

Kelas 5 Bahasa Jawa Wulangan 5 dan 6
Presentation
•
World Languages
•
5th Grade
•
Practice Problem
•
Medium
Kelas Lima
Used 9+ times
FREE Resource
21 Slides • 15 Questions
1
Kelas 5 Bahasa Jawa Wulangan 5 dan 6
2
Jinise teks adhedhasar tujuan panulise :
3
1. Teks Dheskripsi
Teks kang ditulis kanthi tujuan ngandharake samubarang, jlentreh, njlimet, saengga sing maca kaya-kaya ngamati, ngrasakake, ndeleng, ngrungokake, utawa ngalami dhewe.
4
Titikane teks dheskripsi
Nggambarake samubarang kanthi cetha
Njlentrehake samubarang kang nuduhake pakaryane indriya
Pamaca kaya-kaya ngrasakake, nyawang, ngrungokake, lan ngalami dhewe kedadeane
Njlentrehake samubarang kanthi nuduhake wujud, warna, ukuran, rasa, ganda, lan kahanan liyane.
5
Tuladha: 1
Sawah ing desaku isih jembar bawera. Galengan kang matesi kedhokan siji lan kedhokan liyane kaya klogete ula naga. Sesawangane nyata katon endah sinawang mata. Tandurane ijo royoroyo. Kali-kali banyune isih megung tur bening. Kumricike banyu kang mili nyandhung krikil-krikil cilik. Swarane keprungu kaya iringan musik. Saben dina para tani ngrasa ayem. Ngirit kebo lan sapine saperlu nggaru lan mluku.
6
Multiple Choice
idhe pokok paragraf tuladha 1 yaiku......
Sawah ing desaku isih jembar
tandurane ijo royo-royo
nggiring kebo lan sapine
7
Multiple Choice
Sawah ing desaku isih jembar bawera. Tembung Jembar Bawera tegese......
amba banget
ciyut
ngrejekeni
subur
8
Multiple Choice
Kebo lan sapi ing karangan padesan digunakake kanggo......
tetanen
lomba
nggaru lan ngluku
9
Multiple Choice
Galengan kang matesi kedhokan siji lan kedhokan liyane kaya......
klogete ula weling
klogete ule welang
klogete ula kobra
klogete ula naga
10
2. Teks Narasi
Nerangake saweneh kegiatan kanthi runtut lan jelas, nganti sing maca kaya ngalami tenan.
11
3. Teks Eksposisi
Njlentrehake saweneh kedadean manut urutan wektune.
12
4. Teks Argumentasi
Njlentrehake saweneh bab kanthi bukti-bukti kang kuwat, nganti kang maca melu mbenerake lan yakin marang bab kasebut.
13
5. Teks Persuasi
Njlentrehake saweneh bab kanthi cetha, nganti wong liya percaya lan manut marang isine.
14
Wacanen teks dheskripsi ing ngisor iki kanthi seru!
15
Omahku
Omahku cilik, cekli tur resik. Swasana ing omahku ayem tentrem. Ing omah aku karo bapak, ibu, lan adhiku. Amarga batihe cacah papat, mula diarani catur warga. Omahku pancen prasaja, nanging kanggoku wis apik tur nyenengake. Ing pekarangan ngarep omah ana tanduran pelem, jambu, jeruk, lan rambutan. Mulane omahku katon ayom.
16
Ing ngisor wit pelem ana dhompal nggo lungguhan. Ing tritis teras ditanduri kembang mawar, mlathi, lan krokot. Yen wayah ngembang latarku kaya taman. Wayah sore aku lan adhiku ajeg siram-siram kembang. Gandane amrik angambar.
17
Fill in the Blanks
Type answer...
18
Multiple Choice
Ing latar ngarep omahku ana tandurane pelem, jambu, ...... lan ......
jeruk lan melon
jeruk lan rambutan
melon lan rambutan
19
Multiple Choice
Kembang ing tritis teras omahku gandane......
amrik angambar
amrik digambar
amrik kembang
20
Fill in the Blanks
Type answer...
21
PERANGANE AWAK
Panyandra, Panyendhu, Pepindhan, Parikan
22
Panyandra
Tetembungan utawa ukara kang digunakake kanggo ngalembana
Kata-kata atau kalimat yang digunakan untuk memuji
23
Tuladha Panyandra :
Alise nanggal sepisan (alisnya tipis bagus seperti bulan sabit)
Drijine mucuk eri (jarinya panjang runcing seperti duri)
Untune miji timun (giginya kecil-kecil seperti biji timun)
Tangane nggendhewa pinentang (tangannya bagai busur panah dibentangkan)
24
Panyendhu
Tetembungan utawa ukara kang digunakake kanggo nyemoni/ nacad.
kata-kata atau kalimat yang digunakan untuk mengejek
25
Tuladha Panyendhu :
Irunge pesek (hidungnya pesek)
Tangane cekot (tangannya tidak lurus)
26
Pepindhan
Ukara kang digunakake kanggo madhakake samubarang kang tegese padha. (kaya, pindha)
kalimat yang digunakan untuk menyamakan arti dengan objek lain
27
Tuladha Pepindhan :
Polahe kaya gabah diinteri (tingkahnya seperti gabah diinteri)
Polahe kaya sikatan nyamber walang (tingkahnya cepat seperti memburu serangga belalang)
Lakune kaya macan luwe (tingkah lakunya seperti macan lapar)
28
Parikan
Ukara kang kedadean saka sampiran lan isi.
(pantun)
29
Tuladha Parikan :
Abang-abang ora legi, klambi abang merak ati.
Santen toya klapa, cekap semanten atur kula.
Godhong waru bolong-bolong, bocah ayu moblong-moblong
Cipir mrambat kawat, ora mampir pokok liwat.
30
Multiple Choice
Panyandra yaiku tembung utawa ukara kanggo...
nyemoni
ngalembana
madhakne teges
parikan
31
Multiple Choice
Sing termasuk tuladhane Panyandra yaiku......
Untune miji timun
Polahe kaya gabah diinteri
Irunge pesek
Cipir mrambat kawat, ora mampir pokok liwat
32
Multiple Choice
Panyendhu yaiku tembung utawa ukara kanggo...
nyemoni
ngalembana
madhakne teges
parikan
33
Multiple Choice
Sing termasuk tuladhane Panyendhu yaiku......
Untune miji timun
Polahe kaya gabah diinteri
Irunge pesek
Cipir mrambat kawat, ora mampir pokok liwat
34
Multiple Choice
Pepindhan yaiku tembung utawa ukara kanggo...
nyemoni
ngalembana
madhakne teges
parikan
35
Multiple Choice
Sing termasuk tuladhane Pepindhan yaiku......
Untune miji timun
Polahe kaya gabah diinteri
Irunge pesek
Cipir mrambat kawat, ora mampir pokok liwat
36
Multiple Choice
Sing termasuk tuladhane Parikan yaiku......
Untune miji timun
Polahe kaya gabah diinteri
Irunge pesek
Cipir mrambat kawat, ora mampir pokok liwat
Kelas 5 Bahasa Jawa Wulangan 5 dan 6
Show answer
Auto Play
Slide 1 / 36
SLIDE
Similar Resources on Wayground
34 questions
Sanhi at Bunga-Baitang 5
Presentation
•
5th Grade
34 questions
Pagpapahayag nang may Paggalang sa anumang Ideya/Opinyon
Presentation
•
5th Grade
35 questions
kelas 5 tema 7
Presentation
•
5th Grade
25 questions
Bahasa jawa Kelas 5 (1)
Presentation
•
5th Grade
25 questions
Mathematics 5 - Quarter 2 - Week 6
Presentation
•
5th Grade
31 questions
PE and Health Week 5-6
Presentation
•
4th Grade
30 questions
Pagiging Bukas-palad sa mga Nangangailangan
Presentation
•
4th Grade
24 questions
PAI KELAS 5 SMT 1 BAB 4 INDAHNYA BULAN RAMADHAN
Presentation
•
5th Grade
Popular Resources on Wayground
5 questions
A Home on the Shore
Quiz
•
3rd Grade
28 questions
US History Regents Review
Quiz
•
11th Grade
6 questions
A Horse Tale
Quiz
•
3rd Grade
20 questions
Math Review
Quiz
•
3rd Grade
10 questions
Juneteenth History and Significance
Interactive video
•
5th - 8th Grade
20 questions
Dividing Fractions
Quiz
•
5th Grade
55 questions
A Long Walk to Water Final Review
Quiz
•
6th - 8th Grade
10 questions
Equation Word Problems
Quiz
•
7th Grade
Discover more resources for World Languages
10 questions
Juneteenth History and Significance
Interactive video
•
5th - 8th Grade
20 questions
Dividing Fractions
Quiz
•
5th Grade
20 questions
Math Review
Quiz
•
5th Grade
17 questions
Multiply and Divide Fractions
Quiz
•
5th Grade
40 questions
Flags of the World
Quiz
•
KG - Professional Dev...
30 questions
Multiplication Facts 1-12
Quiz
•
2nd - 5th Grade
20 questions
Adding and Subtracting Fractions
Quiz
•
5th Grade
15 questions
Simplifying Fractions
Quiz
•
5th Grade