
SOAL BAHASA JAWA 2020
Quiz
•
World Languages
•
12th Grade
•
Hard
Ainun Rohmah
FREE Resource
Enhance your content
40 questions
Show all answers
1.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Paragraf narasi kang nggambarake rerangken tumindak kanthi maneka cara kanthi tujuan ngrangsang daya khayal/ imajinasi pamaca, kaya wujud cerkak lan novel, iku mau pangertene jinis paragraf narasi ....
ekspositoris
sugestif
orientasi
komplikasi
2.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Gatekna Serat Wulangreh Pupuh Pangkur pada 2 iki!
Pangkur
Deduga lawan prayoga,
myang watara reringa aywa lali,
iku parabot satuhu,
tan kena tininggala,
tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,
angucap meneng myang nendra,
duga-duga nora lali.
Gegambaran watak kang diandharake ing tembang kasebut duwe pangarep-arep supaya .…
dadi wong iku kudu tumindak drengki
dadi wong iku kudu kebak pangati-ati nalika tumindak
dadi wong iku kudu bisa open marang duweke dhewe
dadi wong iku kudu kumingsun/ sombong
3.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Gatekna wacan teks cerita rakyat iki!
“…. Mbok Randha bungah panggalihe amarga panjaluke kepingin kagungan putra wis kaleksanan. Mbok Randha ngucapake sokur marang Gusti Allah amarga dongane wis dikabulake. Bayi iku mau wadon. Pakulitane resik alus kaya kulit timun. Amarga lair saka timun sing kuning kaya emas, bayi wadon kuwi dijenengake Timun Mas. Sawise Timun Mas ngancik diwasa, Mbok Randha kelingan janjine marang Buta Ijo menawa arep menehake Timun Mas. Mbok Randha dadi susah atine. Rina wengi Mbok Randha donga supaya entuk pitulungan saka Gusti Allah. Salah sawijining wengi, Mbok Randha ngimpi kapethuk wong tapa ing Gunung Gandhul. Wong tapa kuwi mau kang bisa nulungi supaya Timun Mas ora dipangan Buta Ijo .…”
(kapethik saka Marsudi Basa lan Sastra Jawa 1 kaca 40)
Amanat utawa piwulang luhur kang bisa kapethik saka pethilan crita kasebut yaiku ….
tansah sokur marang paringane Gusti Allah
Buta ijo arep menehi anak marang Mbok Randha
aja gampang susah yen durung duwe anak
methuki wong tapa ing Gunung Gandhul
4.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Gatekna wacan crita pengalaman iki!
Wing, Nak Pakmu Disanthet Wong Piye?
Aku iki anake wong tani. Kudune aku lulus SD taun 1978. Ananging nalika aku kelas 6 ana owah-owahan tahun pelajaran, dadine wektu sekolahe dadi 1,5 taun, mula aku lulus SD tahun 1979. Sawise SD, aku banjur nerusake ing SMP. Sekolahku SMP ing kutha Purwodadi. Saben dina aku nyepedha onthel saka omahku tekan sekolahanku. Omahku udakara 7 km saka kutha Purwodadi. Aku mangkat saka omah jam 06.30 lan awane tekan omah watara jam 13.30. Iku mau yen sepedhane ora rewel ing dalan. Satekane omah pagawean ajeg saben dinane yaiku ngangsu, nggecrek, banjur menyang sawah utawa tegal ngrewangi wong tuwaku.
Manut pethilan crita pengalaman kasebut, sing crita pagaweyan saben dinane yaiku ….
sekolah SMP ana ing kutha Purwodadi
mangkat sekolah jam 06.30, mulih sekolah jam 13.30
numpak sepedha onthel kira-kira adohe 7 km
ngangsu, nggecrek, menyang sawah ngrewangi wong tuwane
5.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Adicara Kirab Boyong Grobog tahun iki narik kawigaten masyarakat. Prosesi iki dadi ambal warsane Kabupaten Grobogan kaping 293. Kiwa tengen dalan gedhe Purwodadi – Pati dikebaki warga masyarakat nganti ewonan.
Adhedhasar wacan kasebut, warga masyarakat ngebaki dalan gedhe Purwodadi – Pati amarga ....
arep nganakake ulang taune Kabupaten Grobogan
kepengin nyawang bupatine sacara langsung
arep nyawang adicara Kirab Boyong Grobog
arep tumuju menyang Alun-alun Purwodadi
6.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Gatekna Serat Wulangreh Pupuh Sinom pada 1 iki!
Ambege kang wus utama,
tan ngendhak gunaning janmi,
amiguna ing aguna,
sesolahe kudu bathi,
pintere den alingi,
bodhone dinokok ngayun,
pamrihe den inaa,
aja na ngarani bangkit,
sukalila denina sapadha-padha.
Wewarah utawa piwulang kang kaemot ing tembang Sinom kasebut yaiku ….
manungsa kang utama iku kudu duwe kapinteran mumpuni
manungsa kang utama iku kudu bisa nyaingi sepadhane
manungsa kang utama iku kudu pinter marang sapadhane
manungsa kang utama iku ora ngremehake kapinteran sepadhane
7.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Gatekna pethilan cerita wayang Ramayana iki!
.... Sakwuse pamit marang rama lan ibune, Raden Ramawijaya ninggalake Keraton Ayodya dikancani Dewi Sinta garwane lan Raden Lesmana adhine menyang alas Dhandhaka. Senajan wis dijaluk Raden Ramawijaya supaya keri ing keraton wae, Dewi Sinta tetep kepengin ndherek garwane.
Kenapa Dewi Sinta tetep kepengin ndherekake garwane menyang alas?
Amarga Dewi Sinta arep nyoba urip sing beda karo padatane.
Amarga saking tresnane Dewi Sinta, mula ora gelem pisah
Amarga Dewi Sinta pancen luwih seneng urip ing tengah alas.
Amarga Dewi Sinta kepengin tapa brata laku prihatin ing alas.
Create a free account and access millions of resources
Create resources
Host any resource
Get auto-graded reports

Continue with Google

Continue with Email

Continue with Classlink

Continue with Clever
or continue with

Microsoft
%20(1).png)
Apple

Others
By signing up, you agree to our Terms of Service & Privacy Policy
Already have an account?
Similar Resources on Wayground
35 questions
Soal Menikmati Teks Novel
Quiz
•
12th Grade
40 questions
PSAJ 2025
Quiz
•
3rd Grade - University
40 questions
LATIHAN SOAL TEMA 6
Quiz
•
12th Grade
35 questions
Kuis P5 permainan tradisional
Quiz
•
9th Grade - University
45 questions
BAHASA INDONESIA - ASAJ 2025
Quiz
•
6th Grade - University
35 questions
pancasila Kelas IV
Quiz
•
4th Grade - University
45 questions
Analisi logica
Quiz
•
7th Grade - University
35 questions
SAS Bhs Indonesia Kelas 3
Quiz
•
3rd Grade - University
Popular Resources on Wayground
20 questions
Brand Labels
Quiz
•
5th - 12th Grade
11 questions
NEASC Extended Advisory
Lesson
•
9th - 12th Grade
10 questions
Ice Breaker Trivia: Food from Around the World
Quiz
•
3rd - 12th Grade
10 questions
Boomer ⚡ Zoomer - Holiday Movies
Quiz
•
KG - University
25 questions
Multiplication Facts
Quiz
•
5th Grade
22 questions
Adding Integers
Quiz
•
6th Grade
10 questions
Multiplication and Division Unknowns
Quiz
•
3rd Grade
20 questions
Multiplying and Dividing Integers
Quiz
•
7th Grade
Discover more resources for World Languages
17 questions
Afro Latinos: Una Historia Breve Examen
Quiz
•
9th - 12th Grade
28 questions
Ser vs estar
Quiz
•
9th - 12th Grade
15 questions
PRESENTE CONTINUO
Quiz
•
9th - 12th Grade
16 questions
Subject pronouns in Spanish
Quiz
•
9th - 12th Grade
20 questions
Spanish Subject Pronouns
Quiz
•
7th - 12th Grade
21 questions
subject pronouns in spanish
Lesson
•
11th - 12th Grade
20 questions
Definite and Indefinite Articles in Spanish (Avancemos)
Quiz
•
8th Grade - University
20 questions
SP II: Gustar with Nouns and Infinitives Review
Quiz
•
9th - 12th Grade