WorksheetsSUMATIF B.JAWA KELAS 10
Total questions: 40
Worksheet time: 20mins
Lingkungan Resik, Uripe Sehat. Lingkungan resik urip sehat duweni teges lingkungan sing adoh saka kondisi kang nyebabake lelara. Lingkungan sing resik bisa ndadekake urip sehat. Tegese saka lingkungan resik urip sehat yaiku urip lingkungan sing kita panggone nduweni kesan becik kanggo sesawangan lan menehi sehat. Lingkungan sing kita panggone bisa ndukung lan nduweni pengaruh tumrah panguripane manungsa dhewe. Yen lingkungan kita, wargane duweni pakulinan urip sehat, mesthine iki bakal nuwuhake kesan luwih becik tumrap pribadi lan masyarakat. Ananging suwalihe yen kita manggon ing warga kang duweni pakulinan kemroh lan seneng omben – omben bab iki bakal nduweni pengaruh psikis lan mental kita. Kahanan iki bisa diselaki yen wis mbangun bale wisma amarga lingkungan kaya mau bisa nduweni pengaruh tumrah sesrawungan putra-putri kita. Lingkungan kudu resik amarga ....
Panggonan sehat bisa dukung panguripane manungsa
Saka lingkungan resik bisa ndadekake urip sehat
Wargane nduweni kebiyasan becik
Kahanan iki bisa nuwuhake sesawangan kang asri
Wargane supaya ora kemroh
Karusakan alam sing paling gedhe dijalari dening manungsa katimbang faktor alam. Owahe iklim global ndadekake Negara-negara maju nduweni kawigaten gedhe tumrap rusake Alam. Manawa iklim global owah, bab iki njalari munggahe suhu amarga akumulasi gas emisi ing atmosfer utawa uga bisa kaistilahake Global warming (pemanasan global). Indonesia minangka negara berkembang uga ngalami rusake alam kang nduweni dampak negatif tumrap karaharjane panguripan. Karusakan lingkungan amarga pokale manungsa njalari pageblug/penyakit, bencana lan kapitunan tumrap manungsa dhewe. Gagasan pokok ing cuplikan wacan mau yaiku ...
Karusakan lingkungan amarga pokale manungsa nyebabake pageblug/penyakit, bencana lan kapitunan tumrap manungsa dhewe
Karusakan alam sing paling gedhe disebabake dening manungsa katimbang faktor alam
Manawa iklim global owah, bab iki nyebabake munggahe suhu amarga akumulasi gas emisi ing atmosfer utawa uga bisa kaistilahake Global warming (pemanasan global)
Indonesia minangka negara berkembang uga ngalami rusake alam kang nduweni dampak negatif tumrap karaharjane panguripan
Owahe iklim global dadekake Negara-negara maju nduweni kawigaten gedhe tumrap rusake Alam
Karusakan alam sing paling gedhe dijalari dening manungsa katimbang faktor alam. Owahe iklim global ndadekake Negara-negara maju nduweni kawigaten gedhe tumrap rusake Alam. Manawa iklim global owah, bab iki njalari munggahe suhu amarga akumulasi gas emisi ing atmosfer utawa uga bisa kaistilahake Global warming (pemanasan global). Indonesia minangka negara berkembang uga ngalami rusake alam kang nduweni dampak negatif tumrap karaharjane panguripan. Karusakan lingkungan amarga pokale manungsa njalari pageblug/penyakit, bencana lan kapitunan tumrap manungsa dhewe. Artikel ing dhuwur mujudake jenis artikel...
Eksploratif
Deskriptif
Prediktif
Preskriptif
Eksplanatif
Beni minangka salah sijine panulis artikel. Dina iki Beni pengin nulis ngenani tips dadi konten kreator tiktok. Artikel sing ditulis Beni mujudake artikel jinis...
Preskriptif
Prediktif
Eksploratif
Deskriptif
Eksplanatif
Urip ing masyarakat tumindak empan papan kudu ditindakake amarga papan siji lan sijine nduweni pranatan kang beda. Teges empan papan yaiku…
Bisa ngerti kahanan
Nggawa papan
Ngowahi kahanan
Ngidak papan
Laku lurus
Gatekake ukara ing ngisor iki! “Mula saka kuwi saben pangreka daya pembangunan, sakehe prabeya sesambungan karo lestarine lingkungan, perlu dipetung luwih dhisik.” Tembung kang kacetak kandel nduweni teges yaiku….
Masalah, kaitane, dikira-kira
Kebutuhan, kaitane, dikira-kira
Rencana, biaya, dietung
Kebutuhan, masalah, dietung
Biaya, rencana dietung
Gatekake ukara ing ngisor iki! “Kudu bisa njaga lingkungan supaya ora nandhang kapitunan tumrap awake dhewe, uga ana mumpangate kanggo generasi sabenjure.” Tembung kang kacetak kandel nduweni teges yaiku….
Ilang, manfaat
Rugi, manfaat
Rugi, keselamatan
Pengaruh, perubahan
Tumindak, perubahan
Artikel sing ngandharake sawijining masalah kang dumadi ing masyarakat, sahingga bisa disumurupi apa sing saktemene dumadi. Jinise iki memper kaya laporan utawa reportase; bedane, yen laporan mung adhedhasar kasunyatan wae, yen artikel panulisane nerangake masalah kanthi gamblang bisa awujud opini iki diarani jinis artikel ....
Eksploratif
Eksplanatif
Deskriptif
Prediktif
Preskriptif
Strukture artikel iku dumadi saka ...
Irah-irahan, pambuka, pawarta, penutup
Irah-irahan, pambuka, tujuan, penutup
Isi, pambuka, penutup, lan irah-irahan
Irah-irahan, pambuka, isi, lan penutup
Pambuka, purwaka, isi panutup judul
Struktur artikel tugase jlentrehake apa kang arep diwedharake inti saka artikel iku mau, diarani?
Irah-irahan
Pambuka
Isi
Panutup
Dudutan
Karangan kang ditulis kanthi tujuan kanggo ngandharake gagasan lan fakta sing bisa ngayakinake, menehi pitudhuh, lan bisa nyenengane tumrap wong sing maca diarani ....
Geguritan
Tembang
Artikel
Pawarta
Parikan
Ukara kang nuduhake sifat ora resikan yaiku ....
Lingkungan sing kita panggoni bisa ndhukung lan nduweni pengaruh tumrap panguripane manungsa dhewe
Wargane nduweni pakulinan urip sehat, mesthine iki bakal nuwuhake kesan luwih becik tumrap pribadi lan masyarakat
Kahanan iki bisa diselaki yen wis mbangun bale wismo amarga lingkungan kaya mau bisa nduweni pengaruh tumrah sesrawungan putra-putri kita
Lingkungan resik urip sehat nduweni teges lingkungan sing adoh saka kondisi kang nyebabake lelara. Lingkungan sing resik bisa ndadekake urip sehat
Kita manggon ing warga kang nduweni pakulinan kemroh lan seneng omben-omben bab iki bakal nduweni pengaruh psikis lan mental kita urip sehat
Ing pagelaran wayang kulit, layar putih sing dianggo nampa wewayangan wayang iku diarani...
kothak
kelir
debog
debog
blencong
Gatekna jinis-jinis wayang ing ngisor iki! 1) wayang Jawa, 2) wayang golek Sundha, 3) wayang Bali, 4) wayang Sasak, 5) wayang Potehi, 6) wayang saka Thailand. Adhedhasar wayang-wayang kasebut bilih wayang ngrembaka ing...
Indhonesia
Malaysia
Saperangan Asia Tenggara
Saperangan Tanah Melayu
Nuswantara
Gambar piranti pagelaran wayang kasebut arane....
cempala
kelir
kayon
blencong
lilin
Gambar wayang kasebut asmane....
Semar
Gareng
Petruk
Bagong
Sengkuni
Gambar wayang kasebut asmane....
Semar
Gareng
Petruk
Bagong
Sengkuni
Amanat saka crita wayang yaiku ....
Manungsa anggone urip bisa nuladha marang watak ala lan nyingkiri watak kang becik
Manungsa bisa nuladhani watak kang becik lan ninggalake watak kang ala
Aja nuladha marang watak wayang kang becik, utamane kang dituladhani dening Ramawijaya
Manungsa bakal nemoni kabegjan menawa ora gelem usaha utawa mbudidaya
Manungsa bakal nemini kamulyan yen nuladhani setunggal paraga wayang
Wayang kulit amarga digawe saka kulit lembu/maesa kasebut wayang ...
Purwa
Golek
Krucil
Beber
Gedhog
Teks crita wayang sing digelar sajrone pentas pawayangan, bisa dadi pasinaon basa, jalaran ...
paraga dhalang nalika ngurip-uripi wayang, bisa sinambi mulang basa Jawa
nyinau nyaman basa Jawa
basane teks crita wayang lumrahe gathuk karo basa sing digunakake para siswa saben dina
antarane anak dhalang bisa sesrawungan
unggah-ungguh ing basa wayang bisa digunakake patuladhan
Miturut sejarah, wayang kang asale saka negara manca iku, dianggit maneh lan bisa luwih ngrembaka lumantar kaprigelan lan kawicaksanan ...
Para wali kang nyebarake kabudayan lan agama
Para orientalis Walanda nalika njajah Indonesia
Para sarjana kesenian kabudayan kang kreatif
Para sutresna budaya supaya tetep lestari
Para dalang nganggep wayang sarana golek pangupa jiwa
Ing ngisor iki sing diarani abdi pelayan Pandhawa yaiku ...
Punokawan
Pandhu Dewanata
Dhestrarasta
Adipati Warangga
Kumbakarna
Lakon wayang utawa teks carita wayang kang kagelar kanthi njupuk sumber carita saka Ramayana lan Mahabarata, kasebut jenis wayang ...
Wayang golek menak
Wayang purwa lan madya
Wayang beber lan panji
Wayang suluh utawa pembangunan
Wayang sudah lan wahyu
Sawijine teks dhialog kang nggambarke panguripan lan watak tumindake pawongan diarani ...
Dongeng
Teks drama
Cerak
Legendha
Teks skenario
Drama kang umume nyritakake panguripan jaman saiki tuladhane ngenani pendhidhikan, sosial lan liya-liyane kuwi dirani drama ...
Tradhisional
Modern
Fabel
Lodrug
Kethoprak
Pèrangan ing struktur drama sing dadi puncaké pasulayan utawa masalah sing paling gedhé ing sajroning crita iku diarani...
klimaks
orientasi
kramagung
prolog
koda
Salah sawijining bab-bab kang kudu digatekake sakdurunge maragakake sawijining paraga ing drama kang paling utama yaiku ...
Nggatekake busana
Nggatekake wektu
Nggatekake swara
Nggatekake alur carita
Nggatekake panggonan
Wacaen teks drama iki! Jono: Heh, bocah-bocah wis podho latihan drama basa Jawa, terus kelompok awake dewe yakpa? Pardi lan Parman: Terus, gue harus bilang wowo gitu? wow...!!! Supardi: Heladalah, iki tenanan lho... Parman: Lhah dhek wingi awakmu nandi ae? Supardi: Nyapo aku sing kok takoni? Parman: Kan wayahe kelompokan, kowe yowis diomongi ... Supardi: Kapan koen lek ngomong? (mulai nesu) Parman: ow koen wis pikun yo? .... Punggaleen teks drama kasebut kalebu struktur drama bagian ...
Tetepangan (orientasi)
Pangudare prakara (resolusi)
Pasulayan (masalah)
epilog
Pungkasaning crita (koda)
Samin: Fred, aja cepet-cepet mbebayani! Fredi: Alaah, sepi banget ing wayah wengi, ora apa-apa! (Samin nyekel lan narik dheweke maneh.) Samin: Ayo mandheg dhisik! Fredi: Ah! luwih cepet tekan alamat kasebut, luwih apik! Samin: Elinga yen aku nggawa layang penting! Fredi: Makane kui. Samin: pokoke mandheg, Fred! Aku ora pengin ditangkap wong Walanda. Fredi: Yowes, Min! Kowe sing nyekel komando. Konflik sing ana ing fragmen drama ing ndhuwur yaiku ...
Sarmin lan Fredi tukaran
Fredi kepengin mlaku cepet dene Samin pengin mandheg
Fredi ora gelem manut prentah Samin
Samin wedi ketangkep mula kepengin bali
Ora ana bedane pendapat antarane loro-lorone
Obah mosike paraga drama kanthi dumadakan manut kahanan lan kondisi diarani apa?
Audience
Casting
Improvisasi
Mimik
Flashback
Tembung 'Babak' sajroning naskah drama ngemu teges...
Pérangan cilik sajroning adegan
Pérangan utama sajroning drama sing dumadi saka sawetara adegan (adegan)
Guneman sing dawa (dialog) déning siji paraga
Pituduh lakon kanggo paraga
Pituduh lakon kanggo sutradara
Wacanen cuplikan drama iki:
ANANG: (Lungguh ing dhuwur kursi, raine katon sumringah, nyawang sawah ing ngarepé). Ah, urip ing desa pancen tentrem. Ora kaya ing kutha, rame lan panas!
RISKA: (Mlaku alon-alon nyedhaki Anang, ngasokaké capingé). Jan, Nang. Yèn panen wis rampung, sawah iki dadi papan sing paling apik kanggo ngaso.
Apa latar papan ing cuplikan drama kasebut?
Pasar sing ramé
Panggonan ngaso ing pinggir sawah
Omah ing tengah kutha
Omah ing tengah sawah
Stasiun Sepur
Pacelathon drama: Klething Abang dhawuh, “Klething kuning cepet mrene! arep lunga menyang kutha, iki kumbahan ndang dikumbah!” Klething Kuning mangsuli, “Inggih Mbak Yu sendika dhawuh.” Saka pacelathon kasebut, watek Klething Abang yaiku apa?
Sabar
Wicaksana
Ladak/galak
Seneng tetulung
Gampang iri
Tembung panggandeng kang nyataake sebab yaiku apa?
Utawa
Amarga
Saengga
Sanadyan
Saumpama
Ing ngisor iki ukara kang nggunakake tembung panggandeng kang nyataake wayah (waktu), yaiku endi?
Saumpama aku bisa nonton prastawa iku mesti aku seneng banget
Nalika aku metu saka ngomah, kahanane dadi peteng banget
Sanadyan wis dianjurne nggunakake kaca mata kang ana filtere isih ana wae wong kang ora manut
Mata kudu dijaga supaya tetep premana kanggo nyawang
Aku lan adiku mlaku-mlaku ing pasar baru
Raden Arjuna satriya ing endi?
Madukara
Jodhipati
Bumi retawu
Ngastina
Plangkawati
Raden Werkudara satriya ing endi?
Jodhipati
Amarta
Ngastina
Madukara
Sawo jajar
Prabu Pandu Dewanata lan Dewi Kunthi tansah nandhang duh kita amarga anak mbarep dilairake kawungkus selaput tipis sing ora bisa dipecah. Tembung “duh kita” padha tegese karo apa?
Bungah
Mantep
Nelangsa
Sumringah
Nesu
Paraga-paraga wayang iki sing ora kalebu Pandhawa yaiku sapa?
Krisna
Werkudara
Janaka
Bima
Puntadewa
Crita wayang ing tanah Jawa diakulturasi karo Sunan Kalijaga. Kang sumbere ana kono uga diandharake anane paraga punakawan. Punakawan yaiku ....
Semar, Gareng, Petruk, Bagong
Puntadewa, Yudhistira, Arjuna, Nakula, Sadewa
Tolong, Bilung, Limbuk
Sengkuni, Karna, Duryudana
Rama, Sinta, Lestari, Anoman
