wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Lembar Karya: Basa Jawa Kelas VI (Enam)

Total questions: 38

Worksheet time: 19mins

Name
Class
Date
1.

Nalika mbukak kothak barang elektronik sing di tuku, Yanto nemokake buku cilik sing sine teks prosedur. Teks prosedur yaiku?

a)

teks ajakan kanggo nindakake samubarang

b)

teks kang isine trap-trapan tumindhak

c)

teks kang isine katrangan ngenani babu tawa kahanan

d)

teks kang isine crita ngenani samubarang

2.

Teks prosedur ngandharake kegiatan-kegiatan kang kudu ditindakake supaya para pamaca bisa kanthi titi lan trep anggone nindakake proses nggawe nindakake penggawean utawa nggunakake piranti. Prayataan kasebut klebu .... teks prosedur.

a)

ringkesan

b)

panjlentreh

c)

tujuan

d)

titikan

3.

Ing ngisor iki kang klebu titikan teks prosedur, kajaba ....

a)

Minangka tuntunan trap-trapan sing kudu ditindakake

b)

Isine pranatan utawa larangan ngenani materi/kegiatan sajrone nindakake kegiatan

c)

Ngemot instruksi sing ora kudu runtut

d)

Isine kegiatan di tindakake kanthi runtut

4.

Gatekno pratelan ing ngisor iki! 1) Ukara kang isine prentah 2) Gunakake tembung baku 3) Gunakake tembung pitakon 4) Nduweni sipat objektip Titikan basa teks prosedur katunjakake nomer

a)

(1) dan (2)

b)

(1) dan (3)

c)

(2) dan (3)

d)

(2) dan (4)

5.

Ukara kang ngemot prentah ing teks prosedur yaiku

a)

Imperative

b)

Interogatif

c)

standar

d)

takon

6.

Ing ngisor iki ukara kang nduweni teges prentah ing teks prosedur yaiku . . .

a)

Kumbahen kabeh bagean suling!

b)

Ora usah kuwati, iki cara nabuh suling kanthi gampang

c)

Nada Do diwiwiti khanti nutup kabeh perangane suling

d)

Jempol tangan kiwa nutup bolongan mburi suling

7.

Sapa sing ndamelake bapak kopi? Ukara kasebut kagolong ukara . . . .

a)

Imperative

b)

Interogatif

c)

standar

d)

pakon

8.

Ing ngisor iki klebu ukara pakon yaiku . . . .

a)

Sapa jenengmu?

b)

Jenengku Hadi

c)

Yagane koe ora mlebu sekolah

d)

Tukokna Lombok ing warung!

9.

Tembang macapat lumrahe nduseni isi babagan ngisor iki, kajaba . . . .

a)

Babagan pitutur

b)

Carane urip dursila

c)

kaprajan wayang

d)

babagan kasusilan

10.

Cacahing gatra saben sapada iku diarani . . . .

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

guru basa

11.

Ing ngisor iki kang klebu paugerane tembang gambuh, yaiku . . . .

a)

12u, 6a, 8i, 12a

b)

12i, 6a, 8i, 8a

c)

7u, 10a, 12i, 8u, 8o

d)

12u, 8i, 8u, 8o

12.

Ing ngisor iki kang ora kalebu paugerane tembang macapat, yaiku . . . .

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

guru basa

13.

Gatekna pethilan tembang Gambuh iki kanggo mangsuli pitakon. Teks: Tutur bener puniku, Sayektine apantes tiniru, Nadyan metu saking wong sudra papeki, Lamun becik nggone muruk, Iku pantes siro anggo. Miturut pethilan kasebut, wong sudra yaiku wong kang ....

a)

sugih, brewu

b)

Dhuwur pangkate

c)

keturunan raja/ratu

d)

mlarat, miskin

14.

Gatekna pethilan tembang Gambuh iki kanggo mangsuli pitakon. Teks: Tutur bener puniku, Sayektine apantes tiniru, Nadyan metu saking wong sudra papeki, Lamun becik nggone muruk, Iku pantes siro anggo. Wulang wuruk bab tindak-tanduke kang becik sanadyan saka wong sudra, iku pantes ....

a)

Ditiru

b)

Dianggo

c)

dileksanaake

d)

dilakoni

15.

Gatekna pethilan tembang Gambuh iki kanggo mangsuli pitakon. Teks: Tutur bener puniku, Sayektine apantes tiniru, Nadyan metu saking wong sudra papeki, Lamun becik nggone muruk, Iku pantes siro anggo. Tutur kang bener saka sapa bae, iku pantes ....

a)

Ditiru

b)

Dianggo

c)

dileksanaake

d)

dilakoni

16.

Gatekna pethilan tembang Gambuh iki kanggo mangsuli pitakon. Ukara “tutur bener puniku” guru wilangan pethilan tembang kasebut, yaiku ....

a)

7

b)

8

c)

9

d)

10

17.

Gatekna pethilan tembang Gambuh iki kanggo mangsuli pitakon. Ukara “lamun becik nggone muruk” guru lagu pethilan tembang kasebut yaiku ....

a)

a

b)

i

c)

u

d)

e lan o

18.

Kanggo nambah kaendahaning ukara (papaes) iku .... basa rinengga

a)

ancase

b)

jinise

c)

strukture

d)

isine

19.

Basa sing dirangkai kanthi cara tembung digabung karo tembung liya saengga dadi basa sing endah lan nresepake ati diarani basa ....

a)

endah

b)

rinengga

c)

krama

d)

bebas

20.

Paribasan “ancik-ancik pucuking eri” tegese ....

a)

mungsuh wis cedhak

b)

duwe kekarepan kedhuwuren

c)

wong sing ora gelem obah

d)

tansah nduweni rasa kuwatir

21.

Bocah kui lungguh antheng kitiran. Tegese sanepo kasebut yaiku ....

a)

tansah antheng banget

b)

tansah polah ora biso meneng

c)

tansah tengak-tengok nganti keturu

d)

tansah ajeg ora biso obah

22.

Gatekna ukara-ukara ngisor iki. 1) Aku tuku gula ing pasar. 2) Kula tumbas gendhis wonten ing peken. 3) Kula mundhut gula ing peken. 4) Kula mundhut gendhis ing peken. Ukara kasebut kang kalebu basa ngoko lugu yaiku nomer ....

a)

(1)

b)

(2)

c)

(3)

d)

(4)

23.

Wacanen teks babagan kiprah Bung Hatta ing ngisor iki banjur wangsulana. Lelabuhaning Bung Hatta kanggo Negara Indonesia katah sanget, piyambakipun aktif wonten organisasi kapemudaan, dados satunggaling perjuwangan saking Bung Hatta inggih puniko dados wakiling bangsa Indonesia ana ing perundingan yoiku Konferensi Meja Bundar kang dionakake ing Negara Walanda kang isine nyuwun dateng negara ing Donya lan Negara Walanda kedaulatan Indonesia amarga Bangsa Walanda iku melu ngatur pamarentahan Indonesia kamangka Indonesia wes mardika. saliyane iku Bung Hatta uga gadhah jepluk yaiku Bapak Koperasi Indonesia amarga kiprahipun kanggo kesejahteraan lan kemakmuran masyarakat damel piranti. Teks kasebut klebu struktur bagean ....

a)

surasa

b)

wasana

c)

pambuka

d)

identifikasi

24.

Gatekna teks ngisor iki banjur wangsulana: Esuk umum-umum para kadang tani tumandhang gawe menyang sawah, padha sayuk rukun makarya ing sawah kanthi sengkud, ana kang macul, ana kang ngresiki gulma, ana sing mupuk, lan sapiturute, supaya nalika mangsa panen, asil panen apik lan nyenengake. Tembung “macul, ngresiki, lan mupuk” klebu tembung apa?

a)

wilangan

b)

kahanan

c)

panyilah

d)

kriya

25.

Isenana ceceg sing trep: Struktur teks prosedur sing isine awujud irah-irahan lan uga nerangake asil pungkasan sing bakal digayuh manggon ing bagean apa?

a)

irah-irahan

b)

tujuan

c)

alat lan bahan

d)

langkah-langkah

26.

Isenana ceceg sing trep: Konjungsi temporal iku lumrahe nerangake babagan apa?

a)

wektu

b)

sebab

c)

tujuan

d)

syarat

27.

Isenana ceceg sing trep: Struktur teks prosedur sing isine ngandhut tata cara tindakake lan urutan kang ora bisa diganti urutane manggon ing bagean apa?

a)

panyandra

b)

langkah-langkah

c)

alat lan bahan

d)

pambuka

28.

Isenana ceceg sing trep: Tembang macapat iku karipta dening apa?

a)

basa krama inggil

b)

paramasastra

c)

guru wilangan lan guru lagu

d)

aksara Jawa

29.

Isenana ceceg sing trep: Tembang macapat cacahé ana pira?

a)

8

b)

10

c)

11

d)

12

30.

Isenana ceceg sing trep: Larik saben sapada diarani apa?

a)

pada

b)

gatra

c)

bait

d)

baris

31.

Ancik-ancik pucuking eri tegese tansah duwe rasa apa?

a)

bungah

b)

sumelang

c)

prasaja

d)

tegas

32.

Gelem kepenake ora gelem rekasane, iki tegesé cocog karo bebasan apa?

a)

golek enake dhewe

b)

nrima ing pandum

c)

alon-alon waton kelakon

d)

banjur sak karepe

33.

Pak Ali abang kupinge krungu kabar kuwi, “abang kupinge” tegese apa?

a)

isin banget

b)

kesandhung

c)

nesu banget

d)

kesengsem

34.

Apa kang ngongkon tretine ukara deklaratif?

a)

ukara sing nyuwun panyuwunan

b)

ukara sing nyatakaké informasi utawa katerangan

c)

ukara sing maringi prentah tegas

d)

ukara sing ngetokake pangandikan pamuji

35.

Pilihen tulisan aksara Jawa sing bener saka ukara “Tanpa tutur katula-tula katali”!

a)

ꦠꦤ꧀ꦥꦣꦶꦠꦸꦠꦸꦂꦏꦠꦸꦭꦠꦸꦭꦏꦠꦭꦶ

b)

ꦠꦤ꧀ꦥꦥꦸꦠꦸꦂꦏꦠꦸꦭꦠꦸꦭꦏꦠꦭꦶ

c)

ꦠꦤ꧀ꦥꦠꦸꦠꦸꦂꦏꦠꦸꦭꦠꦸꦭꦏꦠꦭꦶ

d)

ꦠꦤ꧀ꦥꦠꦸꦠꦸꦂꦏꦠꦸꦭꦠꦸꦭꦏꦠꦭ

36.

Jlentrehna ngenani tembang Gambuh: endi pernyataan sing bener?

a)

Macapat kang nadane alus, ngemu piwulang becik, guru gatra 5 lan paugeran guru lagu tartamtu

b)

Tembang sekar ageng cacahe 7 lan kanggo upacara adat

c)

Macapat kang tansah ngguyu lan ora ana paugeran

d)

Tembang dolanan bocah ora nduweni aturan

37.

Sebutna titikane unen-unen arupa paribasan, bebasan, lan saloka: endi pilihan sing bener?

a)

Paribasan: unen-unen pakem; Bebasan: tembung kiasan tetep; Saloka: unen-unen kiasan nganggo pepindhan

b)

Paribasan: ukara piwulang ora tetep; Bebasan: tembung langsung tanpa kias; Saloka: tembung minangka dhawuh

c)

Paribasan: dongeng cekak; Bebasan: wangsalan; Saloka: parikan

d)

Paribasan: tembung lingga; Bebasan: cacahé aksara; Saloka: guru wilangan

38.

Owahana ukara iki dadi krama alus: “nek uwis dadi tugase iso dikumpulna”

a)

menawi sampun dados, tugasé saged dipun kumpulaken

b)

yen wis dadi, tugase bisa dikumpulake wae

c)

nek wis dadi tugas, iso diklumpukna saiki

d)

sampun dados tugas, mangga dikempalken