wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

QUIZIZZ 1 LAYANG KLS 8

Total questions: 20

Worksheet time: 26mins

Name
Class
Date
1.

Miturut jinise, layang kiriman diperang dadi....

a)

3

b)

4

c)

5

d)

6

2.

Sarana sing bisa digunakake kanggo sesambungan lan aweh informasi marang wong liya lumantar tulisan diarani….

a)

Layang

b)

Tembang

c)

Geguritan

d)

Cangkriman

3.

Layang kiriman sing isine masalah pribadine wong sing ngirim diarani ….

a)

Kitir

b)

Lelayu

c)

Layang iber

d)

Layang ulem

4.

Layang sing ditulis ing kertas sakecandhake isine mung ringkes lan cekak aos diarani ....

a)

Kitir

b)

Lelayu

c)

Layang iber

d)

Layang ulem

5.

Sing diarani lelayu, yaiku layang sing isine ....

a)

Undangan ndhuwe gawe

b)

Kabar kesripahan

c)

Kanggo lamaran

d)

Masalah pribadi

6.

Gatekna ukara ing ngisor iki!

1. Instansi sekolah

2. Dinas pendidikan

3. LP Ma’arif


Lembaga ing nduwur yen nulis layang nganggo layang….

a)

Dhines

b)

Pribadi

c)

Sosial

d)

Iber

7.

Ing ngisor iki kang kelebu layang sosial yaiku….

a)

Rapat RT

b)

Undangan ulang tahun

c)

Undangan pawiwahan

d)

Undangan pelatihan guru

8.

Perangan layang sing isine aweh pawarta kabar keslametan diarani….

a)

Bebuka

b)

Adangiyah

c)

Titi mangsa

d)

Surasa basa

9.

Perangane layang sing isine nelakake unggah-ungguhe sing kirim layang marang sing dikirimi kayata marang kanca utawa sadulur diarani….

a)

Peprenah

b)

Adangiyah

c)

Surasa basa

d)

Wasana basa

10.

Adangiyahe layang ing ngisor iki sing paling trep dicakake dening anak marang wong tuwane, yaiku….

a)

Salam taklim kula

b)

Kanggo Bapak/Ibu

c)

Kanggo wong tuwaku

d)

Bapak/Ibu sing daktresnani

11.

Gatekna perangane layang ing ngisor iki!


Sesarengan serat menika kula ngaturi pirsa bilih kawontenan kula sakaluwarga ing mriki pinaringan bagas waras lan kawilujengan. Mugi-mugi kawontenan panjenengan ugi mekaten.


Perangane layang ing ndhuwur mujudake….

a)

Pambuka

b)

Adangiyah

c)

Satata basa

d)

Surasa basa

12.

Gateknaperangane layang ing ngisor iki!

Wasana cekap semanten atur kula, bilih wonten kalepatan kula nyuwun pengapunten lan sanes wekdal saged kesambet malih.


Perangane layang ing ndhuwur mujudake….

a)

Penutup

b)

Pambuka

c)

Adangiyah

d)

Surasa basa

13.

Gateknaperangane layang ing ngisor iki!

1. Serat saking putra

2. Nuwun ingkang putra

3. Embahmu Paidi

Perangane layang ing ndhuwur mujudake….

a)

Pambuka

b)

Adangiyah

c)

Prapenahan

d)

Wasana Basa

14.

Ukara kang isine nyritakake sawijining bab, kedadean, utawa sawijining kaanan marang wong liya, diarani ukara….

a)

Sananta

b)

Pitakon

c)

Carita

d)

Pakon

15.

Ukara kang isine njaluk katrangan marang wong sing maca utawa sing diajak guneman, diarani ukara….

a)

Sananta

b)

Pitakon

c)

Carita

d)

Pakon

16.

Nulis layang marang wong kang luwih tuwa kudune nggunakake….

a)

Basa krama

b)

Basa rinengga

c)

Basa ngoko lugu

d)

Basa ngoko alus

17.

Gatekna layang ing ngisor iki!


Kancaku Achmad

Ing Sleman,Yogyakarta

Rehan, aku ora biso menyang omahmu. Aku ora ono biaya.

Mung yen ono rejeki, aku mrono.

Bandung ,1 januari 1999

Kancamu ,

Rafi


Miturut jinise layang ing nduwur kelebu layang….

a)

Iber

b)

Kitir

c)

Ulem

d)

Lelayu

18.

Gatekna layang ing ngisor iki!


PENGETAN

Sampun kapundhut wangsul ing pangayunnaning Pangeran, Ibu kula Rr. Mintarsih mboten langkung nyuwun tambahing pandonga, mugi – mugi alusipun Ibu katanipiyo kanthi sukarena dening Pangeran, kaparingana pangapunten saday dosanipun. Kapapana ing panggenan ingkang prayogi.

Pati, 18 Agustus 2009


M. Zaidan Althof


Miturut jinise layang ing nduwur kelebu layang….

a)

iber

b)

kitir

c)

ulem

d)

lelayu

19.

Gatekna layang ing ngisor iki!


Layang kanthi salam taklimku tumeka

Marang kanca-kancaku murid klas 6

SDN Wilangan Sambit ing Ponorogo


Wiyose, kanthi layang iki aku sakanca murid-murid klas 4 SDN Wilangan Sambit aweh kabar marang kanca-kanca ing kene, menawa kaananku sakanca padha ginanjar slamet ora kurang sawiji apa. Panyuwunku marang Gusti Kang Maha Asih, kanca-kanca ing kene uga tansah pinayungana ing Pangeran, nir ing sambekala.


Miturut petilan layang ing nduwur kang kelebu bagian Adangiyah yaiku….

a)

SDN Wilangan Sambit ing Ponorogo

b)

Layang kanthi salam taklimku tumeka

c)

Panyuwunku marang Gusti Kang Maha Asih, kanca-kanca ing kene uga tansah pinayungana ing Pangeran

d)

Kanthi layang iki aku sakanca murid-murid klas 4 SDN Wilangan Sambit aweh kabar marang kanca-kanca ing kene

20.

Gatekna layang ing ngisor iki!


Kancaku Achmad

Ing Sleman,Yogyakarta

Rehan, aku ora biso menyang omahmu. Aku ora ono biaya. Mung yen ono rejeki, aku mrono.

Bandung ,1 januari 1999

Kancamu ,


Rafi


Miturut layang ing nduwur kang kelebu bagian Paprenahan yaiku….

a)

Ing Sleman,Yogyakarta

b)

Bandung ,1 januari 1999

c)

Rafi

d)

Kancamu