NEW
Font size
WorksheetsSAS BAHASA JAWA KLS 6 SMT 1
Total questions: 50
Worksheet time: 26mins
Ing ngisor iki kang klebu jenise teks prosedur, kejaba ...
teks prosedur prasaja
teks prosedur kompleks
teks prosedur protokol
teks prosedur imperatif
Teks prosedur kang saben langkah bisa diganti, ora kudu koheren, sanadyan owah-owahan, asil pungkasan tetep padha klebu teks prosedur ...
prasaja
kompleks
protokol
imperatif
Strukture teks prosedur kang sepisanan yaiku ...
irah-irahan
pambuka
bahan lan peralatan
tahap-tahap
kang sepisanan dilakokake nalika nulis teks prosedur yaiku ...
nemtokake ancas
nemtokake tema
ngumpulake informasi
nggawe cengkorongan
Strukture teks prosedur kang isine minangka pengantar sajrone ngandharake ancas nulis teks prosedur yaiku ...
irah-irahan
pambuka
bahan lan peralatan
tahap-tahap
Tegese cengkorongan nalika nulis teks prosedur yaiku ...
tema
ancas
rangkane tulisan
penyuntingan tulisan
Tembung wilangan sing digunakake kanggo ngurutake tata cara ing teks prosedur yaiku ...
konjungsi
numeralia
persuasip
imperatif
Gatekna tuladhane irah-irahan teks prosedur iki !
1. Cara nggawe roti donat
2. Cara nggawe email
3. Cara nggawe tas
Irah-irahan kasebut klebu teks prosedur ...
prasaja
kompleks
protokol
imperatip
Numeralia ing teks prosedur iku jenise ana ...
siji
loro
telu
papat
Ing ngisor iki ora klebu tuladha wacan prosedur yaiku ...
carane nggawe roti
resep onde-onde isi kacang ijo
carane nggawe sega goreng
maem sate
Tahap-tahap ing wacan prosedur ditulis kanthi ...
urut
acak
ora urut
rapi
Ukara kang ngajak uwong supaya nglakoni utawa niru kang kita tindakake yaiku ukara ...
tanduk
persuasi
deskripsi
argumentasi
Tahap-tahap utawa proses nggawe samubarang kudu ditulis kanthi runtut saka ...
wiwitan nganti pungkasan
tengah nganti pungkasan
tengah
wiwitan nganti tengah
Tembang macapat iku mujudake tembang Jawa kang uga sinebut ...
tembang ageng
tembang tengahan
tembang madya
tembang alit
Urut-urutane tembang Jawa iku padha karo ...
lelakoning woh-wohan
lelakoning manungsa
lelakoning jin
miline banyu
Ing ngisor iki jenise tembang macapat, kejaba ...
campur sari
maskumambang
megatruh
pocung
Ing ngisor iki watake tembang gambuh, kejaba ...
rumaket
sengsara
kulina
wani wanuh
kang nduweni watak luwes, ngresepake yaiku tembang ...
asmaradhana
megatruh
dhandhanggula
maskumambang
Tembang macapat kang guru gatrane 9 yaiku ...
sinom
asmaradhana
dhandhanggula
mijil
Guru wilangan sekar gambuh yaiku ...
6, 7, 8, 9, 10
7, 10, 12, 8, 9
7, 10, 2, 8, 8
7, 10, 12, 8, 8
Sekar dhandhanggula nggambarake uripe wong kang lagi ...
lair
mati
seneng
prihatin
Tambang macapat diartekne dadi maca papat-papat, tegese ...
cara maca sing kajalin saben papat suku tembung
cara maca sing kajalin saben papat paragrap
cara maca sing kajalin saben enem suku tembung
cara maca sing kajalin saben sanga suku tembung
Tembang Macapat kang nglambangake ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita yaiku ...
maskumambang
mijil
sinom
pocung
Tembang macapat kang nglambangake uripe wong kang lagi seneng-senenge, apa kang digayuh bisa kasembadan, kelakon duwe sisihan, kulawarga, duwe anak, lan urip cukup kanggo sak kulawarga yaiku ...
maskumambang
mijil
dhandhanggula
megatruh
Gambuh iku saka tembung ...
gathuk
jumbuh
seneng
sekar
kang klebu tembang gedhe yaiku ...
maskumambang
mintajiwa
mijil
wirangrong
Watake tembang gambuh yaiku ...
ragu-ragu
sedhih
nesu, sereng muntab
lugas, blaka, tanpa ragu-ragu
Angka pinangka gantine swara gamelan supaya bisa beda ing antara wilahan gamelan siji lan sijine yaiku ...
titi laras
gamelan
pathet
cengkok
Cendhek dhuwure swara sajroning gendhing yaiku ...
titi laras
gamelan
pathet
cengkok
Wujude unen-unen yaiku ...
paribasan, bebasan, lan saloka
paribasan, geguritan, saloka
paribasan, bebasan, rinengga
paribasan, entar, rinengga
"Anggenthong umos" tegese ...
wong kang seneng tetulung
wong kang ora bisa nyimpen wadi
nyingkiri sekabehing bebaya
wong kang uripe tansah ngandhut kuwatir
Ing ngisor iki kang klebu saloka yaiku ...
car-cor kaya kurang janganan
kakehen gludhug kurang udan
kaya banyu karo lenga
ngalem legining gula
kebo nusu gudel, tegesa ...
paseduluran kang ora bisa rukun
wong pinter nanging ora ana sing nganggokake
wong tuwa Njaluk wuruk wong enom
wong becik dianggep wong ala
kowe mengko sore sida ngampiri aku les ?
Ukara kasebut migunakake basa
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Di arani saloka menawa lereging teges magepokan karo sing ....
sesipatan
disemoni
entar
lumereg
Angin silem ing warih tegese ...
tumindhak ala kanthi sesidheman
ngungkiri tulisane dewe
nyingkiri sakehing bebaya
Gotong Royong
Dinten Ahad wonten ing dusun
Masyarakat kang tansah rukun
Gotong royong tumindak bareng
Nyingkirake lingkungan pepeteng
Resik indah bisa kadeleng
Lingkungan sehat agawe seneng
Surasane geguritan ing dhuwur yaiku …….
Dinten Ahad
Gotong Royong
Ing dusun
Rukun
Cah enom marang wong tuwa nggunakake basa ....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama inggil
Banyu resik angel digoleki amarga saiki akeh banyu kali kang kena ........
uwuh utawa larahan
uwuh lan limbah
suket kang tukhul saparan-paran
gegodongan
Apa kang nyebabake sumber banyu lan kali akeh sing asat?
banyu kali kena polusi
akeh wit-witan ing pinggir kali
wit-witan kang nandon banyu wis entek ditegori
wis suwe ora udan
Akeh segara kang saiki dadi reged. Babagan iki amarga ...............
banyu kali kang kebak limbah mili menyang segara
kali-kali kang ana wis padha asat
ora an wit-witan ing pinggir-pinggir kali
larahan lan limbah ana ing ngendhi-endhi
"Sapa sing nandur bakal ngunduh". Ukara iki klebu ..............
slogan
pawarta
geguritan
narasi
Ing ngisor iki titikane pariwara / iklan sing bener yaiku .........
ukarane mamerake
ukarane nyenengake
ukara mentes
ukarane ngujuk-ujuki
Wujude gancaran, isine ngajak, ngelingake, mamerake. Ciri-ciri iki minangka cirine teks .......
narasi
slogan
persuasi
deskripsi
"Negor sauwit nandur satus bibit". Ukara iki klebu ...........
narasi
slogan
persuasi
deskripsi
Panguripan ing ngendhi wae mesthi mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat. Kang bisa mrodhuksi oksigen yaiku tanduran sing subur ................
Kang ngasilake oksigen yaiku ..............
kewan ingon-ingon
banyu kang resik
tanduran sing subur
manungsa
Tembung mrodhuksi padha tegese karo tembung ..........
nambahi
ngasilake
ngurangi
ngurakapi
Cacahe gatra saben sa pada diarani .........
guru wilangan
guru gatra
guru saka
guru lagu
Dhong-dhinging swara ing saben pungkasaning gatra diarani .......
guru lagu
guru wilangan
guru gatra
macapat
Tetembungan kanthi teges kang mligi diarani ...
unen-unen
paribasan
bebasan
saloka
