WorksheetsUAS GENAP - BAHASA JAWA - SMA PMS 2 BATANG
Total questions: 40
Worksheet time: 1hrs 20mins
WARA-WARA
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Kanca-kanca siswa kelas X. Gegayutan kaliyan mahargya ambal warsa kaping 70 Republik Indonesia, aku ngarep-arep supados kanca-kanca saged rawuh wonten ing:
Dinten : Setu
Titi mangsa : 6Agustus 2018
Papan : Alun-alunBatang
Wekdal : Tabuh kaping 19:00 WIB
Kaperluan : Ngrancang syukuran HUT Proklamasi Kamardikan RI.
Banget anggonku nganti-anti, Nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Batang, 02 Agustus 2018
Ketua OSIS
Wahyu
Pawarta kang ana ing lebete wara-wara ngrembug bab ...
Paring panyengkuyung marang kawula mudha supaya tumindak kang becik
Dados manungsa ing alam ndunya punika kedhah tulung tinulung marang manungsa
Paring bantuan dhumateng para remaja ingkang nembe tumindhak ala
Mujudaken tinulung marang korban banjir ing desa Kalisalak
Manungsa punika kedhah rerembugan anggone musyawarah kanthi mufakat
Pacelathon!!
NUMPAK JARAN
Pas aku umur sewelas tahun yaiku tahun 2010 aku khitanan . acara ikudilaksanakake bakda maghrib,aku dindani bu sun perias penganten ing desa ku,sak umur-umur yo gek kui aku di dandani ngasek ayu.aku dicelaki,dilipeni,lan di wedaki ngasek ayu hemmm...
Terus aku di arak seko desane embahku yaiku desa kutukan tekan omahku,ing dhalan aku numpak jaran .wuiih penak tenan.seng liyane pada mplaku ing buriku kaya prajurit ,walah-walah aku kaya raja seng duweni prajurit akeh banget . ing mburiku yo ono kesenian RODAT seko gunung jayan seng ngiring aku turut dhalan,sekitar 1 jam aku tekan ngomah ,walah iki padi-padi khitanan opo ngantenan kok megahmen “tak baten” terus aku midun seko jaran terus aku sungkeman marang ibu bapakku banjur aku ngaji.
Apa pengalaman wonten ing cerito mau?
Senenge numpak jaran
Didandani ngasek ayu
Sunatan
Diarak
Diiring prajurit
Adri wis seminggu ora mlebu sekolah. Aku dadi goreh. Pikiranku ngentha-entha ngapa Adri ora mlebu sekolah nganti seminggu lan ora ana kabar ngenani Adri. Bali sekolah, aku sakanca sekelas nggoleki omahe Adri kanggo mastikake kabare Adri. Aku lan kanca-kanca njaluk alamat omahe Adri.
Latar ana crita kasebut …
Sekolahan
alamate Adri
perpustakaan
omahe Adri
ruang guru
Adri wis seminggu ora mlebu sekolah. Aku dadi goreh. Pikiranku ngentha-entha ngapa Adri ora mlebu sekolah nganti seminggu lan ora ana kabar ngenani Adri. Bali sekolah, aku sakanca sekelas nggoleki omahe Adri kanggo mastikake kabare Adri. Aku lan kanca-kanca njaluk alamat omahe Adri.
Cerkak ing nduwur andhuweni pitutur supaya ...
Seneng ngrusuhi kancane
Nduweni sikap masabodoh karo liyan
Tumindak jahat marang liyan
Mbedak-mbedakake kanca
Perduli marang kahanane liyan
Wacan ing nduwur kanthi irah-irahan ....
Klalen anggone sinau bisa urip mulya sekabehane
Dadiya bocah sekolah anggone tumindhak kang betjik kaya dhene kasatriya
Klalen anggone sinau bisa agawe ciloko uripe tumrap
Supaya pinter anggone sekolah kuwi kudhu sregep sinau
Klalen anggone sinau bisaagawe ciloko marang bocah sekolah
Geguritan ing ngisor iki wacanen kanthi premati!
Jaman iki wis banget tuwa
Dening : Turiyo Ragil Putra
Ngger, anakku
Jaman iki wis banget tuwa
Kabudayan wis rontang-ranting
Mung kari crita
Aja maneh sinom, dhandhanggula, utawa gambuh
Salarik guritan wae wis ora ana sing nggape
Kajaba kerlap-kerlipe lintang ing langit kana
Sing setya ngrenggani sepine wengi
Binareng angambare cempaka sari
Tema apa kang bisa dijupuk saka geguritan ing dhuwur . . .
Jaman saiki kabudayan wis dilalekake
Kabudayan wis samsaya ditinggalake
Kabudayan kudu dilestarikake
Jaman sing wis tuwa
Kabudayan sing kari crita
Setitikna pethilan perangan teks pawarta kang diacak ing ngisor iki!
1. Crah agawe bubrah, rukun agawe santosa.
2. Saben ana sambatan, utawa adicara kabudayan mesti disengkuyung bareng.
3. Ora mbedak-mbedakake endi Jawa endi Thionghoa.
4. Unen-unen iku jumbuh karo kahanan masarakat Jawa lan warga Tionghoa ing Kutha Solo.
5. Guyub rukune rong kabudayan ing Kutha Solo iku bisa dideleng ing laladan Sudiroprajan, Jebres, Solo.
Ukara-ukara kasebut bisa dadi teks pawarta kang sistematis kanthi urutan….
1-2-4-5-3
2-5-4-1-3
2-3-4-1-5
1-4-5-2-3
3-2-1-5-4
“ Lelakon Urip”
Ujare para winasis, apa sing tumiba marang kabeh mahkluk ciptaane Gusti Allah, klebu menungsa, wis adhedhasar garising kodrat. Ora ana sing bisa nulak. Ora bisa milih lair minangka apa. “Tumrap mahkluk neng alam donya iki, lelakon sing dialami mono mung saderma. Awake dhewe iki mung saderma nglakoni,” kandhane Partinah nalika njawab pitakonku, keneng apa tangan kiwaku ora ana drijine. Aku pancen asring ngresula menyang wongtuwa, krana saka sedulur wolu, mung aku dhewe sing ora ganep. Kabeh dulurku —lanang enem, wadon loro— perangan awake jangkep. Komplit, ana sikil, tangan, mripat, kuping lan sirah. Bareng aku? Ora nggumunake menawa cacade awak iki ndadekake aku banjur ora tatag ngadhepi kahanan. Aku ngrasa kurang bebas, mindher yen kumpul karo kanca sekolah, kanca dolan, kanca ngaji, uga sapa wae yen ketemu neng dalan. Apa maneh mlebu toko utawa pasar. Mlaku samlaku, obah ngiwa obah nengen, sarwa ora kepenak. Kidhung, kaya-kaya kabeh mripat padha nguwasi saparipolahku. “Ngganthenge pancen oleh, pawakan gedhe dhuwur, pinter, kulite nguning langsep, mripat, alise kabeh sarwa sempurna. Mung kuciwane tangane
iku,” grenenge sawijining pawongan sing tau dakrungu. Embuh dilairake apa mung sumimpen njero dhadha, aku bisa ngira-ira pikirane wong-wong yen dhong meruhi aku.
Coba terangna alur saka cerita lelakon urip ....
Campuran
Maju-Mundur
Maju
Mundur
Mundur-Maju
“Balita Puluhan Ewu Tiwas Krana Rokok"
Roy Tjiong, peneliti saka Hellen Keller International lan Yayasan Sehat, Setu (9/5) nyebutake patine 32.400 bayi ing saben tahun ana gendheng cenenge klawan pakulinan ngrokok kang ditindakake wong tuwane. Krana luwih nengenake anggone ngrokok, temahane gizine bayi kasebut katalompen. Masalah iku diandharake Roy ing seminar kanthi tema Kekurangan Gizi Balita dan konsumsi Rokok pada Keluarga Miskin kang digelar Ikatan Ahli Kesehatan Masyarakat ing Kemang, Jakarta.
Adhedhasar survei kang ditindakake, diweruhi manawa risiko patine popolasi balita saka kulawarga sing ngrokok watara 14 persen ing kutha-kutha lan 24 persen ing padesan. Survei kasebut ditindakake Roy ing Jakarta, Semarang, Surabaya, Makasar lan Padang kanthi responden rumah tangga 155 ewu. Umume, kanthi dhuwit blanja kang cumpen, wong tuwane balita malah balita-balita mau nandhang infeksi engga dadi lan patine.
Kapethik Saking: PS No. 21-23 mei 2009.
Pedhotan teks ing dhuwur kalebu jinise karangan…
Narasi
Eksposisi
Argumentasi
Persuasi
Argumentasi
Nuwun kawula nuwun
Ingkang kinurmatan para pangembating praja, para sesepuh, pinisebuh, para siswa siswi ingkang satuhu winengku ing karahyongan. Sumangga kita ngaturaken hangujukaken puji sukur marang gusti ingkang maha murbeng dhumadi ingkang sampun paring kaslametan, kasaran panjenengan sedaya kita saged makempal wonten ing lapangan kanthi adicara pepengat pahargyan dinten pahlawan 10 Nopember.
Sanadyanta sedaya kala wau sampun karancang katata mrih prayoga, ananging kasunyatanipun taksih pinanggih kathah. Siswa-siwi ingkang kula tresnani kanthi pepenget Dinten pahlawan kita saget mendhed tuladha bilih perjuangan kita dhereng cekap semanten kemawon, ananging kita minangkani siswa saged ngisi kamardikan kanthi cecaosan ilmu kang kanthi sae, Pramila para siswa maharya ing kalodangan punika saged mawanti-wanthi kabudayaan modern ingkang mboten trep ing manah kita. Ampun dipun penggalih.
Dene minangka panutuping adicara mangga kita intropeksi diri kanthi sae ngisi kamardikan kanthi manut ing tatanan subasita lan tatanan Negara.
Nuwun
Teks Pambagya ing dhuwur kalebu jenise karangan…
Narasi
Argumentasi
Eksposisi
Persuasi
Deskripsi
Sak derengipun kawula nglajengaken atur sumangga langkung rumiyen sesarengan kawula nderekaken manungku pujo wonten ngarsa dalem pangeran ingkang maha kuwaos, ingkang ngantos titi wanci siyang menika tasih kapareng marinaken kamirahanipun dhumateng kulo lan panjenengan saged makempal wonten ing sasana pahargyan mriki kanthi manggih kawilujengan lan karaharjan sadayanipun.
Nderekaken manungku pujo....
kang kacethak miring andhuweni teges ....
Nyuwun pangestu
Nyuwun artho
Dedonga marang gusti
Dodolan marang tangga
Nyadhong welas asih
Sak derengipun kawula nglajengaken atur sumangga langkung rumiyen sesarengan kawula nderekaken manungku pujo wonten ngarsa dalem pangeran ingkang maha kuwaos, ingkang ngantos titi wanci siyang menika tasih kapareng marinaken kamirahanipun dhumateng kulo lan panjenengan saged makempal wonten ing sasana pahargyan mriki kanthi manggih kawilujengan lan karaharjan sadayanipun.
Nderekaken manungku pujo....
Wawan rembag ing nginggil punika wonten unggah-ungguh ingkang lepat, punapa unggah ungguh ingkang tepat?
Punapa saged, Pak?
Sagedipun kapan?
Kapan sagedipun?
Punapa bapak saged?
Kapan selonipun Pak?
Nuwun kawula nuwun
Ingkang kinurmatan para pangembating praja, para sesepuh, pinisebuh, para siswa siswi SMA N 1 Subah ingkang satuhu winengku ing karahyongan. Sumangga kita ngaturaken hangujukaken puji sukur marang gusti ingkang maha murbeng dhumadi ingkang sampun paring kaslametan, kasaran panjenengan sedaya kita saged makempal wonten ing lapangan kanthi adicara pepengat pahargyan dinten pahlawan 10 Nopember.
Sanadyanta sedaya kala wau sampun karancang katata mrih prayoga, ananging kasunyatanipun taksih pinanggih kathah. Siswa-siwi SMA N 1 Subah ingkang kula tresnani kanthi pepenget Dinten pahlawan kita saget mendet tuladha bilih perjuangan kita dhereng cekap semanten kemawon, ananging kita minangkani siswa saged ngisi kamardikan kanthi cecaosan ilmu kang kanthi sae, Pramila para siswa maharya ing kalodangan punika saged mawanti-wanthi kabudayaan modern ingkang mboten trep ing manah kita. Ampun dipun penggalih.
Dene minangka panutuping adicara mangga kita intropeksi diri kanthi sae ngisi kamardikan kanthi manut ing tatanan subasita lan tatanan Negara.
Nuwun
“Ingkang kinurmatan para pangembating praja, para sesepuh, pinisebuh, para siswa siswi SMA N 1 Subah ingkang satuhu winengku ing karahyongan” kalebu tata laksitaning sesorah….
Purwaka (pambuka)
Uluk salam
Surasa Basa
Tembung pamuji hayu
Wasana basa
Reribet ingkang dumados, tiyang kados dene sami koncatan rasa pangarsa, tepa slira lan welas asih dhateng sesamining gesang. Emanipun kedadosan. Kedadosan mboten sae ingkang sanget-sanget nggegirisi kalawau dipun biyawarakaken kanthi blak-blakan lumantar TV, radio, koran lan sanes-sanesipun, awit kuwatos menawi dipun wastani cenggah kaliyan era transisi, wonten penganggep mboten leres menawi dipun tutup-tutupi. Mboten dipun petang menawi tumindak ingkang awon, ingkang dipun beber kanthi blak-blakan kala wau badhe dipun tiru utawi ndadosaken giris kedadeyan dening punapa ingkan dipun tingali, dipun mirengaken lan dipun raosaken satemah nanem raos serik dhateng sak perangan.
Paragraf ing dhuwur ukara bakune yaiku....
Reribet ingkang dumados, tiyang kados dene sami koncatan rasa pangarsa, tepa slira lan welas asih dhateng sesamining gesang.
Kedadosan mboten sae ingkang sanget-sanget nggegirisi kalawau dipun biyawarakaken kanthi blak-blakan.
Kuwatos menawi dipun wastani cenggah kaliyan era transisi.
Wonten penganggep mboten leres menawi dipun tutup-tutupi.
Mboten dipun petang menawi tumindak ingkang awon, ingkang dipun beber kanthi blak-blakan kala wau badhe dipun tiru utawi ndadosaken giris kedadeyan dening punapa ingkan dipun tingali, dipun mirengaken lan dipun raosaken satemah nanem raos serik dhateng sak perangan
Mingkar mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
........
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap ing tanah jawa
Agama ageming aji
Tembang Pangkur ing nginggil jangkepanipun inggih punika?
Sinuba sinukarta
Yen tan mikani rasa
Uger guru aleman
Sinerang ing maruta
Kandhane nora kaprah
Opo salahku nganti kowe ningalke aku
Tanpo sebab alasan dadi karepmu
Teganing ati medhotke talining asmoro
Opo pacen wis ono wanita liyo
Loro ati atiku loro
Tansah saya keronto- ronto
Roso iki ndodhog jroning dadha
Kowe uwes bedo
Tumetesing iluhku nganti koyo tirto segoro
Nalikane kowe lungo ninggalke aku
Nelongso ku nelongso
Ati saya soyo keronto-ronto
Kowe uwes cidro
Endi sumpah setiamu
Isi tembang campursari ing nduwur yaiku ....
wanita kang bagya
wanita kang ngrasakke cidro
wanita kang gawe keronto-ronto
wanita kang ditinggal lunga
wanita kang ora bisa lunga
…………………, ………………
Abot entheng lakonana, golek ngelmu nganti purna.
Bebuka kang trep kanggo njangkepi parikan ing dhuwur yaiku ...
Piring beling gambar naga, warna biru maya-maya.
Sega punar sega empal, segane penganten anyar.
Jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gula.
Ngisor gendheng saponana, nata watu jejer sanga.
Yen kembang kembange lamtara, dudu kembang wora-wari.
Mangka kanthining tumuwuh
Salami mung awas eling
Eling lukitaning alam
Dadi wiryaning dumadi
Supadi nir ing sangsaya
Yeku pangreksaning urip
Menapa piwulang ingkang wonten ing tembang sapada nginggil?
wong urip dijaluk bekti marang Gusti
wong urip ora kena melik darbeke liyan
wong urip kudu eling lan waspada
wong urip kudu tansah syukur
wong urip aja darbe rasa gumedhe
Rudi : “Kula nuwun”
Bu Ira: “Mangga, O, Mas Rudi, Ayo mlebu!”
Rudi : “Inggih, Bu. Maturnuwun. Bapakwonten, Bu?”
Bu Ira: “Bapakdurungkundur. Ana apa?”
Rudi : “Kula ... Bapak, Bu?”
Tembung sing trep kangge ngisi ing dhuwur inggih punika....
dipundukani
dipunutus
dipunparingi
dipunngendikani
dipunkengken
Kasungengan saha kanugrahaning Gusti ingkang akarya jagad mugi kajiwa wonten panjenengan sadaya. Panjenenganipun Bapak Ahkmawan ingkang kinurmatan, ingkang wonten kelenggahan punika dipun salirani Bapak Agung Darmawan. Keparenga kula minangka talanging basa panjenenganipun Bapak Rahadi Ramelan, sowan wonten ngarsa panjenengan humiring putra temanten kakung anak mas Joko Lelana dene wigatosing perlu nuninggih mekaten. Sepisan hangaturaken salam taklimipun panjenengan Bapak Rahadi Ramelan katur panjenenganipun Bapak Ahkmawan sekaliyan garwa ugi sedaya kadang kulawarga.
Sinten ingkang badhe atur lamaran wonten sesorah kasebut ...
Panjenenganipun Agung Darmawan.
Panjenenganipun anak mas Joko Lelana.
Panjenenganipun para rawuh.
Panjenenganipun Bapak Ahkmawan.
Panjenenganipun Rahadi Ramelan.
Kasungengan saha kanugrahaning Gusti ingkang akarya jagad mugi kajiwa wonten panjenengan sadaya. Panjenenganipun Bapak Ahkmawan ingkang kinurmatan, ingkang wonten kelenggahan punika dipun salirani Bapak Agung Darmawan. Keparenga kula minangka talanging basa panjenenganipun Bapak Rahadi Ramelan, sowan wonten ngarsa panjenengan humiring putra temanten kakung anak mas Joko Lelana dene wigatosing perlu nuninggih mekaten. Sepisan hangaturaken salam taklimipun panjenengan Bapak Rahadi Ramelan katur panjenenganipun Bapak Ahkmawan sekaliyan garwa ugi sedaya kadang kulawarga.
Ukara sing ora cocok karo isine sesorah ...
Agung Darmawan nyalirani Bapak Ahkmawan.
Joko Lelana minangka temanten kakung.
Bapak Ahkmawan badhe nglamar temanten.
Bapak Ahkmawan nampi Rahardi Ramelan.
Rahadi Ramelan paring salam taklimipun.
Raden Permadi jeneng nom-nomane Raden Janaka satriya panengahing Pandhawa. Piyambakipun putrane Prabu Pandhudewanata karo Dewi Kunti. Wujude satriya bagus dewe, satriya pilih tanding. Titise ulah jemparing ora ana sing madani. Kasektene ngedap-edabi, bisa mabur lan bisa ngilang. Pusakane pirang-pirang lan ampuh kabeh. Watak wantune andhap asor, ora seneng ngumukake kaluwihane. Seneng tetulung marang sapada-pada, ngayomi kang sarwa ringkih. Mula dheweke ditresnani dening sapa bae. Garwane pirang-pirang. Kabeh mau amarga seneng nandur kabecikan.
Ingkang mboten kalebet watak tokoh inggih menika …
andhap asor
seneng tetulung
seneng umuk
ngayomi kang ringkih
seneng nandur kabecikan
Raden Permadi jeneng nom-nomane Raden Janaka satriya panengahing Pandhawa. Piyambakipun putrane Prabu Pandhudewanata karo Dewi Kunti. Wujude satriya bagus dewe, satriya pilih tanding. Titise ulah jemparing ora ana sing madani. Kasektene ngedap-edabi, bisa mabur lan bisa ngilang. Pusakane pirang-pirang lan ampuh kabeh. Watak wantune andhap asor, ora seneng ngumukake kaluwihane. Seneng tetulung marang sapada-pada, ngayomi kang sarwa ringkih. Mula dheweke ditresnani dening sapa bae. Garwane pirang-pirang. Kabeh mau amarga seneng nandur kabecikan.
Pitutur luhur menapa ingkang saged dipunpendhet saking cariyos kasebut…
Kedah andhap asor, lan ora kena ngunggulake kaluwihane.
Kedah nandur kebencian.
Saben tiyang nggadhahi solah bawa kang ora becik.
Kudu sombong marang liyan
Dadosa pemimpin ingkang remen umuk
Kulo Nuwun
Saha anggambali matur, mugi kawilujengan, karaharjan, minggahipun katentreman tansah kajiwa, kasarira ing hangga panjenengan sedaya lan kula. Katur para tamu kakung saha putri, para pinisepuh lan sesepuh ingkang tansah kinabekten sumrambah dhumateng para sinedhahan ingkang tansah winengku ing pakurmatan.
Sak derengipun kawula nglajengaken atur sumangga langkung rumiyen sesarengan kawula nderekaken manungku pujo wonten ngarsa dalem pangeran ingkang maha kuwaos, ingkang ngantos titi wanci siyang menika tasih kapareng marinaken kamirahanipun dhumateng kulo lan panjenengan saged makempal wonten ing sasana pahargyan mriki kanthi manggih kawilujengan lan karaharjan sadayanipun.
Saha wonten kalodhangan punika mugi wonten kaparengipun, mugi kula kalilana matur sawetawis minangka sesulih saking Bapa Anggara Sasmaya sekaliyan. Sapisan ngaturaken salam taklim mugi atur panjenenganipun Bapa Wibawa Maruta sekaliyan. Ing sak lajengipun anggen kulo sowan minangka duta saraya pasrah paningset. Mekaten atur kulo wasana menggah panampi sawetahipun kasumanggaaken. Saha kagalih wonten kiranging trapsila anggen kawula matur, kulo tansah hanyeyandhang lumunturing pangapunten.
Wasalamu alaikum Wr. Wb.
Hayu, hayu rahayu ingkang samya pinanggih.
Nuwun
Saka wacan ing nduwur mujudake tuladha sesorah ....
Pasrah panampi temanten kakung
Pasrah panampi temanten putri
Pasrah paningset
Sabdhatama
Medharsabda
Kulo Nuwun
Saha anggambali matur, mugi kawilujengan, karaharjan, minggahipun katentreman tansah kajiwa, kasarira ing hangga panjenengan sedaya lan kula. Katur para tamu kakung saha putri, para pinisepuh lan sesepuh ingkang tansah kinabekten sumrambah dhumateng para sinedhahan ingkang tansah winengku ing pakurmatan.
Sak derengipun kawula nglajengaken atur sumangga langkung rumiyen sesarengan kawula nderekaken manungku pujo wonten ngarsa dalem pangeran ingkang maha kuwaos, ingkang ngantos titi wanci siyang menika tasih kapareng marinaken kamirahanipun dhumateng kulo lan panjenengan saged makempal wonten ing sasana pahargyan mriki kanthi manggih kawilujengan lan karaharjan sadayanipun.
Saha wonten kalodhangan punika mugi wonten kaparengipun, mugi kula kalilana matur sawetawis minangka sesulih saking Bapa Anggara Sasmaya sekaliyan. Sapisan ngaturaken salam taklim mugi atur panjenenganipun Bapa Wibawa Maruta sekaliyan. Ing sak lajengipun anggen kulo sowan minangka duta saraya pasrah paningset. Mekaten atur kulo wasana menggah panampi sawetahipun kasumanggaaken. Saha kagalih wonten kiranging trapsila anggen kawula matur, kulo tansah hanyeyandhang lumunturing pangapunten.
Wasalamu alaikum Wr. Wb.
Hayu, hayu rahayu ingkang samya pinanggih.
Nuwun
Sing duwe gawe ing wayah siyang. Tembung kang kacetak miring andhuweni teges ....
Surup
Bengi
Esok
Awan
Sore
Kagatosaken pethikan sandiwara ing ngandhap punika, kangge mangsuli pitakenan nomer 31-32!
Bakul Koran
( Perjalanan Andi bali ing omahe)
Katon lingkungan kang rusuh lan mambu tenan. Sampah. Andi mlakumenyang omahe kang ana ing kampung kuwi.
Andi : “ buk e,,buk,,buk..aku mulih.”
Bu Siti : (cepet-cepet metu tekan omah lan mbukake lawang gawe and) “ kowe wis bali le.”
Andi : (mlebu menyang omah barengan Bu Siti)“ Enggeh bu, dinten niki kula angsal arta kang kathah.”
Bu Siti : “ Wah, sip tenan lek ngono. Endi duwite? ”
Andi : (Karo njupuk saka sak’e lan njupuk dhuwit asil saka ngedol korane lan maringno marang Bu Siti)“ Niki bu”
Bu Siti : “ Hah, akeh tenan iki!” (ngetokake ekspresi kang kaget)
Andi : “ Niku ingkang tumbas anakipun wong sugih, deweke ngomong jupuken wae sisane.”
Bu Siti : “ Wah kok apik tenan bocah iku?wis ngomong matur suwun?”
Andi : “ inggih bu, dheweke pancen apik. Nanging sombong tenan, rampung tumbas koran, kula langsung di usir.”
Bu Siti : “Oh ngono ya. Tibake wong sugih ing ngendi-endi pada bae. Yo piye maneh le? Wong pancen kudu sabar.”
Andi : “Ampun ngomongne liyan bu...mangke dosa”
Saking teks sandiwara ing nginggil temanipun inggih menika …
Raos kuciwa
Raos sabar
Raos grusa- grusu
Raos ajrih
Raos gumun
Kagatosaken pethikan sandiwara ing ngandhap punika, kangge mangsuli pitakenan nomer 31-32!
Bakul Koran
( Perjalanan Andi bali ing omahe)
Katon lingkungan kang rusuh lan mambu tenan. Sampah. Andi mlakumenyang omahe kang ana ing kampung kuwi.
Andi : “ buk e,,buk,,buk..aku mulih.”
Bu Siti : (cepet-cepet metu tekan omah lan mbukake lawang gawe and) “ kowe wis bali le.”
Andi : (mlebu menyang omah barengan Bu Siti)“ Enggeh bu, dinten niki kula angsal arta kang kathah.”
Bu Siti : “ Wah, sip tenan lek ngono. Endi duwite? ”
Andi : (Karo njupuk saka sak’e lan njupuk dhuwit asil saka ngedol korane lan maringno marang Bu Siti)“ Niki bu”
Bu Siti : “ Hah, akeh tenan iki!” (ngetokake ekspresi kang kaget)
Andi : “ Niku ingkang tumbas anakipun wong sugih, deweke ngomong jupuken wae sisane.”
Bu Siti : “ Wah kok apik tenan bocah iku?wis ngomong matur suwun?”
Andi : “ inggih bu, dheweke pancen apik. Nanging sombong tenan, rampung tumbas koran, kula langsung di usir.”
Bu Siti : “Oh ngono ya. Tibake wong sugih ing ngendi-endi pada bae. Yo piye maneh le? Wong pancen kudu sabar.”
Andi : “Ampun ngomongne liyan bu...mangke dosa”
Wonten pundi latar panggenan sandiwara ing nginggil?
Omah
Peken
Sabin
Lepen
Wana
Saiki akeh kang rumangsa ngenes, nelangsa, nggresula, kuwatir, lan ketar-ketir nyikapi kahanan kang katos sansaya ora karuan, mliginipun ing babagan kabudayan, tuladhanipun nalika mriksani giyaran TV, mliginipun TV swasta kang gunggunge saya akeh, meh kabeh giyarane mau, ngemot pranatan lan kabudayan manca. Sinetron saiki, sanadjan actor lan aktrise bahasa Indonesia, nanging isine lan jiwane crita ora liya budaya manca. Amarga saben dina kang ditonton kaya mengkono njur kulina lan dianggep lumrah. Ya memper yen akeh pawongan mligine kawula mudha padha melu-melu ngecakake kabudayan saka manca mau.
Saking pethikan ceramah ing nginggil, sing gawe nelangsa yaiku….
Bingung olehe nonton TV acarane apik kabeh
Budaya manca saya maju
Bintang film saka manca ayu lan bagus
Film Indonesia boten sae
Budaya dhewe wiwit dilirwakake
Saiki akeh kang rumangsa ngenes, nelangsa, nggresula, kuwatir, lan ketar-ketir nyikapi kahanan kang katos sansaya ora karuan, mliginipun ing babagan kabudayan, tuladhanipun nalika mriksani giyaran TV, mliginipun TV swasta kang gunggunge saya akeh, meh kabeh giyarane mau, ngemot pranatan lan kabudayan manca. Sinetron saiki, sanadjan actor lan aktrise bahasa Indonesia, nanging isine lan jiwane crita ora liya budaya manca. Amarga saben dina kang ditonton kaya mengkono njur kulina lan dianggep lumrah. Ya memper yen akeh pawongan mligine kawula mudha padha melu-melu ngecakake kabudayan saka manca mau.
Saking pethikan ceramah ing nginggil, pratelan ingkang trep kaliyan isi ceramah ing nginggil kajaba …
Akeh kawula muda ingkang remen ngecakake kabudayan saka manca.
Budaya saka macanegara sansaya maju.
Kabudayan arep ngrembaka, amargi generasi nem remen nglestarikake budaya jawa
Adicara ing tivi wis ngadhaptasi budaya mancanegara.
Kahanan sansaya ora karuan babagan kabudayan.
Gatekna pacelathon sarasehan ing ngandhap punika!
Para kadang : “ Menapa makna sedhekah bumi pak”?
Narasumber : “ Sedhekah bumi kuwi padha karo sedhekah laut, minangka rasa puji panuwun kagem Gusti ingkang sampun maringi kamurahan rejeki lan urip ingkang mulya. ”
Para Kadang : “ ……….?”
Narasumber : “ Ubarampe ingkang kedah dipunsiapaken kangge bancakan kadosta jajanan pasar, pasung, tumpeng, lsp. ”
Pitakenan ingkang trep kangge ngisi ceceg- ceceg ing nginggil inggih menika …
Apa ubarampe kanggo sedhekah bumi?
Menapa ubarampe ingkang dipunsiapaken kangge sedhekah bumi?
Menapa ubarampe sing disiapaken kanggo sedhekah bumi?
Apa ubarampe ingkang dipunsiapaken kangge sedhekah bumi?
Apa ubarampe sing dipunsiapaken kanggo sedhekah bumi?
Buta manut. Tangane banjur dikon ngrangkul wit klapa, terus ditaleni dening kethek. Sabanjure kethek nempelake lonjoran wesi mengangah mau ing gegere buta. Krasa kelaran banget, buta bengak-bengok karo nyendal-nyendhal tali kang ngerut tangane sarosane nganti pedhot. Karo isih terus bangak-bengok sambat kelaran, buta mau banjur lumayu nggendring nganti tekan sapinggire sumur. Tanpa kakehan pikir, buta mencolot njegur sumur. Wesi mengangah kang isih lengket ing gegere sakala ngosos lan munthuk lan buta pungkasane mati.
Amanat saking pratelan cerkak yaiku …
Lara tambane nyemplung sumur
Kedahipun anutan marang liyan
Menawi sambat kedah bengak-bengok
Nglampahi punapa kemawon kedahipun dipun pikir
Seneng agawe lelaran liyan niku sae
