wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Sandiwara

Total questions: 25

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.
Ing sawijining sandiwara, tokoh utama digambarake tansah ngindhari konflik sanadyan nduweni kekuwatan kanggo ngrampungake. Adhedhasar watak kasebut, tema sing paling trep yaiku ….
a)
kepahlawanan
b)
ketidakberdayaan sosial
c)
kepemimpinan tegas
d)
perjuangan fisik
e)
ambisi pribadi
2.
Tokoh antagonis ora tansah digambarake minangka wong ala. Ing sandiwara modern, antagonis kadhangkala ditampilake kanthi simpatik supaya ….
a)
penonton ora bingung
b)
konflik dadi prasaja
c)
nuwuhake empati lan ambiguitas moral
d)
tema dadi luwih sempit
e)
alur luwih cepet rampung
3.
Monolog ing sandiwara nduweni fungsi utama kanggo….
a)
ngganti dialog
b)
nyritakake latar panggonan
c)
nyepetake alur
d)
ngurangi peran tokoh liya
e)
mbabar konflik batin tokoh
4.
Ing analisis sandiwara, tema ora bisa ditemtokake mung saka judhul amarga ….
a)
judhul tansah simbolis
b)
judhul mung hiasan
c)
judhul ora ana gandhengane karo isi
d)
tema muncul saka konflik lan pesen crita
e)
tema mung katon ing prolog
5.
Panganggone latar peteng lan cahya minimal ing adegan klimaks nduweni teges ….
a)
nyuda biaya produksi
b)
nguatake suasana tegang lan dramatis
c)
nambah estetika panggung
d)
nggampangake blocking
e)
ngurangi dialog
6.
Konflik internal ing sandiwara biasane luwih efektif yen ditampilake liwat ….
a)
tumindak lan monolog tokoh
b)
narasi langsung
c)
dialog tokoh liya
d)
properti panggung
e)
latar musik
7.
Alur maju-mundur (flashback) digunakake ing sandiwara kanthi tujuan ….
a)
ngowahi tema
b)
nambah kompleksitas crita
c)
nyederhanakake konflik
d)
nyepetake pungkasan
e)
ngilangi klimaks
8.
Sandiwara sing ngandhut kritik sosial nanging dibungkus humor diarani ….
a)
tragedi
b)
melodrama
c)
romantik
d)
epik
e)
satir
9.
Paraga statis ing sandiwara nduweni ciri utama yaiku ….
a)
watake tetep saka wiwitan nganti pungkasan
b)
tansah dadi tokoh utama
c)
ngalami owah-owahan watak
d)
nduweni konflik batin jero
e)
tansah menang konflik
10.
Improvisasi aktor diijini sajrone pagelaran sandiwara kanthi syarat ….
a)
ora ana naskah
b)
manut tema lan alur crita
c)
aktor paling senior
d)
penonton nyuwun
e)
sutradara ora ana
11.
Resolusi ing sandiwara ora mesthi nggambarake kabagyan amarga ….
a)
kabeh sandiwara kudu tragis
b)
resolusi mung formalitas
c)
tema ora mbutuhake pungkasan
d)
penonton ora seneng pungkasan seneng
e)
konflik bisa rampung kanthi realistis
12.
Pesen moral ing sandiwara luwih efektif yen disampaikan kanthi cara implisit amarga ….
a)
penonton diajak mikir kritis
b)
luwih gampang dipahami
c)
ora mbutuhake dialog
d)
tema dadi prasaja
e)
konflik cepet rampung
13.
Sandiwara tradhisional Jawa nduweni ciri khas nggunakake ….
a)
teknologi digital
b)
tembang lan unsur budaya lokal
c)
basa campuran manca
d)
alur maju cepet
e)
dialog minimal
14.
Analisis watak tokoh bisa ditindakake liwat dialog amarga ….
a)
dialog tansah jujur
b)
dialog mung pelengkap
c)
dialog nuduhake pikiran lan sikap tokoh
d)
dialog ora ana gandhengane karo watak
e)
dialog mung kanggo estetika
15.
Konflik eksternal ing sandiwara dumadi nalika tokoh utama ….
a)
ragu marang awake dhewe
b)
ngadhepi tekanan batin
c)
ngalami refleksi diri
d)
nggawe monolog dawa
e)
bentrok karo tokoh utawa lingkungan
16.
Sandiwara diarani efektif yen kabeh unsur (tokoh, alur, dialog, latar) ….
a)
ditampilake kanthi rame
b)
padha dawa perane
c)
saling ndhukung tema utama
d)
dipisah-pisah
e)
ora ana gandhengane
17.
Pepeling kang kinandhut ing crita sandiwara yaiku.....
a)
tema
b)
alur
c)
paraga
d)
latar
e)
amanat
18.
Gagasaning pokok ana ing sajroning crita sandiwara yaiku.....
a)
tema
b)
alur
c)
latar
d)
paraga
e)
amanat
19.
Paragaing sandiwara kang duweni sipat kang ala diarani.....
a)
protagonis
b)
tritagonis
c)
antagonis
d)
figuran
e)
pambiyantu
20.
urut-urutane alur yaiku.....
a)
purwaka-komplikasi-metune konflik-resolusi-pungkasan
b)
komplikasi-purwaka-metune konflik-resolusi-pungkasan
c)
purwaka-metune konflik-klimaks-komplikasi-resolusi-pungkasan
d)
purwaka-metune konflik-kompliksasi-klimaks-resolusi-pungkasan
e)
pungkasan-metune konflik-komplikasi-klimaks-resolusi-purwaka
21.

Wacanen cuplikan sandiwara ing ngandhap iki!

Sutrisna lungguh dhewe ing pojok panggung. Suwarane lirih nanging teges. Dheweke ngerti manawa keputusan sing arep dijupuk bisa nylametake wong akeh, nanging uga bisa ngrusak masa depane dhewe. Ing wektu kuwi, Sutrisna milih meneng lan ninggalake panggung alon-alon.

Adhedhasar cuplikan kasebut, tema utama sandiwara luwih trep diarani ….

a)

perjuangan fisik

b)

kepahlawanan tanpa pamrih

c)

konflik batin amarga pilihan moral

d)

keserakahan jabatan

e)

dendam pribadi

22.

Dialog antartokoh ing sandiwara asring digawé ora langsung (implisit), kaya nganggo sindiran lan lambang. Panganggone dialog kaya mangkono nduweni tujuan utama supaya ….

a)

alur crita dadi luwih cepet

b)

penonton ora gampang mangerteni isi crita

c)

konflik dadi luwih sithik

d)

penonton diajak mikir lan nfsirake makna

e)

dialog katon luwih dawa

23.

Panganggone cahya peteng, musik alon, lan swara langkah sikil alon ing adegan puncak sandiwara nduweni tujuan kanggo …

a)

nyuda biaya produksi

b)

nguatake emosi lan ketegangan

c)

nyepetake alur

d)

ngganti dialog

e)

genthengake suasana

24.

Konflik eksternal ing sandiwara dumadi nalika tokoh utama ….

a)

ngalami rasa wedi

b)

bentrok karo tokoh liya utawa lingkungan

c)

bingung njupuk keputusan

d)

nindakake monolog

e)

mikirake masa lalu

25.

Petunjuk laku biasane awujud petunjuk teknis ngenani paraga, wektu, swasana, pentas, swara, mlebu metune aktor utawa aktris, banter alone dialog, Isp.

Dipanggonake ing sajroning tandha kurung (...) utawa dicithak miring, diarani.....

a)

babak

b)

pandom

c)

adegan

d)

epilog

e)

monolog