wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ASISMEN AKHIR SEMESTER GANJIL

Total questions: 48

Worksheet time: 1hrs 12mins

Name
Class
Date
1.
NAMA LENGKAP
4 lines
2.
NO ABSEN
4 lines
3.

KELAS

4 lines
4.

Ing cerita lakon, ngandharake anane sawijining satriya kang perang tandhing nglawan sedulure nunggal ibu. Bab kuwi, dudu amarga Sang Satriya ora bekti marang ibune utawa ora tresna marang sedulure. Sang Satriya tetep mbelani negarane kang nerima dheweke, uga negara kang ngangkat drajade. Satriya iku aran ….

a)

Bambang Sumantri

b)

Patih Suwanda

c)

Kumbakarna

d)

Adipati Karna

e)

Arjuna Sasrabau

5.

Yogyanira kang para prajurit,

(Prajurit kudu pantes dituladani)

Lamun bisa samya anuladha,

(Supaya bisa ditiru dening liyane)

Kadya nguni caritane,

(Kaya crita ing jaman mbiyen)

Andelira sang Prabu Sasrabau ing Maespati,

(Kang dadi andelan Prabu Sasrabahu ing Maespati)

Aran Patih Suwanda,

(Jenenge Patih Suwanda)

Lalabuhanipun, kang ginelung tri prakara,

(Ngemban telu bab utama)

Guna kaya purune kang den antepi,

(Keahlian, keberanian, lan keikhlasan kang kudu diugemi)

Nuhoni trah utama.

(Minongko keturunan utama/pahlawan sejati)

Apa isi utama tembang Dhandhanggula miturut kutipan ing ndhuwur?

a)

Pepeling marang raja supaya adil lan wicaksana

b)

Wejangan marang para prajurit supaya tumindak becik

c)

Crita bab perang antarane kraton loro

d)

Piandel kanggo wong kang kepengin sugih

6.

Yogyanira kang para prajurit

Lamun bisa sira anuladha

Duk ing nguni caritane

Andelira sang prabu

Sasrabahu ing Maespati

Aran Patih Suwanda

Lelabuhanipun

Kang ginelung triprakara

Guna kaya purune kang den antepi

Nuhoni Trah utama

(ana candhake)

Apa kang dikarepake gatra Guna kaya purune kang den antepi ...

a)

tansah bebela marang bebener

b)

nuduhake butuh pamrihe tumrap negarane

c)

nuduhake kasektene marang mungsuh

d)

nuduhake pangorbanane marang ratune

e)

minangka janjine bebela marang raja lan negarane

7.

Lire lalabuhan tri prakawis,

guna bisa saniskareng karya,

binudi dadi unggule,

kaya sayektinipun,

duk bantu prang Manggada nagri,

amboyong putri domas,

katur ratunipun,

purune sampun tetela,

aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,

Suwanda mati ngrana.

Apa tegese gatra guna bisa saniskareng karya...

a)

bisa nindake dhawuh dadi senapati

b)

bisa mrantasi pagaweyane minangka patih

c)

bisa biyantu perang ing negara Manggada

d)

bisa kasil mboyong putri dhomas diaturke marang ratune

e)

kekendale wis nyata nalika perang tandhing karo Dasamuka,

8.

Lire lalabuhan tri prakawis,

guna bisa saniskareng karya,

binudi dadi unggule,

kaya sayektinipun,

duk bantu prang Manggada nagri,

amboyong putri domas,

katur ratunipun,

purune sampun tetela,

aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,

Suwanda mati ngrana.

Apa tegese gatra purune sampun tetela,

aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji...

a)

bisa nindake dhawuh dadi senapati

b)

bisa mrantasi pagaweyane minangka patih

c)

bisa biyantu perang ing negara Manggada

d)

bisa kasil mboyong putri dhomas diaturke marang ratune

e)

kekendale wis nyata nalika perang tandhing karo Dasamuka,

9.

Lire lalabuhan tri prakawis,

guna bisa saniskareng karya,

binudi dadi unggule,

kaya sayektinipun,

duk bantu prang Manggada nagri,

amboyong putri domas,

katur ratunipun,

purune sampun tetela,

aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,

Suwanda mati ngrana.

Apa tegese gatra kaya sayektinipun,

duk bantu prang Manggada nagri, amboyong putri domas,...

a)

bisa nindake dhawuh dadi senapati

b)

bisa mrantasi pagaweyane minangka patih

c)

nalika biyantu perang ing negara Manggada

d)

bisa kasil mboyong putri dhomas diaturke marang ratune

e)

kekendale wis nyata nalika perang tandhing karo Dasamuka,

10.

Lire lalabuhan tri prakawis,

guna bisa saniskareng karya,

binudi dadi unggule,

kaya sayektinipun,

duk bantu prang Manggada nagri,

amboyong putri domas,

katur ratunipun,

purune sampun tetela,

aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,asana

Suwanda mati ngrana.

Sapa kang dicritakae ana ing pada kasebut,...

a)

Raden Sukrasana

b)

Prabu Harjuna Sasrabahu

c)

Dewi Citrawati

d)

Prabu Dasamuka

e)

Patih Suwanda

11.

Lire lalabuhan tri prakawis,

guna bisa saniskareng karya,

binudi dadi unggule,

kaya sayektinipun,

duk bantu prang Manggada nagri,

amboyong putri domas,

katur ratunipun,

purune sampun tetela,

aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,

Suwanda mati ngrana.

Apa tegese tembung ditya ,...

a)

satriya

b)

raseksa

c)

prajurit

d)

ratu

e)

senapati

12.

Lire lalabuhan tri prakawis,

guna bisa saniskareng karya,

binudi dadi unggule,

kaya sayektinipun,

duk bantu prang Manggada nagri,

amboyong putri domas,

katur ratunipun,

purune sampun tetela,

aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,

Suwanda mati ngrana.

Sapa kang dikarepake ditya Ngalengka aji ,...

a)

Prabu Harjunasasrabahu

b)

Patih Suwanda

c)

Prabu Dasamuka

d)

Raden Sukrasana

e)

Raden Kumbakarna

13.

Wonten malih tuladhan prayogi,

satriya gung nagari Ngalengka,

sang Kumbakarna namane,

tur iku warna diyu,

suprandene nggayuh utami,

duk awit prang Ngalengka,

dennya darbe atur,

mring raka amrih raharja,

Dasamuka tan keguh ing atur yekti,

de mung mungsuh wanara.

Apa kang diaturke kumbakarna marang kangmase ,...

a)

supaya nyelametake negara lan bangsane

b)

supaya ora duwe watak gumedhe

c)

kanggo nylametake para kawulane

d)

kanggo mbelani para wanara

e)

supaya mbrasta para mungsuh

14.

Wonten malih tuladhan prayogi,

satriya gung nagari Ngalengka,

sang Kumbakarna namane,

tur iku warna diyu,

suprandene nggayuh utami,

duk awit prang Ngalengka,

dennya darbe atur,

mring raka amrih raharja,

Dasamuka tan keguh ing atur yekti,

de mung mungsuh wanara.

Apa tegese gatra kasebut Dasamuka tan keguh ing atur yekti,

de mung mungsuh wanara. ,...

a)

Dasamuka nagdhepi para wanara kanthi ngetokake sakabehing kasektene

b)

Dasamuka mrintahake Kumbakarna supaya mungsuh para Wanara

c)

Dasamuka sarujuk marang Kumbakarna wis ngelingake supaya ora awatak gumedhe

d)

Dasamuka ora nggugu guneme Kumbakarna jalaran mung mungsuh bala kethek

e)

Dasamuka tansah mbelani marang negarane suoaya ayem tentrem

15.

Kumbakarna kinen mangsah jurit,

mring kang raka sira tan lenggana,

nglungguhi kasatriyane,

ing tekad datan purun,

amung cipta labuh nagari,

lan nolih yayah rena,

myang leluhuripun,

wus mukti aneng Ngalengka,

mangke arsa rinusak ing bala kapi,

punagi mati ngrana.

Patuladhan apa kang bisa kapethik saka Kumbakarna ing pada kasebut...

a)

Minangka adhine Dasamuka dheweke mbelani kangmasekang wis mulyakne Ngalengka

b)

Minangka satriya negara ngalengka Kumbakarna gugur merga mbelani negarane

c)

Kumbakarna duweni watak satriya bisa numpes para wanara

d)

Kumbakarna ora nggugu marang dhawuhe kangmase merga bela ing bebener

e)

Kumbakarna tansah nuduhake jiwa kasatriya kabukten nalika madeg dadipatih

16.

Minungsuhken kadange pribadi,

aprang tandhing lan sang Dananjaya,

Sri Karna suka manahe,

dene sira pikantuk,

marga dennya arsa males-sih,

ira sang Duryudana,

marmanta kalangkung,

dennya ngetog kasudiran,

aprang rame Karna mati jinemparing,

sumbaga wirotama.

Patuladhan apa kang bisa kajupuk saka pada ing dhuwur....

a)

Adipati Basukarna gugur ing madyaning paparangan merga karepe Duryudana

b)

Adipati Basukarna gugur ing madyaning palagan merga males budine marang negara ngastina

c)

Adipati Basukarna gugur ing madyaning paprangan amarga mbelani ibune

d)

Adipati karna seneng atine merga bisa mungsuh karo adhine dhewe

e)

Adipati Karna mbelaninegarane amarga dijajah dening para Pandhawa

17.

Serat Tripama amung dumadi saka sapupuh tembang macapat, yaiku tembang...

a)

Pangkur

b)

Sinom

c)

Gambuh

d)

Kinanthi

e)

Dhandhanggula

18.

Gatekna cakepan tembang macapat Dandhanggula ing ngisor iki.

"Yogyanira kang para prajurit,"

Guru wilangan lan guru lagu kang ana ing gatra kasebut yaiku ....

a)

8e

b)

7u

c)

10i

d)

10a

e)

9i

19.
Pratelan ing ngisor iki sing nuduhake bedane antarane cerkak lan novel yaiku ...
a)
Novel ora ana konflik dene cerkak iku ana konflik
b)
Novel ora awujud prosa dene cerkak awujud prosa
c)
Novel nyritakake babagan paraga dene cerkak nyritakake babagan pengalamaning urip
d)
Cerkak anggone nyritakake ora ndadekake owahe nasib paraga dene novel sewalike
e)
Cerkak lan novel padha-padha duwe tema
20.
Urut-urutane struktur cerita cekak sing runtut ing ngisor iki yaiku ...
a)
orientasi - krisis - evaluasi - komplikasi - koda
b)
orientasi - komplikasi - evaluasi -krisis - koda
c)
komplikasi - koda -krisis - orientasi - evaluasi
d)
komplikasi - orientasi - evaluasi - koda -krisis
e)
koda - orientasi - evaluasi - krisis - komplikasi
21.
Biyen aku tau gagal mlebu ing jurusan sing tak tuju. Ya tau uga ora katut dadi polisi. Saiki aku mung nglakoni apa sing wis tak jupuk ing kuliyahku. Sapa ngerti rencanane Sing Kuwasa luwih apik. Merga kahanan kulawargaku sing mung cukup kanggo mbayar kuliyah lan mangan saben dinane, ndadekake aku golek gaweyan sing bisa tak sambi................ Paraga "Aku" nuduhake yen penulis duwe sudut pandang wong kaping
a)
1
b)
2
c)
3
d)
4
e)
5
22.

"Dadi gur kaya ngono iku, alesane aku ora etuk kerja ana luwar kutha?" Arman nakonke. "Ora mangkono kuwi, Man. Ibu ora pengin kowe kena ngapa-ngapa ana ing kana!" Ibune Arman nyumauri. "Man, yen kowe kerja luwar kutha, njur sing ngancani ibu sapa?" sambunge Intan, mbakyune. "Mumpung iki ana tawaran kerja saka luwar kutha lan posisine apik mbak. Yen ora tak jupuk, njur aku arep golek neng ngendi maneh" Arman isih nyoba supaya diijini keluwargane. "Wis pokoke ora, kowe kudu ngancani ibu. Ora ana sing mbantah!" Intan tetep ora ngijine adhine kerja luwar kutha. "Wis wis, Tan, yen pancen adhimu arep kerja luwar kutha, Ibu bisa dhewe kok. Wis, iki ya kanggo Arman lan kulawarga." Ibune nengahi kalorone. Konflik sing ana sajroning pethikan cerkak yaiku ...

a)
Arman ngancam yen ora diijini kerja ing luwar kutha, arep nekat
b)
Intan ora gelem yen Arman ora kerja
c)
Ibune Arman ora ngijini yen Arman adoh saka kulawarga
d)
Arman karo Intan ora entuk kerja ing luwar kutha
e)
Arman pengin kerja ing luwar kutha nanging ora entuk
23.

"Dadi gur kaya ngono iku, alesane aku ora etuk kerja ana luwar kutha?" Arman nakonke. "Ora mangkono kuwi, Man. Ibu ora pengin kowe kena ngapa-ngapa ana ing kana!" Ibune Arman nyumauri. "Man, yen kowe kerja luwar kutha, njur sing ngancani ibu sapa?" sambunge Intan, mbakyune. "Mumpung iki ana tawaran kerja saka luwar kutha lan posisine apik mbak. Yen ora tak jupuk, njur aku arep golek neng ngendi maneh" Arman isih nyoba supaya diijini keluwargane. "Wis pokoke ora, kowe kudu ngancani ibu. Ora ana sing mbantah!" Intan tetep ora ngijine adhine kerja luwar kutha. "Wis wis, Tan, yen pancen adhimu arep kerja luwar kutha, Ibu bisa dhewe kok. Wis, iki ya kanggo Arman lan kulawarga." Ibune nengahi kalorone. Kang nyebabake konflik ing pethikan cerkak iku yaiku ...

a)
Intan butuh Arman neng omah
b)
Intan rumangsa dhewekan ana ing omah
c)
Kondisi ibune Arman sing ora bisa ditinggal
d)
Arman kepengin adoh saka wong tuwa
e)
Arman sing ora ngerti kahanan kulawarga
24.

Gatekna wacan cerkak ing ngisor iki!        

Tinimbang ana omah mung nganggur lan ngenteni ditakonake anake wong, karuwan lunga nggolek pengalaman nggolek upa aneng kutha, ucape Kinanthi nalika ngajak Tangguh mangkat Semarang. Pranyata Tangguh uga sarujuk. Lan saiki wis genep setaun anggone bebarengan sinau nyambung nyawa ing kutha atlas.        “Mbak, nyuwun kentang goreng kalih es lemon tea malih, inggih.” “Inggih, Mbak,” pelayan mau mesem.        Tangguh nyawang kancane. Dheweke ngerteni menawa Kinanthi lagi nandang susah ing batin mlayune kudu mangan enak lan akeh. Dheweke gumun, kenangapa kancane sinarawedhi iku ora bisa mbukak atine kanggo nrima tresnane wong lanang. Kamangka wis akeh banged priya sing nyedhaki lan karep ngrengkuh Kinanthi.         “Kenangapa ta, Kin, apa ta, kurange Mas Sudibya? Priyantune nggantheng, nyambut gawene wis mapan. Superviser ing kantormu, ta?” pitakone Tangguh.        “Piye ya, Ngguh, Mas Sudibya ora tipeku, kurang cocog, tur meneh, aku durung kepingin sinau katresnan. Esih akeh cita-cita lan kepinginan sing pingin takranggeh,” sinambi dolanan sedhotan ing lambene, Kinanthi nyauri. Saka cerita kasebut, Kinanthi nduweni sipat….

a)

Teteg

b)

sabar

c)

welas asih

d)

kemayu

25.

Gatekake pethilan cerkak ing ngisor iki!

Katon saya suwe srengenge saya mlaku mulih nyang parane. Sumiyati isih wae lungguh karo ngelap eluhe. Disawang foto ibune kang ana ing tangane. Dheweke isih lungguh ana ngisor wit randhu, ora nglegewa yen Winarto wis ana ing mburine.Saka pethilan cerita cekak ing ndhuwur, pesen kang kakandhut yaiku ….

a)

Sumiyati mung predhuli marang Winarto

b)

Sumiyati putra kang bekti marang ibune

c)

Sumiyati putra kang bhekti marang Winarto

d)

Winarto seneng ndelik ngamati Sumiyati

26.

Saben dina Jumat Pak Karman mbagi sega bungkusan gratis kanggo jamaah sholat Jumat kang mulih saka jumatan. Pak Karman, sejatine dodolan sega bungkusan ing sebrange mesjid. Batine ora akeh. Nanging piyambakipun seneng bagi-bagi sega bungkusan senajan iku dagangan kang bakal didol gawe panguripan sabendinane.

Wewatekan saka Pak Karman, yaiku ...

a)

Seneng tinular

b)

Wicaksana

c)

Andhap Asor

d)

Loman

27.

Unsur ing ngisor iki kang kalebu perangane unsur intrinsik setting yaiku….

a)

alur, paraga, swasana

b)

wektu, papan, swasana

c)

tema, papan, swasana

d)

sudut pandang, swasana, wayah

28.

Praupane katon bagus. Esemane ngalahake legine madu kang nresep ing selane omahe tawon. Nanging praupan iku, koso balen saka tumindhake. Dheweke kerep nglarani atine kancane

Kang dibahas ing punggelan cerkak punika, yaiku ...

a)

Paraga

b)

Latar

c)

Irah-irahan

d)

Amanat

29.

Urutaken serat tripama pupuh dhandhanggula iki!

1. pantes lamun sagung pra prawira,

2. Katri mangka sudarsaneng Jawi,

3. aja kongsi mbuwang palupi,

4. amirita sakadare,

5. ing lalabuhanipun,

6. tan prabeda budi panduming dumadi,

7. ina esthinipun,

8. sanadyan tekading buta,

9. manawa tibeng nistha,

10. marsudi ing kotaman.

a)


2, 1, 4, 5, 3, 9, 7, 8, 6, 10

b)

3, 5, 6, 8, 4, 2, 1, 7, 10, 9

c)

5, 4, 3, 7, 6, 1, 9, 10, 8, 2

d)

1, 2, 5, 4, 3, 7, 9, 8, 10, 6

e)

4, 3, 2, 1, 5, 7, 8, 10, 9, 6

30.

Apa kang dadi underane iklan/pariwara ana ing gambar?

a)

Narkoba gawe ati ayem lan bisa seneng-seneng

b)

Narkoba iku ana maneka warna wujude

c)

Ngajak ngadohi narkoba supaya ati ayem lan urip tentrem

d)

Urip mulya iku menawa ngrasakake ati ayem lan urip tentem

e)

Ngajak nyanyi nggunakake narkoba

31.

Produsen Le Minerale gawe pariwara ing maneka warna medhia, kayata medhia elektronik lan medhia cithak kanthi tujuan tinamtu, kajaba…

a)

Paring informasi ngenani Le Minerale

b)

Pangajak kanggo masyarakat supaya nggunakake Le Minerale

c)

Pangeling supaya masyarakat tansah tuku Le Minerale

d)

Paring informasi ngenani Le Minerale rasane pait

e)

Pangajak kanggo masyarakat supaya tansah tuku Le Minerale

32.

Pariwara kang tujuwane menehi pakarti marang masyarakat supaya nindakke utawa ngedohi sawijining bab kaya gambar iki diarani…

a)

Pariwara komersial

b)

Pariwara jasa/ layanan masyarakat

c)

Pariwara pemberitahuan/ wara-wara

d)

Pariwara penawaran

e)

Pariwara permintaan

33.

Pratelan kang trep karo wosing pariwara iku yaiku…

a)

Nyamuk seneng panggonan kang resik

b)

Regetan kang sumebar gawe panggonan resik

c)

Buang regetan ing pawuhan kuwi kuwajiban

d)

Njaga lingkungan kuwi kuwajiban bocah sekolah

e)

Buang regetan ing kali bisa ndadekake banjir

34.

Gatekna pratelan iki!

1.    Basane gampang dimangerteni

2.    Migunakake basa krama inggil

3.    Ukarane cekak lan cetha

4.    Migunakake ukara pangajak

5.    Njlentrehake kabecikan produk

Adhedhasar pratelan iku, kang kalebu titikan basa pariwara yaiku…

a)

1, 2 ,3

b)

1, 3, 4

c)

2, 3, 4

d)

2, 3, 5

e)

3, 4, 5

35.

Swara gendhing lancaran “Suwe Ora Jamu” muni alon, swara wiwit nggremet saya lirih banjur alon-alon metu swara iklan :

“Para kadang, ora usah bingung masalah kasarasaning awak. Meneka jamu Mugi Waras Spesial kang dadi solusine. Akeh pilihane, gampang golekane, mesthi alami, gampang ngracike lan dijamin tanpa efek samping. Para kadang tak aturi mundhut maneka jamu Mugi Waras Spesial ing UP “BMF Waras”. Alamat ana ing Jl. Terminal Sleko No. 2 Pati. Telp 085740666345.

Sepisan malih mangga kula aturi tindak ing UP “BMF Waras”. Maneka jamu Mugi Waras Spesial ndadekake awak seger, waras, lan ati mesthi makmur”.


Miturut jenise, teks iklan ing dhuwur klebu iklan...

a)

TV

b)

Radhio

c)

Brosur

d)

Kampanye

e)

Sayembara

36.

Adhedhasar pariwara ing ndhuwur, wong kang kena corona virus nduweni gejala klinis yaiku ….

a)

watuk pilek, masalah ambegan (sesek), nggigih (awake panas) lan sakit tenggorokan.

b)

watuk pilek, masalah ambegan (sesek), nggigih (awake panas) lan sakit tangane.

c)

sakit tenggorokan, lara weteng, masalah ambegan (sesek) lan watuk pilek.

d)

sakit tenggorokan, masalah ambegan nggigih (awake panas) lan sakit wetenge.

37.

Miturut sifate reklame ing dhuwur kalebet jinis iklan / reklame....

a)

komersial

b)

non komersial

c)

produksi

d)

non produksi

38.

Pranyatan ing ngisor iki kang ora kalebu titikane/ cirine pariwara/ iklan yaiku ….

a)

Ukarane cetha aos kanthi tembung pilihan kang trep, nyenengake, sopan lan nalar.

b)

Lire terang-terangan nalika nawakake barang utawa jasa disebutake kanthi ngegla, cetha.

c)

Anggone nawakake kanthi mamerake kaluwihane, kaunggulane, apike, kwalitase lan liya-liyane amrih sing ngrungokake kena pangaribawane.

d)

Nalika nawakake barang / jasa bisa kanthi ngelek-elek produk barang liyane

39.

Isine pariwara ing ndhuwur yaiku ….

a)

Warga Indonesia diajak bisa njaga kesehatan kulawarga kanthi nggunakake masker supaya nyegah penularan Virus COVID 19.

b)

Warga Indonesia diajak supaya bisa njaga kulawarga kanthi bisa nularake virus COVID 19.

c)

Warga Indonesia diajak supaya nanggulangi wong-wong sing padha kena Coronavirus

d)

Warga Indonesia diajak supaya aja cedhak-cedhak karo Coronavirus, merga Coronavirus iku bisa ndadekake awak lara.

40.

Isine pariwara ing ndhuwur yaiku ....

a)

Afif Anugrah Andika ndherek bagya (melu seneng) marang sarjana Pendhidhikan Basa Inggris

b)

Sarjana Basa Inggris ndherek mangayu bagya (melu seneng) marang wisudhane Afif Anugrah Andika

c)

Afif Anugrah Andika ndherek mangayu bagya (melu seneng) marang sarjana dwija professional

d)

Ucapan mangayu bagya (melu seneng) marang Afif Anugrah Andika winisudha minangka Sarjana Pendhidhikan Bahasa Inggris.

41.

Adhedhasar pariwara ing ndhuwuur, cara kang bisa ditindakake supaya bisa nyegah Corona virus yaiku, kejaba ….

a)

asing ngumbah tangan nganggo sabun

b)

gunakake masker nalika batuk lan pilek

c)

mangan daging sing durung dimasak

d)

sregep ing olahraga lan ngaso cukup

42.

1. Pranyatan ing ngisor iki kang ora trep (ora sesuai) karo pariwara ing dhuwur yaiku ….

a)

Toko Tani Makmur nawakake barang dagangan kang arupa Jagung Hibrida

b)

Para pembeli isa tuku jagung hibrida kang unggul ana ing Toko Tani Makmur

c)

Alamate Toko Tani Makmur yaiku ana ing Jl. Sultan, Paciran, Lamongan

d)

Para tani lagi padha bingung anggone arep nenandur ing wektu saiki

43.

Adhedhasar pariwara ing dhuwur, keunggulane Jagung Hibrida kang ditawakake ing Toko Tani Makmur yaiku, kejaba ….

a)

Jagung Hibrida gampang golek-golekane

b)

Jagung Hibrida kualitase unggul ketimbang jenis jagung liyane

c)

Anggone nandur, Jagung Hibrida luwih gampang

d)

Regane Jagung Hibrida luwih murah ketimbang jagung liyane

44.

Pretelan kang trep karo isine pariwara kasebut yaiku ....

a)

Nyamuk seneng ing panggonan kang resik

b)

Peduli lingkungan kuwi kewajibane bocah sekolah

c)

Buang regetan ing kali bisa nyebabake banjir

d)

Buwang regetan sumebar iku nyebabake resik

e)

Reresik minangka kunci kesehatan

45.

Gatekno tuladha iklan ing ngisor iki!

“Aku iki Beja, bener-bener isih Jaka. Beja, Bersih..., Jujur..., lan ... Aja Dumeh. Wong Beja tansah ngunjuk Jamu Beras Kencur. Awak Seger Dadi Makmur.”

Perangan tagline ing iklan dhuwur yaiku...

a)

Aku iki Beja

b)

Beja, bersih..., jujur..., lan aja dumeh

c)

Wong beja tansah ngunjuk jamu beras kencur

d)

Bener-bener isih Jaka

e)

Aja dumeh

46.

Aku mlebu umah ora lali nglinguk kamare Ibu. O... sukur Ibu lagi sare kemulan rapet, katon angler banget. Hawa atis kaya kiye pancen kepenak dinggo turu.

Miturut pethilan cerkak ing inggil ngginakake sudut pandang ....

a)

wong kapisan

b)

wong katelu

c)

wong kapindo

d)

wong kapapat

47.

"Urip pancen kaya ngene, wong cilik pancen dadi tumbale. Sanajan ta bener ning tetep dianggep salah. Menawa wis dalane kudu ngrasakake ngelu saben dinane." Panggresahe Jarwo sing pungkasan.

Saka pethilan crita kasebut, unsur ingkang dipungambarake, inggih menika ....

a)

alur

b)

sudut pandang

c)

latar

d)


amanat

e)

penokohan

48.

Ing cerita Lakon, ngandharake anane sawijining satriya kang siap perang tandhing, ditohi nyawa dibelani pati, nalika negarane diserang dening bala wanara. Sang Satriya maju perang tanding dudu mbelani Sang Prabu angkara murka, ananging merga ora lila negarane diabul-abul dening bala wanara. Satriya iku aran ….

a)

Bambang Sumantri

b)

Kumbakarna

c)

Arjuna Sasrabau

d)

Patih Suwanda

e)

Adipati Karna