wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Sinau Jawa Kelas 7

Total questions: 20

Worksheet time: 3600secs

Name
Class
Date
1.

Warga Desa Soropaten, Kecamatan Karanganom, Kabupaten Klaten, Jawa Tengah, nggelar kirab budaya kangge mahargya warsa enggal 1437 Hijriyah. Kridha ajeg dipungelar saben Wulan Sura ing pendhapa pasarean Kyai Karsorejo.


Kirab budaya ing Desa Soropaten kasebut kalakon ing sasi ....

a)

Sura

b)

Syawal

c)

Mulud

d)

Pasa

2.

Gatekake pupuh Sinom ing ngisor iki!


Ambeke kang wus utama

Tan ngendhak gunaning jalmi

Amiguna ing aguna

Sasolahe kudu bathi

Pintere den alingi

Bodhone didokok ngayun

Pamrihe den inaa

Mring padha padhaning jalmi

Suka bungah den ina sapadha-padha


Yen disemak kanthi temenan, pada tembang ing dhuwur nuduhake sipate wong kang ....

a)

umuk

b)

gumedhe

c)

kemaki

d)

andhap asor

3.

Gatekake pupuh Sinom ing ngisor iki!


Ambeke kang wus utama

Tan ngendhak gunaning jalmi

Amiguna ing aguna

Sasolahe kudu bathi

Pintere den alingi

Bodhone didokok ngayun

Pamrihe den inaa

Mring padha padhaning jalmi

Suka bungah den ina sapadha-padha


Manut isine pupuh Sinom ing dhuwur, lakune wong utama iku ora bakal ngina marang kapinterane wong liya. Pranyatan kasebut jumbuh karo tembang ing dhuwur gatra ….

a)

1-2

b)

3-4

c)

6-7

d)

8-9

4.

Pintere den alingi, bodhone didokok ngayun.


Manut ukara kasebut kang dipapanake ana ngarep yaiku ....

a)

pintere

b)

bodhone

c)

ilmune

d)

patrape

5.

Gatekake pupuh Sinom ing ngisor iki!


carita nggon ingsun nular

wong tuwa kang momong dhingin

akeh kang sugih crita

sun ngrungokken rina wengi

samengko maksih eling

sawise diwasaningsun

bapak kang paring wulang

miwah ibu mituruti

tata krama ing pratingkah kang raharja


Pituture wong tuwa nganti diwasa isih kelingan amarga ....

a)

sinau kanthi temenan

b)

bapak sing mulang

c)

pitutur dirungokake awan bengi

d)

ibu sing mituruti

6.

Gatekake pupuh Sinom ing ngisor iki!


carita nggon ingsun nular

wong tuwa kang momong dhingin

akeh kang sugih crita

sun ngrungokken rina wengi

samengko maksih eling

sawise diwasaningsun

bapak kang paring wulang

miwah ibu mituruti

tata krama ing pratingkah kang raharja


Tembung ngrungokken kang ana ing gatra 4 menawa didadekake krama alus yaiku ....

a)

mirsani

b)

mirengaken

c)

nindakaken

d)

ndamelaken

7.

Gatekake pupuh Sinom ing ngisor iki!


carita nggon ingsun nular

wong tuwa kang momong dhingin

akeh kang sugih crita

sun ngrungokken rina wengi

samengko maksih eling

sawise diwasaningsun

bapak kang paring wulang

miwah ibu mituruti

tata krama ing pratingkah kang raharja


Crita kang dakwenehake iki katurunake saka wong tuwa kang momong aku biyen.

Pratelan ing dhuwur jumbuh karo pupuh ing dhuwur gatra ….

a)

1-2

b)

3-4

c)

5-6

d)

7-8

8.

Wacanen crita ing ngisor iki!


”Adhimas Leksmana, aku krungu kaya swarane Kakangmas

Rama nyuwun tulung saka tengahing alas.”

”Kakangmbok Dewi, menika sanes swantenipun Kakangmas Ramawijaya.

Kakangmas Ramawijaya menika satriya ingkang sekti, Kakangmbok boten sisah kuwatos.”

”Dhimas, ... kae cetha swara sambat njaluk tulung.”

”Leres Kakangmbok, menika panci swanten nyuwun tulung. Nanging menika sanes swantenipun Kakangmas Ramawijaya.”

”Dhimas, ... menawa Dhimas Leksmana ora gelem nyusul Kakangmas Ramawijaya, aku dhewe sing budhal!” kandhane Sinta meksa karo meh budhal nyusul Rama.

”Kangmbok, ... menawi panjenengan nekat nyusul Kakangmas Ramawijaya, aluwung kula mawon ingkang kesah. Nanging Kakangmbok, weling kula, ampun sepisan-sepisan panjenengan medal saking garis ingkang kula damel menika. Garis menika nggadhahi daya kakiyatan kangge njagi keslametan panjenengan. Kakangmbok, kula nyuwun pamit.”

Salungane Leksmana, Dewi Sinta ditekani sawijining pawongan kang ngemper pandhita. Pandhita iku kandha menawa keluwen lan teka ing kono saperlu njaluk sedhekah. Dewi Sinta banjur nyelehake woh-wohan ing sanjabane garis kang digawe Leksmana. Pandhita kuwi mau meksa njaluk Dewi Sinta supaya ngulungake dhewe woh-wohan kang bakal diwenehake ora mung diselehake.

Sidane Dewi Sinta luluh atine. Dheweke ngulungake woh-wohan marang pandhita kasebut. Sanalika tangane Dewi Sinta banjur disaut, dicekel kenceng. Pandhita kasebut wis malih wujud dadi wong liya lan nggeblas nggawa Dewi Sinta.


Dewi Sinta njaluk tulung marang Leksmana supaya nyusul Ramawijaya menyang tengah alas amarga ....

a)

Dewi Sinta krungu kaya swarane Kakangmas Rama nyuwun tulung saka tengahing alas

b)

Dewi Sinta ketemu karo pawongan kang ngemper pandhita

c)

Dewi Sinta digawa nggeblas karo pawongan

d)

Dewi Sinta pengin ketemu Ramawijaya

9.

Wacanen crita ing ngisor iki!


”Adhimas Leksmana, aku krungu kaya swarane Kakangmas

Rama nyuwun tulung saka tengahing alas.”

”Kakangmbok Dewi, menika sanes swantenipun Kakangmas Ramawijaya.

Kakangmas Ramawijaya menika satriya ingkang sekti, Kakangmbok boten sisah kuwatos.”

”Dhimas, ... kae cetha swara sambat njaluk tulung.”

”Leres Kakangmbok, menika panci swanten nyuwun tulung. Nanging menika sanes swantenipun Kakangmas Ramawijaya.”

”Dhimas, ... menawa Dhimas Leksmana ora gelem nyusul Kakangmas Ramawijaya, aku dhewe sing budhal!” kandhane Sinta meksa karo meh budhal nyusul Rama.

”Kangmbok, ... menawi panjenengan nekat nyusul Kakangmas Ramawijaya, aluwung kula mawon ingkang kesah. Nanging Kakangmbok, weling kula, ampun sepisan-sepisan panjenengan medal saking garis ingkang kula damel menika. Garis menika nggadhahi daya kakiyatan kangge njagi keslametan panjenengan. Kakangmbok, kula nyuwun pamit.”

Salungane Leksmana, Dewi Sinta ditekani sawijining pawongan kang ngemper pandhita. Pandhita iku kandha menawa keluwen lan teka ing kono saperlu njaluk sedhekah. Dewi Sinta banjur nyelehake woh-wohan ing sanjabane garis kang digawe Leksmana. Pandhita kuwi mau meksa njaluk Dewi Sinta supaya ngulungake dhewe woh-wohan kang bakal diwenehake ora mung diselehake.

Sidane Dewi Sinta luluh atine. Dheweke ngulungake woh-wohan marang pandhita kasebut. Sanalika tangane Dewi Sinta banjur disaut, dicekel kenceng. Pandhita kasebut wis malih wujud dadi wong liya lan nggeblas nggawa Dewi Sinta.


Leksmana budhal nyusul Ramawijaya. Sadurunge lunga menyang tengah alas, dheweke nggawe ....

a)

prau ana pinggir kali

b)

garis kalangan ngubengi gubug

c)

gubug ana tengah alas

d)

taman ana tengah alas

10.

Wacanen crita ing ngisor iki!


”Adhimas Leksmana, aku krungu kaya swarane Kakangmas

Rama nyuwun tulung saka tengahing alas.”

”Kakangmbok Dewi, menika sanes swantenipun Kakangmas Ramawijaya.

Kakangmas Ramawijaya menika satriya ingkang sekti, Kakangmbok boten sisah kuwatos.”

”Dhimas, ... kae cetha swara sambat njaluk tulung.”

”Leres Kakangmbok, menika panci swanten nyuwun tulung. Nanging menika sanes swantenipun Kakangmas Ramawijaya.”

”Dhimas, ... menawa Dhimas Leksmana ora gelem nyusul Kakangmas Ramawijaya, aku dhewe sing budhal!” kandhane Sinta meksa karo meh budhal nyusul Rama.

”Kangmbok, ... menawi panjenengan nekat nyusul Kakangmas Ramawijaya, aluwung kula mawon ingkang kesah. Nanging Kakangmbok, weling kula, ampun sepisan-sepisan panjenengan medal saking garis ingkang kula damel menika. Garis menika nggadhahi daya kakiyatan kangge njagi keslametan panjenengan. Kakangmbok, kula nyuwun pamit.”

Salungane Leksmana, Dewi Sinta ditekani sawijining pawongan kang ngemper pandhita. Pandhita iku kandha menawa keluwen lan teka ing kono saperlu njaluk sedhekah. Dewi Sinta banjur nyelehake woh-wohan ing sanjabane garis kang digawe Leksmana. Pandhita kuwi mau meksa njaluk Dewi Sinta supaya ngulungake dhewe woh-wohan kang bakal diwenehake ora mung diselehake.

Sidane Dewi Sinta luluh atine. Dheweke ngulungake woh-wohan marang pandhita kasebut. Sanalika tangane Dewi Sinta banjur disaut, dicekel kenceng. Pandhita kasebut wis malih wujud dadi wong liya lan nggeblas nggawa Dewi Sinta.


Salungane Leksmana, Dewi Sinta ditekani sawijining pawongan kang ngemper pandhita. Pawongan kasebut teka menyang gubuge Dewi Sinta saperlu ....

a)

nyuwun sedhekah

b)

nyuwun papan panggenan

c)

badhe kepanggih kaliyan Leksmana

d)

badhe kepanggih kaliyan Ramawijaya

11.

Wacanen crita ing ngisor iki!


”Adhimas Leksmana, aku krungu kaya swarane Kakangmas

Rama nyuwun tulung saka tengahing alas.”

”Kakangmbok Dewi, menika sanes swantenipun Kakangmas Ramawijaya.

Kakangmas Ramawijaya menika satriya ingkang sekti, Kakangmbok boten sisah kuwatos.”

”Dhimas, ... kae cetha swara sambat njaluk tulung.”

”Leres Kakangmbok, menika panci swanten nyuwun tulung. Nanging menika sanes swantenipun Kakangmas Ramawijaya.”

”Dhimas, ... menawa Dhimas Leksmana ora gelem nyusul Kakangmas Ramawijaya, aku dhewe sing budhal!” kandhane Sinta meksa karo meh budhal nyusul Rama.

”Kangmbok, ... menawi panjenengan nekat nyusul Kakangmas Ramawijaya, aluwung kula mawon ingkang kesah. Nanging Kakangmbok, weling kula, ampun sepisan-sepisan panjenengan medal saking garis ingkang kula damel menika. Garis menika nggadhahi daya kakiyatan kangge njagi keslametan panjenengan. Kakangmbok, kula nyuwun pamit.”

Salungane Leksmana, Dewi Sinta ditekani sawijining pawongan kang ngemper pandhita. Pandhita iku kandha menawa keluwen lana teka ing kono saperlu njaluk sedhekah. Dewi Sinta banjur nyelehake woh-wohan ing sanjabane garis kang digawe Leksmana. Pandhita kuwi mau meksa njaluk Dewi Sinta supaya ngulungake dhewe woh-wohan kang bakal diwenehake ora mung diselehake.

Sidane Dewi Sinta luluh atine. Dheweke ngulungake woh-wohan marang pandhita kasebut. Sanalika tangane Dewi Sinta banjur disaut, dicekel kenceng. Pandhita kasebut wis malih wujud dadi wong liya lan nggeblas nggawa Dewi Sinta.


Dewi Sinta bisa kasaut tangane lan digawa nggeblas dening pawongan kang ngemper pandhita. Bab kasebut jalaran ....

a)

Dewi Sinta tumut nyusul Ramawijaya

b)

Dewi Sinta manut marang welinge Leksmana

c)

dheweke metu saka garis kang digawe Leksmana

d)

Dewi Sinta ana njero garis kang digawe Leksmana

12.

Wacanen pacelathon ngisor iki!


Wasis : ”Nuwun sewu, Pak. Mumpung kempal wonten ngriki, kanca-kanca badhe matur kaliyan pengurus RT, menapa saged, Pak?”

Pak Jaya : ”Arep matur apa? Kene-kene. Melu kumpul sisan.”

Umi : ”Inggih nuwun sewu, pareng matur. Benjing Minggu menika wonten kerja bakti menapa ta, Pak?”

Pak Jaya : ”O, ... kuwi ta? Takkira arep matur apa. Ngene lho, Mbak. Saiki iki rak wis ngancik mangsa rendheng. Dadi kanggo nyegah supaya kampunge dhewe ora ketaman lelara DB, warga kampung kene dakajak kerja bakti resik-resik kampung nata lingkungan.”

Yanti : ”Ingkang badhe dipunresiki menapa kemawon, Pak?”

Pak Jaya : ”Ha ya kabeh. Kabeh kudu diresiki. Ben resik lan katon padhang. Rak nggih ngaten ta, Pak Edi?”

Pak Edi : ”Inggih leres, Pak. Ngene lho, Mbak, Mas, menawa ngepasi usum udan, aja nganti got lan kalen-kalen sing ana ing kampunge dhewe iki padha mampet kebak uwuh, banyune ora bisa mili, dadi mambeg, rak mung nggo susuh lemud thok, ta? Lha kuwi marahi tuwuhe sesakit.”

Umi : ”O, ... ngaten. Inggih, Pak.”

Wasis : ”Menapa ingkang dipunresiki namung got kaliyan kalen mawon, Pak?”

Pak Edi : ”Ya ora, Sis. Kae lho, suket-suket karo wit-witan sing njembrung dibabadi, diresiki, lan ditata.”

Pak Jaya : ”Ora mung iku thok, lemah-lemah legok sing bisa kanggo nampung banyu diurug, diratakake. Kanthi mangkono ora ana banyu mambeg babar pisan.”

Yanti : ”Inggih, matur nuwun, Pak. Benjing Minggu kita sedaya tumut kerja bakti lan badhe ngrawat ugi njagi lingkungan.”


Aja nganti got lan kalen-kalen sing ana ing kampunge dhewe iki padha mampet kebak uwuh. Tembung uwuh tegese ....

a)

dolanan

b)

godhong-godhongan

c)

regedan

d)

banyu mambeg

13.

Wacanen pacelathon ngisor iki!


Wasis : ”Nuwun sewu, Pak. Mumpung kempal wonten ngriki, kanca-kanca badhe matur kaliyan pengurus RT, menapa saged, Pak?”

Pak Jaya : ”Arep matur apa? Kene-kene. Melu kumpul sisan.”

Umi : ”Inggih nuwun sewu, pareng matur. Benjing Minggu menika wonten kerja bakti menapa ta, Pak?”

Pak Jaya : ”O, ... kuwi ta? Takkira arep matur apa. Ngene lho, Mbak. Saiki iki rak wis ngancik mangsa rendheng. Dadi kanggo nyegah supaya kampunge dhewe ora ketaman lelara DB, warga kampung kene dakajak kerja bakti resik-resik kampung nata lingkungan.”

Yanti : ”Ingkang badhe dipunresiki menapa kemawon, Pak?”

Pak Jaya : ”Ha ya kabeh. Kabeh kudu diresiki. Ben resik lan katon padhang. Rak nggih ngaten ta, Pak Edi?”

Pak Edi : ”Inggih leres, Pak. Ngene lho, Mbak, Mas, menawa ngepasi usum udan, aja nganti got lan kalen-kalen sing ana ing kampunge dhewe iki padha mampet kebak uwuh, banyune ora bisa mili, dadi mambeg, rak mung nggo susuh lemud thok, ta? Lha kuwi marahi tuwuhe sesakit.”

Umi : ”O, ... ngaten. Inggih, Pak.”

Wasis : ”Menapa ingkang dipunresiki namung got kaliyan kalen mawon, Pak?”

Pak Edi : ”Ya ora, Sis. Kae lho, suket-suket karo wit-witan sing njembrung dibabadi, diresiki, lan ditata.”

Pak Jaya : ”Ora mung iku thok, lemah-lemah legok sing bisa kanggo nampung banyu diurug, diratakake. Kanthi mangkono ora ana banyu mambeg babar pisan.”

Yanti : ”Inggih, matur nuwun, Pak. Benjing Minggu kita sedaya tumut kerja bakti lan badhe ngrawat ugi njagi lingkungan.”


Kagiatan kang dirembug ing daleme Pak Jaya kasebut perlu kalaksanan supaya ....

a)

masyarakat tertib lan aman

b)

lingkungane ora dadi panggonane lelara

c)

entuk juwara nalika lomba

d)

bisa njaga karukunan warga

14.

Wacanen pacelathon ngisor iki!


Wasis : ”Nuwun sewu, Pak. Mumpung kempal wonten ngriki, kanca-kanca badhe matur kaliyan pengurus RT, menapa saged, Pak?”

Pak Jaya : ”Arep matur apa? Kene-kene. Melu kumpul sisan.”

Umi : ”Inggih nuwun sewu, pareng matur. Benjing Minggu menika wonten kerja bakti menapa ta, Pak?”

Pak Jaya : ”O, ... kuwi ta? Takkira arep matur apa. Ngene lho, Mbak. Saiki iki rak wis ngancik mangsa rendheng. Dadi kanggo nyegah supaya kampunge dhewe ora ketaman lelara DB, warga kampung kene dakajak kerja bakti resik-resik kampung nata lingkungan.”

Yanti : ”Ingkang badhe dipunresiki menapa kemawon, Pak?”

Pak Jaya : ”Ha ya kabeh. Kabeh kudu diresiki. Ben resik lan katon padhang. Rak nggih ngaten ta, Pak Edi?”

Pak Edi : ”Inggih leres, Pak. Ngene lho, Mbak, Mas, menawa ngepasi usum udan, aja nganti got lan kalen-kalen sing ana ing kampunge dhewe iki padha mampet kebak uwuh, banyune ora bisa mili, dadi mambeg, rak mung nggo susuh lemud thok, ta? Lha kuwi marahi tuwuhe sesakit.”

Umi : ”O, ... ngaten. Inggih, Pak.”

Wasis : ”Menapa ingkang dipunresiki namung got kaliyan kalen mawon, Pak?”

Pak Edi : ”Ya ora, Sis. Kae lho, suket-suket karo wit-witan sing njembrung dibabadi, diresiki, lan ditata.”

Pak Jaya : ”Ora mung iku thok, lemah-lemah legok sing bisa kanggo nampung banyu diurug, diratakake. Kanthi mangkono ora ana banyu mambeg babar pisan.”

Yanti : ”Inggih, matur nuwun, Pak. Benjing Minggu kita sedaya tumut kerja bakti lan badhe ngrawat ugi njagi lingkungan.”


Bab kang lagi dirembug ana pacelathon kasebut yaiku ngenani ....

a)

kerja bakti karesikan lingkungan

b)

kagiatan pengetan dina kamardikan

c)

penyakit DB

d)

pamilihan Ketua RT

15.

Sapine Simbah 17. Wingi didol 2. Banjur dikurbanke 2. Sapine simbah isih ....

a)
b)
c)
d)
16.

Biji ulangan Matematika ing antarane bocah papat kasebut kang paling dhuwur yaiku ....

a)

Damar

b)

Gunadi

c)

Temi

d)

Setya

17.

Panulisan tembung ing ngisor iki kang migunakake aksara swara (E) yaiku ....

a)
b)
c)
d)
18.

Akehe surat ana ing Al Qur’an ana 114 surat. Angka 114 yen katulis mawa angka Jawa dadi ....

a)
b)
c)
d)
19.

Nomer kasebut minangka nomer hape guruku, yaiku ….

a)

08152346897

b)

08953246819

c)

08742356819

d)

08143256897

20.

Tembung-tembung kasebut kang migunakake aksara swara [A] yaiku ….

a)

1 lan 3

b)

2 lan 7

c)

4 lan 6

d)

5 lan 8