NEW
Font size
WorksheetsPAT BAHASA JAWA KELAS 10
Total questions: 40
Worksheet time: 2hrs 0mins
Ingkang boten kalebet unsur-unsur geguritan ingkang sae inggih menika . . . .
Tembung-tembungipun rinengga
Tembung-tembungipun pinilih
Ukarane cekak
Tembung-tembunge mentes
Tembung-tembunge endah
Pangertosan geguritan miturut Subahdinata inggih menika . . .
Tembang utawi kidhung ingkang memper syair
Iketaning basa ingkang memper syair
Tulisan / tatahan ingkang indah
Tembung utawi ukara ingkang rinengga
Pitutur kang luhur
Ingkang boten kalebet sifatipun geguritan gagrak enggal inggih menika . . . .
Boten kaiket kathahipun wanda lan gatra
Kalebet puisi modern
Pungkasaning gatra kedah runtut
Kawastanan puisi bebas
Boten dipun awali ukara sung gegurit
Maos geguritan kedah narik kawigaten utawi nglarasaken kaliyan isinipun geguritan dipunwastani gatosan bab . . . .
wicara
wiraga
wirasa
wirama
busana
Anggenipun maos geguritan sag panjiwanipun saget trap kaliyan suwasananipun saget kawastanan . . . . becik.
wibawa
wicara
wirama
wiraga
wirasa
Supados saged nyerat geguritan sing kanthi sae lampah ingkang kedah dipun tindakaken inggih menika, kejaba . . . .
nggladhi tanggap sasmita
nyepeng ilham
ngolah tembung
maringi vitamin ing tembung-tembung wau
Milih tembung ingkang mentes
Tembung-tembung ingkang sami swantenipun utawi aksaranipun wonten ing geguritan kawastanan . . . .
Parikan
Paribasan
Wangsalan
Purwakanthi
Geguritan
Teras ngarep omah kampung jaman rumiyin kawastanan . . ..
Emper
Genter
Geger
Gandhok
Cabikan
Sumangga apa kang dadi parjangkamu aku ora bakalngaru siku. Tembung “ngaru siku” tegesipun . . . .
pambiyantu
ngregoni
ngrusuhi
ngalang – ngalangi
canduk lawung
Ingkang boten dipun gatosaken nalika nyerat carios pengalaman inggih menika . . .
Tembung-tembungipun luwes lan prasaja
Cariosipun boten nggladrah (gampil dimangertosi)
Tetembunganipun kirang prasaja sanget
Boten nyariosaken wadinipun tiyang sanes
Boten ngawonaken suku, agama, saha kabudayan sanes
Ingkang boten kalebet mancarupanipun wong kang nindakake sesorah inggih menika . . . .
sesorah kanthi cara apalan
sesorah kanthi maca naskah
sesorah kanthi impromtu
sesorah kanthi ningali kawontenan
sesorah kanthi cara ekstemporan
Sesorah ingkang ancas lan isinipun nanggapi during pambagiya harja kawastanan sesorah . . . .
wursita wara
pambagiya harja
atur pawartos
tanggap wacana
medhar sabda
Rantamanipun wing sesorah ingkang becik yaiku . . . .
salam pambuka, purwaka, pandonga, panutup
pambuka, purwaka, wigatosing atur, wigatining pandonga, panutup
purwaka, isi, wigatining pandonga, panutup
pambuka, purwaka, pandonga, isi, panutup
pambuka, purwaka, isi, pandonga, panutup
Ingkang boten dipun gatosaken nalika lagi nindakake sesorah inggih menika . . . .
wicara
wibawa
wirasa
wirama
wiraga
Wong sesorah kedah ngadi busana lan ngadi sarira trep, pantes, lan jangkep saget kawastanan . . . .
magastra
mawastha
maraga
matanggap
malagawa
Ukara / tembung ing ngandhap menika boten becik menawi dipun ucapaken nalika nindakake seorah . . . .
Para Bapak + ibu ingkang kula urmati
Para Bapak-Bapak lan ibu-ibu ingkang kula urmati
Para pinembahan sepuh ingkang kula urmati
Para sesepuh lan pini sepuh ingkang kula urmati
Para tamu undangan ingkang kinurmatan
Ukara tembung-tembung ing ngandhap menika becik tumrap kangge sesorah kejaba . . . .
Kadhos sedaya sampun sami nglempak
Ing bokbilih wonten lepatipun, kula nyuwun pangapunten
Pramila mangga adicara dipunpungkasi
Kabeta saking kirang seserepan kula
Sumangga kita sesarengan pungkasi
Menapa tegesipun tembung “ngangsu kawruh” menika . . . .
wong golek banyu
wong sinau
golek sandang pangan
wong pinter
golek ngelmu
Budaya wayang kulit ingkang nyariosaken lakon Ramayana lan Mahabarata inggih menika . . .
Wayang madya
Wayang gedhog
Wayang suluh
Wayang purwa
Wayang shadhad
Piranti kabudayan wayang kulit kang nglambangake pasemoning jagad gumelar dipun wastani . . . .
Cempola
Kepyak
Blencong
Simpingan
Kelir
Dasanamaning tembung-tembung lintang, inggih menika . . . .
Kartika
Candra
Dahono
Maruta
Kisma
“Wanora sito” tegesipun inggih menika . . . .
Satrio Agung
Kethek Putih
Keraton
Wadiya Bala Kurawa
Wadiya Bala Alengka
Tegesipun tembung “perbawa” inggih menika . . . .
Kekuatan raga
Kekuatan batin
Kekuatan lahir
Kekuatan manungsa
Kekuatan kang linuwih
Yen damel geguritan kedah nggatosaken bab ing ngandap menika, kejaba . . . .
nentoaken tema
ukaranipun panjang
milih irah-irahan
tembungipun mentes
migunaake purwakanthi
Nalika maos geguritan kedah gatosaken pocapan, kudu cetha aja alon utawa kebanteren, iku diarani . . . .
wirasa
wirama
wicara
wiraga
witata
Ingkang boten kalebet gunanipun basa krama inggih menika . . . .
Kangge putra dateng tiyang sepuh
Kangge andhaan dateng pimpinan
Kangge tiyang ingkang dereng kenal
Kangge tiyang sepuh dateng lare
Kangge siswa dateng gurunipun
Dasanamaning tembung “warih” inggih menika . . . .
bumi, bantala, buana
ilang, musna, muksa, lan sirna
dalan, gili, lurong, lan marga
nur, cahya, sinar, sorot
her, tirta, toya, lan banyu
Ingkang boten kalebet para punakawane para satriya yaiku . . . .
gareng
petruk
bagong
antaga
ismaya
Seni budaya campur sari saged kangge selingan ing wayang kulit wonten adegan . . . .
gara-gara
tancap kayun
jijiran
perang kembang
perang brubuh
Para satriyo pandhawa lima yaiku, kajawi . . . .
Arjuna
Kresna
Bima
Nakula
Sadewa
Paribasan sura dira jaya ningrat lebur dening pangastuti tegesipun . . . .
Tumindak ala bakal lebur dening tumindake
Tumindak ala lan becik bakal ketara
Tumindak ala bakal lebur dening tumindak becik
Tumindak ala bakal ketara becik ketitik
Tumindak ala bakal lebur dening pakartine dewe
Miturut patih ing kayangan wong sing utama iku yaiku . . . .
wicaranipun alus dateng tiyang sanes
boten seneng pamer lan ngino tiyang sanes
saged dados patuladhan tiyang sanes
wicaranipun sae seneng dedana lan jujur
pinter wasis lan sekti
Sesorah ingkang ancasipun supados kapilut lan derek menapa ingkang dipun wedharaken dipun wastani . . . .
panglipur
pangajak
pawarta
pambagya
informasi
Migunakaken basa ingkang sae trep lan laras kaliyan kawontenanipun saged kawastanan . . . .
witata
wibawa
wicara
wirasa
wiraga
Ingkang boten kalebet ancasipun wong sesorah inggih menika . . . .
pambagya
pawarta
panglipur
pangajak
purwaka
Gegambarane wong adigang, adigung, adiguna yaiku . . . .
murang tata
andhap asor
manggih cilaka
remen pamer
tumindak awon
Ukara ing ngandap menika pundi ingkang leres trep lan sae . . . .
Dumateng para bapak-bapak, ibu-ibu ingkang kinabekten
Dumateng para Bapak-bapak, Ibu-ibu, ingkang tuhu kinabekten
Dumateng para Bapak Ibu ingkang tuhu kinabekten
Dumateng ngarsanipun Bapak-bapak, Ibu-ibu ingkang kinabekten
Dumateng ngarsanipun para Bapak-bapak, Ibu-ibu ingkang kinabekten
Ukara ing ngandap menika sae, trep lan leres, kejawi . . . .
Acara sampun bade dipun awiti
Acara sampun bade dipun milahi
Acara sampun dipun mulai
Acara sampun bade dipun wiwiti
Acara sampun bade dipun awali
Tuladha panutup . . . .
Raos syukur mangga tansah katur dumateng Gusti ...
Kula minangka wakil para siswa ngaturaken panuwun awit rawuh panjenengan ...
Ing pungkasane atur, kula sak kanca nyuwun pangapunten ...
Sumangga kita sedaya nindakaken pakaryan kanthi remen ...
Panyuwun kula, mugi para rawuh tansah paring pangestu ...
Langkung rumiyin mangga nderek muji syukur dumateng Allah SWT . . . lan sak lajengipun, pangandikan kasebat saget dipun wastani . . . .
Purwaka
Panutup
Uluk salam
Wigatining atur
Pangarep-arep
