wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Basa Jawa kelas X Unggah-ungguh HNC

Total questions: 30

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

Sasampunipun ngrahapi menapa ingkang sampun sumadya, kasuwun para tamu tumuju papan pirepatan awit tata upacara badhe kalajengaken. Basa kang digunakake yaiku ...

a)

krama desa

b)

Krama alus

c)

Ngoko lugu

d)

Ngoko alus

e)

Krama lugu

2.

Nyuwun tulung sampeyan tumbasaken kabetahan kangge kegiyatan dangunipun tigang dinten. Basa kang digunakake yaiku …

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

e)

ngoko desa

3.

Yen tindak daleme Pakdhe, aja lali welingane Bapak diaturke Pakdhe ya, Le! Basa kang digunakake yaiku ...

a)

krama alus

b)

krama lugu

c)

ngoko alus

d)

ngoko lugu

e)

krama desa

4.

Pak dhokter mau dhawuh karo Simbah, menawa bubar ngunjuk obat diaturi sare. Basa kang digunakake yaiku …

a)

ngoko alus

b)

ngoko lugu

c)

krama alus

d)

krama lugu

e)

kramantara

5.

Bapak saiki duwe pimpinan anyar, dene pimpinane iku biyen kancane saklas nalika ana ing SMA. Basa kang trep digunakake Bapak marang pimpinane kuwi yaiku ….

a)

ngoko alus

b)

ngoko lugu

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

kedhaton

6.

Mas, menawi sampeyan kondur betakaken menika nggih. Basa kang digunakake yaiku …

a)

krama alus

b)

ngoko alus

c)

ngoko lugu

d)

krama lugu

e)

basa kedhaton

7.

Basa kang kanggo bocah-karo bocah utawa sapadha-padha yaiku ….

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

kramantara

8.

Mbah kakung ngrungokake siyaran wayang kulit, ukara kasebut gunakake unggah-ungguh basa...

a)

ngoko alus

b)

krama alus

c)

krama lugu

d)

basa kedhaton

e)

ngoko lugu

9.

Simbah saweg tilem, ukara kasebut kalebu ukara...

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

e)

ngoko desa

10.

Simbah saweg sare, ukara kasebut kalebu ukara...

a)

krama lugu

b)

ngoko lugu

c)

ngoko alus

d)

basa kedhaton

e)

krama alus

11.

sawise rampung anggone mangan, para tamu banjur dikon padha mlebu ruangan rapat. Ukara kasebut migunakake basa ...

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

e)

basa resmi

12.

O1 lan O2 padha gineman. O1 minangka Penutur, dene O2 yaiku ...

a)

mitra tutur

b)

caturan

c)

pacelathon

d)

pirembagan

e)

jejer

13.

Nyuwun tulung Panjenengan pundhutaken dhaharan kagem adicara rapat mbenjang enjang. Ukara kasebut kalebu basa ...

a)

ngoko lagu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

ngoko biyasa

14.

Menawi Panjenenegan nitih pit montor, sampun supe ngasta ngagem helem. Ukara kasebut migunakake basa ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

ngoko andhap

d)

krama alus

e)

krama lugu

15.

Guru Basa Jawaku asmane Pak Afif. Basa krama alus kang pener yaiku ...

a)

Dwija Basa Jawa kula asmanipun Pak Afif

b)

Dwija Basa Jawaku asmanipun Pak Afif

c)

Guru Basa Jawa kula asmanipun Pak Afif

d)

Dwija Basa Jawa kula asmane Pak Afif

e)

Guru Basa Jawaku asmanipun Pak Afif

16.

Undha-usuk ing basa Jawa iku bakune ana loro, yaiku ....

a)

Ragam ngoko alus lan krama inggil

b)

Ragam ngoko lan ragam krama

c)

Ragam krama lugu lan ragam krama inggil

d)

Ragam ngoko lan krama inggil

e)

Ragam krama alus lan krama inggil

17.

Sedaya kemawon saget rawuh sakmenika.

Ukara kasebut menawa diowahi menyang basa ngoko lugu yaiku ....

a)

Kabeh wae bisa mulih saiki

b)

Kabeh wae bisa teka saiki

c)

Kabeh wae bisa lunga saiki

d)

Kabeh mawon saget dugi saiki

e)

Kabeh wae bisa budhal sakniki

18.

Ukara ing ngisor iki panganggone basa ngoko alus sing trep, yaiku ....

a)

Saben sore pitikku yen sare manggon ing kandhang mburi

b)

Kucingku saben dina dhahar daging ayam

c)

Adhiku senengane ngunjuk es dhawet

d)

Nganti saiki bulik dereng kagungan putra

e)

Eyang nembe kemawon sare

19.

Tetembungan basa ngoko kang kacampuran tembung basa krama inggil,diarani....

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

ngoko alus

d)

ngoko lugu

20.

Bapak ndangu putranipun, "Nok, Ibu mau wis madhang durung?"

Putranipun Bapak mangsuli, "Dereng ketingale, Pak. Kalawau langsung bidhal ngoten mawon."

Lajeng Bapak ndangu malih, "Dene awakmu wis dhahar durung?" Putranipun mangsuli, "Dereng pak, monggo pak, dhahar sareng-sareng."

a)

Bapak ndangu putranipun, "Nok, Ibu mau wis dhahar durung?"

Putranipun Bapak mangsuli, "Dereng ketingale, Pak. Kalawau langsung bidhal ngoten mawon."

Lajeng Bapak ndangu malih, "Dene awakmu wis dhahar durung?" Putranipun mangsuli, "Dereng pak, monggo pak, dhahar sareng-sareng."

b)

Bapak ndangu putranipun, "Nok, Ibu mau wis dhahar durung?"

Putranipun Bapak mangsuli, "Dereng ketingalipun, Pak. Kalawau lajeng tindak ngoten mawon."

Lajeng Bapak ndangu malih, "Dene awakmu wis madhang durung?" Putranipun mangsuli, "Dereng pak, mangga pak, maem sareng-sareng."

c)

Bapak ndangu putranipun, "Nok, Ibu mau wis dhahar durung?"

Putranipun Bapak mangsuli, "Dereng ketingale, Pak. Kalawau langsung tindak ngoten mawon."

Lajeng Bapak ndangu malih, "Dene awakmu wis madhang durung?" Putranipun mangsuli, "Dereng pak, monggo pak, dhahar sareng-sareng."

d)

Bapak ndangu putranipun, "Nok, Ibu mau wis dhahar durung?"

Putranipun Bapak mangsuli, "Dereng ketingalipun, Pak. Kalawau langsung tindak ngoten mawon."

Lajeng Bapak ndangu malih, "Dene awakmu wis madhang durung?" Putranipun mangsuli, "Dereng pak, monggo pak, maem sareng-sareng."

21.

Budhe Sumiyati kalawingi boten nggawa ulih-ulih saka Bali.

Saking ukara ing inggil, tembung nggawa ingkang leres inggih punika ....

a)

mbekta

b)

mbeta

c)

ngasta

d)

ngastha

22.

Bapak nonton tivi. Tembung kriya ing ukara kasebut ingkang leres miturut unggah-ungguhipun inggih punika ....

a)

ndeleng

b)

ndelok

c)

ningali

d)

mirsani

23.

Ukara ing ngandhap punika kaleresna miturut undha-usuk!


Kalawingi kula mirsani wonten tiyang sepah nembe nyangking ember kiwa tengen mlaku tumuju pasar.

a)

Kalawingi kula mirsani wonten tiyang sepuh nembe nyangking ember kiwa tengen mlaku tumuju pasar.

b)

Kalawingi kula ningali wonten tiyang sepuh saweg nyangking ember kiwa tengen mlaku tumuju pasar.

c)

Kalawingi kula ningali wonten tiyang sepah nembe ngasta ember kiwa tengen tindak tumuju peken.

d)

Kalawingi kula ningali wonten tiyang sepuh saweg ngasta ember kiwa tengen tindak tumuju peken.

24.

Damel rembugan kaliyan tiyang ingkang linuwih inggil pangkatipun, kedah ngginakaken basa ….

a)

Ngoko

b)

Krama lugu

c)

Krama alus

d)

Ngoko alus

e)

Krama madya

25.

Wonten ngandhap menika ingkang mboten kalebet pandamelipun basa ngoko lugu inggih menika …

a)

Kagem rembugan kaliyan tiyang ingkang inggil pangkatipun

b)

Kagem rembugan kaliyan tiyang sapadha-padha

c)

Kagem rembugan kaliyan tiyang ingkang asor pangkatipun

d)

Kagem rembugan wonten dhiskusi kelompok

e)

Kagem rembugan kaliyan tiyang ingkang sepuh ananging sampun raket

26.

Wonten ngandhap menika ukara ingkang trep ndamel basa ngoko alus inggih menika …

a)

Muliha saiki wae.

b)

Bapak siktas dhahar.

c)

Ibu midhangetaken campursari.

d)

Mangga dipundhahar sawontene.

e)

Sakmenika eyang tilem rumiyin.

27.

Ukara-ukara wonten ngandhap punika ingkang kalebet basa ngoko alus inggih menika ….

a)

Paklik ora ngasta montor dhewe?

b)

Mas Angga nduwe kalawarti akeh banget.

c)

Panjenengan napa sampun dhahar?

d)

Ibu mundhut ageman enggal

e)

Panjenengan kapan kesah?

28.

Apa sing kok kandhakake iku bapak wis weruh.

Ukara kasebut manawi dipunowahi dados basa krama alus ingkang trep inggih menika …

a)

Apa sing panjenengan aturake bapak wis pirsa.

b)

Punapa sing sampeyan dhawuhake bapak wis pirsa

c)

Punapa ingkang panjenengan dhawuhake rama wis pirsa

d)

Punapa ingkang sampeyan dhawuhaken bapak sampun sumerep.

e)

Punapa ingkang panjenengan dhawuhaken bapak sampun pirsa.

29.

Kowe yen dikongkon bapak kudu manut, supaya bapak ora nesu.

Tembung dikongkon kaliyan nesu krama inggilipun ….

a)

dipunkengken, muring

b)

dipunutus, duka

c)

dikengken, duka

d)

dipunutus, muring

e)

dikongkon, duka

30.

Kang migunakake basa ngoko alus yaiku... .

a)

Bocah marang bocah kang wis akrab

b)

Bocah marang bocah ngomongake wong kang luwih tuwa

c)

Bocah marang wong kang luwih tuwa kang

d)

Bocah marang kancane kang luwih dhuwur drajate