wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

WULANGAN 2 DRAMA TRADHISIONAL

Total questions: 20

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

Gagasan pokok kang dikembangake dadi crita kang digelar ing drama diarani....

a)

alur

b)

tema

c)

amanat

d)

latar/setting

2.

Pesan moral kang kinandhut ing crita drama diarani....

a)

alur

b)

tema

c)

amanat

d)

latar/setting

3.

Gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar diarani....

a)

alur

b)

tema

c)

amanat

d)

latar/setting

4.

Tata urutan lumakune crita ing naskah utawa pagelaran drama diarani....

a)

alur

b)

tema

c)

amanat

d)

latar/setting

5.

Gatekna wacan ing ngisor iki!

Para Nawang lagi guneman ing kahyangan. Dheweke mudhun saka kahyangan arep adus ing bumi.

Nawang Sekar : “Ayo dulur, dolan menyang bumi!”

Nawang Lintang : “Wah... ayo! Nanging dolan menyang ngendi?”

Nawang Sari : “Aku duwe pamikiran, ayo adus ing tlaga wae.”

Para Nawang : “(Nggawa slendhange) Ayo...!”

Saka wacan kasebut, tujuane para Nawang si Widodari tumurun ing bumi yaiku....

a)

Paring kanugrahan marang titah ing bumi.

b)

Golek iwak ing blumbang.

c)

Nemoni Jaka Tarub.

d)

Adus ing tlaga.

6.

Gatekna wacan ing ngisor iki!

Para Nawang teka ing sumber lan nyeleh slendhang ing dhuwur watu gedhe.

Nawang Sekar : “Wah... seger tenan banyune.”

Nawang Sari : “Iya, bening banget.”

Nalika para Nawang padha dolanan banyu lan guyonan, Jaka Tarub liwat lan ndhingkik para Nawang sing lagi adus.

Saka wacan kasebut, sing liwat ing sapinggire tlaga nalika para Nawang lagi adus yaiku....

a)

Jaka Tarub

b)

Jaka Bodho

c)

Nawangsari

d)

Nawang Lintang

7.

Gatekna wacan ing ngisor iki!

Nawang Sari : “Ayo padha mentas, langit wis arep peteng.”

Nawang Sekar : “Ayo bali, sesuk mrene maneh.”

Nawang Wulan : “(bingung tolah-toleh) Lho... ana ngendi slendhangku?”

Nawang Lintang : “Iku mau kokseleh ngendi?”

Nawang Wulan : “(nuding watu gedhe) Ing watu gedhe kuwi, bareng mbakyu kabeh.”

Saka wacan kasebut, ana salah siji widodari kang kelangan slendhange yaiku....

a)

Nawang Sari

b)

Nawang Sekar

c)

Nawang Wulan

d)

Nawang Lintang

8.

Gatekna wacan ing ngisor iki!

Nalika para Nawang padha dolanan banyu lan guyonan, Jaka Tarub liwat lan ndhingkik para Nawang sing lagi adus.

Jaka Tarub  : “Wah, sapa kuwi? Ya Jagad Dewa Bathara, ayu-ayu tenan rupane.”

Jaka Tarub duwe akal arep njupuk salah siji slendhange para Nawang. Tujuane supaya bisa tetepungan karo salah sijine utawa kabeh para Nawang.

Saka wacan kasebut, tujuane Jaka Tarub nyingitake salah siji slendhange para Nawang yaiku....

a)

Kepengin dadi widodari.

b)

Kepengin nulungi Nawang.

c)

Kepengin slendhange Nawang.

d)

Kepengin kenal karo salah sijine Nawang.

9.

Gatekna wacan ing ngisor iki!

Jaka Tarub duwe akal arep njupuk salah siji slendhange para Nawang. Tujuane supaya bisa tetepungan karo salah sijine utawa kabeh para Nawang.

Tembung tetepungan sing ana ing wacan kasebut tegese yaiku....

a)

ketemu

b)

kenalan

c)

pamitan

d)

salaman

10.

Gatekna wacan ing ngisor iki!

Para Nawang teka ing sumber lan nyeleh slendhang ing dhuwur watu gedhe.

Nawang Sekar : “Wah... seger tenan banyune.”

Nawang Sari : “Iya, bening banget.”

Nalika para Nawang padha dolanan banyu lan guyonan, Jaka Tarub liwat lan ndhingkik para Nawang sing lagi adus.

Panggonan dumadine prastawa ing crita kasebut yaiku....

a)

ing Kahyangan

b)

ing Swargaloka

c)

ing tengahe kutha

d)

ing tlaga pinggiring alas

11.

Sing bisa nggunakake basa ngoko lugu yaiku....

a)

Siswa marang gurune.

b)

Wong anom marang wong tuwa.

c)

Guneman marang wong sing lagi kenal.

d)

Kanca sapadha kanca kang wis akrab banget.

12.

Ludruk mujudake kesenian tradhisional asal saka daerah....

a)

Jawa Barat

b)

Jawa Timur

c)

Yogyakarta

d)

Jawa Tengah

13.

Kethoprak mujudake kesenian tradhisional kang lahir watara tahun 1920 ing kutha....

a)

Solo

b)

Semarang

c)

Magelang

d)

Salatiga

14.

Kethoprak urip ngrembaka lan ngalami jaman kencana rukmi watara tahun 1950 ana ing daerah....

a)

Yogyakarta

b)

Banyuwangi

c)

Surabaya

d)

Probolinggo

15.

Tari pambuka ing pagelaran ludruk yaiku...

a)

Tari Remo

b)

Tari Serimpi

c)

Tari Jaipong

d)

Tari Gambyong

16.

Drama tradhisional kang asale saka Jawa Timur kasebut....

a)

Ludruk

b)

Lenong

c)

Ketoprak

d)

Wayang Wong

17.

Sing dadi paraga utama kang nduweni watak lan perilaku apik diarani....

a)

protagonis

b)

antagonis

c)

tritagonis

d)

figuran

18.

Sing dadi paraga utama kang nduweni watak lan perilaku ala utawa mungsuh diarani....

a)

protagonis

b)

antagonis

c)

tritagonis

d)

figuran

19.

Ing ngisor iki sing ora kalebu peranganing unsur latar/setting yaiku....

a)

wektu

b)

panggonan

c)

swasana

d)

paraga

20.

Gatekna wacan ing ngisor iki!

Klenthing Abang  : “Klenthing Kuning cepet mrene! Arep lunga menyang kutha, iki kumbahan ndang dikumbah!

Klenthing Kuning : “Inggih Mbak Yu, sendika dhawuh.

Saka pacelathon drama kasebut, watake Klenthing Abang yaiku....

a)

sabar

b)

wicaksana

c)

ladak/galak

d)

seneng tetulung