NEW
Font size
WorksheetsWULANGAN 3 PIDHATO
Total questions: 20
Worksheet time: 40mins
Perangan pidhato kang ngandharake pangucap syukur lan panuwun marang Gusti Kang Maha Agung diarani....
purwaka (pembuka)
wasana (panutup)
pangarep-arep
surasa (isi)
Medharake apa bae kang dadi wigatine pidhato iku kalebu ing perangan....
purwaka (pembuka)
wasana (panutup)
pangarep-arep
surasa (isi)
Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane bisa kaleksanan iku kalebu ing perangan....
purwaka (pembuka)
wasana (panutup)
pangarep-arep
surasa (isi)
Perangan pidhato kang isine nyuwun pangapura marang para rawuh mbok menawa anggone pidhato ana kaluputan ing bab basa lan tindak-tanduk diarani....
purwaka (pembuka)
wasana (panutup)
pangarep-arep
surasa (isi)
Mugi-mugi samangke sageda lulus kanthi biji ingkang sae sarta sageda katampi wonten sekolah ingkang dipunkajengaken.
Ukara iku ana ing perangan pidhato pepisahan sekolah, mapan ana ing perangan....
purwaka (pembuka)
wasana (panutup)
pangarep-arep
surasa (isi)
Wasana nanging samanten atur kula minangka sesulih rencang-rencang kelas IX sedaya, mbok bilih wonten galap-gangsuling saha benceng cewenging atur, kula tansah nyuwun lumunturing samodra sing pangaksami.
Nuwun.
Ukara kasebut pethikan saka pidhato kang kagolong ana ing perangan....
purwaka (pembuka)
wasana (panutup)
pangarep-arep
surasa (isi)
Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinurmatan, Bapak-bapak saha Ibu-ibu guru ingkang satuhu kula bekteni, adhik-adhik kelas ingkang kula tresnani. Puji syukur tansah katut dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya, saengga ing wekdal punika saged kempal manunggal kanthi wilujeng nir ing samikala.
Pethikan teks pidhato kasebut kalebu ing perangan....
purwaka (pembuka)
wasana (panutup)
pangarep-arep
surasa (isi)
Bapak/Ibu sarta para rawuh ingkang sanget kula hurmati, kula minangka wakil saking kelas sanga, ingkang sepisan kaperenga angaturaken agunging panuwun dhumateng para Bapak dhalah Ibu Guru ingkang sampun ndhidhik lan nggulawenthah kula sakanca wiwit kelas pitu ngantos sapunika sampun lulus kelas sanga. Kathah sanget ilmu pengetahuan lan ketrampilan ingkang sampun kula tampi. Mugi-mugi sedaya amal kesaenan Bapak lan Ibu dipun cathet dening Gusti Ingkang Maha Kuwaos lan pinaringan ganjaran ingkang setimpal.
Perangan kasebut sing diaturake yaiku....
Matur agunging panuwun marang Bapak lan Ibu Guru.
Nyuwun aksama tumrap kabeh kesalahan selawase dadi siswa.
Nyuwun idi pangestu kanggo nerusake sekolah.
Nyuwun supaya tetep didhaku dadi siswane Bapak/Ibu Guru.
Kaping kalihipun, kula sadhar bilih sadangunipun kula sakanca ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki, kathah sanget nindakaken khilaf tuwin salah. Wongsa-wangsul kula sakanca adamel gela panggalihipun Bapak lan Ibu Guru. Pramila ing kalodhangan punika kula sakanca nyuwun agunging samodra pangaksami.
Perangan kasebut sing diaturake yaiku....
Matur agunging panuwun marang Bapak lan Ibu Guru.
Nyuwun aksama tumrap kabeh kesalahan selawase dadi siswa.
Nyuwun idi pangestu kanggo nerusake sekolah.
Nyuwun supaya tetep didhaku dadi siswane Bapak/Ibu Guru.
Kaping tiga, sasampunipun kula sakanca lulus saking pawiyatan mriki, tamtu kemawon kedah nglajengaken sekolah malih. Pramila saking punika, kula sakanca nyuwun tambahing pangestu, mugi-mugi kula sakanca saget pikantuk sekolah ingkang cocok kanggo nggayuh idham-idhaman ingkang dereng paja-paja kasembadan.
Perangan kasebut sing diaturake yaiku....
Matur agunging panuwun marang Bapak lan Ibu Guru.
Nyuwun aksama tumrap kabeh kesalahan selawase dadi siswa.
Nyuwun idi pangestu kanggo nerusake sekolah.
Nyuwun supaya tetep didhaku dadi siswane Bapak/Ibu Guru.
Kula angaturaken agunging panuwun dhumateng para Bapak dhalah Ibu Guru ingkang sampun ndhidhik nggulawenthah kula sakanca wiwit kelas pitu ngantos sapunika sampun lulus kelas sanga.
Tembung nggulawenthah ing pethikan teks pidhto kasebut tegese....
ngayomi lan ngayemi
ndhaku lan ngadhopsi
nuturi, nyeneni, lan ngandhani
ndhidhik, mbimbing, lan ngopeni
Pidhato kang kudu ditindakake kanthi maca teks lan ora kena uwal saka teks kasebut diarani....
pidhato resmi
pidhato guyonan
pidhato ora resmi
pidhato setengah resmi
Ing ngisor iki kang kalebu tujuane pidhato, kajaba....
pangajak-ajak
menehi kawruh
menehi hiburan
nyindir wong liya
Jinis pidhato miturut carane kang maca teks (naskah) lan ora diapalake diarani....
manuskrip
memoriter
impromptu
ekstemporan
Jinis pidhato miturut carane sing ditindakake kanthi spontan (tanpa persiapan) diarani....
manuskrip
memoriter
impromptu
ekstemporan
Pawongan kang nindakakake pidhato diarani....
paniticara
pranatacara
pambyawara
pamedharsabda
Pidhato jinis iki pamicara ngadhakake alasan, bukti, lan conto kanggo ngajak pamirenge supaya tumindak padha utawa jumbuh karo kang dikarepake kalebu tujuan....
pangajak-ajak
menehi kawruh
menehi hiburan
nyindir wong liya
Ing ngisor iki tuladha pidhato kahanan setengah resmi yaiku....
pidhato upacara HARDIKNAS
pidhato srah trima panganten
pidhato upacara HUTKEMRI
pidhato ing patemon RT
Jinis pidhato miturut carane sing ditindakakake kanthi ngapalake naskah pidhato diarani....
manuskrip
memoriter
impromptu
ekstemporan
Pidhato jinis iki isine ngadharake babagan kanthi sacetha-cethane supaya pamirenge mangerti kanthi jelas kalebu tujuan....
pangajak-ajak
menehi kawruh
menehi hiburan
nyindir wong liya
