wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa Kelas 5 "Tembang Pangkur"

Total questions: 20

Worksheet time: 1hrs 18mins

Name
Class
Date
1.

Guru gatra yaiku .....

a)

Tibane swara ing pungkasane gatra

b)

Cacahe gatra saben sapada

c)

Cacahe wanda saben sagatra

d)

Tibane swara saben sawanda

2.

Guru Lagu yaiku....

a)

tibaning swara ing pungkasaning gatra

b)

sing ngajari nembang jawa

c)

cacahe gatra saben sapada

d)

cacahing wanda saben gatra

3.

Cacahing wanda ing saben gatra kasebat...

a)

guru gatra

b)

dhong-dhing

c)

guru lagu

d)

guru wilangan

4.
Guru Gatra tembang Pangkur yaiku
a)
10
b)
8
c)
7
d)
6
5.

Geter raosipun manah

swara para janma tansah jejerit

sakabehe wus kagulung

murka aneng samudra

tirta lan samirana samya gumulung

amung bisa andedonga

kamilawase mring gusti


tembang ing dhuwur kalebu jenis tembang macapat ...

a)

gambuh

b)

pucung

c)

asmardhana

d)

pangkur

6.

Pratikele wong akrami

Dudu brana dudu warna

Amung ati pawitane

Luput pisan kena pisan

Yen gampang luwih gampang

Yen angel kalangkung

Tan kena tinambak arta


Cacahing gatra saking tembang ing nduwur yaiku. . . .

a)

4

b)

5

c)

6

d)

7

7.

Sekar gambuh ping catur.

jumlahe wanda ing ndhuwur ana...

a)

5

b)

6

c)

7

d)

8

8.

Jinejer neng Wedhatama

Mrih tan kemba kakembeng ing pambudi

Mangka nadyan tuwa pikun

Yen tan mikani rasa

Yekti sepi asepa lir sepah samun

Samangsane pakumpulan

Gonyak-ganyuk nglelingsemi


Tembang macapat ing ndhuwur tuladhane tembang...

a)

Dhandhanggula

b)

Pangkur

c)

Sinom

d)

Kinanthi

9.

Watake tembang pangkur yaiku ...

a)

Sereng, tegas

b)

Nesu, muntab

c)

Nglokro, sedhih

d)

Grapyak, renyah

10.
Tembang kang watake seneng, antepan ati lan gagah, mangkelake yaiku tembang
a)
Dhandhanggula
b)
Gambuh
c)
Pocung
d)
Pangkur
11.

Asil karya sastra Jawa kang kaiket ing aturan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu diarani...

a)

Tembang macapat

b)

Tembang dolanan

c)

Geguritan

d)

Gancaran

12.

Tembang Pangkur asale saka tembung....

a)

mungkur

b)

tandur

c)

sukur

d)

sumur

13.

Watake tembang Pangkur, yaiku....

a)

sereng lan prawira

b)

sereng llan sedhih

c)

susah lan prawira

d)

susah lan nelangsa

14.

Guru wilangan lan guru lagu cakepan tembang Pangkur, yaiku....

a)

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

b)

9a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

c)

8a, 11i, 8u, 7a, 12i, 8a, 8i

d)

9u, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

15.

Tembang Pangkur nggambarake....

a)

mang nome manungsa

b)

mangsa tuane manungsa

c)

mangsa uripe manungsa

d)

mangsa matine

16.

sekar pangkur angrumpaka

pra pahlawan nundhung penjajah nyingkir,

Demak Adipati Unus,

Sultan geng Tirtayasa,

Ing Mataram sumusul Sri Sultan Agung,

Pangeran Diponegara,

Kyai Maja dadya kanthi


Tembang pangkur saben sapada ana ....

a)

5

b)

6

c)

7

d)

8

17.

sekar pangkur angrumpaka

pra pahlawan nundhung penjajah nyingkir,

Demak Adipati Unus,

Sultan geng Tirtayasa,

Ing Mataram sumusul Sri Sultan Agung,

Pangeran Diponegara,

Kyai Maja dadya kanthi


Gatra kaping pindho guru wilangan lan guru lagune pangkur yaiku ....

a)

8a

b)

11u

c)

11i

d)

8u

18.

"Ing Mataram sumusul Sri Sultan Agung." Tembung sumusul iku linggane ...

a)

sumu

b)

susul

c)

sinusul

d)

suwi

19.

"Sekar pangkur angrumpaka". Tembung ngrumpaka iku tegese ...

a)

nglagokake

b)

ngrakit

c)

nembangake

d)

nyanyekake

20.

Tuladha tembang macapat telu wae yaiku ....

a)

pangkur, sinom, gambuh

b)

jamuran, cublak-cublak suweng, gundul pacul

c)

gambuh, jamuran, gundul pacul

d)

lir-ilir, gambang suling, sinom