wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bedhekan Santuy-jinis tembung-unggah-ungguh basa

Total questions: 30

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

Aku ana ing ngarep ibu lan seneng ndhelik ing buri tivi. Dolanku ning pinggire kali. Yen bapak rawuh, aku ora ana.


Aku sapa ya?

a)

Kabel

b)

Kodhok

c)

Aksara i

d)

adhik

2.

Ana wesi sekilo,plasti rong kilo, lan kapas telung kilo. Yen telu-telune diceblokna ing sikil, endi sing paling lara?

a)

Wesi

b)

kapas

c)

plastik

d)

sikil

3.

Ing pucuk segara ana apa?

a)

Aksara a

b)

pulo

c)

iwak

d)

banyu

4.

Dheweke mesthi ana ing sadhuwure presiden lan para mentri, kamangka dheweke dudu pejabat. Dheweke kuwi sapa ya?

a)

MPR

b)

TNI

c)

cupluk

d)

Polisi

5.

Duwe tangan, nanging ora duwe driji. Duwe gulu nanging ora duwe sirah. Apa kuwi?

a)

Medi

b)

Wong cacat

c)

Klambi

d)

Kartun

6.

WNI sing kuliah ing Paris, lan mati ing negara Amerika duweni gelar apa?

a)

Sarjana

b)

almarhum

c)

Profesor

d)

Insinyur

7.

Kewan apa sing kasusun saka rong aksara?

a)

udang

b)

kodhok

c)

kadhal

d)

iwak

8.

Lair ing Arab, gedhe ing Arab, lan mati ing Arab, nanging ora bisa basa Arab. Banjur sapa dheweke?

a)

Unta

b)

Wong Arab

c)

wisatawan

d)

guru basa Arab

9.

Nembake ning buri, kenane ing ngarep. Apa kuwi?

a)

Salah tembak

b)

polisi

c)

tentara

d)

entut

10.

Nalika preian, apa sing paling akeh ana ing kebun binatang?

a)

kethek

b)

manungsa

c)

gajah

d)

ula

11.

Jinis tembung iku ana pira?

a)

1

b)

5

c)

15

d)

10

12.

Tembung sing nerangake pakaryan kang dilakoni manungsa utawa kewan?

a)

Aran

b)

kriya

c)

sesulih

d)

panguwuh

13.

Gatekna ukara iki.


Gunung Bromo salah sawijining papan wisata kang misuwur ing Jawa Timur. Gunung iki dumunung ing petang kutha yaiku Kabupaten Probolinggo, Pasuruan, Lumajang lan Malang.


Saka ukara ing dhuwur, tembung “iki” kanggo nyulihake (ngganteni) apa?

a)

Gunung Bromo

b)

papan wisata

c)

Jawa Timur

d)

Bromo

14.

Tembung kang dadi sesulih utawa gantine wong, kewan, barang utawa sing dianggep barang diarani?

a)

Sesulih

b)

Aran

c)

Kriya

d)

Panguwuh

15.

Kata ganti orang I tunggal ing basa Jawa bisa nganggo tembung?

a)

Aku

b)

kita

c)

kowe

d)

dheweke

16.

Gatekna ukara iki


Gunung Bromo dadi papan wisata kang nyenengake ………… duweni sesawangan kang ora tinemu ing panggonan liya.


Tembung panggandheng kang cocok kanggo nggandheng ukara loro iku yaiku

a)

Yen

b)

lan

c)

nalika

d)

amarga

17.

Gatekna tembung-tembung iki


1. Pesisir Pulo Merah

2. Minangka

3. Kawentar

4. Saiki

5. Kabupaten Banyuwangi


Saka daftar ing dhuwur, kang kalebu Tembung Aran disebutake nomer?

a)

1,2

b)

3,4

c)

2,4

d)

1,5

18.

Gatekna ukara iki


Apa maneh sesawangan mau dideleng nalika ngancik sore……


Tembung sing digarisi kalebu tembung?

a)

Katrangan

b)

Ancer-ancer

c)

Panguwuh

d)

Panyilah

19.

Gatekna ukara iki


Ing kono uga ana acara taunan sing rame banget, yaiku selancar.


Tembung sing digarisi kalebu tembung?

a)

Kahanan

b)

Katrangan

c)

Kriya

d)

Aran

20.

Akeh papan sing bisa dinggo seneng-seneng.

Tembung sing digarisi kalebu tembung apa?

a)

Wilangan

b)

panyilah

c)

katrangan

d)

kriya

21.

Krama lugu Aku :

a)

Kulo

b)

Aku

c)

ingson

d)

beta

22.

Krama Inggil mangan :

a)

nedha

b)

dhahar

c)

mangan

d)

nguntal

23.

Basa kang kanggo bocah-karo bocah utawa sapadha-padha yaiku ….

a)

krama

b)

Krama inggil

c)

Ngoko lugu

d)

Ngoko alus

e)

Krama andhap

24.

Kadingaren pakdhe, dalu-dalu tindak ngriki.

Basa kang digunakake yaiku …

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko andhap

c)

Krama inggil

d)

Krama

e)

Krama madya

25.

Manut wujude, unggah-ungguh basa dibedakake dadi 4 yaiku ....

a)

Ngoko , ngoko lugu, krama madya, krama alus

b)

Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus

c)

Basa ibu, basa ilmu, basa budaya

d)

Basa sanskerta, aksara jawa, basa daerah

26.

‘Saben dina, aku sekolah numpak sepeda motor’

Ukara kasebut yen diowahi dadi ngoko alus dadi .....

a)

Saben isuk, aku sekolah nitih sepeda motor

b)

Saben dina, kula sekolah nunggang sepeda motor

c)

Saben dina, sampeyan sekolah numpak sepeda motor

d)

Saben dinten, kula sekolah nitih sepeda motor

27.

Nalika pacaturan karo Pakdhe, minangka pawongan kang luwih enom kudu nggunakake basa .....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

28.

Pak Agus : ”Bola-bali telat wae, apa maneh alesanmu nar?”

Sunar : “....”

Ukara kang trep kanggo mangsuli Pak Agus yaiku ....

a)

Dalem kula tebih sanget, Pak

b)

Griya kula tebih, Pak

c)

Dalem kula adoh, Pak

d)

Omahku adoh, Pak

29.

Kowe maeng apa uwis mangan?

Ukara kasebut yen diowahi dadi krama inggil dadi ....

a)

Panjenengan kalawau menapa sampun dhahar?

b)

Sampeyan kalawau napa sampun dhahar?

c)

Panjenengan wau napa sampun nedha?

d)

Panjenengan wau menapa wis dhahar?

30.

Krama aluse ngomong yaiku .....

a)

Kandha

b)

Ngendhika

c)

Mbacot

d)

Matur