NEW
Font size
WorksheetsUlangan "Uyon-uyon"
Total questions: 25
Worksheet time: 25mins
Perangkat gamelan ingkang ginanipun ngatur wirama inggih punika .....
gender
kendhang
demung
bonang
peking
Gamelan saged dipundamel saking .....
kajeng
waja
emas
kuningan
perak
Perangkat gamelan ingkang ginanipun mbuka gendhing inggih punika .....
gender
kendhang
demung
peking
bonang
Ingkang boten kalebet lelagon/gegendhingan ing oyon-uyon inggih menika .....
pathet
ketawang
slepeg
lancaran
palaran
Perangkat gamelan ingkang kadamel saking wilahan kajeng inggih punika .....
gender
kendhang
demung
gambang
rebab
Perangkat gamelan ingkang kadamel saking walulang inggih punika .....
gender
peking
demung
bonang
kendhang
Perangkat gamelan ingkang fungsinipun kangge mangku lagu inggih punika .....
kempul
kendhang
demung
kenong
bonang barung
Perangkat gamelan ingkang cara nabuhipun kanthi dipunkosok inggih punika .....
gender
kendhang
demung
bonang
rebab
Raos thinthinganipun swanten andhap ngantos swanten inggil dipunwastani .....
cakepan
titilaras
laras
dhong dhing
gerong
salah satunggaling tokoh uyon-uyon ingkang misuwur inggih menika .....
Didi Kempot
Ki Hadi Sugito
Manteb Sudarsono
Manthous
Ki Narto Sabda
Jenenge perangan gamelan iki yaiku....
saron
peking
slenthem
demung
gambang
perangan gamelan ing ngisor iki, sing iramane paling dhuwur yaiku...
slenthem
saron
demung
peking
gender
Perangan thuthuk'e gamelan saron yaiku...
Pasangane perangane gamelan iki yaiku....
Perangan gamelan kang diarani kempul yaiku...
Titilaras gamelan wonten 2 inggih punika laras slendro kaliyan pelog. gamelan slendro titilarasipun inggih punika .....
1 2 3 4 5 6 7
1 2 3 4 5 6 i
1 2 3 5 6 i
1 2 3 5 6 7
1 2 3 4 5 7 i
Cakepan inggih punika .....
lak-luking swara kanggo nglagoakake tembang
tembang kanggo mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan
tembang kang dilagokake bareng karo gamelan kanggo mbarengi gendhing
syair tetembungan kang dienggo ing tembang
unen-unen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning gendhing
Ingkang dipunwastani senggakan inggih punika .....
syair tetembungan kang dienggo ing tembang
unen-unen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning gendhing
tembang kanggo mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan
tembang kang dilagokake bareng karo gamelan kanggo mbarengi gendhing
lelagoning gamelan kawangun saking mawarni aspek gamelan
Ricikan gamelan ingkang kalebet balungan inggih punika .....
slenthem, gender, gambang
gong, slenthem, gambang
siter, gong, kendhang
rebab, siter, suling
demung, saron, peking
Ricikan gamelan ingkang wujud kawatan kados siter lan celempung dipunungelaken kanthi cara .....
dipetik
dithuthuk
dijagur
dikesek
didamu
Ing ngandhap menika tuladha tetembangan uyon-uyon inggih menika .....
Ladrang Santi Mulyo
Sewu Kutho
Banyu langit
Sinom Logondhang
Yen Ing Tawang Ana Lintang
Gamelan Sekaten ingkang wonten ing Kraton Ngayogyakarta inggih menika .....
KK. Guntursari
KK. Gunturmadu
KK. Medharsih
KK. Kebo Ganggang
KK. Harjanagara
Gamelan Kraton Ngayogyakarta Ingkang kaanggit dening Sri Sultan Hamengkubuwana I inggih menika .....
KK. Medharsih
KK. Guntursari
KK. Harjanagara
KK. Nagawilaga
KK. Gunturmadu
Ingkang boten kalebet piyantun ingkang nembang ing uyon-uyon inggih menika .....
sindhen
wiraswara
swarawati
panggerong
wiyaga
Ingkang boten kalebet piwulang luhur saking tembang Gugur Gunung inggih menika .....
nyambut gawe kanthi pamrih
mulangake gotong royong
urip guyup rukun
lila legawa kanggo negara
nyambut gawe bebarengan supaya enggal rampung
