WorksheetsReview Materi Jamu Jawa
Total questions: 20
Worksheet time: 20mins
Bahan baku utama kangge ndamel Jamu Kunir Asem menika menapa?
Kunir lan Asem Jawa
Kencur lan Cabe Jawa
Laos lan Mengkudu
Temulawak lan Sinom
Khasiat utama saking Jamu Cabe Puyang yaiku kangge nambani menapa?
Nglancaraken ASI (Air Susu Ibu).
Ngurangi pegel linu lan awak sayah (nyeri otot lan kesel).
Ngirangi resiko kanker.
Nambani sariawan lan ngedhunaken panas.
Asal-usulipun nama Jamu Uyup-uyup menika dijupuk saking menapa?
Saking raosipun ingkang seger.
Saking sesebutan kembang kang dados bahan baku.
Saking swanten nalika ngadhuk bahan baku.
Saking cara ngunjuk jamu ingkang dipunsruput alon-alon.
Jinis empon-empon menapa ingkang dados bahan baku utama saking Jamu Kunir Putih
Temulawak
Lempuyang
Kunir Putih
Kunir Kuning
Jamu Kudu Laos menika ngginakaken bahan baku utama menapa ?
Mengkudu lan Godhong Asem
Mengkudu lan Laos
Laos lan Asem Jawa
Kencur lan Laos
Bahan utama saking Jamu Cabe Puyang yaiku …
Kencur lan Temulawak
Lempuyang lan Temulawak
Kunir lan Cabe Jawa
Cabe Jawa lan Lempuyang
Jamu Kunir Asem gadhah khasiat utama kangge para wanita yaiku …
Ngirangi resiko kolesterol.
Ngirangi tekanan darah tinggi.
Nglancaraken haid utawa ngirangi lara nalika haid.
Nglancaraken tekanan darah.
Asal-usul nama Jamu Sinom menika saking tembung Jawi kanggé nyebat menapa?
Jeneng tiyang ingkang sepisanan damel.
Godhong Suruh ingkang taksih enom.
Godhong Asem ingkang taksih enom.
Werna jamu ingkang kuning enom.
Bahan baku saking Jamu Kunir Asem ingkang paring raos kecut seger yaiku …
Gendhis Jawi/Gula Jawa
Kencur
Kunir
Asem Jawa
Jeneng jamu ing gambar yaiku ...
Jamu Sinom
Jamu Kunir Asem
Jamu Kudu Laos
Jamu Beras Kencur
Jamu ing ngandhap menika ingkang gadhah khasiat utama kangge nglancaraken ASI yaiku …
Jamu Kunir Putih
Jamu Kunir Asem
Jamu Kudu Laos
Jamu Uyup-uyup
Bageyan saking mengkudu ingkang dipunginakaken ing Jamu Kudu Laos yaiku …
Woh Mengkudu
Godhong Mengkudu
Kembang Mengkudu
Kulit Wit Mengkudu
Jamu Sinom ngginakaken Gendhis Jawi lan Kunir. Gendhis menika ginanipun kangge menapa ?
Kangge ngirangi raos kecut saking godhong asem enom.
Kangge werna ing jamu.
Kangge nyepetaken proses fermentasi.
Kangge maringi raos pait.
Jinis kunir pundi ingkang umumipun dipunginakaken kangge nglancaraken haid ?
Kunir Abang
Kunir Putih
Kunir Kuning
Kunir Ireng
Bahan utama saking Jamu Beras Kencur yaiku ...
Beras lan Kencur
Beras lan Kunir Putih
Beras lan Temulawak
Beras lan Jae
Gambar rimpang menika jenenge ...
Kunir
Kencur
Temulawak
Asem Jawa
Gambar menika minangka salah satunggaling bahan baku utama jamu. Jenenge yaiku ...
Cabe Jawa
Lempuyang
Mengkudu
Laos
Jamu menika kajupuk saka rong tembung yaiku ...
Djampi lan Oepaya
Djampi lan Mulya
Djampi lan Mumpangat
Djampi lan Oesada
Bukti bilih jamu menika sampun wonten wiwit jaman rumiyin dipungambaraken ing salah satunggaling relief ing Candi ...
Prambanan
Ratu Boko
Borobudur
Plaosan
Jamu menika sampun dados warisan dunia ingkang diakui dening ...
UNESCO
WHO
UNICEF
UNIDO
