Font size
Worksheetssumatif bahasa jawa
Total questions: 45
Worksheet time: 35mins
Negara Indonesia kondhang gemah ripah ...
loh kang tinandur
loh jinawi
ayem tentrem
kreta raharja
Saben wayah preinan akeh wiasatawan sing padha plesiran ing papan kene. Tembung " plesiran " tegese ...
Sinau
Rekreasi
Mondok
Nginep
Saben liwat tanduran sinawang ijo ...
Memplak
Branang
Royo-royo
Gadhing
Salah sijine titikane dheskripsi yaiku ...
Nggambarake kedadean kanthi cetha
Isine mujudake asli laporan kegiyatan
Nggambarake panyaruwe saka penulis
Isine mujudake rerangkene cerita kang urut
Cerita kang njlentrehake saweneh kekadean manut urutan waktune diarani ...
Dheskripsi
Eksposisi
Argumentasi
Narasi
Kanggo ngarani perangane awak sing apik-apik diarani ...
Parikan
Bebasan
Panyendhu
Panyandra
Manuk emprit nucuki sega krawu, dadi murid kudu sregep sinau, ukara ngene iki diarani ...
Panyandra
Parikan
Panyendhu
Papindhan
Bocah kui rambute ngadhan-adhan, bangkekane ...
Jambe sinigar
Ndamar kanginan
Nawon kemit
Mucuk eri
Basa kang endah utawa basa sastra, endahe krana dipaesi, di rengga-rengga utawa di rumpaka diarani ...
Basa rinengga
Basa bagongan
Basa guyonan
Basa krama desa
Yen wes mateng disenengi wong okeh. Kulite kandel kaya eri gedhe-gedhe. Yen mateng ambune sedep. Daging disekat-sekat dadi liningane gedhe. Isine jenenge pongge. Wacan ing nduwur deskripsi ngenani ...
Pelem
Kates
Duren
Nangka
Nalika godok banyu, Mita ora sengojo ndemok pancine sing iseh panas. Deskripsi iki bisa ditampa perang pancadriya perangan ...
Kuping
Kulit
Mripat
Irung
Wayah awan angina semilir adhem, ndadak angine nggawa gandane lele digoreng. Wacan deskripsi iki nyritakake samubarang sing bisa dirasakake liwat ... lan ...
Kuping lan sirah
Mripat lan tangan
Kulit lan mripat
Irung lan kulit
Wong-wong mesti padha nonton. Najan wujude mung kertas, nanging dibutuhake nganti setaun lawase. Barang iki kadhang angkane dibunderi, kanggo nengeri kedadean utawa rencana sing bakal dilakoni. Wacan iku deskripsi ngenani ...
Meteran
Handphone
Tanggalan
Buku bahasa jawa
Lembehane Kunthi mblarak sempal. Yen mlaku kaya macan luwe. Dedege dhuwur, nanging batuke nonong.
Tembung sing klebu panyendhu yaiku ...
Dedege dhuwur
Batuke nonong
Lembehane mlarak sempal
Yen mlaku kaya macan luwe
Wong-wong biyen nganggo gondhel gede-gedhe nganti kupinge ...
Tembung panyendhu kanggo ngganepi ukara iki ...
Gruwung
Ndower
Piseng
Dawir
Swarane bledheg wingi kae kaya ...
Tembung pepindhan sing bener kanggo ngganepi ukara iki ...
Mbelah-mbelahna bumi
Ngagetake jantung
Mecah-mecahna gundul
Mbudekake kuping
Wartini iku bacahe ayu, alise ...
Nawon kemit
Miji timun
Blalak-blalak
Nanggal sepisan
Eyang kakung ... saking Kalimantan
Wangsul
Kondor
teka
Mulih
Ayu lagi (sapu) latar. Tembung sing trep kanggo ngganepi ukara ing jero kurung yaiku ...
Disapu
Nyapu
kosapu
daksapu
Pak Lurah lagi ... menyang kelurahan. Tembung kang pas yaiku ...
Mangkat
Tindak
Kesah
Budhal
Esuk umun-umun, Pratiwi, bocah kelas lima SD iku, di utus ibune golek godhong suruh abang ing pategalan pinggir alas. Pratiwi menyang alas dikancani dening adhine lanang. Sadawane dalan tumuju alas tansah sepi mampring. Senajan mangkono, Pratiwi lan adhine terus lumaku.
Wacan ing dhuwur kagolong jinis wacan ….
Narasi
Eksposisi
Persuasi
Deskripsi
Teks utawa karangan kang nggambarake sawijining babagan kanthi cetha lan rinci diarani teks ….
Narasi
Eksposisi
Persuasi
Deskripsi
Tetembungan utawa ukara kang digunake kanggo ngalembana utawa ngemu teges mirip utawa memper diarani ….
Panyandra
Panyendhu
Pepindhan
Parikan
Tembung kang nggambarake perangane awak kang kurang sampurna diarani ….
Panyandra
Panyendhu
Pepindhan
Parikan
Mangan peyek sambel tahu
Aja ngenyek marang aku
Ukara ing dhuwur klebu jinising ….
Panyandra
Panyendhu
Pepindhan
Parikan
Parikan ing ngisor iki kang mathuk pambuka lan isine yaiku ….
manuk emprit, nucuk pari, dadi murid sing prasaja
tawon madu, ngisep sekar, golek ngellmu kudu sabar
menek manggis, mung sauwit,
bocah nangis njaluk turu
nyangking ember, kiwa tengen lungguh jejer, karo kanca
Wayang kang ginawe saka bahan kayu diarani ….
wayang kulit
wayang uwong
wayang gedhog
wayang golek
Piranti arupa kain mori putih kang didadekake geber ing pagelaran wayang kulit
diarani ….
kelir
gedebog
blencong
cempala
Manuk emprit, dhuwur pager
Dadi murid, ….
Genepane parikan ing dhuwur yaiku ….
(a)
Pak Lurah lagi ... menyang kelurahan. Tembung kang pas yaiku ...
Mangkat
Tindak
Kesah
Budhal
Ing ngisor iki arane tembang macapat, kajaba . . . .
gambuh
mijil
pocung
jaranan
Tembang macapat cacahe ana . . . .
10
11
12
13
2. Geguritan bisa bisa uga diarani...
Wacan jawa
Puisi jawa
Lagu jawa
Tulisan jawa
8. Amanat ing geguritan kuwi kayata...
Pesen kang bisa dijupuk
Keadaan sing ora nyata
Durung ngerti juntrunge
Kedadiyan apa anane
4. Salah sijine unsur kang ana gandeng cenengane karo bab bab kang sarwa teratur diarani..
Nadha
Suasana
Irama
Dhiksi
Paragrap kang idhe pokoke ana ing ukara wiwitan, yaiku ....
dheduktif
campuran
indhuktif
narasi
Dina : “ ….. sing gelem tak wenehi roti?
Sinta : “Aku Din, aku gelem.”
Tembung pitakon kang bener kanggo njangkepi ukara ing duwur yaiku ….
Apa
Pripun
Ing ngendi
Sapa
Pakdhe lagi bali saka Semarang
Ukara ing dhuwur basa kramane yaiku ….
Pakdhe nembe tindak saking Semarang
Pakdhe nembe wangsul menyang Semarang
Pakdhe nembe rawuh menyang Semarang
Pakdhe nembe wangsul saking Semarang
Simbah nembe gerah waja.
Gerah waja tegese ….
Lara mripat
Sirahe lara
Lara untu
Lara weteng
Tulisan aksara jawa iki unine ....
Kacamata
Matakaca
Kacanata
Bacamata
Teks cerita rakyat sing isine bab asul-usul daerah...
mite
sage
legenda
fabel
Tokoh Iwak Sura lan Baya minangka crita legenda kutha...
Surabaya
Malang
Kediri
Banyuwangi
Jenis cerita rakyat sing kalebu legenda...
Jaka Tarub
Nyai Roro Kidul
Andhe-andhe Lumut
Kutha Banyuwangi
Jenis cerita ing gambar kasebut ...
Legenda
Fabel
Mitos
Sage
Jenis cerita sing isine bab kepahlawanan ...
Legenda
Fabel
Mitos
Sage
