Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS XI MUHAMADIYAH

Total questions: 35

Worksheet time: 1hrs 10mins

Name
Class
Date
1.

cacahe gatra utawa larik saben pada utawa bait diarani

....

a)

Guru Gatra

b)

Guru Lagu

c)

Guru wilangan

d)

Guru Swara

2.

sing diarani guru wilangan yaiku...

a)

cacahing wanda saben utawa suku kata ing saben gatra

b)

cacahe gatra utawa larik saben bait

c)

pocapan utawa intonasi ing wekasaning bait

d)

cacahe bait ing geguritan

3.

kalebu struktur batin geguritan yaiku ...

a)

tema lan amanat

b)

diksi lan tipografi

c)

enjambemen dan lelewaning basa

d)

purwakanthi lan wirasa

e)

panyitra lan diksi

4.

sing kalebu struktur lair yaiku

a)

panyitra lan tema

b)

enjambenem lan wirasa

c)

tema lan amanat

d)

imaji lan tipografi

e)

wirasa lan amanat

5.

gemricik swaramu ing wayah esuk/ agawe tentrem ning ati/ kricik-kricik kata tatanan tembang kang enda//


kutipan geguritan dhuwur nggunakake panyitra...

a)

pandeleng

b)

pangganda

c)

pangrungu

d)

pangarasa

e)

panindak

6.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani


Ing geguritan dhuwur, panggurit dadi ...

a)

bapak

b)

ibu

c)

anak

d)

putu

e)

sedulur

7.

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani


purwakanthi sing digunakake yaiku purwakanth guru ...

a)

swara i

b)

sastra t

c)

basa/lumaksita kali

d)

swara um

e)

sastra g

8.

jalaran dheweke jatining tresna// asalira tresna/ busana tresna/ watak tresna/ jatining tresna.


tembung sing dibolan baleni dening panggurit diarani ...

a)

purwakanthi guru swara

b)

purwakanthi guru sastra

c)

purwakanthi lumaksita

d)

diksi

e)

tipografi

9.

Parafrase yaiku ngowahi wujud teks geguritan dadi wujud ....

a)

Tembang / lagu

b)

Gambar

c)

Prosa / cerita

d)

Diagram

10.

kang ora bakal ilang saka kedhepe netra. Netra dasanamane...

a)

soca

b)

ripah

c)

rasthi

d)

mandara

e)

umis

11.

sing ora kalebu tipografi saka geguritan kasebut yaiku ....

a)

kabeh nduweni 4 gatra

b)

panggone ing isih kiwa kabeh

c)

ora dipungkasi nggunakake tandha titik kabeh ukarane

d)

ing pada 2 nduweni 4 gatra

e)

ukarane ana sing cekak lan ana sing dhawa

12.

ayo padha bangkit mungsuh penjajah,

supaya bebas lan bisa mardika


Sing ana ing penggalan geguritan kasebut yaiku imaji ....

a)

imaji pangrungu

b)

imaji paningal

c)

imaji pangganda

d)

imaji panindak

e)

imaji pangrasa

13.

Wiwit kok tulisake tresna iku

Manuk-manuk kepodang padha geguyonan


iki kalebu majas ....

a)

hiperbola

b)

personifikasi

c)

metafora

d)

ironi

e)

pleonasme

14.

Iki atiku

Iki sukmaku

bukti katresnanku


ing dhuwur tinemu purwakanthi apa wae ....

a)

swara lan sastra

b)

swara lan basa

c)

swara kabeh

d)

basa lan sastra

e)

sastra kabeh

15.

ana prihatin, susah, seneng, nelangsa, lan liya-liyane

kalebu struktur batin geguritan jenis apa ....

a)

tema

b)

rasa

c)

nada

d)

amanat

16.

adhem ayem, babak belur, campur adhuk

kalebu lelewane basa geguritan jenis apa ....

a)

tembung entar

b)

tembung saroja

c)

purwakanthi

d)

tembung kawi

17.

wis gedhe kok nggegem tangan wae, ora gelem mbiyantu wong tuwa

kalebu lelewane basa geguritan jenis apa ....

a)

tembung saroja

b)

tembung entar

c)

yogaswara

d)

tembung kawi

18.

Siswa siswi padha semangat ngadhepi pasinaon dina iki

Lelewane basa geguritan sing tinemu ing geguritan kasebut yaiku ....

a)

tembung saroja

b)

tembung entar

c)

tembung kawi

d)

purwakanthi

e)

yogaswara

19.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani


Isi saka geguritan dhuwur yaiku ...

a)

wong tuwa kudu mesti nduweni rasa kangen marang anak

b)

bapak kang goleki bojone nganti tekan lor kali

c)

susahe bapak dening tangise anak, sebab kangen ibune kang lagi nyambut gawe ing hongkong

d)

bapak kang goleki ibu tekan hongkong amarga anake lara

e)

susahe bapak marang ibu kang nyambut gawe golek duit nganti tekan hongkong gawe anak

20.

Sawise lawas pisah

Ketemu wes podho dadi simbah

Rambut-rambut putih, pasuryan podo malih


Ing penggalan geguritan kasebut tinemu imaji apa ....

a)

imaji paningal/ penglihatan

b)

imaji pangrasa/ perasaan

c)

imaji pangrungu/ pendengaran

d)

imaji panindak/ perbuatan

21.

swarane lembut kaya kapas

Majas sing tinemu ing ukara ing dhuwur yaiku ....

a)

majas hiperbola

b)

majas personifikasi

c)

majas antitese

d)

majas litotes

e)

majas ironi

22.

sekar, puspita, puspa yaiku dasanama saka tembung ....

a)

jeneng wong

b)

kembang

c)

wanita

d)

omah

e)

ibu

23.

Jingglengana geguritan ing ngisor!


Medhitasi Mangsa

Sumono Sandy Asmoro


....

Bumi kae ora nate mbedak-mbedakake

Samubarang kang ana ing sadhuwure

Kabeh winih dithukulake

Ora metung papak lancipe


Isine pethikan geguritan ing dhuwur yaiku manungso ...

a)

Kudu milah lan milih

b)

Tumindak sakarepe

c)

Kang ngina mring sasama

d)

Ora oleh mbeda-mbedake

e)

Kudu bisa mbeda-mbedakake

24.

Uneg-uneg tukang rosok marang calon pemimpin

Dening Siti Purwati, S.Pd.

....

Nanging, jajalen ..... titenana

Yen panjenengan klakon lungguh kursi

Aja maneh kok takon lan nyalami aku

Yen ketemu, noleh wae panjenengan ora duwe wektu!

Opo maneh kok mujudake janji-janji jenengan


Tembung “lungguh kursi” ing pethikan geguritan iku ateges ...

a)

Dadi pemimpin

b)

Dadi Juwara

c)

Lungguh kepenak

d)

Lungguh empuk

e)

Kursi sing empuk

25.

Karo .......... iku kudune rukun, aja nganti ...... wae saben dina

Tembung saroja lan tembung entar sing cocok kanggo mangsuli pitakonan kasebut yaiku ....

a)

sanak sedulur, abang kupinge

b)

kancane, tukar padu

c)

wong tuwa, rai gedhek

d)

tangga teparo, rasan-rasan

26.

gambar alat sing digunakake ing pernikahan adat jawa iku kasebut....

a)

kembang janur

b)

kembang rawe

c)

kembar kembang

d)

kembar mayang

27.

upacara pernikahan adat jawa kasebut jenenge apa ...

a)

balangan bantal

b)

balangan balangan

c)

balangan gantal

d)

uncal uncalan

28.

kang diarani adat kacar-kucur yaiku....

a)
b)
c)
d)
29.

kang sinebut adat dhahar klimah yaiku....

a)
b)
c)
d)
30.

tatacara adat panggih kang dadi pralambang, manten kakung iku kudu tanggungjawab menehi nafkah marang manten putri, jenenge upacara pernikahan adat apa .....

a)

kacar-kucur

b)

siraman

c)

wiji dadi

d)

mecahan tigan

31.

kagiyatan sing dianakake ing saben sasi sura diarani...

a)

grebegan mulud

b)

grebeg sura

c)

nyadran

d)

liru kalpika

32.

ing ngisor iki kang kalebu seni budaya Jawa yaiku...

a)

ondel-ondel

b)

ludruk

c)

parodi

d)

operet

33.

Manten lan para pengiring keluargawane padha teka ing omahe manten lanang nalika upacara ....

a)

Temu manten

b)

Ngunduh mantu

c)

Siraman

d)

Ijab kabul

e)

Midodareni

34.

Tata cara temanten adat jawa kasebut jenenge apa ....

a)

sujud

b)

sungkeman

c)

krobongan

d)

atur pamit

35.

ing ngisor iki kang ora kalebu adat jawa yaiku ...

a)

Sekaten

b)

Tingkeban

c)

Massuro

d)

Brokohan

e)

Siraman