NEW
Font size
WorksheetsTembang macapat
Total questions: 22
Worksheet time: 14mins
Tembang macapat nduwé guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Ing antarane iki, sing nuduhaké cacahé suku kata saben gatra yaiku …
Guru Gatra
Guru Wilangan
Guru Lagu
Guru Anak
“Pucung iku wisana, manungsa bali marang panggonane”
Maknane yaiku …
Wong bali menyang omahe
Wong bali marang Gusti
Wong bali menyang alas
Wong bali menyang desa
“Maskumambang ana ing weteng, jabang bayi durung lahir”
Maknane yaiku …
Wong tuwa
Kawiwitan dumadi
Pungkasan urip
Tresna
“Pangkur kang gya nyuda hawa, ngèlmu iku kelakone kanthi laku”
Makna utama tembang kasebut yaiku …
Ngèlmu digayuh nganggo tapa brata lan prihatin
Ngèlmu digayuh nganggo kekuwatan
Ngèlmu digayuh nganggo dhuwit
Ngelmu digayuh nganggo guyonan
Pangkur kerep nggambarake wong …
Enom sing lagi tresna
Tuwa sing ninggal hawa nafsu
Bocah cilik sing seneng dolanan
Wong sugih sing pamer
Urip bareng iku kudu guyub rukun
Tembung "guyub rukun" tegese yaiku ...
Nyawiji
Congkrah
Bubrah
Tukar padu
PUCUNG
Urip bareng iku kudu guyub rukun
Ora nggolek perkara
Ngomong ya sing ati-ati
Aja nganti bubar gegara perkara
Pesen sing bisa dijupuk saka tembang kasebut yaiku ...
Yen urip kudu ngati-ati
Dadi wong kudu seneng tulung-tinulung
Dadi wong kudu seneng golek gegara
Yen urip iku kudu guyub rukun
PUCUNG
Urip bareng iku kudu guyub rukun
Ora nggolek perkara
Ngomong ya sing ati-ati
Aja nganti bubar gegara perkara
Tembang kasebut kedadean saka ... Gatra
1
4
5
6
Tibane swara ing pungkasane gatra yaiku ...
Guru lagu
Guru wilangan
Guru swara
Guru basa
Guru wilangan lan guru lagu saka tembang kasebut yaiku
7u, 8i, 8u, 8i, 8o
6u, 8i, 10u, 6u, 8o
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
12u, 8u, 10i, 8u, 80
Isine tembang pocung iku lumrahe ...
Kasmaran
Getun
Susah
Pitutur
Bapak pucung amung sirah klawan gembung
Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil baka sipucung dadi dahana
Wangsulan saka tembang kasebut yaiku ...
Geni
Gajah
Sepur
Penthol korek
Adhedhasar isine tembang kasebut bisa diarani tembang ...
Megatruh
Gambuh
Pangkur
Mijil
Pambeda antarane titi laras slendro lan pelog yaiku ...
4 lan 7
2 lan 5
4 lan 6
1 lan 3
Tembang macapat uga bisa diarani tembang ...
Tengahan
Gedhe
Cilik
Kuna
Tembung macapat tegese ...
Maca papat-papat
Maca cepat-cepat
Maca seprapat
Maca
Sing kalebu jinis tembang macapat yaiku .....
Maskumambang
Balabak
Citramengeng
Girisa
Guru gatra yaiku .....
Tibane swara ing pungkasane gatra
Cacahe gatra saben sapada
Cacahe wanda saben sagatra
Tibane swara saben sawanda
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
tanpa tutur katula-tula katali
kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon.
Guru gatrane tembang ing dhuwur , ana pira?
4 gatra
5 gatra
6 gatra
7 gatra
Watake tembang gambuh gambuh yaiku...
kulina
grapyak
jumbuh
sereng
Sing kalebu jinis tembang macapat yaiku .....
Maskumambang
Balabak
Citramengeng
Girisa
Tibane swara ing pungkasane gatra yaiku ...
Guru lagu
Guru wilangan
Guru swara
Guru basa
