiku …

a)

Tema

b)

Irah-irahan

c)

Alur

d)

Latar

25.

Gagasan, ide, utawa pikiran utama kang dadi dhasare crita diarani ...

a)

tema

b)

latar

c)

alur

d)

paraga

26.

Katrangan bab papan panggonan, wektu lan swasana utawa kahanan sajroning crita diarani ...

a)

tema

b)

latar

c)

alur

d)

paraga

27.

Urutane kedadeyan ing crita saka wiwitan nganti pungkasan diarani ...

a)

tema

b)

alur

c)

latar

d)

paraga

28.

Ing ngisor iki kang kalebu cerita legenda kajaba . . .

a)

Asal- usule Banyuwangi

b)

Dumadhine Rawa Pening

c)

Kancil Nyolong Timun

d)

Asal-usule Gunung Tidar

29.
Tema, latar lan alur kalebu ….
a)
unsur intrinsik
b)
unsur politik
c)
unsur sosial
d)
unsur ekstrinsik
30.
Fabel yaiku crita sing paragane …
a)
kewan
b)
manungsa
c)
benda mati
d)
tetuwuhan
31.

Crita rakyat sing asale saka wewengkon Jawa, yaiku ...

a)

Jaka Tingkir

b)

Kebo Iwa

c)

Pulo Samosir

d)

Malin Kundang

32.

Crito "Roro Jonggrang" klebu jinise ...

a)

sage

b)

fabel

c)

legendha

d)

mite

33.

Crita kang ana gegayutane karo dumadine sawijining panggonan, diarani ...

a)

sage

b)

mitos

c)

legendha

d)

fabel

34.

Apa tegese crita rakyat?

a)

Crita kang ditulis dening pujangga terkenal

b)

Crita kang nyritakake lelakon sejarah

c)

Crita kang asale saka masyarakat jaman biyen lan diwarisake turun temurun

d)

Crita kang mung bisa ditemokake ing buku

35.

Crita rakyat iku kalebu jenis teks apa?

a)

Narasi

b)

Eksposisi

c)

Argumentasi

d)

Deskripsi

36.

Crita rakyat kalebu crita fiksi amarga…

a)

Ana bukti sejarah

b)

Mung cerkak pendek

c)

Asal-usule saka masyarakat lan diwarisake turun temurun

d)

Duweni fakta nyata

37.

Sifat crita rakyat yaiku anonim. Tegese…

a)

Diweruhi sapa panganggit

b)

Ora diweruhi sapa sejatine panganggit

c)

Ditulis dening siji wong

d)

Mung diarani mitos

38.

Crita rakyat duweni sipat kolektif, tegese…

a)

Wis dianggep duweke rakyat bebarengan

b)

Diciptakake dening raja

c)

Mung dingerteni wong tuwa

d)

Mung diwarisake marang raja

39.

Crita rakyat diwedharake nganggo cara…

a)

Tulisan

b)

Gambar

c)

Lisan

d)

Teks online

40.

Titikane crita rakyat yaiku…

a)

Ngemu nilai kaendahan

b)

Nduweni versi akeh

c)

Ditulis dening pujangga

d)

Mung dingerteni masarakat tertentu

41.

Ngisor iki kang ora kalebu unsur intrinsik crita rakyat yaiku…

a)

Tema

b)

Latar

c)

Amanat

d)

Versi

42.

Paraga utama ing crita rakyat diarani…

a)

Protagonis

b)

Antagonis

c)

Figuran

d)

Moderator

43.

Paraga kang dadi alangan tumrap tokoh utama diarani…

a)

Protagonis

b)

Antagonis

c)

Figuran

d)

Narator

44.

Unsur ekstrinsik ing crita rakyat yaiku…

a)

Amanat

b)

Latar

c)

Biografi panganggit

d)

Tema

45.

Crita rakyat bisa diwulangake amarga ngemu…

a)

Kepalsuan

b)

Hiburan

c)

Nilai kautaman

d)

Mitos

46.

Crita rakyat tegese crita sing…

a)

Kasunyatan lan nduweni bukti sejarah

b)

Diciptakake saka panaliten ilmiah

c)

Diciptakake lan diwarisake masarakat turun temurun

d)

Mung ditulis kanggo bocah cilik

47.

Crita rakyat nduweni sifat statis, tegese…

a)

Owah-owahan crita ora wigati

b)

Crita berkembang terus

c)

Crita tansah owah-owahan

d)

Crita gampang diganti

48.

Pesen kang arep disampaikan ing crita rakyat diarani…

a)

Latar

b)

Amanat

c)

Tema

d)

Plot

49.

Crita rakyat bisa dipérang dadi sawetara jinis, kajaba…

a)

Legenda

b)

Dongeng

c)

Mitos

d)

Biografi

50.

Latar ing crita rakyat bisa awujud…

a)

Wektu, papan, swasana

b)

Tema lan amanat

c)

Paraga lan konflik

d)

Alur lan watak tokoh

51.

Fungsi utama crita rakyat yaiku…

a)

Sarana hiburan lan pepadhang

b)

Pangeling-eling sejarah

c)

Mitos lan legenda

d)

Kanggo nglumpukake crita

52.

Alur sing ndadekake crita mundur utawa flashback diarani…

a)

Alur maju

b)

Alur mundur

c)

Alur campuran

d)

Alur stagnan

53.

Kanggo nggawe crita rakyat bisa lestari, kita kudu…

a)

Nulis lan nyebarke crita kasebut

b)

Ngilangake crita sing lawas

c)

Mung maca crita rakyat tanpa ngandharake

d)

Mung nyimpen crita kanggo kalangan tartamtu

54.

Carita kang nyaritake asal-usul dumadine papan panggonan diarani....

a)

Fabel

b)

Legendha

c)

Mite

d)

Sage

55.

Ing ngisor iki kang kalebu tuladhane cerita legendha yaiku.…

a)

Dumadine desa Cluwak

b)

Joko Tingkir

c)

Nyi Rorokidul

d)

Timun Mas

56.

Carita legendha Tangkuban Perahu asale saka....

a)

Jawa Tengah

b)

Jawa Barat

c)

Yogyakarta

d)

Sumatera

57.

Gatekna pethikan cerita Legendha ing ngisor iki!


Legendha Desa Lahar

Jeneng desa Lahar kawiwitan saka jebluge Gunung Muria. Awit gedhene daya jebluge lahar, kurang luwih ping 500 saka daya ledhake bom atom Sekutuku ing kutha Hirosima. Mula iku nyebabake yutan meter kubik magma cair kecampur pasir mabur adoh ing angkasa.

..................................................


Irah-irahan saka carita Legendha ing dhuwur yaiku....

a)

Legendha Gunung Muria

b)

Legendha Desa Lahar

c)

Legendha bom Hirosima

d)

Legendha ledakan bom Sekutu

58.

Gatekna pethikan cerita Legendha ing ngisor iki!


Legendha Desa Lahar

Jeneng desa Lahar kawiwitan saka jebluge Gunung Muria. Awit gedhene daya jebluge lahar, kurang luwih ping 500 saka daya ledhake bom atom Sekutuku ing kutha Hirosima. Mula iku nyebabake yutan meter kubik magma cair kecampur pasir mabur adoh ing angkasa. Cipratan magma kang suhune ewon derajat celcius iku tiba ing salah sijine panggonan. Wong-wong sekti ing panggonan mau banjur gawe pager ghaib kanggo ngurung lahar panas mau supaya ora mliber tekan endi-endi. Sawise pirang taun, lahar mau adhem lan dadi watu kepara dadi lemah, banjur dipanggoni anak putu ing daerah mau kanthi menehi jeneng Desa Lahar.


Kanggo ngurung lahar panas supaya ora mliber banjur wong-wong sakti pada nggawe....

a)

Benteng

b)

Paguyuban

c)

Pager ghaib

d)

Pundhen kobar

59.

Gatekna pethikan carita Legendha ing ngisor iki!


Asal-Usul Desa Sirahan-Cluwak-Pati

Desa Sirahan manggon ing tlatah Wates Kabupaten Pati-Jepara. Desa Sirahan kawentar dadi pusat pendhidikan Agama. Kacarita nalika samana Kadipaten Pati ngutus Ki Jiwonolo, punggawa Kadipaten Pati kanggo mbukak alas ing tlatah Tayu sisih kulon.

.......................................................


Tembung "kawentar" tegese....

a)

Punggawa

b)

Dikepung

c)

Terkenal

d)

Dijenengi

60.

Gatekna pethikan carita Legendha ing ngisor iki!


Asal-Usul Desa Sirahan-Cluwak-Pati

Desa Sirahan manggon ing tlatah Wates Kabupaten Pati-Jepara. Desa Sirahan kawentar dadi pusat pendhidikan Agama. Kacarita nalika samana Kadipaten Pati ngutus Ki Jiwonolo, punggawa Kadipaten Pati kanggo mbukak alas ing tlatah Tayu sisih kulon.

.......................................................


Sapa kang diarani punggawa Kadipaten?

a)

Ki Joyodrono

b)

Raden Alim

c)

Ki Gabul

d)

Ki Jiwonolo

61.

Gagasan utawa pikiran kang dadi dasare carita diarani....

a)

Tema

b)

Alur

c)

Setting/ Latar

d)

Penokohan

62.

....

Teka dina katelu anggone perang tanding,kekarone wis padha kesele. Awake iwak Sura lan Baya babak bundhas kabeh. Untu landhepe iwak Sura gawe suweke kulite Baya senajan kulite kasar lan alot. Semono uga untune Baya sing kuwat kasil nyuwek-nyuwek iwak Sura.

....

Punggelan crita ing dhuwur kalebu crita rakyat jenis ....

a)

fabel

b)

legenda

c)

mite

d)

sage

63.

Crita kang asale saka masyarakat lan dikembangake ana masyarakat wektu jaman biyen diarani ....

a)

crita rakyat

b)

geguritan

c)

paribasan

d)

cangkriman

64.

Perangan kaya tema, latar, pesan moral, paraga lan watake, alur kalebu ... crita rakyat.

a)

titikane

b)

unsur intrinsik

c)

unsur ekstrinsik

d)

tengerane

65.

Gambar sing cocok karo irah-irahan Keong Mas yaiku ....

a)
b)
c)
d)
66.

Andharan babagan wektu,kahanan,lan papan dumadine crita diarani... .

a)

tema

b)

latar

c)

pesan moral/amanat

d)

Alur

67.

Sapa sing dicritakake lan kepriye watake ana ing crita rakyat diarani... .

a)

tema

b)

latar

c)

paraga lan watake

d)

alur

68.

Perangan struktur teks crita cerkak sing isine nelakake urut-urutane crita, diarani ..

a)

Tema

b)

Alur/plot

c)

Paraga /pamaragan

d)

Latar/setting

69.

Wacanen crita ing ngisor kanthi tliti!


Wayah liburan akhir taun pelajaran wingi, aku ndherek bapak lan ibu wisata kluwarga menyang Jakarta, Bogor, lan Bandung. Kebeneran sekolah ing panggonane bapak ngasta nganakake wisata kluwarga. Aku lan adhikku uga ndherek. Sadurunge budhal, bengine mripatku angel dakremake. Kok ora ndang esuk-esuk, ya? pikirku. Aku ora bisa turu, awit wis kelas 8 SMP aku durung weruh langsung swasana ibukota negara RI kasebut.


Manut wacan ing ndhuwur, sing dadi paraga utama yaiku ....

a)

Ibu

b)

Bapak

c)

Adhik

d)

Aku

70.

Dene paraga kang dadi lakon cerita utawa pameran utama diarani...

a)

sastragonis

b)

protagonis

c)

tritagonis

d)

antagonis

71.

Ing ngisor iki sing ora kalebu unsur instrinsik crita yaiku...

a)

latar

b)

amanat

c)

paraga

d)

gambar

72.

Pesen kang disampekake panulis kanggo wong kang maca carita supaya bisa dadi patuladhan kanggo urip diarani...

a)

paraga

b)

alur

c)

sudhut pandhang

d)

amanat

73.

Irah-irahan crita rakyat saka gambar ing dhuwur yaiku ....

a)

Roro Jonggrang

b)

Malin Kundhang

c)

Jaka Tarub

d)

Timun Mas