wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latihan Basa Jawa Wulangan 2

Total questions: 25

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Laporan prastawa anyar utawa prastawa ngenani hal sing lagi kedadean, sing dikabarake lewat Koran, siarana internet utawa diceritakake diarani … .

a)

Laporan

b)

Berita (Pawarta)

c)

Parikan

d)

Narasi

2.

Ing ngisor iki kagolong ciri-cirine berita, kajaba … .

a)

Nyengsemake

b)

Paling anyar

c)

Singkat lan jelas

d)

Paraga

3.

ing ngisor iki kagolong pawarta andhedhasar isine, kajaba ... .

a)

pawarta pendidikan

b)

pawarta politik

c)

pawarta lokal

d)

pawarta ekonomi

4.

gatekna ukara ing ngisor iki!

1.Fakta, pawarta saka kedadean nyata

2.oponi, pawarta kang wujud andharan wong kang ngalami kedadean

3.campuran kedadean lan panemune narasumber kang ahli


miturut ukara ing nduwur kagolong pawarta andedhasar ... .

a)

isine

b)

sumbere

c)

bobote fakta

d)

wilayahe

5.

Indonesia Scouts Challenge (ISC) mujudake kegiatan kemah lan maneka warna lomba kanggo adik-adik Penggalan Ramu kelas IV lan V SD. Minggu iki kegiatan kemah ISC tingkat kabupaten/kota Malang dilaksanakake ing lapangan rampal.


Andhedhasar wilayahe pawarta ing nduwur kagolong ... .

a)

Lokal (wilayah KAbupaten/kota)

b)

Regional (wilayah provinsi)

c)

Nasional (Negara)

d)

Internasional (donya)

6.

Ukara ing ngisor iki kang nganggo pola K-J-W-L yaiku ... .

a)

Adek tumbas jajan ing warung ngarep

b)

simbah ngunjuk kopi ing teras

c)

Saben isuk Ibu nyapu latar

d)

bapak maos koran ing mbale

7.

Pakdhe njupuki kayu ing tegalan. Tembung kayu ing ukara sisih kiwa kadapuk dadi … .

a)

Jejer

b)

wasesa

c)

lesan

d)

keterangan

8.

Bu Tejo nggawa tas werna ireng. Keterangane ukara ing sisih kiwa yaiku … .

a)

Bu Narni

b)

Nggawa

c)

Tas

d)

werna ireng

9.

Bu Narni nyapu latar saben sore. Tembung Bu Narni ing ukara ing sisih kiwa kadapuk dadi … .

a)

Jejer

b)

wasesa

c)

lesan

d)

keterangan

10.

Paklek ngunduh pelem ing kebonan

pola ukara ing nduwur yaiku ... .

a)

J-W-L

b)

K-J-W-L

c)

J-W-L-K

d)

J-W-K-L

11.

Manut wujude, unggah-ungguh basa dibedakake dadi 4 yaiku ....

a)

Ngoko , ngoko lugu, krama madya, krama alus

b)

Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus

c)

Basa ibu, basa ilmu, basa budaya

d)

Basa sanskerta, aksara jawa, basa daerah

12.

Basa kang tembunge ngoko kabeh diarani ...

a)

ngoko alus

b)

ngoko lugu

c)

ngoko biasa

d)

ngoko umum

13.

Pak Guru kelas papat iku jenenge Pak Ahmat. Tembung jenenge yen di kramakne inggil dadi … . .

a)

arane

b)

asmane

c)

rikmane

d)

sukune

14.

Nalika pacaturan karo Pakdhe, awakdewe minangka pawongan kang luwih enom kudu nggunakake basa .....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

15.

Bapak kondur saking kantor jam sekawan sonten. Ukara iki yen ditulis nganggo basa ngoko lugu dadi … .

a)

Bapak wangsul saking kantor jam papat sore

b)

Bapak mulih saka kantor jam papat sore

c)

Bapak mulih saka kantor jam sekawan sonten

d)

Bapak wangsul saka kantor jam sekawan sonten

16.

Bu Guru lagi nulis ing blabag.

Tembung nulis basa kramane yaiku . . . .

a)

Maos

b)

Nyerat

c)

Lenggah

d)

Nedha

17.

Bapak karo ibu lunga menyang Malang.

Ukara iki yen dikramakake inggil dadi … .

a)

Rama kaliyan Ibu kesah dhateng Malang

b)

Rama kaliyan Ibu tindak dhateng Malang.

c)

Rama kalih Ibu tindak dhateng Malang

d)

Rama kaliyan Ibu tindak menyang Malang.

18.

Ukara ing ngisor iki kalebu jinis ragam basa apa?

Bapak lagi dhahar sega pecel sapincuk

a)

Krama alus

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Ngoko lugu

19.

Mas Yudi sampean arep menyang ngendi?

Ukara ing sisih kiwa yen dikramakake inggil dadi … .

a)

Mas Yudi sampean badhe menyang pundi?

b)

Mas Yudi panjenengan badhe dateng pundi?

c)

Mas Yudi panjenengan badhe dateng ngendi?

d)

Mas Yudi panjenengan badhe menyang pundi?

20.

"Bapak badhe tindak datheng Solo"

Basa ngoko lugu sing bener saka ukara ing sisih kiwa yaiku … .

a)

Bapak badhe tindak menyang Solo

b)

Bapak arep tindak menyang Solo

c)

Bapak badhe lungo menyang Solo

d)

Bapak arep lungo menyang Solo

21.

Kanca-kanca, dina iki bu Susi ora rawuh.

Ukara ing dhuwur kalebu basa Jawa ragam... .

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

22.

Pak Budi : “Bocah-bocah, Pak Guru pan nginformasikena, kiye ana surat sing Dinas Dikbud sing isine yaiku rong minggu maning pan ana lomba macapat.”

Sobri : “Nyuwun pangapunten Pak, kalih minggu malih menika pasipun tanggal pinten?”

Doni : “Tembangipun menapa kemawon Pak?”

Pak Budi : “Kosik ta, sabar takone siji-siji. Pelaksanaane tanggal 27.”


Sobri lan Doni anggone matur marang Pak Budi nggunakake unggah-ungguh basa ...

a)

krama alus

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

ngoko lugu

23.

Ibu lunga menyang pasar.

Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama alus yaiku . . . .

a)

Ibu kesah dhateng peken

b)

Ibu bidhal dhateng peken

c)

Ibu tindak dhateng peken

d)

Ibu rawuh saking peken

24.

Ukara ing ngisor iki kalebu jinis ragam basa apa?

Budhe nedha sekul jagung lan nginum jahe anget

a)

Krama alus

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Ngoko lugu

25.

Ukara ing ngisor iki kalebu jinis ragam basa apa?

Panjenengan ora mundhut brambang mumpung lagi murah lho iki!

a)

Krama alus

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Ngoko lugu