Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

JAWA 7-1

Total questions: 45

Worksheet time: 30mins

Name
Class
Date
1.
Salah siji titikane crita kang becik yaiku ....
a)
swarane sing banter
b)
critane mondhag-mandheg
c)
anggone crita kudu diwolak-walik
d)
critane kudu runtut
2.
Panemu ngenani sawijining prakara iku arane ....
a)
sesorah
b)
tanggapan
c)
dudutan
d)
cengkorongan
3.
Ing ngisor iki klebu tuladhane nyemak intensif yaiku ....
a)
nyemak kanthi konsentrasi
b)
nyemak TV
c)
nyemak radhio
d)
nyemak pacelathon padinan
4.
Nyemak ana bebrayan saben dinane iku arane ....
a)
nyemak kritis
b)
nyemak ekstensif
c)
nyemak intensif
d)
nyemak kreatif
5.
Ing ngisor iki sing dudu teks sastra yaiku ....
a)
geguritan
b)
dongeng
c)
artikel
d)
cerkak
6.
Sing klebu teks sastra yaiku.... (1) Geguritan, (2) Cerkak, (3) Pawarta, (4) Novel, (5) Biografi, (6) Drama, (7) Wara-wara, (8) Artikel
a)
(4), (7), (8)
b)
(1), (4), (6)
c)
(1), (2), (3)
d)
(3), (5), (8)
7.
Bab kapisan kang kudu ditindakake nalika arep nulis teks nonsastra yaiku ....
a)
nyathet perangan-perangan bab kanthi tlesih
b)
nulis kanthi urut, cetha, lan urip
c)
nemtokake bab kang arep ditulis
d)
ngumpulake katrangan bab kang arep ditulis
8.
Paragrap kang duweni kohesi iku tegese ....
a)
nyambung babagan wujude
b)
migunakake purwakanthi kang pener
c)
jumbuh kalawan irah-irahane
d)
kabeh ukara kompak nyengkuyung topik
9.
Jabang bayi sing isih ana kandhutane ibune iku gegambaran saka tembang ....
a)
Sinom
b)
Kinanthi
c)
Mijil
d)
Maskumambang
10.
Rasa susah karanta-ranta iku mathuke digambarake nganggo tembang ....
a)
Pucung
b)
Durma
c)
Mijil
d)
Maskumambang
11.
Asmaradana iku ateges rasa ....
a)
nggrantes
b)
tresna
c)
nelangsa
d)
trenyuh
12.
Serat Wulangreh dumadi saka 13 pupuh kang awujud ....
a)
geguritan
b)
gancaran
c)
kidung
d)
tembang
13.
Ing mula bukane kaanggite Serat Wulangreh kanggo ....
a)
kawula alit
b)
para kanoman
c)
kulawarga kraton
d)
para pujangga
14.
Tibaning swara (a, i, u, e, o) ing pungkasaning gatra yaiku ....
a)
guru wilangan
b)
guru lagu
c)
guru gatra
d)
guru macapat
15.
Watake Pangkur yaiku sereng, nepsu, nggambarake kekarepan kang ....
a)
ora gampang nglokro
b)
lagi gandrung
c)
susah keranta-ranta
d)
ana ing paprangan
16.
Guru lagu lan guru wilangane tembang kang duwe sasmita gandheng, yaiku ....
a)
8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
b)
8i, 8a, 8o, 8a, 7a, 8u, 8a
c)
8i, 8a, 8o, 8a, 7a, 8u, 8a
d)
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
17.
Basa rinengga, pepindhan, bebasan, lan majas iku klebu wujuding....
a)
penokohan
b)
tema
c)
gaya basa
d)
sudut pandang
18.
Alur sajroning crita iku nggambarake lakuning crita. Yen mangkana bisa ditegesi alur iku kabentuk saka hubungan ....
a)
konflik
b)
tema lan amanat
c)
sebab akibat
d)
latar lan paraga
19.
Crita rekan kang nyritakake saka wiwitan nganti entek-entekan purnaning crita iku nggunakake alur ....
a)
mundur
b)
maju
c)
mundur maju
d)
campuran
20.
“Asal-Usul Rawa Pening” lan “Asal-Usul Desa Grantung” iku klebu perangane crita rakyat kang diarani ....
a)
mite
b)
hikayat
c)
fabel
d)
legendha
21.
Crita rakyat kang nyritakake babagan gendruwo iku arane ....
a)
mite
b)
legendha
c)
fabel
d)
hikayat
22.
Lingkungan sosial nalika kedadeyan iku jenenge latar....
a)
paraga
b)
panggonan
c)
kahanan
d)
wektu
23.
Bagean alur crita sing pungkasan yaiku ....
a)
rerampungan
b)
nuju ana ing konflik
c)
penjlentrehe kedadeyan
d)
pucuking masalah
24.
Pengarang nggunakake tokoh “aku” mung dadi tokoh panyengkuyung ana ing crita klebu tuladha perangan ....
a)
gaya bahasa
b)
alur
c)
latar
d)
sudut pandang
25.
Ing crita Timun Mas ana kedadeyan paraga nguncalake trasi banjur dadi segara lendhut. Kedadeyan kasebut nuduhake titikane crita rakyat kang diarani....
a)
kolektif
b)
imajiner
c)
anonim
d)
statis
26.
Teks dheskripsi nduweni tujuwan utama kanggo...
a)
Nyritakake urutan kedadeyan
b)
Ngajak pamaca setuju
c)
Nggambarake objek kanthi cetha lan rinci
d)
Njlentrehake babagan tartamtu
27.
Eyang kakung lagi sare. Tembung sing kalebu Krama Inggil yaiku...
a)
Eyang
b)
Lagi
c)
Sare
d)
Kakung
28.
Guru lagu lan guru wilangan tembang Macapat Mijil yaiku...
a)
12u, 6i, 8a, 8i, 8o
b)
10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
c)
8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
d)
12i, 6a, 12i, 8a, 8i
29.
Tembung krama inggil saka "Omah" yaiku...
a)
Griya
b)
Wisma
c)
Dalem
d)
Pondhokan
30.
Sandhangan panyigeg wanda ing Aksara Jawa sing ngganti sesigeg /h/ yaiku...
a)
Layar ( ꦂ )
b)
Cecak ( ꦁ )
c)
Wignyan ( ꦃ )
d)
Pangkon ( ꧀ )
31.
Basa sing dienggo guneman karo wong sing luwih enom utawa wis akrab banget yaiku...
a)
Ngoko Lugu
b)
Ngoko Alus
c)
Krama Lugu
d)
Krama Alus
32.
Tembung "nyapih" (tradisi adat Jawa) tegesé...
a)
Metu sepisanan
b)
Pisah susu (mandheg nyusoni)
c)
Ngadhepi perkawinan
d)
Peringatan 100 dina wong mati
33.
Crita sing isiné nyritakaké babagan kewan sing tumindak kaya manungsa diarani...
a)
Mite
b)
Fabel
c)
Legendha
d)
Wawancara
34.
Wangsulan bener saka tembung "Bapak njupuk dhuwit" menawa diowahi dadi Krama Alus yaiku...
a)
Bapak mendhet artos.
b)
Bapak mundhut artos.
c)
Bapak jupuk arta.
d)
Bapak mundhut dhuwit.
35.
Pérangan paling pungkasan ing teks dheskripsi sing isiné dudutan utawa penegasan manèh babagan objek yaiku...
a)
Dheskripsi Bagean
b)
Klasifikasi
c)
Idhèntifikasi
d)
Panutup (Simpulan)
36.
Guru Gatra tembang Macapat Dhandhanggula yaiku...
a)
5 gatra
b)
6 gatra
c)
7 gatra
d)
10 gatra
37.
Sandhangan swara kanggo mènèhi uni /é/ ing Aksara Jawa yaiku...
a)
Pepet ( ꦼ )
b)
Suku ( ꦸ )
c)
Taling ( ꦺ )
d)
Wulu ( ꦶ )
38.
Ukara ing ngisor iki sing kalebu Basa Krama Lugu yaiku...
a)
Panjenengan ajeng tindak pundi?
b)
Sampeyan badhé kesah pundi?
c)
Kula badhé kesah kantor.
d)
Kula badhé tindak kantor.
39.
Tembung "Basa" ing basa Krama Alus yaiku...
a)
Wicanten
b)
Basa (tetep)
c)
Atur
d)
Gineman
40.
Paragraf dheskripsi sing nyritakaké sawijining panggonan diarani...
a)
Dheskripsi Wektu
b)
Dheskripsi Kahanan
c)
Dheskripsi Spasial
d)
Dheskripsi Objektif
41.
Jlentrehna babagan tradhisi ing sajeroning pangerten kang sempit!
4 lines
42.
Jlèntrèhna (terangkan) bedané pérangan Idhèntifikasi lan Dheskripsi Bagean ing Teks Dheskripsi, lan apa gunané saben pérangan kasebut!
4 lines
43.
Ukara Ngoko Lugu iki owahana dadi ukara Krama Alus sing bener! Ukara: Kowe wis mangan sega goreng sing digawa bapak durung?
4 lines
44.
Sebutna paugeran (aturan) Tembang Macapat Maskumambang kanthi jangkep (lengkap), wiwit Guru Gatra, Guru Wilangan, nganti Guru Lagu!
4 lines
45.
Crita rakyat iku kawangun saka unsur-unsur kang mangun saka jaba lan saka jero crita. Salah sijine yaiku unsur kang nggambarake lakuning crita. Unsur kasebut kaperang dadi pirang bagean? Coba sebutna! HOTS
4 lines