Search Header Logo
Belum Berjudul

Belum Berjudul

Assessment

Presentation

Other

10th Grade

Practice Problem

Hard

Created by

Dewisiti Fatimah

FREE Resource

20 Slides • 0 Questions

1

media

2

media

Patrap sopan santun , tata
susila, tata krama, kaliyan
etika nalikane wicara
migunakake basa Jawa.

3

media

Kangge ngurmati mitra tutur kaliyan nyingkiri
kesalahpahaman.

4

media

tataraning utawa tingkatane basa jawa
miturut panggenane. Duweni fungsi
kanggo ngurmati marang wong kang
diajak wawan rembug (guneman)

5

media

3. Krama Lugu

Ngoko Lugu

2. Ngoko Alus

4. Krama Alus

6

media

basa kang ora kecampuran

tembung-tembung krama inggil

tumrap wong sing

diajakpacaturan, wuwuhane

tetep ngoko, sipate rumaket

utawa akrab.

7

media

Dienggo dening sapadha-padha kang

wis kulina.

Dienggo ndhuwuran marang andhahan.
Dienggo wong kang wis tuwa marang

sing enom, kayata: wong tuwa marang
anake, guru marang muride, eyang
marang putune, lan sapanunggalane.

8

media

Kowe ditukokake jajan pasar.

Kowe gelem turu kene, Mbak?

Kowe sesuk apa sida lunga?

9

media

basa ngoko sing kecampuran tembung-
tembung krama inggil tumrap wong sing
diajak pacaturan, krama ingghil khusus
kanggo wong liya, wuwuhan tetep wuwuhan
ngoko, tembung kowe dadi panjenengan.

10

media

Sedulur enom marang sedulur

tuwa.

Wong sing kaprenah tuwa

marang wong enom sing drajade
luwih dhuwur.

Ibu marang bapak sing wis kulina

nganggo basa ngoko.

11

media

Sing dikramakake ing basa ngoko alus yaiku:
1. Tembung sesulih purusa II (kata ganti orang
ke-2) lan tembung kriya.
2. Tembung kriya sing dikramakake, ater-ater
(awalan) lan panambang (akhiran) tetep
ngoko.

12

media

Panjenengan dipundhutake jajan pasar.

Panjenengan kersa sare kene Mbak?

Panjenengan sesuk apa sida tindak?

13

media

basa krama sing tembung-tembunge
lugu lan ora kecampuran tembung-
tembung krama inggil tumrap wong
sing diajak pacaturan, tembung kowe
dadi sampeyan, tembung aku dadi
kula.

14

media

Marang wong sadrajad sing
durung raket (durung akrab).

15

media

Sampeyan dipuntumbasaken jajan pasar.

Sampeyan benjing menapa tamtu kesah?

Sampeyan purun tilem mriki Mbak?

16

media

Basa krama sig tembung-tembunge alus lan
kecampuran tembung-tembung krama inggil
tumrap wong sing diajak pacaturan

17

media

Wong enom marang wong tuwa
Anak marang bapak utawa ibune
Ponakan marang pakdhe utawa budhene, lan

sapanunggalane

Marang wong sing luwih dhuwir drajade
Murid marang gurune.
Andhahan marang pimpinane.
Abdi utawa rewang marang juragane, lan

sapanunggalane.

18

media

Panjenengan dipunpundhutaken jajan pasar.

Panjenengan kersa sare mriki Mbak?

Panjenengan benjing menapa tamtu tindak?

19

media

Ngoko Lugu : Kowe ditukokake jajan pasar.
Ngoko Alus : Panjenengan dipundhutake jajan pasar.
Krama Lugu : Sampeyan dipuntumbasaken jajan pasar.
Krama Alus : Panjenengan dipunpundhutaken jajan pasar.

20

media

https://www.youtube.com/watch?v

=-Diz8KIRAUg

media

Show answer

Auto Play

Slide 1 / 20

SLIDE