WorksheetsBahsa Jawa
Total questions: 40
Worksheet time: 33mins
Nalika Sabtu enjang
Baskara tasih katon Remeng
Kluruke pitik gagak saya gayeng
Katon bocah-bocah saya Nggrengseng
Eseme nalika miwiti pasinaon
Kanca lan kanca sami pitakon
Sabtu enjang kagem lingkungan kemawon
Kerja bakti resik pasinaon
Namung tekat saiyeg saeka kapti
Yambut gawe bareng kanthi senengen ati
Tansah sehat kang diupadi
Supados lingkungan kang tetep asri
Teks geguritan ing dhuwur kanthi tema…
Kerjabakti ing masyarakat
kerjabakti ing desa
Kerjabakti ing sekolah
kerja bakti ing lingkungan
Salah sijine struktur geguritan yaiku pamilihan tembung kang pantes lan mentes. Tembung dasanama kang digunakake geguritan ing duwur yaiku
kapti
gayeng
remeng
baskara
Budhe : “Bim, arep menyang ndi?”
Bima : “………………………….”
Ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing dhuwur yaiku…
Dhateng dalemipun simbah
Nyang omahe simbah
Nyang griyane simbah
tindak griyane simbah
Ciri-ciri pisik lan sipate paraga kayata dhuwur, lemu, galak, sumeh ing sajroning crita diarani …
Alur
Paraga
watak
tema
Kang kalebu cirine tembang dolanan yaiku…
Basane dawa lan susah dimangerteni
Jumlah gatrane winates
ngemu teges dolanan
Isine sarujuk karo kedadeyan alam
1. Aku duwe pitik
Aku duwe pitik, pitik tukung
Saben dino tak pakani jagung
Petog, gogog, petog
Ngendok pitu, tak ngremake, netes telu
Kebeh trondhol-ndhol, tanpa wulu
Mendhol-mendhol-dhol, gawe guyu
Tema saka tembang dolanan ing dhuwur yaiku…
Kerja bakti
Tanggung jawab
urip rukun
urip gayeng
Yen ditulis latin dadi...
Uler kelelet
Uler keket
Uler kulet
Ulet klelet
Pitike apa wis …. Dhik?
Dipakani
Dakpakan
kopakani
mokpakani
Dina Minggu Adit, Edo Ian Bima budhal bebarengan menyang lapangan desa arep melu lomba kekehan kanggo bocah-bocah umur 10 taun. Ora lali deweke nggowo piranti kanggo lomba yaiku kekehan jantung werna-werni khas Desa Tanggul. Sakwise tekan lapangan, bocah telu mau banjur daftar ana panitia lomba.
Wacan ing dhuwur kalebu jenise teks….
Dheskripsi
Eksposisi
Narasi
persuasi
Teks wacan kang isine ngandharake utawa nyritakake kadadeyan kanthi runtut saka wiwitan nganti pungkasan, utawa kronologis (urut), nganti wong kang maca kaya-kaya ngalami dhewe kadadeyan kang diandharake yaiku teks
Dheskripsi
Eksposisi
persuasi
narasi
Udan deres dikhateni angin gedhe ing Kecamatan Kalitengah Kabupaten Lamongan nyebabake Bengawan Solo lan Bengawan Jero mluap. Luapan iki nglumpuhake kegiatan ekonimi lan sosial ing 6 kecamatan yaiku Kalitengah, Glagah, Deket, Turi, Karanggeneg, lan Karangbinangun.
Kedadeyan kang diandharake teks ing dhuwur yaiku
Banjir ing bengawan Solo kang mluap
Banjir ing mengawan Solo lan Bengawan
Banjir ing 6 kecamatan ing Kabupaten Lamongan
Banjir ing Kecamatan Kalitengah, Lamongan
Siska diutus Pak Guru mundhut kacamata lan buku gambar ing kantor. Tembung camboran wutuh ing ukara kasebut yaiku…
Kacamata
Buku gambar
Guru
kantor
Siti abang kupinge, amarga dipoyoki kanca-kancane. Tembung entar ing ukara kasebut yaiku…
Kanca-kanca
amarga
dipoyoki
abang kupinge
Guru lagu lan guru wilangan tembang pucung yaiku…
a. 12u, 6a, 8i, 12a c. 12u, 6a, 8i, 6a
b. 12i, 6a, 6i, 12a d. 12i, 8a, 6i, 8a
12u, 6a, 8i, 12a
12i, 6a, 6i, 12a
12u, 6a, 8i, 6a
12i, 8a, 6i, 8a
Prabu Pandhu Dewanata ratu ing Negara Ngastina kagungan garwa loro. Sing nomer siji asma Dewi Kunthi Talibrata Ian sijine asma Dewi Madrim. Dewi Kunthi Talibrata kagungan putra telu lanang kabeh yaiku Yudhistira, Werkudara, Ian Janaka, dene Dewi Madrim kagungan putra kembar Nakula Ian Sadewa. Pambarepe Pandhawa Yudhistira uga karan Puntadewa.
Ibune Puntadewa yaiku…
Pandu dewantara
Dewi Mandri
Ngastina
Dewi Kunthi Talibrata
Bapak tindak peken, yen ditulis nganggo aksara jawa dadi…
A
B
C
D
Teks kang Ngandharake kedadeyan kang nyata (fakta) yaiku teks …
a. Narasi c. dheskripsi
b. Pawarta d. eksposisi
Narasi
Pawarta
dheskripsi
eksposisi
Tanjung Kodok, kang misuwur kanthi jeneng Wisata Bahari Lamongan (WBL), iku sawijining objek wisata ing Kabupaten Lamongan Jawa Timur. Kasebut Tanjung Kodok amerga ana watu awujud kodok ing pinggirane segara. Ing Tanjung Kodok, kita bisa ngrasakake sumilire angin segara kang adhem, uga swarane ombak gumebyur tansah nentremake ati.
Teks ing dhuwur kalebu jenise teks…
Pawarta dinan
Pawarta kalawarti
Pawarta dadakan
Pawarta crita
Tembang kang nduweni watak prihatin yaiku tembang…
Mijil
sinom
pucung
khinanti
Kang kalebu tembung macapat yaiku…
Jurudemung
Pamularsih
Megatruh
Kusumastuti
Resik iku perangan iman satuhu
Melu sabyantua
Program pemrentah sayekti
Lahir batin mbudidaya adipura
Tembang ing dhuwur kalebu tembang…
Asmaradana
Pangkur
Dhandanggula
Pucung
Watake tembang ing dhuwur yaiku…
Sembrana
Galak
Asih
Ndudut ati
Roni digething konco-koncone amergo tipis lambene. Tegese tipis lambene yaiku …
Lambene tipis
Seneng kerja
cerewet
tipis lambene
Kang kalebu unen-unen jawa yaiku…
entar
paribasan
camboran
saroja
Unen-unen kang tetembungane ora kena diwolak-walik yaiku…
bebasan
Camboran
Paribasan
Saloka
Kang kalebu bebasan yaiku…
Endhas gundul dikepeti
Kacang ora ninggal lanjaran
Becik ketitik ala ketara
Pitik trondol diumbar ing padaringan
Criwis cawis, tegese …
Nggawe kerusuhan ing papan tentrem
Nremeng nanging gelem tumanda
tumindake anak niru wong tuw
wes enak dikepanaki
Unen-unen kang kudu dibedhek diarani…
Cangkriman
bathangan
bebasan
camboran
sega sak kepel dirubung tinggi, batangane…
Pitik jago
salak
nanas
jalak
Pakboletus kalebu jenise cangkriman …
pepindah
plesetan
wancahan
sinawung ing tembang
Pak Demang klambi abang, disuduk manthuk-manthuk. Batangane…
Kembang kanthil
Klambi abang
kates
kembang gedhang
Urut-urutane teks pidhato arupa ringkesan isine pidhato yaiku…
Pambuka
Panutup
isi
kesimpulan
Sadurunge ngumpulake bahan teks pidato, kita kudu…
a. Nemtokake tema c. nyusun cengkrongan
b. Nemtokake tujuan d. nemtokake dudhutan
Nemtokake tema
Nemtokake tujuan
nemtokake dudhutan
nyusun cengkrongan
Sesorah kang ngetokake kesan resmi nanging ora keiket wektu kalebu jenising pidhato..
Resmi
Ora resmi
setengah resmi
resmi banget
Pidhato kanthi cara ngapalake teks kang wis disiapake sadurunge diarani…
memoriter
Naskah
impromtu
ekstemporar
Cuba gawea ukara kanggo panutupe pidhato kanggo perpisahan kelas 6!
jawaban :
Bapak Ibu Guru, Bapak Kepala Sekolah lan para siswa, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah. Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten lepatipun atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Kang kalebu Basa RInengga iku ana panyandra, panyedhu, pepindha, uga parikan. Cuba jlentrehna tegese basa rinengga kasebut!
jawaban :
Panyandra : Tetembungan utawa ukara kang digunakake kanggo ngalembana
Panyendhu : Tetembungan utawa ukara kang digunakake kanggo nyemoni/ nyacad
Pepindhan : Ukara kang digunakake kanggo madhakake samubarang kang tegese kaya (kaya/pindha)
Parikan : Ukara kang kedadeyan saka sampiran lan isi
Ukara-ukara ing ngisor iki owahana nganggo aksara Jawa!
Simbah tumbas gendis = ………………………………………………………………………
Ibu lenggah ing kursi = ………………………………………………………………………
Cuba jlentrehna makna kang kakandhut saka tembang dolanan ing ngisor iki!
Cublak-cublak Suweng
Cublak-cublak suweng
Suwenge ting gelenter
Mambu ketundung gudel
Pak empong lera-lere
Sopo ngguyu ndelik-ake
Sir-sir pong dhele kopong
Sir-sir pong dhele kopong
jawaban :
Tembang cublak-cublak suweng nduweni makna menawa golek banda aja nuruti hawa napsu, nanging kabeh bali menyang kalbu
Gawea ukara nganggo tembung panyandra ing ngisor iki!
a. Mblarak sempal =
b. Tumenggeng tawang =
