WorksheetsULANGAN HARIAN BASA JAWA KLAS X BAB BASA RINENGGA
Total questions: 25
Worksheet time: 1hrs 21mins
Basa rinengga yaiku...
Basa kang angel dingerteni
Basa sing dipaesi utawa basa kang endah
Basa Jawa kang alus banget
Basa Jawa kulonan
Basa Jawa kang nduweni teges akeh
Ing ngisor iki sing kalebu titikane teks sastra yaiku...
Asipat obyektif
Asipat khayal/imajinatif
Basane nganggo basa ilmu
Nduweni makna denotatif
Pamilihan tembung kang winates
Biyasane basa rinengga digunakake ana ing ngisor iki, kajaba...
Geguritan
Lagu utawa tembang
Panyandra Manten
Artikel
Parikan
Ukara ing ngisor iki kang kalebu basa rinengga yaiku...
Kowe iki nek mangan kok kemlothek sajake kesusu tenan.
Padha karo kowe nek babagan tresna, aku ya mung melu-melu wae.
Nalika wis bali tekan omah aja lali gek ndang ngasuh.
Sadar nek wis telat, ing dalan Budi mlayu-mlayu kaya kidang diuber singa.
Pancen tenan nek bisa dadi patuladhan wong saben dinane tansah sinau.
Jinising basa rinengga kang titikane utawa ciri-cirine nganggo tembung kaya, kayata, kayadene, lir, kadya, pindha, lan liya-liyane kang ngemu teges kaya diarani....
Purwakanthi
Saloka
Paribasan
Pepindhan
Bebasan
Tujuan utawa ancasing gawe basa rinengga salah sawijine yaiku...
Supaya makna tembunge ora bakal ana sing ngerti
Ngurangi basa kang ora prelu digawe
Kanggo narik kawigaten amarga basane endah
Gawe jlimet tiyang sing maca
Supaya kahanane ora katon endah
Tembung kang karakit saka rong tembung sing tegese meh padha lan bisa nuwuhake makna kang luwih teges diarani...
Kawi
Purwakanthi
Saroja
Saloka
Pepindhan
Tembung saroja nduweni fungsi kanggo...
Menehi rasa endah
Njelasake teges
Nambahi rasa mbangetake
Nambahi rasa cetha
Nggambarake kahanan
Ukara ing ngisor iki kang ngandhut tembung entar yaiku...
Sapa sing salah kudu ngalah
Polatane katon sumringah amarga nembe entuk beasiswa saka sekolah
Sikile bocah kuwi dawa sisih, cacat mulai cilik
Saiki lagi mangsa udan, kamangka dalane lunyu tenan mula sing ngati-ati
Bapak nek kerja nganti adus kringet, kemlucur tenan
Saka ukara ing ngisor iki kang klebu jinis purwakanthi guru swara yaiku...
Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa
Ngrukti bumi nastiti murih lestari
Runtang-runtung rerentengan
Kinasihan kadya mimi lan mintuna
Rinengga ing busana kang edi endah
Tuladhane tembung saroja yaiku...
dawa tangane, adus kringet
putih memplak, ayem tentrem
gagah prakosa, gedhe endhase
dhuwure kaya otak-otak mega
colong jupuk, tipis lambene
Rinengga ing busana edi peni.
Tembung kang digaris isore kuwi tegese...
endah banget
katon semburat
ora resik
sarwa tresna
gumlegar banget
Kang diarani makna konotasi ing sajrone teks sastra yaiku...
makna kang jumbuh karo bausastra
makna kang blegere katon nyata
makna kang ora padha karo sanyatane
makna kang mirunggan
makna kang biasa wae
Kolik priya priyagung Anjani putra.
Ukara ing ndhuwur kuwi klebu basa rinengga jinis...
purwakanthi guru lumaksita
saloka
purwakanthi guru sastra
paribasan
pepindhan
Paragraf kang nggunakake tetembungan basa rinengga yaiku...
UKS kuwi kudu lengkap fasilitase, sokur ana dokter lan pengawase sing kalamangsa nunggoni UKS. Kader kesehatan uga kudu ana supaya ana calon-calon penerus tenaga medis.
Ing area sekolah kudu akeh wit-witan kang cukup gedhe sokur yen uga ngasilake uwoh. Wit-witan ditandur ana ing plataran ngarep, antarane gedhung, mburi sekolah, pinggir dalan, lan liya-liyane.
Biyen ora ana sing ngelirik nanging saiki malah dadi rebutan. Misuwure nganti ora sadar menawa tanduran iki ana upase. Tanduran iki kena dianggo bahan bakar biodiesel, tanduran pelindung, obat, insektisida, lan liyane.
Saiki sawise ndonya ruangsa kekurangan bahan bakar minyak, merga cadangane minyak wis entek. Mangkane kita kudu wicaksana nggunakake bahan bakar minyak supaya ora cepet entek.
Sawise pikirane kagelar kagulung, Dewi Sedhah Merah wis manteb nedya nduwa kersane ramane yen nganti dheweke arep kadhaupake klawan patih Jatasura.
Ancik-ancik pucuking eri
Unen-unen kasebut kalebu...
Pepindhan
Wangsalan
Bebasan
Paribasan
Saloka
Tangane Ratih aluse kaya sutra.
Ukara ing ndhuwur kalebu...
Paribasan
Entar
Pepindhan
Saroja
Wangsalan
Purwakanthi kang ana tembung dibaleni diarani purwakanthi guru...
Lagu
Swara
Sastra
Lumaksita
Wilangan
Waahh!!
Isih cilik kok ...... ana apa wae sing bisa dijupuk ya jupuk.
Tembung sing trep kanggo ngisi ceceg - ceceg ing dhuwur iku ...
Lunyu ilate
Adus kringet
Dawa tangane
Rai gedheg
Gedhe endase
Shahrukh khan kuwi wong lanang ganteng tenan, luwih ganteng amarga irunge ...
Nanggal sepisan
Ngundhup mlati
Mucuk eri
Miji timun
Nawon kemit
Ing ngisor iki tuladha paribasan sing tegese amarga tingkah polah nake wong tuwa dadi rekasa, yaiku ...
Bapa polah anak kepradah
Kriwikan dadi grojogan
Anak polah bapa kepradah
Sapa salah bakal seleh
Kebo nusu gudel
Wong sing njarak marani bebaya, tembung salokane yaiku ...
Kebo bule mati setra
Kebo lumumpat ing palang
Blilu tau pinter durung nglakoni
Kutuk marani sunduk
Kebo nusu gudel
Unen-unen kang gumathok, ajeg panganggone, ngemu rasa pepindhan, dene sing dipindhanake/diumpamakake yaiku
Paribasan
Wangsalan
Bebasan
Saloka
Entar
Unen-unen kang ngemu teges badhekan, kaya dene cangkriman utawa tebakan yaiku ...
Paribasan
Wangsalan
Bebasan
Saloka
Entar
Ing jaman sing nganggo teknologi maju, akeh wong tuwa sing njaluk wuruk/ golek ilmu marang wong enom.
Ukara paribasan sing mathuk kanggo ukara ing dhuwur yaiku...
Kebo kabotan sungu
Kebo nusu gudel
Mikul dhuwur mendhem jero
Cebol nggayuh lintang
Becik ketitik, ala ketara
