wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

REMIDIAL PSTS GASAL BAHASA JAWA XII

Total questions: 40

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Dhumateng para sesepuh pinisepuh ingkang pantes pinundhi-pundhi. Para tamu kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan. Pratelan kasebut kalebu perangan pambagyaharja, yaiku....

a)

pambuka

b)

surasa

c)

pamuji sukur

d)

panutup

e)

ringkesan

2.

Nalika ngrungokake atur pasrah panganten, kang makarya masrahake iku saka....

a)

panganten putri

b)

panata cara

c)

panganten lanang

d)

sesulih kulawarga panganten wadon

e)

sesulih kulawarga panganten lanang

3.

Sugeng siyang, kula nuwun, katentreman saha kawilujengan mugi mugi katumrapan dhumateng panjenengan sedaya. Pratelan kasebut tuladha perangan....

a)

salam pambuka

b)

panutup

c)

pambuka

d)

salam panutup

e)

surasa

4.

Cukat trengginas kaya sikatan nyamber walang. Pratelan kasebut kanggo mindhak-ake....

a)

Sesambat

b)

Kahanan

c)

tandang gawe

d)

anggone kekancan

e)

perangan awak

5.

Bocah wadon kae ayune kaya widadari, pikirane lantip, nanging embuh amarga apa gandane arum jamban. Tembung arum jamban ing ukara kasebut tegese....

a)

wangi banget

b)

nuwuhake ganda arum kang ora ana enteke

c)

banger banget

d)

gandane arum wangi nengsemake ati

e)

arum seger

6.

Teks atur pasrah lamaran ing dhuwur kalebu ing perangan....

a)

salam pambuka

b)

atur pamuji sukur

c)

atur pakurmatan kairing atur panuwun

d)

wedharing gati

e)

atur pangapura

7.

Patrap sarira nalika nindakake pambagya-harja yaiku....

a)

nyawang marang pamiyarsa kanthi trapsila

b)

polatane sumeb, nanging digawe-gawe

c)

ngadeg kanthi kaku

d)

medhar sabda kanthi cengengesan

e)

tangane obah terus

8.

Nuwun sewu mugi tansah tinebihna saking tulak sarik menapa dene bebendu, kula cumanthaka kumawantun marak sowan anggempil kamardikan panjenengan sedaya ingkang saweg samya eca pangandikan, inggih awrat mundhi dhawuh tinimbalan saking Bapak/Ibu saparlu nindakake jejibahan luhur minangka duta sraya sulih sarira panjenenganipun Bapak/Ibu... ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan, kula minangka sulih sarira saking panjenenganipun Bapak/Ibu... Teks atur pasrah lamaran ing dhuwur kalebu ing perangan....

a)

salam pambuka

b)

atur pamuji sukur

c)

atur pakurmatan kairing atur panuwun

d)

wedharing gati

e)

Atur pangapura

9.

Saking kula minangka sesulihipun Bapak saha Ibu Suteja sekalian hambok bilih wiwitan dumugi pungkasan kiranging subasita saha atur kula ingkang boten nuju prana, kula nyuwun agunging ……。 Nuwun, nuwun, matur nuwun. Tembung kang trep kanggo njangkepi teks pambagyaharja kasebut yaiku (Wangsulan luwih saka siji)

a)

pangaksami

b)

matur nuwun

c)

pangapunten

d)

sesulih

e)

rantamaning

10.

Mugi pinaringan kawilujengan lan karahayon dhumateng panjenengan sami ingkang sampun nglodhangkan wekdal ngrawisi tasyakuran kulawarga Bapak Adi Pramono. Tembung wekdal nduheni teges

a)

Sedaya

b)

Wektu

c)

Kagem

d)

Raharja

e)

mangsa

11.

Perangan kang kudu ana ing pambuka pambagyaharja yaiku....

a)

salam panutup

b)

atur pakurmatan

c)

pangarep-arep

12.

Pambagyaharja biasane dirungokake ing adicara....

a)

Mantenan

b)

pagelaran wayang

c)

boyongan

d)

nyadran

e)

slametan

13.

Apa tegese tembung "pambagyahrjo" ing basa Jawa?

a)

Tata cara omong-omongan

b)

Tata cara sesrawungan utawa pergaulan

c)

Tata cara nulis

d)

Tata cara maca

e)

Tata cara sinau

14.

Nalika ana tamu teka, tata cara sing bener yaiku...

a)

Ora usah nyapa

b)

Sugeng rawuh, mangga pinarak

c)

Langsung takon maksude

d)

Nunggu dhisik

e)

Nyuruh lungguh wae

15.

Ing pambagyahrjo, nalika arep pamit kudu nggunakake tembung...

a)

Dadah

b)

Sampun

c)

Nuwun sewu, kula pamit

d)

Bye

e)

Mari

16.

Idhe baku utawa pikiran baku kang ndhasari geguritan diarani ....

a)

Tema

b)

Retorika

c)

lelewaning basa

d)

majas

e)

diksi

17.

Sajroning geguritan, gaya basa gunane kanggo....

a)

njangkepi ukara

b)

nggambarake kahanan tartamtu kanthi tembung kang endah

c)

nuduhake sapa penulise

d)

nemtokake judhul

e)

nemtokake tema

18.

Bab kang kudu ditindakake supaya bisa mangerteni isine geguritan yaiku....

a)

gawe geguritan

b)

negesi tembung-tembung ing geguritan

c)

maca kanthi mimik kang trep

d)

pocapan kudu cetha

e)

nalika maca kudu nduweni ekspresi

19.

Andi mau esuk golek iwak ing kali jarene bilesmangin. Cangkriman bilesmangin batangane....

a)

masuk angin

b)

klambi teles masuk angin

c)

bilas angin

d)

kena angin

e)

klambi teles kena banyu

20.

Wacanen geguritan ing ngisor iki! Lara atine biyung, Ngger Kepengin crita wae Ora enek sing gelem krungu Apa maneh sambat, mung arep diguyu Pethikan geguritan ing dhuwur ngandharakerasa pangrasa....

a)

Seneng

b)

Gumun

c)

Nelangsa

d)

Simpati

e)

kangen

21.

Struktur batin ngenani rasa empati, simpati, antipati, sedhih, lan sapiturute sajroning geguritan yaiku....

a)

Tema

b)

rasa pangrasa

c)

amanat

d)

swasana

e)

nada utawa lagu

22.

Pethikan geguritan kanggo pitakonan nomer 7 lan 8. “Sanajan mung sagebyaring thathit Pengin daksawang eseman pait madu Kang nate koparingake Sadurunge langit sore kelangan cahyane” Tegese tembung sagebyaring thathit ing pethikan geguritan kasebut yaiku.

a)

A. Sadhela

b)

B. suwe banget

c)

C. sathithik

d)

D. endah

e)

E. lali

23.

Tegese tembung pait madu ing pethikan geguritan kasebut yaiku..

a)

Kapang

b)

Endah

c)

Palsu

d)

Sepa

e)

manis banget

24.

Ing ngisor iki sing ora kalebu tata cara nggancarake geguritan yaiku….

a)

Nembang geguritan nganggo irama bebas

b)

Ngucapake geguritan kanthi ekspresi

c)

Nggunakake busana adat nalika nggancarake

d)

Ngucapake geguritan kanthi cetha lan banter

25.

Petikan geguritan kanggo pitakonan nomer 25-27. “Bapak, ibu….. Pangurbananmu, ora luntur kairing lakune wektu Katresnanmu awujud cahyaning lintang rembulan ing langit. Nalika ana tumindakku kang salah Panjenengan tansah paring pangemut Supaya uripku iku bener. Supaya bisa dadi tuladha becik lan bisa dianut. Tanpa Bapak, Ibu aku ora bisa lair ing dunia iki Nanging donga lan donga... Nanging...Boten cekap nglunasi Sekabehe kasih sayang ingkang kula pikantuk saking Bapak, Ibu...

a)

ibune penulis

b)

bapake penulis

c)

bapak lurah

d)

aku

e)

Kurniawan Eka Prasetyo

26.

Isine geguritan kasebut yaiku

a)

katresnan bapak lan ibu kanggo anak

b)

bapak lan ibu

c)

pangurbanane bapak lan ibu kanggo anak

d)

tresnane anak marang bapak lan ibu

e)

rasane dadi bapak lan ibu

27.

Tembung pikantuk ing geguritan kasebut ateges....

a)

Lunga

b)

Entuk

c)

Oleh

d)

Lawas

e)

Saka

28.

Apa tegese tembung "geguritan" ing basa Jawa?

a)

Crita cekak

b)

Puisi utawa sajak

c)

Tembang macapat

d)

Dongeng

e)

Cerita rakyat

29.

Unsur intrinsik geguritan sing nuduhake swasana ati pangarang yaiku..

a)

Tema

b)

Amanat

c)

Nada

d)

Rasa

e)

Imaji

30.

Geguritan sing isine nggambarke kaendahan alam diarani...

a)

Geguritan tembang

b)

Geguritan narasi

c)

Geguritan deskriptif

d)

Geguritan lirik

e)

Geguritan elegi

31.

Purwakanthi sing nggunakake pengulangan aksara ing wiwitan tembung yaiku...

a)

Purwakanthi guru sastra

b)

Purwakanthi guru swara

c)

Purwakanthi guru basa

d)

Purwakanthi lumaksita

e)

Purwakanthi baliswara

32.

Geguritan sing ora kaiket dening paugeran tartamtu diarani...

a)

Geguritan gagrak lawas

b)

Geguritan gagrak anyar

c)

Geguritan tradisional

d)

Geguritan klasik

e)

Geguritan modern

33.

Conto majas personifikasi ing geguritan yaiku...

a)

Atiku kaya segara

b)

Srengenge mesem-mesem

c)

Omahku istana

d)

Pucuk godhong jijo royo-royo

e)

Banyu mili kaya sutra

34.

Tembung "endah" ing geguritan kalebu jinis tembung...

a)

Aran

b)

Kriya

c)

Katrangan

d)

Sesulih

e)

Panggandheng

35.

Unsure which shows the moral message in poetry is...

a)

Tema

b)

Nada

c)

Amanat

d)

Rasa

e)

Diksi

36.

Pilih jawaban sing bener: Apa kang diarani pambagyaharja?

a)

Upacara syukuran utawa selamatan

b)

Tanduran pari

c)

Pesta ulang tahun

d)

Upacara adat kematian

37.

Kang kudu digatekake nalika nindakakake pambagyaharjo yaiku...

a)

Niat sing tulus

b)

Ngenteni wektu wengi

c)

Ngundang akeh wong

d)

Mangan dhisik

38.

Pilih jawaban sing bener: Apa sing diarani purwakanthi?

a)

Tembung kang swarane padha utawa meh padha ing saben pungkasaning gatra

b)

Tembung kang tegese padha

c)

Tembung kang digunakake kanggo nyebut barang

d)

Tembung kang ora duwe arti

39.

Pilih salah siji jinis geguritan miturut kagunaane!

a)

Geguritan pendidikan

b)

Geguritan asmara

c)

Geguritan petualangan

d)

Geguritan horor

40.

Isine geguritan balada yaiku...

a)

Cerita kang ngemot kedadian tragis utawa heroik

b)

Cerita babagan lelucon utawa guyonan

c)

Cerita babagan alam lan kaendahan

d)

Cerita babagan piwulang agama