Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Ulangan Harian 2

Total questions: 20

Worksheet time: 21mins

Name
Class
Date
1.

Ing salah sijining desa kang subur lan makmur wargane para petani sami nandur pari, jagung, lan sayuran. Pak Tono salah sijine petani kang temen nandur ketimun. Timune sae-sae lan seger. Saben dina ditiliki lan disirami supaya subur. Dumadakan ana kewan Kancil kang ngrusak tandurane, timune padha dipangan Kancil. Pethikan wacan ing ndhuwur iku kalebu jinising teks....

a)

legenda

b)

fabel

c)

mite

d)

sejarah

2.

Ing salah sijining desa kang subur lan makmur wargane para petani sami nandur pari, jagung, lan sayuran. Pak Tono salah sijine petani kang temen nandur ketimun. Timune sae-sae lan seger. Saben dina ditiliki lan disirami supaya subur. Dumadakan ana kewan Kancil kang ngrusak tandurane, timune padha dipangan Kancil.

Paraga sing ana ing pethikan wacan ing ndhuwur yaiku….

a)

Pak Andi lan Kancil

b)

Pak Toni lan Kancil

c)

Pak Tono lan Gajah

d)

Pak Tono lan Kancil

3.

Gatekke perangan ing ngisor iki!

a. Fabel   b. Otobiografi c. Mite      d. Sejarah     e. Biografi           f. Hikayat g. Roman 

                  Seka perangan ing ndhuwur sing kalebu jinising crita nonfiksi yaiku….

a)

b, d, e

b)

b, c, g

c)

a, c, g

d)

b, e, f

4.

a. Fabel   b. Otobiografi c. Mite      d. Sejarah   e. Biografi           f. Hikayat g. Roman 

Seka perangan ing ndhuwur sing kalebu jinising crita fiksi yaiku....

a)

b, d, e

b)

b, c, g

c)

a, c, g

d)

b, e, f

5.

Salah sijine sipate cerita rakyat iku duwekke masarakat bebarengan, utawa bisa ditegesi....

a)

anonim

b)

kolektip

c)

imajiner

d)

ngayawara

6.

Salah sijine sipate cerita rakyat iku ora cetha sapa sing nulis utawa bisa ditegesi....

a)

anonim

b)

kolektip

c)

imajiner

d)

ngayawara

7.

Dumadine Rawa Pening

Desa Banarawa lagi nganakake pista desa. Wong-wong padha nyiapake ubarampe pesta kang minangka wujud rasa sokur marang Gusti Kang Akarya Jagad. Ing tengah-tengahing padha nyambut pista mau, ana bocah kang ala rupane, lan amis gandane. Wong-wong padha ora seneng, amarga manut kagunane masarakat, bocah ala iki bakal nekakake siyal, ora oleh berkah anggone pista.

1Seka pethilan wacan ing ndhuwur, cerita iku kalebu jinise….

a)

dongeng

b)

mite

c)

legenda

d)

fabel

8.

Ana bocah kang ala rupane, lan amis gandane.

Tembung ganda iku tegese….

a)

wangi

b)

rupane

c)

irung

d)

mambu

9.

Ing ngisor iki sing dudu kalebu jinising wiracarita yaiku....

a)

Ramayana

b)

Nyi Roro Kidul

c)

Mahabarata

d)

Damarwulan

10.

Ngandhut ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo pamaca iku pigunane crita rakyat perangan....

a)

estetis

b)

moralitas

c)

religius

d)

rekreatip

11.

Crita rakyat iku bisa menehi nilai-nilai kaendahan. Kuwi padha karo….

a)

estetis

b)

moralitas

c)

didaktip

d)

rekreatip

12.

Wingi bengi aku mulih saka omahe simbah. Dalane krasa sepi banget ora ana pawongan sing lewat ana kana. Aku rada wedi anggone mlaku dhewe, dadi anggone mlaku tak cepetke supayane bisa cepet tekan ngomah.

Pethikan teks iku nuduhake....

a)

latar papan

b)

alur

c)

tema

d)

latar swasana

13.

Yen arep gawe cerita sing temane bab pendidikan, irah-irahan (judul) sing pas yaiku….

a)

Dolan Menyang Parangtriris

b)

Tuku Dolanan Anyar

c)

Numpak Bis

d)

Seneng Sinau Basa Jawa

14.

Perangan sing nuduhake kapan kedadeyane crita diarani....

a)

latar wektu

b)

latar swasana

c)

alur

d)

tema

15.

Paraga sing dadi gegenepe crita amarga arang-arang sesambungan karo paraga liya diarani ….

a)

antagonis

b)

paraga tambahan

c)

paraga utama

d)

protagonis

16.

Yen kowe arep maca tapi kanca-kancamu kepingin ngerti apa sing arep kokwaca. Teknik maca sing trep yaiku nggunakake teknik….

a)

maca seru

b)

maca sajroning ati

c)

maca saklebatan

d)

maca dhangkal

17.

Superficial reading iku padha karo....

a)

maca seru

b)

maca intensip

c)

maca dhangkal

d)

maca idhe

18.

Yen arep nulis karangan. Sing sepisanan kudu dilakoni yaiku ….

a)

nemtokake irah-irahan

b)

nulis paragraf

c)

gawe cengkorongan

d)

nemtokake tema

19.

Urut-urutane kedadeyane crita iku padha karo….

a)

latar

b)

amanat

c)

alur

d)

sudut pandang

20.

Ing ngisor iki sing dudu kalebu paugerane ngringkes cerita yaiku….

a)

Dialog lan monolog cukup ditulis isine

b)

Maca mung ngarep lan mburine crita

c)

Ora kena nambahi lan nyuda paraga

d)

Nyathet gagasan utama dadi paragraf