wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

latso Akhir Semester Bahasa Jawa

Total questions: 30

Worksheet time: 45mins

Name
Class
Date
1.

Katrangan kang bisa menehi pangerten ngenani sawijining kaanan yaiku pangertene ....

a)

teks pawarta

b)

teks deskripsi

c)

teks narasi

d)

teks persuasi

2.

Wujud pawarta liwat lisan ananging mbutuhake medhia kanggo nyawisake pawarta, tuladhane pawarta basa Jawa TA TV lumantar liwat ....

a)

radhio

b)

kalawarti

c)

siaran tipi

d)

ariwarti

3.

Pariwara kang digunakake kanggo bantah utawa nglawan isu kang gawe rugi lan ndandani citrane wong, perusahaan utawa merek kang tercemar amarga informasi kang ora bener yaiku ....

a)

tanggung jawab sosial

b)

pembelaan

c)

perbaikan

d)

bantahan

4.

Pariwara minangka salah sijining wujud promosi sing kerep lan paling akeh digunakake perusahaan kanggo masarake produhke, pangertene pariwara kasebut miturut ....

a)

Soesatyo

b)

Tjiptono

c)

Brata

d)

Suhandang

5.

Tembang Macapat cacahé ana ....

a)

9

b)

10

c)

11

d)

12

6.

Gagah, greget sereng yaiku wateke ....

a)

Gambuh

b)

Mijil

c)

Pangkur

d)

Kinanti

7.

Paugerane tembang Pangkur yaiku ....

a)

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

b)

12u, 6a, 8i, 12a

c)

12u, 8i, 8u, 8i, 8o

d)

12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i

8.

Ing ngisor iki kang ora klebu jinis tembang macapat yaiku ....

a)

Campursari

b)

Maskumambang

c)

Megatruh

d)

Pocung

9.

Tibaning swara vokal utawa dhongdhing ing wekasaning gatra sinebut guru ....

a)

A. lagu

b)

B. wilangan

c)

C. tembang

d)

D. gatra

10.

Ing ngisor iki kang klebu unen-unen Jawa yaiku ....

a)

bebasan, saloka, lan pepindhan

b)

saloka, paribasan, lan pepindhan

c)

saloka, baradha, lan pepindhan

d)

bebasan, paribasan, lan saloka

11.

Kabeh gegayuhan iku mesthi ana ragade utawa ana biayane/pangorbanan, paribasane ....

a)

A. Becik ketitik ala ketara

b)

B. Keplok ora tombol

c)

C. Jer basuki mawa bea

d)

D. Ana catur mungkur

12.

Unen-unensing ajeg panggonane mawa teges entar, ngemu surasa pepindhansing dipindhanake kaanan utawa sesipate wong utawa barang diarani ....

a)

bebasan

b)

paribasan

c)

unen-unen

d)

saloka

13.

Unen-unen ing ngisor iki kang klebu jinise saloka yaiku ....

a)

tut wuri handayani

b)

kebo nusuk gudel

c)

kerot ra duwe untu

d)

ngubak-ubak banyu bening

14.

Ing ngisor iki tuladha teks non sastra yaiku ....

a)

wara-wara lan pawarta

b)

pidhato lan wara-wara

c)

pawarta lan biografi

d)

pidhato lan biografi

15.

Sawijine teks sing isine mujude panemu utawa pendhapate penulis ngenani bab sing diandharake diarani teks . . . .

a)

narasi

b)

persuasi

c)

argumentasi

d)

dheskripsi

16.

Bapak saiki isih mangan, dene aku mangan wis mau.

Ukara ing dhuwur yen diowahi dadi basa krama sing bener yaiku . . . .

a)

Bapak sakmenika taksih nedha, dene anggen kula nedha sampun kalawau.

b)

Bapak sakmenika taksih dhahar, dene anggen kula nedha sampun kalawau.

c)

Bapak sakmenika taksih nedha, dene anggen kula dhahar sampun kalawau.

d)

Bapak sakmenika taksih dhahar, dene anggen kula dhahar sampun kalawau.

17.

ciri-cirine teks sesanti yaiku . . . .

a)

Isine ngajak lan ngelingake sarta aweh motivasi.

b)

Ngandharake informasi bab kaluwihane prodhuk.

c)

Ngandharake kedadeyan kang nyata (fakta).

d)

Isine nawakake barang/prodhuk marang wong liya.

18.

ciri-cirine teks pariwara yaiku . . . .

a)

Isine ajak-ajak lan ngyakinake marang wong liya.

b)

Ngandharake kedadeyan kang nyata (fakta).

c)

Isine nawakake barang/prodhuk marang wong liya.

d)

Isine kudu akurat ngugemi paugeran 5W+1H.

19.

Tembang pucung saben sapada . . . gatra.

a)

5

b)

6

c)

4

d)

7

20.

Guru wilangan lan guru lagune tembang ing ngisor iki . . . .

Bapak pucung, saben dina tansah bingung,

Badanira panjang,

Tutukira pan persagi,

Saben dina pucung nguntal buntutira

a)

12i – 6a – 8i – 8a

b)

7u – 10u – 12i – 8u – 8o

c)

12u – 6a – 8i – 12a

d)

12u – 8i – 8u – 8i – 80

21.

Paugerane tembang Gambuh yaiku . . . .

a)

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

b)

12u, 6a, 8i, 12a

c)

6u, 10u, 12i, 8u, 8o

d)

6u, 10u, 12i, 8u, 8a

22.

Saben satindak laku kudu ngati-ati merga yitna yuwana lena kena. Tegese unen-unen ing ndhuwur yaiku . . . .

a)

kudu tansah was sumelang

b)

kita becike sing sembrana

c)

kudu sing ngati-ati

d)

kudu sing sabar narima

23.

Jejere anak marang wong tuwa kudune . . . .

a)

Yitna yuwana lena kena

b)

Mikul dhuwur mendhem jero

c)

Emban cindhe emban silidan

d)

Anak polah bapa kepradah

24.

Tegese tembung “emban cindhe emban silidan” tegese . . . .

a)

ora adil

b)

gampang nesu

c)

seneng tetulung

d)

njaluk menang

25.

Unen-unen kang ajeg pepanggone (ora kena diowahi) mawa teges tartamtu (pepindahan saemper pasemon) diarani . . . .

a)

parikan

b)

cangkriman

c)

paribasan

d)

wangsalan

26.

Unen-unen kang ajeg pepanggone mawa teger tartemtu (pepindahan saemper pasemon) sing disemoni sipat utawa kahanan wong/barang diarani . . . .

a)

paribasan

b)

saloka

27.

Wong sing marani bebaya kena diparibasakake . . . .

a)

Kutuk marani sunduk

b)

Kriwikan dadi grojogan

28.

Wong sing kegedhen penggayuh (kekarepan) kena diparibasakake . . . .

a)

Kakehan gludhug kurang udan

b)

Kegedhen empyak kurang cagak

29.

Paribasan : kaya banyu karo lenga ateges . . . .

a)

Paseduluran ora apik

b)

Paseduluran ora bisa rukun

30.

Mbak Risma lan Dhik Tanti rukun banget kaya . . . .

a)

bocah kembar

b)

mimi lan mintuna