wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latian Soal Basa Jawa kelas VII

Total questions: 30

Worksheet time: 30mins

Name
Class
Date
1.

Puisi basa jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening aturan sing gumathok. diarani ....

a)

Geguritan

b)

Paribasan

c)

Pantun

d)

Tembung

2.

Sapu Sada

(Dening: Astuti)

Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kabecikan

Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu

Crah agawe bubrah

Rukun agawe santosa

Guyub rukun kaya sapu sada

Irah-irahan geguritan ing ndhuwur yaiku ....

a)

Guyub rukun

b)

Sapu sada

c)

Adiwiyata murih rahayu

d)

Jumat asri

3.

Sapu Sada

(Dening: Astuti)

Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kabecikan

Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu

Crah agawe bubrah

Rukun agawe santosa

Guyub rukun kaya sapu sada

Tema geguritan ing ndhuwur yaiku ....

a)

Guyub rukun ing keluarga

b)

Guyub rukun ing sekolah

c)

Guyub rukun ing lingkungan

d)

Guyub rukun ing masyarakat

4.

Sapu Sada

(Dening: Astuti)


Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kabecikan

Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu

Crah agawe bubrah

Rukun agawe santosa

Guyub rukun kaya sapu sada


Para murid ngelakoni kerja bakti ngeresiki sekolahan ing dina ....

a)

Jumat asri

b)

Sabtu asri

c)

Minggu asri

d)

Senin asri

5.

Tembung-tembung sing dipilih kanggo nulis geguritan yaiku tembung-tembung kang ....

a)

Mentes lan mantesi

b)

Lumrah digunake

c)

Angel dingerteni

d)

Ora tau digunakake

6.
Sadurunge nulis geguritan, mula kudu nemtokake . . .
a)
tema
b)
inspirasi
c)
bahasa
d)
foto
7.

Supaya bisa maca geguritan kanthi becik, kudu...

a)

Mangerteni isine

b)

Mangerteni wujude

c)

Mangerteni tulisane

d)

Mangerteni macane

8.

jalaran dheweke jatining tresna

asalira tresna

busana tresna

watak tresna

jatining tresna.

tembung sing dibolan baleni dening panggurit diarani ...

a)

purwakanthi guru swara

b)

purwakanthi guru sastra

c)

purwakanthi lumaksita

d)

diksi

9.

Ing ngisor iki sing ora klebu titikane geguritan, yaiku...

a)

cacahe gatra bebas

b)

basane endah

c)

klebu karya sastra Jawa gagarag anyar

d)

cacahe bait utawa pada kaiket paugeran (aturan)

10.

Guruku...

Kula nyuwun dunga lan pangestu

Mugi-mugi sedaya ilmu

Saged dados sangu

Kanggo nggayuh gegayuhanku


Geguritan ing ndhuwur nduweni tema...

a)

Sekolahku

b)

Sinau

c)

Guruku

d)

Gegayuhanku

11.

Ana bungah, ana susah, iku wis lumrah

a)

Purwakanthi guru swara

b)

Purwakanthi guru sastra

c)

Purwakanthi guru basa

12.

Laras, lurus, leres, laris

a)

Purwakanthi guru swara

b)

Purwakanthi guru sastra

c)

Purwakanthi guru basa

13.

Ridwan awan-awan mangan mendoan ing lapangan

a)

Purwakanthi guru swara

b)

Purwakanthi guru sastra

c)

Purwakanthi guru basa

14.

Raja putra, putrane Raja Alengka

a)

Purwakanthi guru swara

b)

Purwakanthi guru sastra

c)

Purwakanthi guru basa

15.

Wong rabi iku kudu bobot, bibit, bebet

a)

Purwakanthi guru sastra

b)

Purwakanthi guru swara

c)

Purwakanthi guru basa/lumaksita

16.

Rujak dhondhong, dhondhonge sisaning kalong

a)

Purwakanthi guru swara

b)

Purwakanthi guru sastra

c)

Purwakanthi guru basa/lumaksita

17.

Bocah pinter, pintere ngungkuli dhokter

a)

Purwakanthi guru swara

b)

Purwakanthi guru sastra

c)

Purwakanthi guru basa/lumaksita

18.

Jaman bubrah, sing salah malah disembah-sembah

a)

Purwakanthi guru swara

b)

Purwakanthi guru sastra

c)

Purwakwanthi guru basa

19.

Geguritan asale saka tembung...

a)

Gurit

b)

Ngurit

c)

Gegurit

d)

Guritan

20.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)


Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane


Sapa kang nulis geguritan ing dhuwur?

a)

R. Tantiningsih

b)

R. Tanti

c)

R.A. ningsih

d)

R.A. Kartini

21.
Wong sing nulis geguritan diarani . . .
a)
panggurit
b)
penulis
c)
pamaos
d)
dening
22.

Kang digateake nalika maca geguritan, kajaba ...

a)

intonasi

b)

irama

c)

mimik wajah/ekspresi

d)

guru lagu lan guru wilangan

23.

Geguritan uga diarani ...

a)

parikan

b)

paribasan

c)

puisi jawa

d)

saloka

24.

Nalika maca geguritan kita kudu nggatekake perangane maca gegurita, salah sawijine yaiku irama. Irama uga diarani

a)

cendhek dhuwuure swara

b)

wiramaning ukara

c)

andheganing tetembungan lan ukara

d)

owah osike passuryan lan obah e awak.

25.

Gatra ing geguritan uga diarani ...

a)

garis

b)

baris

c)

bait

d)

pada

26.

Coba gatekno andharan ngisor iki!

1. Tanpa kaiket ing guru lagu, guru wilangan lan guru gatra

2. Kaiket ing guru lagu, guru wilangan lan guru gatra

3. Larike saora-orane ana 4 gatra

4. diwiwiti nganggo judul geguritan

  1. 5. diwiwiti tembung sun gegurit

  2. 6. jeneng panulise cetha

Sing kalebu titikane geguritan gagrag anyar yaiku ...

a)

1,3,4

b)

1,4,5

c)

2,4,6

d)

1,4,6

e)

2,3,4

27.

Kang ora kalebu titikane geguritan gagrag lawas yaiku .....

a)

cacahing gatra saora-orane ana 4 gatra

b)

cacahing wanda saben gatra kudu padha

c)

ora diwatesi paugeran

d)

sangarepe geguritan diwiwiti tembung "Sun Anggurit"

28.

Jenis geguritan yaiku .....


a)

Geguritan gagrak lawas

b)

Geguritan gagrak anyar

c)

geguritan jaman kuna

d)

Geguritan gagrak anyar lan Geguritan gagrak lawas

29.

pesen utawa amanat kang diandharake panulis ing geguritan diarani...

a)

tema

b)

rasa

c)

pitutur

d)

nada

30.

Ngajia tata krama, ngajia basa kang becik, ngajia duga prayoga

Ukara kasebut dadi tuladhane purwakanthi...

a)

Sastra

b)

Swara

c)

Gatra

d)

Lumaksita