wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS SEMESTER 2 BAHASA JAWA

Total questions: 40

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

Ing ngisor iki contoh wujude globalisai yaiku …

a)

angele nggolek informasi

b)

ilange budaya asli

c)

anane pasar global

d)

teknologi ora berkembang

2.

Pengaruh globalisi karo seni lan budaya ing Indonesia yaiku …

a)

budaya asli ilang

b)

budaya asli bisa dikenal dunia

c)

kabeh wong nganut budaya luar negri

d)

ilange pakulianan gotong royong

3.

Budaya Bangsa Indonesia iki kudu dilestarikake supaya …

a)

lestari

b)

ilang

c)

dicap luar negeri

d)

musnah

4.

Basa kramane “apik” yaiku …

a)

becik

b)

awis

c)

awon

d)

sae

5.

Wis gedhe kok ngguyu tawa, batangane yaiku…

a)

nangis

b)

seneng

c)

pakis

d)

mikul

6.

Tuwan sinyo, kalebu cangkriman …

a)

pepindhan

b)

wancahan

c)

plesetan

d)

tembang

7.

Pitik walik saba meja, batangane yaiku …

a)

salak

b)

clana

c)

sulak

d)

kates

8.

Gajah numpak becak ketok apane?

batangane yaiku …

a)

ketok mokale

b)

pecah gajahe

c)

ketok kupinge

d)

ketok sikile

9.

Donya kang tanpa wates jalaran saka majune ilmu pengetahuan lan teknologi diarani ...

a)

global warming

b)

global warning

c)

dunia

d)

globalisasi

10.

Tembung globalisasi iku asale saka tembung globe, kang tegese ...

a)

bola

b)

dunia

c)

bola dunia

d)

bumi

11.

Ing ngisor iki sing klebu dhampak positife globalisasi, yaiku ...

a)

ilang budaya asli

b)

majune teknologi

c)

komunikasi saya angel

d)

ilange pakulinan gotong royong

12.

Lunture kabudayan lan nilai-nilai luhur bangsa klebu salah sawijine dhampak ... globalisasi

a)

positif

b)

netral

c)

negatif

d)

apik

13.

Sing diarani cangkriman yaiku unen-unen utawa ukara kang ...

a)

kudu dibedhek maksude

b)

mawa teges salugune

c)

mawa teges entar

d)

ajeg panganggone lan ngemu surasa pepindhan

14.

Cangkriman kang kedadean saka tembung-tembung kang diwancah utawa dicekak diarani

a)

cangkriman wancahan

b)

cangkriman pepindhan

c)

cangkriman plesetan

d)

cangkriman sing sinawung ing tembang

15.

Cangkriman kang kedadean saka pepindan utawa irib-iriban barang diarani ...

a)

Cangkriman wancahan

b)

Cangkriman pepindhan

c)

Cangkriman plesetan

d)

Cangkriman sing sinawung ing tembang

16.

Ing ngisor iki kang ora klebu titikane cangkriman, yaiku ...

a)

nduweni sipat bedhek-bedhekan

b)

nganggo basa kiasan

c)

tembunge dawa-dawa

d)

nganggo basa tradisional

17.

Anake gelungan, ibune ngrembyang, klebu cangkriman ...

a)

tembang

b)

wancahan

c)

plesetan

d)

pepindhan

18.

Yen kerep wudunen kuwi bisa sugih pari. Batangane, yaiku ...

a)

mringis

b)

mlengos

c)

mbrangas

d)

pringisan

19.

Rangsinyu muksitu, batangane yaiku ...

a)

jurang isi banyu gumuk isi watu

b)

pamane punuk bibine kuru

c)

susur teles pepenen

d)

yen dijiwit athi biyung

20.

Batangane : Hla ya wae, wong saka kidul arep ngalor kudu mbalik disik.

Cangkrimane : Aku weruh ana montor mbalik ...

a)

kok penumpange ora padha turu?

b)

kok penumpange ora padha tatu?

c)

kok penumpange ora padha mudhun?

d)

kok penumpange ora padha mlayu?

21.

Ing ngisor iki kang ora klebu cangkriman wancahan, yaiku ...

a)

langdikum ditasbir

b)

gerbong tulis

c)

bot ginawa entheng

d)

gajah ngidak endhog ora pecah

22.

Bapak pocung renteng-renteng kaya kalung,

Dawa kaya ula,

Penclokanmu wesi miring,

Sing disaba si pocung mung turut kutha.

Batangane cangkriman tembang ing dhuwur, yaiku ...

a)

sepur

b)

montor

c)

kaos

d)

sepatu

23.

Bapak pocung dudu watu dudu gunung,

Sangkamu ing sabrang,

Ngon ingone sang bupati,

Yen lumampah si pocung lembehan grana

Batangane cangkriman tembang in dhuwur, yaiku ....

a)

kebo

b)

sapi

c)

gajah

d)

iwak

24.

Globalisasi nduweni pangaribawa kang gedhe tumrap sawijining negara.

Tembung pangaribawa tegese ...

a)

pengaruh

b)

kuwajiban

c)

gegayutan

d)

sangkut paut

25.

Miturut wujude, cangkriman kaperang dadi ...

a)

telu

b)

lima

c)

papat

d)

enem

26.

Kang klebu fungsine cangkriman yaiku ....

a)

sarana pertunjukan

b)

sarana pagelaran

c)

sarana hiburan

d)

hobi

27.

Unen-unen utawa ukara kakng kudu dibatang (dibedhek utawa dijawab) diarani ...

a)

cangkriman

b)

parikan

c)

wangsalan

d)

tembang

28.

cangkriman kang ngemu surasa blenderan, batangane kudu luwih ngati-ati, jalaran yen kurang ngati-ati bakal keblender temenan diarani cangkriman ...

a)

wancahan

b)

pepindhan

c)

plesetan

d)

tembang

29.

Disuguhi opak angin, klebu cangkriman ...

a)

pepindhan

b)

plesetan

c)

wancahan

d)

tembang

30.

Sing kalebu cangkriman plesetan, yaitu ...

a)

wong adol tempe ditaleni

b)

segara bledhes

c)

adoh-adohe diparani, bareng wis tekan diliwati

d)

sega sakepel dirubung tinggi

31.

Buta buri, klebu cangkriman ...

a)

pepindhan

b)

plesetan

c)

wancahan

d)

tembang

32.

Pak boletus, batangane ...

a)

bubur panas kokopen

b)

kaki macak iket-iketan

c)

tapak kebo ana lelene satus

d)

pager kobong watune mendhelis

33.

Tuwan sinyo, batangane ...

a)

untu kedawan gusi menyonyo

b)

nangka tiba ing suketan

c)

yen dijiwit athi biyung

d)

jurang isi banyu gumuk isi watu

34.

Bocah cilik tlusap-tlusup nang kebon, batangane ...

a)

clana

b)

dom

c)

kates

d)

pring

35.

Pitik walik saba kebon, batangane ...

a)

sulak

b)

nangka

c)

nanas

d)

sapu

36.

Duwe rambut ora duwe ndhas, batangane yaiku ...

a)

tebu

b)

pring

c)

anggrek

d)

jagung

37.

Bapak pocung tanpa untu darbe siyung,

badanira panjang,

tutukira pan pesagi,

dina-dina pocung nedha buntutira.

Batangane, yaiku ...

a)

penthol korek

b)

gajah

c)

setut

d)

trek

38.

Bapak pucung wujud mlungker kaya kalung,

Tangan papanya,

Nuduhake rina wengi,

Lamun mati bingung wektu sang bendera.

Batangane, yaiku ...

a)

tasbih

b)

ali-ali

c)

gelang jam

d)

binggel

39.

Jaman saiki, kirim kabar bisa luwih praktis merga lumantar ...

a)

layang

b)

tilpun

c)

pos

d)

koran

40.

Teknologi canggih kang digunakake perusahaan bisa kanggo rapat kang nggunakake swara lan ndeleng gambare wong sing melu rapat yaiku ...

a)

audio conference

b)

video conference

c)

email

d)

faximile