NEW
Font size
WorksheetsLembaran Pitakonan Basa Jawa Kelas 6
Total questions: 40
Worksheet time: 20mins
Banjir mujudake prahara kang tekane … .
mangsa rendheng
sawayah-wayah
mangsa lemareng
dadakan
Guru-guru MIN 3 Banyuwangi seneng banget amarga muride kasil oleh keunggulan anggone melu tandhing “Gerak Jalan”. Tembung seneng kosok baline … .
mangkog
susah
mangkel
lejar
Warga RT 04/ RW 03 nganakake musyawarah ngadepi pangeten kamardikan RI sing kaping Wulung puluh. Tembung musyawarah podo tegese … .
rundingan
mufakatan
rembugan
rembug bareng
Saben Minggu Ibuku mlaku-mlaku, adhik uga mlaku-mlaku. Ukara iki yen disalin nganggo basa krama alus … .
Saben dinten Minggu Ibu kula mlampah-mlampah, adhik tindak-tindak
Saben dinten Minggu Ibuku tindak-tindak, adhik ugi tindak-tindak
Saben dinten Minggu Ibu kula mlampah-mlampah, adhik ugi tindak
Saben dinten Minggu Ibu kula tindak-tindak, adhik ugi mlampah-mlampah
Kukus gantung, dak sawang sajake bingung. Ukara iki klebu … .
bebasan
parikan
aribasan
wangsalan
Mbak Puspita pancen ayu, rambute ngandhan-andhan, pakulitane pindha … .
emas sinangling
kulit langsep
cengkir gendhing
kembang gadhing
Nabok nyilih tangan, paribasan iki tegese … .
naboki wong nganggo tangan
nabok nggunakake tangane wong liya
nukari wong liya nggunakake kongkonan
nindakake pegawean ala, sarana kongkonan
Paribasan: Kaya banyu karo lenga ateges … .
Paseduluran ora apik
Paseduluran congkrah
Pasedulurane ora bisa rukun
Pasedulurane pisah
Ing tembang Pucung ana gantra kang unine: yen lumaku sing pucung lembahan grana. Tembung grana tegese … .
sikil
kuping
irung
buntut
Guru wilangan lan guru lagune tembang Pucung ing ngisor iki … .
12i-6a-8i-8a
7u-10u-12i-8u-80
12u-8i-8u-8i–80
12u-6a-8i-12a
Pucung: Bapak pucung rupamu amemba gunung, Tan ana kang tresna, Kabeh uwong mesthi sengit, Kang kanggonan den lus elus tetangisan. Batangane … .
Wudun
Mendung
Kapal mabur
Gajah
Pucung: Bapak pucung bisa nggereng bisa mbengung, Ngambah jumantara, Kaya manuk rajawali, Wira wiri nggawa barang lan manungsa. Batangane … .
Mendung
Kapal mabur
Gajah
Wudun
Ngupadi (nggoleki) barang sing ilang, upama ketemu ora kubuk karo rekasane iki bebasane … .
nututi layangan pedhot
mburu uceng kelangan dheleg
gupak pulut ora mangan nangkane
cebol nggayuh lintang
Unen-unen sing ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan, sing dipindhakakake wonge yaiku … .
paribasan
saloka
bebasan
cangkriman
Olehe ngampirne budheku sajake mung abang-abang lambe. Abang-abang lambe tegese … .
sajake temenan
mung saunaine
pokoke guneman
mung lamis
Anggonku nggoleki sedulurku dakrewangi njajah desa, milang kori mekso durung ketemu. Njajah desa milangkori tegese … .
mider-mider tekan ngendi-endi
tekan desa sing adoh banget
menyang panggonan sing sepi
teka ing desa karo ngetungu kori (lawang)
“Kebo bule mati setra”. Saloka iki yen ditulis nganggo aksara Jawa seng bener … .
Tulisan aksara Jawa pilihan A
Tulisan aksara Jawa pilihan B
Tulisan aksara Jawa pilihan C
Tulisan aksara Jawa pilihan D
Informasi sing anyar gres lan jlentrehake kedadean sanyatane, informasi iki diarani … .
ringkes lan cetha
aktual
ndudut kawigaten
apa anane
Rukun gawe santosa, crah gawe bubrah tegese … .
wong kudu tansah rukun, ora apik yen congkrah
wong kang rukun, uripe sugih lan mulya
wong kang rukun, ora tau padudon
wong yen rukun dadi kepenak, nanging yen congkrah dadi rusak
Ibu seneng penggalihé, jalaran aku bisa oleh biji apik. Tembung penggalih tegese … .
pikir
rasa
ati
polatan
Wong tuwa dadi ribed jalaran polahe anak. Tembung ribed tegese … .
repot
seneng
sugih
lega
Wong tuwa dadi ribed jalaran polahe anak. Paribasane ...
Kebo kabotan sungu.
Gupak pulut ora mangan nangkane.
Anak murang tata, wong tuwa nemu cilaka.
Anak polah bapa kepradhah.
Eyang kakung sabar lan ora gampang duka. Sabar lan ora gampang duka tembung entare ....
jembar atine
jembar kawruhe
jembar dhadhane
jembar panemune
Kangmasku biyen urip sengsara saiki wis .... Titik-titik ing ukara iki yen diisi tembung saroja ....
sayuk rukun
guyup rukun
gemah ripah
mukti wibawa
Bulik Narmi kepancal sepur, mula ora sida tindak menyang Semarang. Tembung kepancal sepur tegese ....
sepure rusak
sepure mogok
telat
tekane telat
Bocah sing akeh omonge, nanging kurang nyambut gawene, bebasan ....
Kegedhen empyak, kurang cagak.
Kakehan gludhug, kurang udan.
Kocak tandha lukak.
Kakehan gunem, kurang nyatane.
Bapak Guru wis (dhawuh) bola-bali meksa ora diturut. Tembung dhawuh benere ....
dhawuhi
didhawuhi
dhawuhana
ndhawuhi
Dadi guru iku becik ora emban cindhe, emban siladan. Tembung emban cindhe, emban siladan tegese ....
bedha cara
ora adil
pilih-pilih
pilih kasih
Wajik kletik gula jawa. Parikan iki yen diterusake ....
luwih becik aja sawala
luwih becik sing legawa
luwih becik sing
luwih becik sing prasaja
Isine asem arane klungus, godhong asem enom arane sinom kena kanggo ....
jamu
bobokan
bumbu
sayur asem
Dhik Rudi anggone nata buku molak-malik. Tembung molak-malik klebu tembung ....
saroja
camboran
lingga salin swara
kosok balen
Bulik Marti mangan duren, diwenehi Dhik Rudi. Ukara iki ngoko aluse ....
Bulik Marti nedhi duren diaturi Dhik Rudi.
Bulik Marti dhahar duren diaturi Dhik Rudi.
Bulik Marti nedha duren diwenehi Dhik Rudi.
Bulik Marti dhahar duren diparingi Dhik Rudi.
Bocah sing dawa tangane tegese seneng nyolong. Dene bocah sing menela-menele yen guneman diarani ....
lunyu ilate
lunyu lambene
tipis ilate
tipis lambene
Pak Sutra anggone nyambut gawe direwangi adus kringet kanggo nyukupi kebutuhan kulawarga. Adus kringet klebu tembung ....
Garba
saroja
entar
Camboran
Tembang Pucung iku klebu tembang macapat. Saben sapada/sapupuh ana ....
nem larik/gatra
limang larik/gatra
patang larik/gatra
telung larik/gatra
Minah kandha, "Bapak gerah ing rumah sakit." Ukara kandha ing dhuwur yen disalin ukara crita ....
Minah kandha, bapakku gerah ing rumah sakit.
Minah kandha, bapak gerah ing rumah sakit.
Minah kandha, bapake lara ing rumah sakit.
Minah kandha manawa bapake gerah ing rumah sakit.
Ibu lara weteng, adhiku uga lara mripat. Ukara iki yen disalin basa ngoko alus ....
Ibu lara padharan, adhiku uga lara mripat.
Ibu gerah madharan, adhiku uga lara mripat.
Ibu sakit madharan, adhiku uga sakit mripat.
Ibu gerah madharan, adhiku uga sakit mripat.
Jini karo Jina iku bocah kembar mula rupane padha kaya ....
banyu karo lenga
jambe sinigar
mimi lan mintuna
bumi langit
Bulik ngendika, menawa dheweke ora bisa menyang omahku. Ukara crita iki yen disalin ukara kandha ....
Bulik ngendika, "Aku ora bisa menyang omahmu."
Bulik ngendika, "Dheweke ora bisa menyang omahku."
Bulik ngendika, aku ora bisa menyang omahku.
Bulik ngendika menawa aku ora bisa menyang omahmu.
Lathi - dhiri - ing - ajining - ana - dumunung Tembung acak iki yen dirakit dadi ukara sing bener ....
Ajining dumunung ana dhiri ing lathi
Ajining dhiri dumunung ana ing lathi
Ana ing lathi dumunung ajining dhiri
Ajining ana ing lathi dumunung dhiri
