wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa X gladhen (Unggah-ungguh)

Total questions: 30

Worksheet time: 38mins

Name
Class
Date
1.

Nalika sliramu matur bapak lan ibu becike nganggo ragam basa apa?

a)

basa ngoko lugu

b)

basa krama lugu

c)

basa ngoko alus

d)

basa krama alus

2.

Bu, kula ……sekolah, menawi ibu ………. kantor pukul pinten?

a)

mangkat, mlampah

b)

mlampah, tindak

c)

tindak, mlampah

d)

tindak, tindak

3.

Ukara kasebut diwaca

a)

Krateg salareja

b)

Kreteg selareja

c)

Kreteg selorejo

d)

Krateg soloreja

4.

Wong sing diajak wawancara priyayine luwih tuwa,basa sing digunakake yaiku...

a)

Basa ngoko lugu

b)

Basa krama lugu

c)

Basa ngoko alus

d)

Basa krama alus

5.

Kepriye aturmu nalika nyuwun idin arep nginep ing daleme simbah?

a)

Bu, menapa pikantuk menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah.

b)

Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun

simbah?

c)

Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten griyanipun

simbah?

d)

Bu, menapa angsal menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah?

6.

Bu, menawi kepareng kula badhe ……pirsa!

a)

mundhut

b)

nyuwun

c)

tanglet

d)

njaluk

7.

Ing ngisor iki kalebu basa krama, kajaba ....

a)

ibu mundhut gendhis ing wande

b)

pakdhe mundhut sinjang wonten peken

c)

pak guru tindak wonten sekolah ngasto tas ageng

d)

fani tuku dolanan ing pasar malem

8.

Basa krama inggil diucapke marang ....

a)

marang sapadha-padha

b)

wong tua marang wong enom sing isih ngurmati

c)

bocah marang wong tuwa

d)

wong tuwa marang bocah

9.

Bu Dian tindak kantor nitih bis. Salinen nganggo basa ngoko ....

a)

Bu Dian lunga kantor numpak bis

b)

Bu Dian lunga kantor

c)

Bu Dian numpak bis

d)

Bu Dian lunga kantor ditumpaki bis

10.

Ing ngisor iki kena nggunakake basa ngoko, kejaba ...

a)

guru marang murid

b)

bapak marang anak

c)

wayah marang simbah

d)

kanca marang kanca

11.

Nalika aku bali sekolah, Bapak lagi ...

a)

nedha

b)

madhang

c)

dhahar

d)

mangan

12.

Ibu tindak peken ... sepedha motor.

a)

numpak

b)

ndherek

c)

nitih

d)

numpak

13.

Simbah dhahar sekul kaliyan dadaran ...

a)

gendhis

b)

uwos

c)

tigan

d)

ulam

14.

Ing riyaya qurban, bapak mbeleh ...

a)

sawer

b)

mendha

c)

ayam

d)

segawon

15.

Manut wujude, unggah-ungguh basa dibedakake dadi 4 yaiku ....

a)

Ngoko , ngoko lugu, krama madya, krama alus

b)

Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus

c)

Basa ibu, basa ilmu, basa budaya

d)

Basa sanskerta, aksara jawa, basa daerah

16.

‘Saben dina, aku sekolah numpak sepeda motor’

Ukara kasebut yen diowahi dadi ngoko alus dadi .....

a)

Saben isuk, aku sekolah nitih sepeda motor

b)

Saben dina, kula sekolah nunggang sepeda motor

c)

Saben dina, sampeyan sekolah numpak sepeda motor

d)

Saben dinten, kula sekolah nitih sepeda motor

17.

Nalika pacaturan karo Pakdhe, minangka pawongan kang luwih enom kudu nggunakake basa .....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

18.

Pak Agus : ”Bola-bali telat wae, apa maneh alesanmu nar?”

Sunar : “....”

Ukara kang trep kanggo mangsuli Pak Agus yaiku ....

a)

Dalem kula tebih sanget, Pak

b)

Griya kula tebih, Pak

c)

Dalem kula adoh, Pak

d)

Omahku adoh, Pak

19.

Undha-usuk ing basa Jawa iku bakune mung ana loro yaiku....

a)

Ragam ngoko alus lan ragam krama alus

b)

Ragam ngoko lan ragam krama

c)

Ragam krama lugu lan ragam krama inggil

d)

Ragam ngoko lan krama inggil

20.

Basa ngoko yen tetembungane kacampuran tembung-tembung krama kagolongake basa....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

21.

Yen kabandhingake karo basa ngoko, basa krama luwih....

a)

Kasar lan rumaket

b)

Luwih gampang cak-cakane

c)

Alus lan nduweni surasa luwih ngajeni

d)

Endhek tataran undha-usuke

22.

Wong / bocah nom kang nduweni pangkat kang luwih dhuwur marang wong tuwa kang dadi andhahane migunakake basa....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

23.

Ukara ing ngisor iki kalebu jinis ragam basa apa?

Bapak lagi dhahar sega pecel sapincuk

a)

Krama alus

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Ngoko lugu

24.

Ukara ing ngisor iki kalebu jinis ragam basa apa?

Andi dipunutus bu Guru mendhetaken buku wonten ing ruang guru

a)

Krama alus

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Ngoko lugu

25.

Ragam Basa ing basa Jawa menika ingkang dipunginakake dening tiyang enem dhateng tiyang sepuh inggih menika ....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

26.

Ingkang boten kalebet unggah - ungguhing ing pasrawungan inggih menika ...

a)

Polatan awak kang sae

b)

Ngginakake basa ingkang bener lan pener

c)

Polatan awak ndungkluk, swara sero

d)

Guneman kanthi cetha, ora kesusu, keseron utawa kelirihen

27.

Ukara ing ngandhap menika ingkang kalebet ragam basa ngoko alus inggih menika ....

a)

ibuk saweg mundhut gendhis wonten ing wande

b)

Saben esuk bapak mangkat kantor numpak pit

c)

Benjang enjang, njenengan ten dalem boten mas?

d)

Nuwun sewu bapak, menawi kepareng badhe kepanggih njenengan

28.

Renita : “Kados pundi pengemasanipun?”

Bu Ninik : “Kanggo produk olahan gedhang sing garing, pengemasane jaman biyen nganggo plastik dislomot geni saka lilin utawa ublik. Nanging saiki jaman saya tambah maju, mula pengemasan wis kanthi modern. Aku nggunakake teknologi mesin press. Saliyane iku uga ditambahi merk utawa cap ing kemasane. Senajan biayane pengemasan larang.

Adhedhasar ragam basane, pethikan wawancara kasebut basa kang digunakake yaiku....

a)

ngoko alus, krama lugu

b)

krama lugu, krama alus

c)

krama alus, ngoko lugu

d)

ngoko alus, ngoko alus

29.

Anisa : ......

Pak Hendar : Aku sinau ndhalang wiwit cilik, Mbak.

Anisa : Sinten ingkang ngajari, Pak?

Pak Hendar : Swargi bapak.

Ukara kang trep ragam basane kanggo njangkebi pethikan teks wawancara kasebut yaiku ....

a)

Pak Hendar ajar ndhalang kaliyan sinten?

b)

Wiwit kala punapa Pak Hendar ajar ndhalang?

c)

Kapan Pak hendar lekas blajar ndhalang?

d)

Ing ngendi Pak Hendar ajar ndhalang?

30.

Undha-usuk ing basa Jawa iku bakune ana loro, yaiku ....

a)

Ragam ngoko alus lan krama inggil

b)

Ragam ngoko lan ragam krama

c)

Ragam krama lugu lan ragam krama inggil

d)

Ragam ngoko lan krama inggil

e)

Ragam krama alus lan krama inggil