wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

uh basa rinengga

Total questions: 50

Worksheet time: 24mins

Name
Class
Date
1.

Waahh!!

Isih cilik kok ...... ana apa wae sing bisa dijupuk ya jupuk.


Tembung sing trep kanggo ngisi ceceg - ceceg ing dhuwur iku ...

a)

dawa tangane

b)

lunyu ilate

c)

adus kringet

d)

rai gedheg

e)

Gedhe endase

2.

ukara kang ngemu basa rinengga yaiku...

a)

sedina natas udane ora uwis uwis

b)

agemane bapak diampil budhe

c)

saben dina panggaweane mung nuthuk watu

d)

pancen ya bocahe ya ayu, tur solah tingkahe nyenengake

e)

dhasar gandes luwes yen nganggo busana sarwa pantes

3.

ukara ing ngisor iki kang ngemot tembung entar yaiku....

a)

sapa sing salah kudu ngalah

b)

yen mangsa udan dalane lunyu banget, mula kudu ati ati

c)

tangane bocah iku dwa sisih, cacat kawit lair

d)

bocah iku pancen lunyu ilate, mula didohi kancane

e)

polatanr katon sumringah

4.

basa rinengga iku jinise akeh, kang dudu kalebu jenis basa rinengga yaiku....

a)

tembung entar

b)

wangsalan

c)

saloka

d)

geguritan

e)

pepindhan

5.

unen unen kang ngemu teges bedhekan utawa cangkriman nanging dibatang dhewe, diarani.....

a)

pepindhan

b)

wangsalan

c)

cangkriman

d)

parikan

e)

bebasan

6.

Tembung entar sing nduweni teges : omongane mencla - mencle, iku ...

a)

dawa tangane

b)

Lamis lambene

c)

lunyu ilate

d)

Jembar segarane

e)

Landhep pikire

7.

Tegese tembung entar, rai gedheg, yaiku ...

a)

Wong kang ora nduweni isin

b)

wong kang nduweni rupa kurang apik

c)

wong kang sifate kayak gedheg

d)

wong kang nduweni isin

e)

Wong kang ala kayak gedheg tpi nduweni sifat becik

8.

Ing ngisor iki sing kalebu titikane teks sastra yaiku...

a)

asipat denotatif

b)

nduweni teges kang padha karo bausastra

c)

anggone maknani tetembungan tartamtu asipat multitafsir

d)

asipat lumrah

e)

nggunakake basa kang normatif

9.

salah sawijine sipat saka basa rinengga yaiku simbolik. basa kang sipate simbolik tegese...

a)

tegese wis mentar saka bausastra

b)

tegese jumbuh karo bausastra

c)

bisa dingerteni saka gayutane lan konteks panyengkuyunge

d)

tembung-tembunge akeh sing migunakake basa kawi

e)

tembung-tembunge ngandhung pasemon sing kudu dimaknai

10.

tembung-tembung kang uwis ora padha tegese sakawit lan nuwuhake teges anyar diarani...

a)

entar

b)

pepindhan

c)

bebasan

d)

wangsalan

e)

paribasan

11.

tembung kang karakit saka rong tembung sing tegese meh padha lan bisa nuwuhake makna kang luwih teges diarani...

a)

kawi

b)

purwakanthi

c)

Saroja

d)

saloka

e)

pepindhan

12.

jinising basa rinengga kang titikane utawa ciri-cirine nganggo tembung kaya,lir, kadya, lan liya-liyane kang ngemu teges kaya diarani...

a)

purwakanthi

b)

bebasan

c)

saloka

d)

pepindhan

e)

paribasan

13.

tembung-tembung ing ngisor iki kang ora klebu tembung kawi yaiku...

a)

sasana

b)

taksaka

c)

tyas

d)

kayun

e)

banyu

14.

bab kang wigati kanggo ndemonstrasekake teks basa rinengga kajaba...

a)

swarane gunem namung bisa dirasakake dhewe

b)

nglarasake karo gendhing pangiring utawa titen gendhing

c)

napas katata

d)

cetha pocapane

e)

swarane sareh lan ora kesusu

15.

ukara ing ngisor iki kang kalebu basa rinengga yaiku...

a)

Kowe iki nek mangan kok kemlothek sajake kesusu tenan.

b)

Nalika wis bali tekan omah aja lali gek ndang ngasuh.

c)

Padha karo kowe nek babagan tresna, aku ya mung melu-melu wae.

d)

Pancen tenan nek bisa dadi patuladhan wong saben dinane tansah sinau.

e)

Sadar nek wis telat, ing dalan Budi mlayu-mlayu kaya kidang diuber singa.

16.

ukara ing ngisor iki kang ngemot tembung entar yaiku...

a)

sapa sing salah kudu ngalah

b)

polatane katon sumringah amarga nembe entuk beasiswa saka sekolah

c)

sikile bocah kuwi dawa sisih, cacat mulai cilik

d)

saiki lagi mangsa udan, kamangka dalane lunyu tenan mula sing ngati-ati

e)

bapak nek kerja nganti adus kringet, kemlucur tenan

17.

saka ukara ing ngisor iki kang klebu jinis purwakanthi guru swara yaiku...

a)

ngrukti bumi nastiti murih lestari

b)

ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa

c)

runtang-runtung rerentengan

d)

kinasihan kadya mimi lan mintuna

e)

rinengga ing busana kang edi endah

18.

sih kinasihan kaya angganing mimi lan amintuna.


tembung kang digaris ngisor kuwi klebu basa rinengga jinis...

a)

paribasan

b)

saloka

c)

Bebasan

d)

Saroja

e)

Wangsalan

19.

tuladhane tembung saroja yaiku...

a)

dawa tangane, adus kringet

b)

putih memplak, ayem tentrem

c)

gagah prakosa, gedhe endhase

d)

dhuwure kaya otak-otak mega

e)

colong jupuk, tipis lambene

20.

rinengga ing busana edi endah.


tembung kang digaris isore kuwi tegese...

a)

endah banget

b)

katon semburat

c)

ora resik

d)

sarwa tresna

e)

gumlegar banget

21.

kang diarani makna konotasi ing sajrone teks sastra yaiku...

a)

makna kang jumbuh karo bausastra

b)

makna kang blegere katon nyata

c)

makna kang ora padha karo sanyatane

d)

makna kang mirunggan

e)

makna kang biasa wae

22.

ancasing gawe basa rinengga salah sawijine yaiku...

a)

supaya makna tembunge ora bakal ana sing ngerti

b)

kanggo narik kawigaten amarga basane endah

c)

gawe jlimet tiyang sing maca

d)

ngurangi basa kang ora prelu digawe

e)

supaya kahanane ora katon endah

23.

ukara sing ngemu basa rinengga yaiku...

a)

seina natas udane ora uwis-uwis

b)

ageane bapak diampil pakdhe

c)

saben dina pengaweyane mung nuthuki gamelan

d)

pancen bocahe ayu banget tur tindak tanduke ngayem-yemi ati

e)

tanpa obah apa kowe bisa mamah?

24.

Gebyar-gebyar pating pancurat pating cumlorot kadya taranggana silih sasana, agemane sri panganten sarimbit.


ukara kang digaris ngisore kuwi minangka gambarane klambi kang digawe manten sarimbit kaya...

a)

gumebyar kaya cahyane rembulan kang lagi ndadari

b)

klambine sri panganten cahyane kaya lampu sokle cumlorot

c)

gumebyar kaya inten kang kena sunare srengenge

d)

gumebyar kaya kalapis emas

e)

gumebyar kaya cahyane lintang kang alihan

25.

swaramu tansah ngayem-yemi tyasing dhiri.

tembung kang digaris ngisore kuwi tegese...

a)

pikiran

b)

badan

c)

rambut

d)

tangan

e)

ati

26.

Kolik priya priyagung Anjani putra.

ukara ing ndhuwur kuwi klebu basa rinengga jinis...

a)

purwakanthi guru lumaksita

b)

saloka

c)

purwakanthi guru sastra

d)

paribasan

e)

pepindhan

27.

paragraf kang nggunakake tetembungan basa rinengga yaiku...

a)

UKS kuwi kudu lengkap fasilitase, sokur ana dokter lan pengawase sing kalamangsa nunggoni UKS. Kader kesehatan uga kudu ana supaya ana calon-calon penerus tenaga medis.

b)

Ing area sekolah kudu akeh wit-witan kang cukup gedhe sokur yen uga ngasilake uwoh. Wit-witan ditandur ana ing plataran ngarep, antarane gedhung, mburi sekolah, pinggir dalan, lan liya-liyane.

c)

Biyen ora ana sing ngelirik nanging saiki malah dadi rebutan. Misuwure nganti ora sadar menawa tanduran iki ana upase. Tanduran iki kena dianggo bahan bakar biodiesel, tanduran pelindung, obat, insektisida, lan liyane.

d)

Saiki sawise ndonya ruangsa kekurangan bahan bakar minyak, merga cadangane minyak wis entek. Mangkane kita kudu wicaksana nggunakake bahan bakar minyak supaya ora cepet entek.

e)

Sawise pikirane kagelar kagulung, Dewi Sedhah Merah wis manteb nedya nduwa kersane ramane yen nganti dheweke arep kadhaupake klawan patih Jatasura.

28.

Tembung krikil yen dikretabasakake tegese yaiku .....

a)

Keri banget

b)

Keri ing sikil

c)

Krasa keri

d)

Keri tuku kikil

29.

Ing ngisor iki tuladha paribasan sing tegese amarga tingkah polah nake wong tuwa dadi rekasa, yaiku .....

a)

Bapa polah anak kepradah

b)

Kriwikan dadi grojogan

c)

Anak polah bapa kepradah

d)

Sapa salah bakal seleh

30.

Tuladha tembung ing ngisor iki sing bisa dikretabasakake yaiku .....

a)

Wanita

b)

Nelangsa

c)

Sregep

d)

Sindu

31.

Wong sing njarak marani bebaya, salokane yaiku .....

a)

Kebo bule mati setra

b)

Kebo lumumpat ing palang

c)

Blilu tau pinter durung nglakoni

d)

Kutuk marani sunduk

32.

Iwak kalebu ing wuwu menawa ditegesi yaiku .....

a)

Wong sing golek panguripan

b)

Wong sing golek iwak

c)

Wong sing gampang ngapusi

d)

Wong sing oleh rejeki gedhe

33.

"Warga Desa Mojotrisno ayem tentrem lan guyub rukun. Kabeh padha seneng tetulung marang sapadha"


Tembung ayem tentrem lan guyub rukun kalebu tembung...

a)

Entar

b)

Saroja

c)

Bebasan

d)

Kawi

e)

Paribasan

34.

"Pak Tarno adus kringet kanggo nguripi kaluwarga lan nyekolahke anake.


Tembung adus kringet kalebu tembung...

a)

Entar

b)

Saroja

c)

Wangsalan

d)

Paribasan

e)

Bebasan

35.

Ayu lan baguse pawongan ora dideleng saka rupane, nanging tyas e kang suci.


Tembung tyas kalebu tembung kawi, kang tegese...

a)

Jiwa

b)

Ati

c)

Kabecikkan

d)

Bandhane

e)

Kapinterane

36.

Ayu lan baguse pawongan ora dideleng saka rupane, nanging tyas e kang suci.


Tembung tyas kalebu tembung kawi, kang tegese...

a)

Jiwa

b)

Ati

c)

Kabecikkan

d)

Bandhane

e)

Kapinterane

37.

Ing ngisor iki kang kalebu tembung entar yaiku...

a)

Colong Jupuk

b)

Cilik atine

c)

Alus tangane

d)

Jembar latare

e)

akal budi

38.

Biyasane basa rinengga digunakake ana ing ngisor iki, kajaba...

a)

Geguritan

b)

Artikel

c)

Panyandra Manten

d)

Lagu utawa tembang

e)

Parikan

39.

Ana dina, ana upa

ana awan, ana pangan


unen-unen ing ndhuwur kalebu purwakanthi guru...

a)

swara

b)

lagu

c)

gatra

d)

sastra

e)

basa

40.

Taberi nastiti lan ngati-ati, meski bakal dadi


unen-unen ing ndhuwur kalebu purwakanthi guru...

a)

Swara

b)

Sastra

c)

Basa

d)

Lagu

e)

Gatra

41.

Kembang-kembang werna-warni ing taman. Kupu padha miber nambahi sesawangane taman katon edi.......

a)

peni

b)

endah

c)

ijo

d)

subur

e)

werna

42.

tingkah polahe anak ditanggung dening wong tuwa, bebasane....

a)

kebo nyusu gudel

b)

anak polah bapa kepradah

c)

bapa polah anak kepradah

d)

ana catur mungkur

e)

tulung menthung

43.

mikul nduwur mendhem jero. tegese........

a)

njunjung drajate wong tuwa

b)

ora gelem cawe-cawe sethithik wae

c)

tingkahe anak dadi tanggung jawabe wong tuwa

d)

saben desa nduwe cara dhewe

e)

bocah ayu/ bagus tur apik budi pekertine

44.

Isinen ceceg-ceceg gawe tembung sing trep!!


Patih Gajahmada mimpin kerajaan ..... saengga rakyat padha bungah.

a)

ayem tentrem

b)

gagah prakoso

c)

adil wicaksana

d)

carut marut

e)

Campur bawur

45.

Isinen ceceg-ceceg gawe tembung sing trep!!


Dewi Gendari nglahirake .... ora mung siji, nangging cacahe langsung 100, kang biasa kasebut Kurawa.

a)

sato kewan

b)

jabang bayi

c)

Icik iwir

d)

ayem tentrem

e)

gagah prakosa

46.

Coba pilihen salah siji kang kalebu purwakanthi swara.

a)

bobot, bibit, bebet

b)

sluman, slumun, lan slamet

c)

inggih Inggih nanging mboten kepanggih

d)

kula sakmangke kelas kalih, kalih rencang kula sampun kulina

e)

Tata titi tatag lan tutug

47.

Yen mengko awakmu arep golek pasangan urip aja nganti lali di pirsani bibit, bebet, bobot.


Tegese bibit, bebet, lan bobot yaitu

a)

Cikal bakal keturunan, ilmu kang diduweni, lan cara pola asuh ing keluwargane

b)

Cikal bakal keturunan, kaya kang di duweni lan cara pola asuh ing keluwargane

c)

Cikal bakal keturunan, ilmu kang diduweni, lan abote awake

d)

Harta kang di duweni, ilmu kang diduweni, lan cara pola asuh ing keluwargane

e)

Abote bobot awake, ilmu kang diduweni, lan cara pola asuh ing keluwargane

48.

Tegese saka unen-unen

Tata titi tatag lan tutug, yaiku ....

a)

ngelakokke kudu dilakokake kudu yakin, kudu nganti-ati, kudu di lakokake ngantuk rampung, lan kudu di tata

b)

kudu nganti-ati, ngelakokke kudu nata, kudu di lakokake ngantuk rampung, lan dilakokake kudu yakin

c)

ngelakokke kudu nata, kudu nganti-ati, dilakokake kudu yakin, lan kudu di lakokake ngantuk rampung

d)

ngelakokke kudu nata, kudu nganti-ati, kudu di lakokake nganti rampung, lan dilakokake kudu yakin

49.

bapak pucung dudu watu dudu gunung sangkamu ing sabrang ngon-ingone sang bupatiyen lumampah, si pucung lembehan grana. Batangane tembang ing dhuwur yaiku ....

a)

gajah

b)

Semut

c)

macan

d)

sepur

e)

Mobil

50.

kang diarani makna konotasi ing sajrone teks sastra yaiku...

a)

makna kang jumbuh karo bausastra

b)

makna kang blegere katon nyata

c)

makna kang ora padha karo sanyatane

d)

makna kang mirunggan

e)

makna kang biasa wae