NEW
Font size
WorksheetsGLADHEN BJW 9 GANJIL 2020-2021
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
Basa kang digunakake nalika ngecakake kegiatan wawancara yen priyayine sing diajak wawancara luwih sepuh becike nggunakake basa ...
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Basa ngoko sing kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman diarani basa ...
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Yen micara marang bapak utawa ibu (wong tuwa) becike nggunakake basa ...
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Perangan teks kang isine ngandharake pangerten sawijine objek kang diamati/ ditaliti diarani ...
dhefinisi umum
dheskripsi umum
dheskripsi bagian
dheskripsi manfaat
Perangan teks kang isine ngandharake kanthi jangkep bageyan-bageyan saka objek kang diamati/ditaliti diarani ...
dhefinisi umum
dheskripsi umum
dheskripsi bageyan
dheskripsi gunane
Ing ngisor iki, sing ora kalebu titikan utawa ciri-cirine teks palapuran asil obsrvasi, yaiku ...
ngandhut fakta utawa kedadeyan kang sabenere
asipat apa anane (objektif), bisa dadi sumber pawarta (informatif), lan gampang dipahami (komunikatif)
ditulis kanthi sampurna lan jangkep
ngadharake bab-bab kang ora salaras lan ngandhut prasangka
Teks palapuran asil observasi asipat apa anane (objektif), tegese yaiku ...
isi teks asil observasi salaras karo kasunyatan
teks bisa didadekake minangka sumber pengalaman tumrap wong liya kang arep nindakake kegiyatan ngamati babagan kang padha
teks diandharake kanthi basa kang cetha lan gampang dimangerteni dening para maos
ngandhut panemu (opini) kang diandharake dening para ahli sing wis mangerteni luwih mirunggan
Sawijine kegiyatan kang panalitine utawa pengamate (observer) melu (terlibat) ing kagiyatan ngamati, diarani observasi ...
partisipatif
nonpartisipatif
langsung
ora langsung
Ing ngisor iki, sing ora kalebu ciri-ciri basa ing teks palapuran asil observasi, yaiku ...
isi teks kudu objektif
ditulis adhedhasar kasunyatan (fakta) nalika nindakake kagiyatan ngamati
isi teks ora ngemot bab-bab kang nyimpang saka kasunyatan
isi teks kudu subjektif
Tembung drama asale saka basa Yunani kang tegese sawijining ...
tindak-tanduk
pacalathon/ dhialog
aksi/ solah bawa
mimik/ ekspresi
Ing bebrayan Jawa drama uga diarani ...
sandhiwara
sandhiasma
teliksandhi
sandhiyudha
Sawijining olah seni kang dipentasake dening para paraga ing panggung lan nduweni pesen utawa amanat sinandhi kang bisa kanggo tepa tuladha ing urip bebrayan diarani ...
sendratari
tari tradhisional
drama/ sandhiwara
bedhaya ketawang
Manut jinise drama utawa sandhiwara kaperang dadi loro, yaiku ...
tradhisional lan klasik
tradhisional lan modern
gagrag anyar lan modern
turgi lan klasik
Drama kang nyritakake crita rakyat jaman kuna, lan isine tarkadhang ora kalebu ing nalar, kalebu jinise drama ...
gagrag anyar
tradhisional
modern
jaman saiki
"Simbah arep lunga menyang endi?" Ukara kasebut yen diowahi dadi basa krama alus benere ...
"Simbah arep tindak menyang endi?"
"Simbah arep kesah menyang endi?"
"Simbah badhe kesah menyang pundi?"
"Simbah badhe tindak dhateng pundi?"
Yen nulis angka Jawa lumrahe migunakake ...
pada pangkat
pada lungsi
pada lingsa
adeg-adeg
Sing bisa nggunakake basa ngoko lugu yaiku ...
Wong anom marang wong tuwa.
Sisawa marang gurune.
Guneman marang wong sing lagi kenal.
Kanca sapadha kanca kang wis akrap banget.
Kethoprak lan Ludruk iku diarani kesenian tradhisional, amarga ...
Mung urip ing jaman sadurunge Indonesia merdeka
Mung bisa nggelarake crita pangripane bangsawan kraton.
Digelar kanthi migunakake alat musik tradhisional, busana tradhisional, diringi kanthi tetembangan, lan nggelar crita jaman kawuri.
Digelar migunakake musik modern, busana modern lan nggelar crita modern.
Kethoprak urip ngrembaka lan ngalami jaman kencana rukmi watara taun 1950 an ing daerah ...
Banyuwangi
Surabaya
Probolingga
Ngayogyakarta
Ludruk mujudake kesenian tradhisional asal saka ...
Jawa Tengah
Ngayogyakarta
Jawa Barat
Jawa Timur
