wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Serat Tripama iku anggitane ...

a)

Sinuwun Pakubuwana VI

b)

Sinuwun Paku Buwana IV

c)

Sri Mangkunegara IV

d)

Sri Mangkunegara VI

e)

R. Ng. Ranggawarsita

2.

Serat Tripama ambabarake piwulang saka patuladhan ...

a)

Arjuna, Werkudara, Karna

b)

Sumantri, Sukrasana, Kumbakarna

c)

Ramawijaya, Kumbakarna, Dasamuka

d)

Sumantri, Kumbakarna, Karna

e)

Puntadewa, Kresna, Duryudana

3.

Serat Tripama amung dumadi saka sapupuh tembang macapat, yaiku tembang...

a)

Pangkur

b)

Sinom

c)

Gambuh

d)

Kinanthi

e)

Dhandhanggula

4.

Paugerane tembang Dhandhanggula yaiku ....

a)

8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

b)

10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u

c)

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

d)

8a, 8i,8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a

e)

10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

5.

Tokoh wayang sing ora ana ing Serat Tripama yaiku.....

a)

Bambang Sumantri

b)

Kumbakarna

c)

Arjuna

d)

Karna

6.

“... tur iku warna diyu, suprandene nggayuh utami ...”

Tembung diyu tegese ...

a)

buta

b)

wanara

c)

gajah

d)

manungsa

e)

dewa

7.

“Katri mingka sudarsaneng Jawi, pantes lamun sagung prawira...”

Pangudhale tembung garba sudarsaneng yaiku....

a)

sudar + saneng

b)

su + darsa + neng

c)

su + dar + sana + ing

d)

su + darsana + ana + ing

e)

su + dar + sa + na + ing

8.

Ana ing Serat Tripama pupuh Dhandhanggula, pada kang nyeritakake Patih Suwanda yaiku pada ......

a)

1 lan 2

b)

2 lan 3

c)

3 lan 4

d)

4 lan 5

e)

5 lan 6

9.

Ana ing Serat Tripama pupuh Dhandhanggula, pada kang nyeritakake Raden Kumbakarna yaiku pada ......

a)

1 lan 2

b)

3 lan 4

c)

5 lan 6

d)

6 lan 7

e)

2 lan 3

10.

Ana ing Serat Tripama pupuh Dhandhanggula, pada kang nyeritakake Adipati Karna yaiku pada ........

a)

1 lan 2

b)

3 lan 4

c)

4 lan 5

d)

5 lan 6

e)

6 lan 7

11.

Tembung Tripama karakit saka tembung tri lan pama. Tembung tri nduweni dasanama .....

a)

siji

b)

loro

c)

telu

d)

papat

e)

lima

12.

Serat Tripama nyaritakake 3 tokoh wayang kang bisa didadekake tuladha ing urip padinan. Serat kasebut dumadi saka .... pada.

a)

3

b)

5

c)

7

d)

9

e)

11

13.

" ..... minungsuhken kadange pribadi, dene sira pikantuk, ..." Tembung sira nduweni dasanama ing ngisor iki kajaba ...

a)

kowe

b)

sampeyan

c)

panjenenengan

d)

rika

e)

awake dhewe

14.

Tembung-tembung kang ana ing serat Tripama ing ngisor iki, antuk seselan -in- kajaba .....

a)

ginelung

b)

jinemparing

c)

kinen

d)

kinarya

e)

ingadegken

15.

Tembung garba yaiku tembung kang dumadi saka rong tembung utawa luwih, kanthi nyuda cacahing wanda lan ndadekake tembung anyar. Tembung garba uga bisa diarani nyingkat rong tembung supayane dadi ringkes. Tembung garba kang ana ing Serat Tripama ing ngisor iki, kajaba .....

a)

senopati

b)

saniskareng

c)

aneng

d)

wirotama

e)

sudarsananeng

16.

Tibaning swara ing pungkasaning gatra diarani ....

a)

guru wilangan

b)

guru lagu

c)

pupuh

d)

pada

e)

guru gatra

17.

Cacahing gatra saben sapada diarani .....

a)

guru wilangan

b)

guru lagu

c)

guru gatra

d)

pada

e)

pupuh

18.

Gatekna cakepan tembang macapat Dandhanggula ing ngisor iki.

"Yogyanira kang para prajurit,"

Guru wilangan lan guru lagu kang ana ing gatra kasebut yaiku ....

a)

8e

b)

7u

c)

10i

d)

10a

e)

9i

19.

Ing ngisor iki kang kalebu sasmitane tembang dhandhanggula kajaba.....

a)

gula

b)

manis

c)

sarkara

d)

dhandhang

e)

taruna

20.

Watak tembang Dhandhanggula yaiku ....

a)

luwes

b)

grapyak

c)

sabar

d)

galak

e)

sedhih