NEW
Font size
WorksheetsBAHASA JAWA
Total questions: 40
Worksheet time: 1hrs 20mins
Gatekna tembang Pangkur iki:
Saka pada ing dhuwur gatra Mingkar mingkuring angkara ateges supaya nyingkiri tumindak kang ala. Dene
amanat kang kamot saka tembang ing dhuwur, yaiku….
Agama kanggo uripe manungsa kang becik
Nguri-uri budaya Jawa supaya dadi becik
Manungsa prayogane tansah tumindak becik
Tumindak becik menawa seneng marang liyan
Tansah eling lan waspada supaya dadi becik
Paugerane Tembang Pangkur yaiku...
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
8a,8i,8a,8i,7i,8u,7a,8i,12a
8a, 11u, 8u, 7i,12u, 8a, 8i
8a,8i,8a,8i,7i,8u,7a,8i,12i
8a,8i,8a,8a,7i,8u,7a,8i,12a
Gatekna tembang Pangkur iki:
Makna utawa
werdine tembung mardi siwi yaiku...
Ngudi ilmu
Ndidik anak
Ngadohi angkara murka
Sinau tata krama
Nuladha tmindak becik
Pesen kang kinandhut saka pethikan cerkak ing dhuwur, yaiku ...
Kudu temen anggone nyambut gawe
Tansah bekti marang guru
Sapa sing bekti bakalekasil
Becik ketitik ala ketara
Bekti marang wong tuwa
Gatekna pawarta ing ngisor iki!
1. Provinsi Jawa Barat terus diusahake dadi salah siji pusat industri hulu nganti hilir sing strategis.
2. Panangen infrastruktur ngrupa dalan tol, dalan rel kereta, pelabuhan lan bandara neng Jabar sisih wetan diaji nyepetake berkembange industri lan nggeret investasi ana provinsi kesebut.
3. Menteri Perindustrian Saleh Husin optimis banget, tambahan infrastruktur kuwi bakal nglancarake lajune lintas logistik, barang mentah, lan dadi lawang ekspor kanggo produk industri neng Jawa Barat.
4. “Saka pirang-pirang ketemuan karo para investor, dekne kabeh nduwe minat kuwat kanggo mbangun pabrik lan ekspansi mrana.
5. “Yen sadurunge industri Jabar konsentrasine neng sisih kulon, kaya Bekasi ugo Karawang utawa cedhak-cedhak Jakarta kana, menyang tahun ngarep dekne kabeh mesti bakal geser menyang wetan amarga infrastruktur wis ndukung banget kaya dalan tol, pelabuhan lan lapangan pesawat neng
Majalengka,” ngendikan Saleh dina Rabu 13 Januari 2016
Sing nelakake unsur kapan yaiku ukara nomer ....
1
2
3
4
5
Pendhapa yaiku perangan yasan umah
adat Jawa anane ing sisih paling ngarep. Pendhapa iki racake kaperang dadi 2 yaiku pendhapa agung utawa pendhapa gedhe lan nduwe ukuran sing jembar banget, tanpa sekat, tanpa tembok uga tanpa lawang.Pendhapa kuwi kanggo nerima tamu-tamu agung, pertemuan-pertemuan resmi, kanggo pagelaran kesenian
uga upacara adat.Duwe makna sipat pradah, sipat iki antarane lapang dhadha, ramah tamah lan pemurah, uga mesthi bisa lan siyap nerima tamu. Makna liyane saka yasan iki ya iku momot utawa sanggup nampung apa wae uga kalebu sanggup nampung lan ngatasi kabeh masalah sing timbul.
Omah adat Jawa salah sijine duwe pendhapa, gunane pendhapa miturut teks ing dhuwur yaiku ....
Nampa tamu agung, pasawuan resmi, papan ngaso keluarga
Nampa dhayoh, pasamuan kantor, panggonan asil panen
Nampa tamu agung, rapat resmi, pagelaran kesenian
Maradhayoh, panggonan gamelan, upacara adat
Nampa dhayoh, upacara adat, pagelaran seni
Setitekna wacan wayang ing ngisor iki banjur wangsulana pitakone!
Bratasena
Rikala lair, Raden Bima awujud bungkus. Ora ana senjata sing bisa digunakake kanggo mbedhah si bungkus. Babagan iki njalari dhuhkitane rama lan ibune, yaiku Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi. Wisiking dewa, sang bungkus didhawuhake kaguwak ing alas Krendawahana. Prabu Pandhu manut dhawuhe para Dewa. Nanging, nganti mataun-taun bayi bungkus ora pecah-pecah, kepara malah glundhang-glundhung mrana-mrena ndadekake para sato kewan padha mlayu. Para jim uga padha kaganggu. Ing Suralaya, Bathara Guru ngutus Dewi Uma supaya nggladhi kawruh babagan kautaman marang sang bayi. Saliyane iku, Dewi Uma uga diutus
paring busana arupa cawat bang bintulu abrit, pupuk, sumping, gelang, porong, lan kuku Pancanaka. Bathara Guru uga nimbali putrane kang awujud gajah, aran Gajah Sena. Gajah sena tekun lan sabar anggone tapa supaya ing tembe bisa nyawiji karo satriya utama. Gajah Sena kautus mecah bungkuse si bayi. Bayi dibanting sarosane lan bungkuse dijojoh nganggo gadinge. Wusanane bungkus bisa bedhah. Bayi Raden Bima ora mati, malah mundhak gedhe lan santosa. Gajah Sena nuli kabanting. Roh lan daya kekuwatane gajah Sena banjur manjing ing anggane Raden Bima. Mula Raden Bima uga kondhang kanthi jeneng Bimasena utawa Bratasena.
Amanat sing bisa dijupuk saka sempalan crita ing ndhuwur yaiku...
Manut marang dhawuhe Bathara Guru
Wong tuwa tansah mrihatinake nasibe putrane
Para dewa mesthi paring wisik marang kabeh perkara kadonyan
Kudu njaga katentreman ing urip masyarakat
Bayi bungkus kudu dibuwang menyang alas supaya bisa slamet
Gatekna wacan ing ngisor iki!
Mudhi dhawuhipun ingkang amengku karsa, ibu saha bapak Drs. Amat Jais Hadikusuma niwah gora kulawarga, kaparenga kula anglantaraken lampahing pahargyan penganten 25 warsa palakrama ibu saha bapak Drs. Amat Jais Hadikusuma
Pethikan teks pranatacara ing dhuwur, kalebu bagian....
Salam pambuka
Panutup
Surasa Basa
Dedonga
Pambuka
Nuwun, para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu kinurmatan. Para bapak, ibu ingkang kula kurmati, saha para kadang mudha ingkang kula tresnani.
Perangan pindhato ing ndhuwur arane....
Ajakan syukur
Panutup
Isine sesirah
Atur pakurmatan
Atur panuwun
Panganan iki saka pohung sing diparut, diwenehi gula Jawa lan parutan kambil ing ndhuwure, rasane legi. Apa jenenge panganan ing ndhuwur?
Gathot
Sawut
Klepon
Cenil
Gethuk
Setitekna sempalan novel ing ngisor iki!...
Ing Laladan Kledhung iki kondhang atise. Dhasar angine sumribit, ditambah gremise tanpa kendhat,wis mesthi atise tikel. Wis kahanane kaya mangkono, wayah jam rolas kaya saiki, tur srengengene jumepret wae hawane meksa adhem.Luwih-luwih tumrap wong saka njaban rangkah.
Latar wektu miturut sempalan novel “Montor Mogok” kasebut yaiku ...
esuk
awan
sore
bengi
surup
Setitikna pethilan Novel ing ngisor iki!
Restoran Tong Sien kondhang ora mung merga masakane cina mirasa lan ngijeni,nangging uga marga sing ngladeni wong wadon-wadon ayu rok-rokan,bengesan abing-abing.Wiwit jaman nippon,wis arang wong Jawa rok-rokan lan bengesan.Jaman Mardika ora lumrah wong wadon bengesan.Sing dodol lipstik uga ora ana.Bareng Walanda ngejeki kutha,barang-barang sing asat ing toko metu kabeh,kaya ta cita kembang,sabukatom, lan dompet plastic(istilahe Rya atom),potlod.Peladen restoran Tong Sien sajake iya disandhangi mawa barang-barang gawean Walanda,malah wis ana sing mbrintikake rambut barang.
Miturut pethilan crita Novel ing nduwur, latar panggonan kang ana ing crita kuwi, yaiku....
Jaman Nippon
Jaman Mardika
Walanda
Restoran Tong Sien
Wong wadon
Siraman
Ubarampe ingkang kedah disiapaken awujudipun toya sekar setaman, inggih punika toya ingkang kapendhet saking 7 sumber toya mata air ingkang disukani sekar setaman inggih menika mawar, melati kaliyan kenanga. Ingkang gadhahi tahap punika :
- Calon pengantin nyuwun donga pangestunipun kaliyan kekalih tiyang sepuh.
- Calon mantunipun lenggah ing tikar pandan papan siraman.
- Calon penganten disiram kaliyan pini sepuhipun, tiyang sepuhipun, lsp.
- Disiram ngangge toya kendhi kaliyan bapak ibunipun kaliyan dicuraken ing rai, sirah lanawakipun calon penganten. Menawi toya kendhinipun telas, kendhinipun lajeng dipecah kaluyan ngunjukake “niat ingsun ora mecah kendhi, nanging mecah pamore anakku wadon”.
“Ubarampe ingkang kedah disiapaken awujudipun toya sekar setaman”
Tembung kang kacithak kandel duweni teges ....
Toya ingkang kapendhet saking sarine kembangwerna 7
Toya ingkang kapendhet saking 7 sumber toya mata air ingkang disukani sekar saktaman
Toya ingkang kapendhet saking 7 sumber toya mata air ingkang disukani sekar sakbungkus taman
Toya ingkang kapendhet saking 7 sumber toya mata air ingkang disukani sekar werna 7
Toya ingkang kapendhet saking 7 sumber toya mata air ingkang disukani sekar setaman
Setitikna teks ing ngisor iki!
Tlatah Jawa iku ora bisa uwal saka upacara sakral adat Jawa. Salah sijine yaiku babagan upacara temanten adat Jawa. Upacara temanten Jawa iku duweni rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara temanten iki nglambangake sapatemonan ing antarane penganten putri lan penganten kakung ing kahanan sing mligi kaya dene raja lan ratu. Rantaman adicara temanten adat Jawa ing saben laladan iku beda miturut kahanan ekonomi saben kulawarga. Salah sijine upacara temanten Jawa yaiku upacara paningset. Upacara paningset yaiku peranganing upacara temanten kang tegese naleni lan duweni ancas yen calon penganten wanita wis nampa paningset saka calon penganten kakung. Ubarampe kang utama utawa inti ana ing upacara paningset utawa naleni yaiku ....
Kalpika kencana
Centhung
Cundhuk mentul
Gelang binggel
Kalung sungsun
Valentino mulih bareng Bima Gazali
Palentino mulih bareng Imam Gazali
Palentino mulih karo Imam Gazali
Valentin mulih bareng Imam Ghazali
Valentino mulih bareng Imam Ghazali
Fatimah Prakerin neng toko kharisma.
Fatimah PKL ing toko karisma.
Fatimah OJT ing toko karisma.
Fatimah Prakerin ing toko kharisma.
Fatimah PKL tokone kharisma.
8u, 12u, 12i, 8u, 8o
7u, 10u, 12i, 10u,8o
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
8u, 12a, 10u, 8o, 8u
7u, 10u, 12i, 8u, 8a
Pitutur luhur kang kamot ing tembang macapat ing dhuwur yaiku….
Ngibadah marang Gusti
Ngugemi sembah raga, cipta, jiwa, rasa
Manungsa kudu pinter caturan
Ngugemi sembah jiwa lan raga
Tansah ngugemi pitutur
Tembung warih ing dhuwur duweni teges….
Angin
Samudra
Lemah
Geni
Banyu
Cacahing wanda saben sagatra ing tembang macapat diarani ....
Dhong dhing
Guru swara
Guru gatra
Guru wilangan
Guru lagu
Pariwara ing ndhuwur kalebu jinis …
Pariwara radhio
Pariwara pamphlet/ brosur
Pariwara kampanye
Pariwara sayembara
Pariwara kalawarti
Kethoprak yaiku salah sijine jinis pagelaran kang asale saka Jawa. Jroning pagelaran kethoprak, sandiwara iku diselingi tembang-tembang Jawa kanthi iringan gamelan. Lumrahe crita kang diangkat jroning pagelaran kethoprak ana maneka werna jinise. Ana sing dijupuk saka crita sujarah Jawa, legendha, utawa saka crita mancanegara. Nanging genahe crita kang dibabar ora bakal njupuk saka wiracarita Ramayana lan Mahabarata. Priyantun jawa kedah tansah tresna marang kabudayan Jawa mligine ketoprak. Kedah kulina lan tansah angeluri. Ampun ngantos naming tresna sawetara, kadosdene ukara “witing tresna, tresnane mung sawetara
Ukara baku wacan ing dhuwur yaiku …
Kethoprak yaiku sandiwara kang diselingi tembang-tembang Jawa kanthi iringan gamelan.
Kethoprak yaiku crita kang diangkat jroning pagelaran kethoprak ana maneka werna jinise.
Kethoprak yaikucrita sujarah Jawa, legendha, utawa saka crita mancanegara.
Kethoprak yaiku crita kang dibabar njupuk saka wiracarita Ramayana lan Mahabarata.
Kethoprak yaiku salah sijine jinis pagelaran kang asale saka Jawa
Gang Gajah Mada, Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ....
“Sri Sultan Hamengkubuwana X.”Menawa ditulis Jawa kang trep yaiku …
Tresna Wurung Dening: Chris Papa Jaya
nadyan angin wengi wiwit njiwit kulit nanging mripat iki panggah akedhep tesmak wewayanganmu kang tansah liwat ngujiwat nggodha ati suwung, tumlawung
tresna wurung
dhuh, uwong ayu gantilaning ati kamitegan, kowe cidra ing janji oncat datan pepoyan
katut priyo tumpakan sedan lan aku muhung tetep lumaku atut saparaning suku
sangu ati kang saya wurung
Tembung “wurung” ing geguritan ing dhuwur tegese padha karo tembung ….
Lunga
Sedhih
Suwung
Ora sida
Nistha
Surasane bait kapisan geguritan ing dhuwur, yaiku ….
Rasa kangen lan wewayangan kang tansah nggodha ati ing sawengi-wengi
Rasa kangen marang wong ayu kang tumpakane sedan
Wong ayu katresnaning ati tansah kumlebet ing sawengi-wengi
Mlaku saparan kanthi ati kang saya wuru
Angin wengi lan wanodya ayu gantilaning ati
Wacanen geguritan ing ngisor iki!
PEPELING
Dening: Sendang Mulyana
aku ngugemi ngendikamu ibu
nalika arep budal sekolah
nyangking tas kebak buku
ngger ngendikane pujangga winasis
ngelmu iku kelakone kanthi laku
lekase lawan kas
tegese kas nyantosani
setya budya pangekese dur angkara
pancen angel yen durung ketemu
mula aja pegat sinau
dadia wong pinter nanging
aja keminter lan keblinger
dadia wong sugih nanging
aja sumugih
dadia petinggi nanging
aja ngapusi lan korupsi
Amanat geguritan ing dhuwur yaiku ….
supaya sregep sinau
supaya ora tau nesu
sekolahan kudu gratis
korupsi kuwi nyolong
keminter kuwi prayoga
Corak Bathik kang wus lumrah digunakake ing upacara mantu, Unsur ing sajroning motif ginambar gurda, saha duweni makna filosofis ngandhut pengarep-arep supaya bisa kasembadan mukti lair lan batine.
Miturut wacan ing dhuwur, motif corak bathik ing dhuwur diarani…..
Sidomukti
Kawung
Parang
Truntum
Megamendung
Perangane busana adat Jawa ingkang kalebet perabot busana Jawi Keraton Surakarta mligi menawi sowan dhateng keraton minangka tandha bilih abdi dalem kalawau nembe nampi ayahan diarani ….
Iket
Jarik
Setagen
Samir
Timang
Blangkon yaiku perangan busana adat Jawa kanggo nutupi sirah. Kang umume digame saka kain bathik, lan digunakake dening priya. Ing tlatah Jawa akeh jinise blangkon ana model Solo, Surabayan, Jogja, Banyumasan, Sunda, lan sapiturute. Sakebehe wujud blangkon kang beda iku ora marakake prakara, nanging sing kudu dingerteni yen piranti iku minangka sawijining busana kang digunakake supaya rambute wong lanang jaman biyen akeh kang gondrong bisa sinawang katon rapi amarga ketutupan blangkon, uga wujud ngurmati marang wong liya, amarga ketemu karo wong liya ora awut-awutan rambute. Saliyane iku nuduhake lamun priyayi Jawa biyen iku wis nengenake nilai estetika ing tata busanane.
Surasane pethikan teks deskriptif ing dhuwur yaiku...
Perangan Busana tradhisional akeh jenise
Perangan Busana tradhisional adat Jawa
Perangan Busana tradhisional priya
Perangan Busana tradhisional duweni ciri khas dhewe-dhewe
Perangan Busana tradhisional adat Jawa duwe makna filosofis
Adicara wisuda tahun iki, OSIS diwenehi tugas dening panitia gawe sandiwara. Ing kono Anton dadi paraga abdi dalem kang duweni watak alus, santun saha pinter. Saben dinane anton ditugasi ngresiki plataran ing kraton.
Kanggo ngayahi tugas kuwi, busana kang pantes dienggo anton yaiku….
Beskap
Kanigaran
Surjan
Kebaya
Kemben
Saron demung utawa asring disebut demung iku salah sawijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh lan mlebu kelompok piranti saron. Iki jinis saron paling gedhe ukurane, sing paling cilik peking sing tengah-tengah saron barung tembe demung. Ana 2 jinis saron demung yaiku pelog demung lan slendro demung. 2 jinis piranti panerus iki ndhuwe laras beda-beda. Wilah saron demung iki paling gedhe ing kelompok saron ukurane kira-kira 35,5 cm dawa lan ambane 9 cm. Saron demung ndhuwe swara paling rendah ing kelompok saron.
Miturut wacan ing dhuwur, saron sing ukurane paling gedhe diarani ….
Saron demung
Saron peking
Pelog demung
Slendro demung
Saron panerus
Gender iku salah sijining piranti gamelanJawa
kang fungsine minangka pambuka lan kanggo nyelarasake suarane gendhing. Piranti gamelan iki anggone ngunekake kanthi cara….
Dipetik
Disebul
Digesek
Ditabuh
Dithuthuk
Gamelan minangka saperangan instrument utawa piranti kang kamot ing seni karawitan. Karawitan sakawit saka tembung rawit kang ateges tliti, alus, luwes, endah. Para pujangga kang ngrakit gamelan ora mung sakepenake anggone gawe nanging duwe karep kang luhur. Para leluhur ngrakit gamelan supaya kepenak dirasakke mula kanthi nggatekake laras. Imbanging larasing gamelan nuduhake bisa ngatur imbanging rasa lan tumindak kang laras lan runtut. Bisa njaga cipta, rasa, karsa lan tumindak. Sakabehing karep kasebut bisa ditonton saka tetabuhan gamelan. Sanajan piranti kang ditabuh beda-beda nanging anggone nabuh ora sakepenake dhewe, manut kang ngatur irama, swasana gendhing, sarta nulad lan nggatekake piranti gamelan liyane. Iki nuduhake lamun gamelan nalika ditabuh ora esuk-esukan, dhisik-dhisikan, lan pengin menang dhewe.
Wos wacan ing dhuwur nerangake babagan …
Ancasing gamelan
Gunane gamelan
Maknane gamelan Jawa
Jinising gamelan
Ngrakit gamelan
"Sawise lulus sekolah Marno nyambut gawe ana ing Amerika". Ukara ing dhuwur menawa ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ...
" Andi praktek ing bengkel Nasmoco". Yen ukara kasebut ditulis nganggo aksara Jawa dadi ….
Minangka anak sakmestine duwe rasa urmat marang wong tuwane kaya dene wewaler wong Jawa “ Aja sira wani marang wong atuwanira, jalaran sira bakal kena bendu saka murbeng dumadi.” Saka andharan iku bisa dimangerteni menawa kanggone wong Jawa, wong tuwa iku utama ateges ....
Yen ngomong kudu ngati-ati aja kebablasen.
Kudu manembah marang Gusti Kang Maha Kuwasa.
Kudu diajeni lan diurmati supaya dadi anak kang bekti.
Ora kena tumindak kang ala.
Tumindak kudu dipikir supaya ora mbebayani lakuning urip.
Gugon tuhon yaiku kepercayaan marang sawenehing bab utawa perkara kang ora tinemu ing nalar. Tumprape wong kang percaya tansah nduweni rasa sumelang yen ora bisa nyembadani prekara kang dianggep mbebayani kuwi. Salah sawijine yaiku wewaler kang unine “aja lelungan ing dina setu pahing, amarga kuwi dina geblage simbah mundhak apes”. Wewaler kasebut ngandhut pitutur luhur supaya ....
Ora nggawe sengsara marang liyan.
Ngati-ati supaya ora didukani simbah.
Bisa urip mulya ora ngrekasakake liyan.
Ngurmati kepara dedonga kanggo arwahe simbah, ora malah lelungan.
Kudu nunggoni makame simbah saka esok tumekan wengi supaya ora apes.
(1) Aja seneng ngidoni sumur mundak lambene suweng
(2) Suradira jayaningrat lebur dening pangastuti
(3) Aja mangan ing tengah lawang
(4) Yen liwat kuburan kudu ngucap salam
(5) Golek banyu apikul warih
(6) Ngudi ngelmu sangkan paraning dumadi
Tuladha ing ndhuwur kang kalebu wewaler kang awujud lisan yaiku....
(1), (3), (5)
(2), (4), (6)
(1), (3), (4)
(1), (2), (4)
(2), (4), (5)
“Aja ngidoni sumur, mundhak suwing lambene” Apa werdine gugon tuhon kasebut?
Menawa sumur kena idu bakal reged , merga sumur sumbere panguripan
Menawa sumur kena idu bakal reged, apa maneh yen duwe lelara nular
Menawa sumur kena idu bakal reged, merga sumur kanggo ngangsu
Menawa sumur kena idu bakal reged, merga banyune kanggo masak
Menawa sumur kena idu bakal reged, merga sumur kanggo umbah-umbah
