wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

teks novel jawa

Total questions: 25

Worksheet time: 1hrs 15mins

Name
Class
Date
1.
  1. Setitekna petikan novel ing ngisor iki !

Wedhus Gembel Gunung Merapi

Salim mono asale saka desa Bangi,cedhak kecamatan Sewon.kawit ana kandhutan wis tinggal lunga bapake. Embokne rabi, banjur entuk tambah adhi telu.lanang loro lan wadon siji. Bapake tani lan Emboke bakul beras ing pasar Prawirataman. Panguripane klebu kecukupan. Ora kurang sandhang pangan lan bisa nyekolahke anak-anake. Salim dhewe mung tekan SMP, dhene adhine sing siji ana STM, sijine ana SMP lan siji isih SD. Bapake ngrengkuh salim kaya anake dhewe. Mula Salim uga tresna lan ngajeni marang bapake, sanadyan sawijining dina ngerti yen kuwi dudu bapake dhewe.

Bareng lulus saka SMP, karepe bapake dikon neruske ana STM, nanging Salim ora gelem.Ndaftarke ana SMA negeri ora ketampa jalaran NEM-e cendhek. Wusanane Salim golek gaweyan ana kutha Jogja.Nalika semana umure Salim lagi enem belas tahun.

Kados pundi caranipun pangripta nepangaken jati dhirinipun Salim wonten pethikan novel punika?

a)

Kanthi wawan rembag antawis paraga

b)

Lumantar pikiran paraga sanesipun

c)

Dipunjlentrehaken langsung

d)

Lumantar tindak tandukipun Salim ing criyos

e)

Lumantar pikiranipun Salim

2.

..................................................................................

Desa Dringu menika wonten ing sawetanipun kutha Probolinggo,taksih kepetung trajange dalan gedhe Daendels. Nalika wonten ing taun 1947 Wimbadi dipun pindhah jawatipun wonten ing Probolinggo. Wimbadi mboten kedah pados pondhokan amargi wonten saderekipun saking Sala wonten ing Dringu yaiku mbakyu Pandam, garwanipun mbakyu, mas Pandam ngasta wonten pabrik gula. Mbakyu Pandam saweg ngandhut lan niate badhe babaran wonten Sala, dados Wimbadi saged ngancani Mas Pandam. Saben dinten Wimbadi nitih sepeda saking Dringu-Probolinggo. Amarga kantore mboten tebih sanget dados ngangge sepeda.

Setting kang ana ing crita ing dhuwur yaiku . . .

a)

Setting wektu lan suasana

b)

Setting panggonan

c)

Setting wektu

d)

Setting suasana

e)

Setting panggonan lan wektu

3.

..................................................................................

Desa Dringu menika wonten ing sawetanipun kutha Probolinggo,taksih kepetung trajange dalan gedhe Daendels. Nalika wonten ing taun 1947 Wimbadi dipun pindhah jawatipun wonten ing Probolinggo. Wimbadi mboten kedah pados pondhokan amargi wonten saderekipun saking Sala wonten ing Dringu yaiku mbakyu Pandam, garwanipun mbakyu, mas Pandam ngasta wonten pabrik gula. Mbakyu Pandam saweg ngandhut lan niate badhe babaran wonten Sala, dados Wimbadi saged ngancani Mas Pandam. Saben dinten Wimbadi nitih sepeda saking Dringu-Probolinggo. Amarga kantore mboten tebih sanget dados ngangge sepeda.

Sudut pandang crita ing dhuwur yaiku . . .

a)

Wong kapisan

b)

Wong kapindho

c)

Wong katelu

d)

Wong kapapat

e)

Wong kalima

4.

..................................................................................

Desa Dringu menika wonten ing sawetanipun kutha Probolinggo,taksih kepetung trajange dalan gedhe Daendels. Nalika wonten ing taun 1947 Wimbadi dipun pindhah jawatipun wonten ing Probolinggo. Wimbadi mboten kedah pados pondhokan amargi wonten saderekipun saking Sala wonten ing Dringu yaiku mbakyu Pandam, garwanipun mbakyu, mas Pandam ngasta wonten pabrik gula. Mbakyu Pandam saweg ngandhut lan niate badhe babaran wonten Sala, dados Wimbadi saged ngancani Mas Pandam. Saben dinten Wimbadi nitih sepeda saking Dringu-Probolinggo. Amarga kantore mboten tebih sanget dados ngangge sepeda.

Paraga kang ana ing crita ing dhuwur yaiku kejaba . . .

a)

Mas Pandam

b)

Mbakyu Pandam

c)

Wimbadi

d)

Daendels

e)

Mas Pandam lan Mbakyu Pandam

5.

..................................................................................

Wimbadi saiki wonten ing dusun sak kidulipun dusun Dringu. Wonten mriku Wimbadi sareng kaliyan pengugsi sanes. Wonten Dulmanan, Dasiyun, Martimbang lan Martimbul , Dul Genuk , Basuki, Kusman, mas Adi Waluya lan sapiturutipun. Wimbadi inggih tresna kaliyan Kenya ingkang ayu namanipun Kingkinarti. Piyambakipun ngarosaken benten nalika pepanggihan kaliyan Kingkinarti. Wimbadi nyuwun marang si Dulmanan supados piyambakipun saged cedhak kaliyan Kingkinarti. Wimbadi sampun nganggem pinten-pinten cara, nanging Kingkinarti mboten mendhel.

Paraga utama kang ana ing crita ing dhuwur yaiku . . .

a)

Dulmanan

b)

Dasiyun

c)

Wimbaldi

d)

Martimbang

e)

Kingkinarti

6.

..................................................................................

Wimbadi saiki wonten ing dusun sak kidulipun dusun Dringu. Wonten mriku Wimbadi sareng kaliyan pengugsi sanes. Wonten Dulmanan, Dasiyun, Martimbang lan Martimbul , Dul Genuk , Basuki, Kusman, mas Adi Waluya lan sapiturutipun. Wimbadi inggih tresna kaliyan Kenya ingkang ayu namanipun Kingkinarti. Piyambakipun ngarosaken benten nalika pepanggihan kaliyan Kingkinarti. Wimbadi nyuwun marang si Dulmanan supados piyambakipun saged cedhak kaliyan Kingkinarti. Wimbadi sampun nganggem pinten-pinten cara, nanging Kingkinarti mboten mendhel.

Setting panggonan kang ana ing crita ing dhuwur yaiku . . .

a)

Kidul desa

b)

Pengungsian kidul dusun Dringu

c)

Wetan desun Dringu

d)

Kidul pengungsian Dringu

e)

Kulon dusun Dringu

7.

..................................................................................

Wimbadi saiki wonten ing dusun sak kidulipun dusun Dringu. Wonten mriku Wimbadi sareng kaliyan pengugsi sanes. Wonten Dulmanan, Dasiyun, Martimbang lan Martimbul , Dul Genuk , Basuki, Kusman, mas Adi Waluya lan sapiturutipun. Wimbadi inggih tresna kaliyan Kenya ingkang ayu namanipun Kingkinarti. Piyambakipun ngarosaken benten nalika pepanggihan kaliyan Kingkinarti. Wimbadi nyuwun marang si Dulmanan supados piyambakipun saged cedhak kaliyan Kingkinarti. Wimbadi sampun nganggem pinten-pinten cara, nanging Kingkinarti mboten mendhel.

Ing ngisor iki novel anggitane Suparta Brata yaiku . . .

a)

Putri Tirtagangga

b)

Kelangan Satang

c)

Priyayi Abangan

d)

Mungsuh Sardi

e)

Kadurakan ing Kidul Dringu

8.

Gatekna wacan ing ngisor iki!

Eluh Katur Simak

1964

.....................................

2005

Wektune lumaku terus, seprene wis ngentekake patang puluh kalender luwih. Apa aku wis dadi wong sukses? Ya mbuh, nyatane aku saiki wis duwe penghasilan kang ajeg, duwe omah, duwe bojo, duwe anak papat. Kabeh bisa dak sekolahke, lan kasil ngrampungake sinaune ing perguruan tinggi. Matur nuwun .....

Yen dipikir, kabeh mau mung amarga pambudidaya lan pandonga. Naning apa bener yen kabeh kang kasil dak ranggeh iku mung marga pambudidaya sarta pandonga thok? Ora! Mesti ana faktor X kang ndayani uripku dadi kaya saiki. Faktor X iki dak golekitekan endi-endijebul ketemune ora adoh. Jawabane pranyata amarga katresnan lan pangestune wong tuwa!

Bapak wis ngopeni, simak wis nyusoni lan ngeloni.

Yen kelingan patang puluh siji tahun kepungkur, prastawa lawang mineb dhewe merga kusene miring, mripatku isih krasa panas.

Yen simak isih sugeng, oh ... bakal tak rungkebi ampeyane, sedya tak wijiki nganggo eluhku. (Dening: Soenardi H.W., kapethik saka Panjebar Semangat, 20/2008)

Pesen kang kakandhut saka pethikan cerkak ing dhuwur , yaiku ....

a)

Bekti marang wong tuwa

b)

Sapa sing temen bakal tumemen

c)

Ngundhuh wohing pakarti

d)

Sapa sing salah bakal seleh

e)

Becik ketitik ala ketara

9.

Ide pokok kang ndhasari lakue crita ing novel diarani . ..

a)

Gagasan

b)

Tema

c)

Latar

d)

Alur

e)

Penokohan

10.

Novel iku saka basa italia yaiku novella kang nduweni teges .....

a)

Sawijining pawarta lan warta

b)

Sawijining pamaos lan cerita

c)

sawijining crita utawa pawarta

d)

Sawijining sastra lan karya

e)

Sawijining pengalaman kauripan

11.

Informasi kang nuduhake swasana ing kadadean ing crita kang kabeber yaiku

a)

latar panggonan

b)

latar swasana

c)

latar wektu

d)

latar maju

e)

latar mundhur

12.

alur kang nyritakake utawa nggambarake kahanan saiki kanthi sateruse diarani .....

a)

flash back

b)

regresif

c)

progresif

d)

imperatif

e)

naratif

13.

Nilai kang ndadeake wong luwih ngerti lan mahami panguripane wong liya, yaiku .....

a)

Nilai sosial

b)

Nilai etik

c)

Nilai spirit

d)

Nilai koleksi

e)

Nilai kultural

14.

Novel kang becik diwaca kanggo sampurnaning urip iku novel kang surasane bisa ngewongke pamacane. Kanthi maca novel jinis iki bisa ndandhakake rasa sampurna ing dhiri pribadine, yaiku ....

a)

Nilai sosial

b)

Nilai etik

c)

Nilai spirit

d)

Nilai koleksi

e)

Nilai kultural

15.

Gathekna pratelan novel iki kanggo mangsuli pitakonan sangisore!

...

“Wok, kowe wis nuduhake darma baktimu marang negara. Kowe pancen calon polisi sing hebat”, ngendikane pak jatmiko. Sajroning ati Bowo rumangsa mongkog dialem karo atasane. Nanging atine isih durung jenjem amarga dheweke durung mesthekake sapa pawongan kang ditembak wingi kuwi.

“Pak, wonten kawigatosan punapa kula dipuntimbali lewat Pak Dhukuh? Kok boten utusan kanca-kanca kemawon?”.

“ngene, wok. Layang kuwi asline saka rumah sakit kanggo kaluwargane rampog, sing mau bengi katembak nalika arep mlayu. Asil saka polisi penyelidhik, jebul sing katembak sikile mau bengi kuwi isih warga kedhung jati dhewe. Nalika ditakoni jenenge Budi Angkoro. Bareng polisi takon pak dhukuh, jebulane jare kuwi jenenge bapakmu. Bener pa?”

Ukara pungkasan sing dirungu saka ature pak Jatmika kuwi sing negesake menawa pawongan sing ditembak mau bengi ora liya ya bapake dhewe, Budi Angkoro. Rasa kaget campur isin, lan rasa-rasa liyane campur dadi siji. Atine krasa mengkeret lan jantunge kaya-kaya wus ora kuwat mompa getihe maneh.

...(wewadi alas pejaten, 22-23)

Konflik kang dirasake paraga utama yaiku .....

a)

Anak kang durhaka marang wong tuwa

b)

Polisi kang bisa asil nyekel rampog

c)

Warga Kedhung Jati kang kacekel dening polisi amarga ngrampog

d)

Dheweke ora ngira yen sing ditembak iku bapake dhewe

e)

Wong tuwa kang gawe ala kanthi dadi rampog

16.

...

“Wok, kowe wis nuduhake darma baktimu marang negara. Kowe pancen calon polisi sing hebat”, ngendikane pak jatmiko. Sajroning ati Bowo rumangsa mongkog dialem karo atasane. Nanging atine isih durung jenjem amarga dheweke durung mesthekake sapa pawongan kang ditembak wingi kuwi.

“Pak, wonten kawigatosan punapa kula dipuntimbali lewat Pak Dhukuh? Kok boten utusan kanca-kanca kemawon?”.

“ngene, wok. Layang kuwi asline saka rumah sakit kanggo kaluwargane rampog, sing mau bengi katembak nalika arep mlayu. Asil saka polisi penyelidhik, jebul sing katembak sikile mau bengi kuwi isih warga kedhung jati dhewe. Nalika ditakoni jenenge Budi Angkoro. Bareng polisi takon pak dhukuh, jebulane jare kuwi jenenge bapakmu. Bener pa?”

Ukara pungkasan sing dirungu saka ature pak Jatmika kuwi sing negesake menawa pawongan sing ditembak mau bengi ora liya ya bapake dhewe, Budi Angkoro. Rasa kaget campur isin, lan rasa-rasa liyane campur dadi siji. Atine krasa mengkeret lan jantunge kaya-kaya wus ora kuwat mompa getihe maneh.

...(wewadi alas pejaten, 22-23)

Andharan kang ora jumbuh karo isine pethikan novel ing dhuwur yaiku .....

a)

Budi Angkoro bapake Bowo

b)

Bowo ngrasa bombong campur bingung lan ora ngira nampa kahanan kang diadhepi

c)

Budi Angkoro kang katembak banjur seda ing rumah sakit

d)

Pak Jatmiko ngalem Bowo jalaran asil usahane bisa nglumpuhake rampog dhukuh Kedhung Jati

e)

Kang ngabari Bowo diundang atasane yaiku warga Dhukuh Kedhung Jati dudu kancane padha-padha polisi

17.

...

“Wok, kowe wis nuduhake darma baktimu marang negara. Kowe pancen calon polisi sing hebat”, ngendikane pak jatmiko. Sajroning ati Bowo rumangsa mongkog dialem karo atasane. Nanging atine isih durung jenjem amarga dheweke durung mesthekake sapa pawongan kang ditembak wingi kuwi.

“Pak, wonten kawigatosan punapa kula dipuntimbali lewat Pak Dhukuh? Kok boten utusan kanca-kanca kemawon?”.

“ngene, wok. Layang kuwi asline saka rumah sakit kanggo kaluwargane rampog, sing mau bengi katembak nalika arep mlayu. Asil saka polisi penyelidhik, jebul sing katembak sikile mau bengi kuwi isih warga kedhung jati dhewe. Nalika ditakoni jenenge Budi Angkoro. Bareng polisi takon pak dhukuh, jebulane jare kuwi jenenge bapakmu. Bener pa?”

Ukara pungkasan sing dirungu saka ature pak Jatmika kuwi sing negesake menawa pawongan sing ditembak mau bengi ora liya ya bapake dhewe, Budi Angkoro. Rasa kaget campur isin, lan rasa-rasa liyane campur dadi siji. Atine krasa mengkeret lan jantunge kaya-kaya wus ora kuwat mompa getihe maneh.

...(wewadi alas pejaten, 22-23)

Piwulang kang bisa dijupuk saka pethikan novel kasebut yaiku .....

a)

Dadi anak kang ngabekti marang wong tuwa

b)

Dadi wong tuwa kudu pangerten marang anak

c)

Dadi warga masyarakat becik patuh marang aturan ukum kang lumaku

d)

Dadi wong kang profesional kerja adhedhasar tugas pokok lan kuwajibane

e)

Yen dadi atasan kudu pangerten marang kahanan kang diadhepi bawahane

18.

Nulung Sedulur

Sawise lulus SMP, Sarno ora bisa nerusake sekolah jalaran wong tuwane ora duwe ragad. Sanajan nasibe kaya mangkono Sarno ora nglokro, tansah ikhtiyar kanthi sregep maca buku, majalah, lan liya-liyane supaya krawuhe saya mundhak pinter lan dewasa ngadhepi kahanan uripe. Bareng saya gedhe pikirane saya maju ora kalah karo kanca-kancane sing padha isih tetep sekolah. Sanajan wis ora sekolah anggone kekancan karo kancane sing isih sekolah tetep sumambung apik.

Sarno saiki duwe usaha anyar yaiku dadi tukang cukur. Usaha iki dilakoni kanthi seneng jalaran manut panemune Sarno, tukang cukur kuwi dudu pagaweyan sing nistha nanging malah mulya. Awit saka katrampilane dadi tukang cukur, wong dadi kathon ngganteng. Sarno miwiti usahane kanthi dadi tukang cukur jalaran usaha iki ora mbutuhake pawitan kang gedhe. Sarana kang dibutuhake mung gunting, peso, jungkat, kursi, pengilon, lan ubarampe liyane.

Kaya unen-unen : Sapa temen bakal tinemu, sapa obah mamah. Ikhtiyar Sarno diridlani dening Gusti. Akeh wong kang padha teka lunga anggone njaluk tulung Sarno supaya dicukur. Sarno ora tahu ngarani upah kang dibayarake sing padha cukur, amung sapawehe. Pakarti kang kaya ngene iki kang njalari wong-wong padha seneng cukur menyang nggone Sarno. Awit kekuwatane wong kuwi beda-beda mula ya ana sing menehi kanthi murwat uga ana sing sethithik. Kabeh mau ditampa dening Sarno kanthi lila legawa tanpa ngresula. Ing atine Sarno, kajaba usaha kuwi dalane rejeki uga bisa kanggo sarana tetulung marang tangga teparo.

***

Wos surasane alenia 1 wacan ing dhuwur yaiku . .

a)

Lulus SMP, Sarno ora bisa nerusake sekolah

b)

Sarno ora kalah karo kancane sing tetep padha sekolah

c)

Sarno bocah pinter lan pikirane maju

d)

Wong tuwane Sarno ora duwe ragad

e)

Sarno tansah ikhtiyar kanthi sregep maca buku

19.

Nulung Sedulur

Sawise lulus SMP, Sarno ora bisa nerusake sekolah jalaran wong tuwane ora duwe ragad. Sanajan nasibe kaya mangkono Sarno ora nglokro, tansah ikhtiyar kanthi sregep maca buku, majalah, lan liya-liyane supaya krawuhe saya mundhak pinter lan dewasa ngadhepi kahanan uripe. Bareng saya gedhe pikirane saya maju ora kalah karo kanca-kancane sing padha isih tetep sekolah. Sanajan wis ora sekolah anggone kekancan karo kancane sing isih sekolah tetep sumambung apik.

Sarno saiki duwe usaha anyar yaiku dadi tukang cukur. Usaha iki dilakoni kanthi seneng jalaran manut panemune Sarno, tukang cukur kuwi dudu pagaweyan sing nistha nanging malah mulya. Awit saka katrampilane dadi tukang cukur, wong dadi kathon ngganteng. Sarno miwiti usahane kanthi dadi tukang cukur jalaran usaha iki ora mbutuhake pawitan kang gedhe. Sarana kang dibutuhake mung gunting, peso, jungkat, kursi, pengilon, lan ubarampe liyane.

Kaya unen-unen : Sapa temen bakal tinemu, sapa obah mamah. Ikhtiyar Sarno diridlani dening Gusti. Akeh wong kang padha teka lunga anggone njaluk tulung Sarno supaya dicukur. Sarno ora tahu ngarani upah kang dibayarake sing padha cukur, amung sapawehe. Pakarti kang kaya ngene iki kang njalari wong-wong padha seneng cukur menyang nggone Sarno. Awit kekuwatane wong kuwi beda-beda mula ya ana sing menehi kanthi murwat uga ana sing sethithik. Kabeh mau ditampa dening Sarno kanthi lila legawa tanpa ngresula. Ing atine Sarno, kajaba usaha kuwi dalane rejeki uga bisa kanggo sarana tetulung marang tangga teparo.

Wos surasane alenia 2 wacan ing dhuwur yaiku . . .

a)

Dhuwit asile nyukur kanggo nyukupi kabutuhane, uga kanggo mbantu wong tuwane

b)

Sarno saiki duwe usaha anyar yaiku dadi tukang cukur

c)

Tukang cukur kuwi dudu pagaweyan sing nistha nanging malah mulya

d)

Sarno miwiti usahane kanthi dadi tukang cukur jalaran usaha iki ora mbutuhake pawitan kang gedhe

e)

Sarana kang dibutuhake mung gunting, peso, jungkat, kursi, pengilon, lan ubarampe liyane.

20.

Tegese ukara “Sapa temen bakal tinemu” yaiku . . .

a)

Sapa sing gelem usaha bakal sugih uripe

b)

Sapa sing gelem usaha bakal kelakon sing dikarepake

c)

Sapa sing gelem usaha temenan bakal ketekan apa sing dikarepake

d)

Sapa sing gelem usaha bakal mulya uripe

e)

Sapa sing gelem usaha bakal seneng uripe

21.

perangan novel kang nggambarake karakter kanggo paraga/pelaku yaiku.....

a)

tema

b)

setting

c)

punjering crita

d)

alur/plot

e)

penokohan

22.

perangan novel kang ngatur rerangkening/cengkoronganing prastawa utawa kadadeyan yaiku ....

a)

tema

b)

setting

c)

punjering crita

d)

alur/plot

e)

penokohan

23.

perangan novel kang minangka latar belakang kang mbantu cethaning laku crita ngemot wektu, papa/panggonan sosial budhaya yaiku .....

a)

tema

b)

setting

c)

punjering crita

d)

alur/plot

e)

penokohan

24.

pardi entuk peran mragakake dadi anake wong mlarat, nanging duwe sikep kalem, seneng tetulung, prasaja, yen guneman alus. pratelan kasebut ing perangan novel kang diarani .....

a)

tema

b)

setting

c)

punjering crita

d)

alur/plot

e)

penokohan

25.

umur-umure watara patang puluh taun, nanging praupane katon tuwa banget. pawakane cilik dhuwur. ulate anyep tanpa greget. nanging sorot mripate tajem kaya kuwawa nembus kahanan jagadliya. rambute dawa ikel, brengose kandhel, kuwe godheg lan jenggot ketel sarwa kruwel-kruwel. sandhangane uga pating srandhul ora karu-karuan. kala-kala nganggo sorban, mrana-mrene seneng ndlamak tanpa lambaran sikil. sing ora keri, Gus Panut tansah nggawa kamplik ireng mblandhus disampirna pundhak.

perangan utawa unsur kang dominan ing wacan yaiku .....

a)

basa

b)

latar

c)

tema

d)

paraga

e)

alur