SOAL UKK BADER 7 1920

SOAL UKK BADER 7 1920

7th Grade

40 Qs

quiz-placeholder

Similar activities

asasmen sumatif akhir tahun kelas 7 bahasa jawa

asasmen sumatif akhir tahun kelas 7 bahasa jawa

7th Grade

35 Qs

bahasa jawa

bahasa jawa

4th Grade - University

40 Qs

SAS 1 BAHASA JAWA KELAS 6 2024

SAS 1 BAHASA JAWA KELAS 6 2024

6th Grade - University

35 Qs

PAT BADER Kls 7 2021

PAT BADER Kls 7 2021

7th Grade

35 Qs

Ulangan Bajawa 1 klas 6

Ulangan Bajawa 1 klas 6

6th - 7th Grade

40 Qs

tugas bahasa jawa kelas 7,9,8

tugas bahasa jawa kelas 7,9,8

7th - 9th Grade

40 Qs

SAS Basa Jawa 7 Genap 23/24

SAS Basa Jawa 7 Genap 23/24

7th Grade

40 Qs

ASAT BAHASA JAWA

ASAT BAHASA JAWA

7th Grade

40 Qs

SOAL UKK BADER 7 1920

SOAL UKK BADER 7 1920

Assessment

Quiz

Other

7th Grade

Hard

Created by

Endah Sriwahyuni

Used 3+ times

FREE Resource

40 questions

Show all answers

1.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

3 mins • 1 pt

Wacanen kang patitis !

SRI TANJUNG

Jaman biyen ing negara Sindureja, kang jumeneng ratu asma Prabu Sila Hadikrama. Negarane, subur makmur loh jinawi, tata tentrem kerta raharja, rakyate urip cukup sandhang, pangan, lan papan. Ananging Prabu Sila Hadikrama lagi nandhang dhuhkita amarga Sang Prameswari lagi nandhang gerah ora dhangan-dhangan. Prabu Sila Hadikrama utusan patihe kang asma Raden Sidapaksa nggolekake obat kagem Sang Prameswari. Patih Sidapaksa sowan eyange Sang Bagawan Tambang Petra ing padhepokan, nyuwunake obat kagem Sang Prameswari. Patih Sidapaksa kuwi isih turun Pandhawa, mula saliyane priyantune bagus, gagah prakosa, uga sekti mandraguna.

Ing padepokan, Patih Sidapaksa ketemu prawan sing ayune banget, solah bawane alus manuhara, lan nengsemake pandulu. Prawan ayu mau asmane Dewi Sri Tanjung. Sri Tanjung pancen beda karo prawan-prawan liyane amarga ejatine Sri Tanjung lahir saka ibu widodari. Patih Sidapaksa kepencut marang sejatine Sri Tanjung, kaya tumbu oleh tutup, semono uga Sri Tanjung. Kekarone banjur nambut silaning akrami. Sarampunge palakrama, Sri Tanjung kaboyong menyang kraton Sindurejo lerem ing dalem kepatihan.

Prabu Sila Hadikrama bareng pirsa Sri Tanjung kesengsem, kayungyun mring kasulityane Sritanjung tanpa kinawruhan Patih Sidapaksa. Rina wengi Prabu Sila Hadikrama golek cara piye bisane ngrengkuh Dewi Sritanjung. Ndadekake Prabu Sila Hadikrama kerasukan watak julig culika.

“Patih Sidapaksa, ingsun ngaturaken agunging panuwun, sliramu wis bisa minangkani kersaningsun, Prameswari wis waluya jati kaya wingi uni. Ananging isih ana maneh jejibahan sing kudu koksarirani dhewe, yaiku ngaturake Nawala menyang swargaloka, katur para dewa bukti suka panarimaku marang kabeh kang kaparingake ing negara Sindureja”, pangandikane Prabu Sila Hadikrama ing pasewakan agung.

“Sendika dhawuh Sinuhun, kula pundhi sedaya dhawuh paduka, mugi saged angayahi jejibahan punika”. Patih Sidapaksa nyanggemi kabeh dhawuhe Sang Nata, tanpa ngaweruhi niat satemene saka Prabu Sila Hadikrama sing kepingin nyingkirake Patih Sidapaksa, amarga kepingin nggonjak Dewi Sritanjung. Sejatine Nawala kang dudu diaturake kagem para dewa mau isine “ Sapa sing nggawa Nawala iki arep mbalela maranga para dewa.”

“Yayi Dewi Sritanjung, pun kakang lagi kodheng, amarga kudu ngayahi jejibahan kang mokal kelakone pindhane ngarep-arep udan ing wayah ketiga, cebol nggayuh lintang, apa sliramu kersa paring pambiyantu?” Pangandikake Patih Sidapaksa sarawuhe ing dalem kepatihan.

“Aduh Kangmas Sidapaksa, boten usah godheg panggalih panjenengan, kula sabiyantu panjenengan angayahi jejibahan punika. Kula nggadhah slendhang mustika paringanipun Bapa Rama Raden Sudamala, ingkang nglantaraken panjenengan sowan dhateng para dewa wonten ingswargaloka.” Dewi Sritanjung enggal nyamektakake slendang mustika, minangka srana tindake Patih Sidapeksa tumuju Swargaloka sowan para dewa.

Cecaking crita satekane ing Swargaloka, nalika Nawala diaturake para dewa sakala Patih Sidapaksa diajar lan dipilara amarga dianggep arep mbalela. Patih Sidapaksa lagi weruh yen isine nawala pancen sengaja kanggo nyingkirake piyambake. Amarga saka ora kuwawa nadhahi panandhange, Patih Sidapaksa sambat nyebut para leluhur Pandawa. Para Dewa nembe pirsa yen ta kabeh mung salah paham amarga saka trekahe Prabu Sila Hadikrama, nula banjur dikeparengake kondur menyang Sidureja lan kaparingan kanugrahan.

( Sumber : Kirtya Basa 2014 kelas 7 kaca 130 )


Jaman biyen ing negara Sindureja, kang jumeneng ratu asma Prabu Sila Hadikrama. Negarane, subur makmur loh jinawi, tata tentrem kerta raharja, rakyate urip cukup sandhang, pangan, lan papan. Ananging Prabu Sila Hadikrama lagi nandhang dhuhkita amarga Sang Prameswari lagi nandhang gerah ora dhangan-dhangan. Prabu Sila Hadikrama utusan patihe kang asma Raden Sidapaksa nggolekake obat kagem Sang Prameswari. Patih Sidapaksa sowan eyange Sang Bagawan Tambang Petra ing padhepokan, nyuwunake obat kagem Sang Prameswari. Patih Sidapaksa kuwi isih turun Pandhawa, mula saliyane priyantune bagus, gagah prakosa, uga sekti mandraguna. Paragraf ing dhuwur yen katitik saka struktur teks kalebu perangane……….

Orientasi

Komplikasi

Klimaks

Resolusi

2.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

3 mins • 1 pt

Wacanen kang patitis !

SRI TANJUNG

Jaman biyen ing negara Sindureja, kang jumeneng ratu asma Prabu Sila Hadikrama. Negarane, subur makmur loh jinawi, tata tentrem kerta raharja, rakyate urip cukup sandhang, pangan, lan papan. Ananging Prabu Sila Hadikrama lagi nandhang dhuhkita amarga Sang Prameswari lagi nandhang gerah ora dhangan-dhangan. Prabu Sila Hadikrama utusan patihe kang asma Raden Sidapaksa nggolekake obat kagem Sang Prameswari. Patih Sidapaksa sowan eyange Sang Bagawan Tambang Petra ing padhepokan, nyuwunake obat kagem Sang Prameswari. Patih Sidapaksa kuwi isih turun Pandhawa, mula saliyane priyantune bagus, gagah prakosa, uga sekti mandraguna.

Ing padepokan, Patih Sidapaksa ketemu prawan sing ayune banget, solah bawane alus manuhara, lan nengsemake pandulu. Prawan ayu mau asmane Dewi Sri Tanjung. Sri Tanjung pancen beda karo prawan-prawan liyane amarga ejatine Sri Tanjung lahir saka ibu widodari.


Patih Sidapaksa kepencut marang sejatine Sri Tanjung, kaya tumbu oleh tutup, semono uga Sri Tanjung. Kekarone banjur nambut silaning akrami. Sarampunge palakrama, Sri Tanjung kaboyong menyang kraton Sindurejo lerem ing dalem kepatihan.

Prabu Sila Hadikrama bareng pirsa Sri Tanjung kesengsem, kayungyun mring kasulityane Sritanjung tanpa kinawruhan Patih Sidapaksa. Rina wengi Prabu Sila Hadikrama golek cara piye bisane ngrengkuh Dewi Sritanjung. Ndadekake Prabu Sila Hadikrama kerasukan watak julig culika.

“Patih Sidapaksa, ingsun ngaturaken agunging panuwun, sliramu wis bisa minangkani kersaningsun, Prameswari wis waluya jati kaya wingi uni. Ananging isih ana maneh jejibahan sing kudu koksarirani dhewe, yaiku ngaturake Nawala menyang swargaloka, katur para dewa bukti suka panarimaku marang kabeh kang kaparingake ing negara Sindureja”, pangandikane Prabu Sila Hadikrama ing pasewakan agung.

“Sendika dhawuh Sinuhun, kula pundhi sedaya dhawuh paduka, mugi saged angayahi jejibahan punika”. Patih Sidapaksa nyanggemi kabeh dhawuhe Sang Nata, tanpa ngaweruhi niat satemene saka Prabu Sila Hadikrama sing kepingin nyingkirake Patih Sidapaksa, amarga kepingin nggonjak Dewi Sritanjung. Sejatine Nawala kang dudu diaturake kagem para dewa mau isine “ Sapa sing nggawa Nawala iki arep mbalela maranga para dewa.”

“Yayi Dewi Sritanjung, pun kakang lagi kodheng, amarga kudu ngayahi jejibahan kang mokal kelakone pindhane ngarep-arep udan ing wayah ketiga, cebol nggayuh lintang, apa sliramu kersa paring pambiyantu?” Pangandikake Patih Sidapaksa sarawuhe ing dalem kepatihan.

“Aduh Kangmas Sidapaksa, boten usah godheg panggalih panjenengan, kula sabiyantu panjenengan angayahi jejibahan punika. Kula nggadhah slendhang mustika paringanipun Bapa Rama Raden Sudamala, ingkang nglantaraken panjenengan sowan dhateng para dewa wonten ingswargaloka.” Dewi Sritanjung enggal nyamektakake slendang mustika, minangka srana tindake Patih Sidapeksa tumuju Swargaloka sowan para dewa.

Cecaking crita satekane ing Swargaloka, nalika Nawala diaturake para dewa sakala Patih Sidapaksa diajar lan dipilara amarga dianggep arep mbalela. Patih Sidapaksa lagi weruh yen isine nawala pancen sengaja kanggo nyingkirake piyambake. Amarga saka ora kuwawa nadhahi panandhange, Patih Sidapaksa sambat nyebut para leluhur Pandawa. Para Dewa nembe pirsa yen ta kabeh mung salah paham amarga saka trekahe Prabu Sila Hadikrama, nula banjur dikeparengake kondur menyang Sidureja lan kaparingan kanugrahan.


( Sumber : Kirtya Basa 2014 kelas 7 kaca 130 )


Ing padepokan, Patih Sidapaksa ketemu prawan sing ayune banget, solah bawane alus manuhara, lan nengsemake pandulu. Prawan ayu mau asmane Dewi Sri Tanjung. Sri Tanjung pancen beda karo prawan-prawan liyane amarga ejatine Sri Tanjung lahir saka ibu widodari. Patih Sidapaksa kepencut marang sejatine Sri Tanjung, kaya tumbu oleh tutup, semono uga Sri Tanjung. Kekarone banjur nambut silaning akrami. Sarampunge palakrama, Sri Tanjung kaboyong menyang kraton Sindurejo lerem ing dalem kepatihan. Saka paragraf ing dhuwur , setting panggonane yaiku……..

Ing Kraton lan Padhepokan

Ing Kahyangan

Ing Palagan

Ing Tanjung

3.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

3 mins • 1 pt

Wacanen kang patitis !


SRI TANJUNG


Jaman biyen ing negara Sindureja, kang jumeneng ratu asma Prabu Sila Hadikrama. Negarane, subur makmur loh jinawi, tata tentrem kerta raharja, rakyate urip cukup sandhang, pangan, lan papan. Ananging Prabu Sila Hadikrama lagi nandhang dhuhkita amarga Sang Prameswari lagi nandhang gerah ora dhangan-dhangan. Prabu Sila Hadikrama utusan patihe kang asma Raden Sidapaksa nggolekake obat kagem Sang Prameswari. Patih Sidapaksa sowan eyange Sang Bagawan Tambang Petra ing padhepokan, nyuwunake obat kagem Sang Prameswari. Patih Sidapaksa kuwi isih turun Pandhawa, mula saliyane priyantune bagus, gagah prakosa, uga sekti mandraguna.


Ing padepokan, Patih Sidapaksa ketemu prawan sing ayune banget, solah bawane alus manuhara, lan nengsemake pandulu. Prawan ayu mau asmane Dewi Sri Tanjung. Sri Tanjung pancen beda karo prawan-prawan liyane amarga ejatine Sri Tanjung lahir saka ibu widodari. Patih Sidapaksa kepencut marang sejatine Sri Tanjung, kaya tumbu oleh tutup, semono uga Sri Tanjung. Kekarone banjur nambut silaning akrami. Sarampunge palakrama, Sri Tanjung kaboyong menyang kraton Sindurejo lerem ing dalem kepatihan.


Prabu Sila Hadikrama bareng pirsa Sri Tanjung kesengsem, kayungyun mring kasulityane Sritanjung tanpa kinawruhan Patih Sidapaksa. Rina wengi Prabu Sila Hadikrama golek cara piye bisane ngrengkuh Dewi Sritanjung. Ndadekake Prabu Sila Hadikrama kerasukan watak julig culika.


“Patih Sidapaksa, ingsun ngaturaken agunging panuwun, sliramu wis bisa minangkani kersaningsun, Prameswari wis waluya jati kaya wingi uni. Ananging isih ana maneh jejibahan sing kudu koksarirani dhewe, yaiku ngaturake Nawala menyang swargaloka, katur para dewa bukti suka panarimaku marang kabeh kang kaparingake ing negara Sindureja”, pangandikane Prabu Sila Hadikrama ing pasewakan agung.


“Sendika dhawuh Sinuhun, kula pundhi sedaya dhawuh paduka, mugi saged angayahi jejibahan punika”. Patih Sidapaksa nyanggemi kabeh dhawuhe Sang Nata, tanpa ngaweruhi niat satemene saka Prabu Sila Hadikrama sing kepingin nyingkirake Patih Sidapaksa, amarga kepingin nggonjak Dewi Sritanjung. Sejatine Nawala kang dudu diaturake kagem para dewa mau isine “ Sapa sing nggawa Nawala iki arep mbalela maranga para dewa.”


“Yayi Dewi Sritanjung, pun kakang lagi kodheng, amarga kudu ngayahi jejibahan kang mokal kelakone pindhane ngarep-arep udan ing wayah ketiga, cebol nggayuh lintang, apa sliramu kersa paring pambiyantu?” Pangandikake Patih Sidapaksa sarawuhe ing dalem kepatihan.


“Aduh Kangmas Sidapaksa, boten usah godheg panggalih panjenengan, kula sabiyantu panjenengan angayahi jejibahan punika. Kula nggadhah slendhang mustika paringanipun Bapa Rama Raden Sudamala, ingkang nglantaraken panjenengan sowan dhateng para dewa wonten ing swargaloka.” Dewi Sritanjung enggal nyamektakake slendang mustika, minangka srana tindake Patih Sidapeksa tumuju Swargaloka sowan para dewa.


Cecaking crita satekane ing Swargaloka, nalika Nawala diaturake para dewa sakala Patih Sidapaksa diajar lan dipilara amarga dianggep arep mbalela. Patih Sidapaksa lagi weruh yen isine nawala pancen sengaja kanggo nyingkirake piyambake. Amarga saka ora kuwawa nadhahi panandhange, Patih Sidapaksa sambat nyebut para leluhur Pandawa. Para Dewa nembe pirsa yen ta kabeh mung salah paham amarga saka trekahe Prabu Sila Hadikrama, nula banjur dikeparengake kondur menyang Sidureja lan kaparingan kanugrahan. ( Sumber : Kirtya Basa 2014 kelas 7 kaca 130 )


“Patih Sidapaksa, ingsun ngaturaken agunging panuwun, sliramu wis bisa minangkani kersaningsun, Prameswari wis waluya jati kaya wingi uni. Ananging isih ana maneh jejibahan sing kudu koksarirani dhewe, yaiku ngaturake Nawala menyang swargaloka, katur para dewa bukti suka panarimaku marang kabeh kang kaparingake ing negara Sindureja”, pangandikane Prabu Sila Hadikrama ing

pasewakan agung.


Paraga kang ana ing paragraph ing inggil yaiku….

Dewi Sri Tanjung, Prameswari, Prabu Sila Hadikrama

Patih Sidapaksa, Prameswari, Prabu Sila Hadikrama

Patih Sidapaksa, Adipati Jayengrana, Prabu Sila Hadikrama

Patih Sidapaksa, Prameswari, Patih Suwanda

4.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

3 mins • 1 pt

“Patih Sidapaksa, ingsun ngaturaken agunging panuwun, sliramu wis bisa minangkani kersaningsun. Ukara kasebut migunakake basa……..

Krama lugu

Krama inggil

Ngoko lugu

Ngoko alus

5.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

3 mins • 1 pt

Cecaking crita satekane ing Swargaloka, nalika Nawala diaturake para dewa sakala Patih Sidapaksa diajar lan dipilara amarga dianggep arep mbalela.


Tembung kriya tanggap kang manggon ing ukara kasebut yaiku……

Diaturake, diajar, dipilara, dianggep

Cecaking, satekane, mbalela

Crita, nalika, para, sakala

Ing, nalika, para, lan )

6.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

3 mins • 1 pt

Asil karya sastra Jawa kang ora kaiket ing aturan guru gatra,guru wilangan,lan guru lagu diarani ……

Tembang macapat

Tembang dolanan

Geguritan

Gancaran

7.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

1 min • 1 pt

Wong sing ngasilake karya sastra wujud geguritan, diarani…..

Panggurit

Niyaga

Kompuser

Penyanyi

Create a free account and access millions of resources

Create resources
Host any resource
Get auto-graded reports
or continue with
Microsoft
Apple
Others
By signing up, you agree to our Terms of Service & Privacy Policy
Already have an account?