wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LATIHAN PTS BASA JAWA KLS 6 SMT 2

Total questions: 45

Worksheet time: 45mins

Name
Class
Date
1.

Guru gatra yaiku......

a)

cacahing ukara (kalimat) saben bait/pada

b)

cacahing suku kata saben kalimat

c)

suara pungkasan (akhir) utawa huruf vocal pungkasan saben ukara (kalimat)

d)

cacahing pada ing saben gatra

2.

Guru gatra tembang macapat iki ana ....

a)

6

b)

7

c)

8

d)

9

3.

Jinise tembang macapat ana . . .

a)

wolu

b)

songo

c)

sepuluh

d)

sewelas

4.

Wong sing diajak wawancara priyayine luwih tuwa,basa sing digunakake yaiku...

a)

Basa ngoko lugu

b)

Basa krama lugu

c)

Basa ngoko alus

d)

Basa krama alus

5.

Dhong-dhinging swara ing saben pungkasaning gatra diarani .......

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

macapat

6.

Tembang kang kaiket dening guru wilangan, guru gatra, lan guru lagu diarani tembang ........

a)

macapat

b)

dolanan

c)

tengahan

d)

gedhe

7.

Cacahe wanda saben sa gatra diarani ........

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

d)

guru saka

8.

Bapak pucung, saben dina tansah bingung,

Badanira panjang,

Tutuk ira pesagi,

Saben dina pucung nguntal buntut ira


Tembang ing dhuwur jenenge tembang ...........

a)

gambuh

b)

pucung

c)

sinom

d)

mijil

9.

Bapak pucung, saben dina tansah bingung,

Badanira panjang,

Tutuk ira pesagi,

Saben dina pucung nguntal buntut ira


Guru wilangan lan guru lagune gatra katelu tembang ing dhuwur yaiku .........

a)

7i

b)

8i

c)

9i

d)

10i

10.

Teks sing isine ngenani kedadeyan kang diwedharake ing sajroning tulisan ing medhia cithak, utawa laporan ing medhia elektronik diarani teks ....

a)

narasi

b)

argumentasi

c)

pawarta

d)

eksposisi

11.

Jroning teks pawarta, informasi sing diandharake kuwi pancen bener-bener ana lan dumadi iku nuduhake menawa pawarta iku ....

a)

bener

b)

akurat

c)

lengkap

d)

apik

12.

Jroning teks pawarta, informasi sing diandharake saora-orane kudu nyakup 5W+1H iku nuduhake menawa pawarta iku ....

a)

bener

b)

akurat

c)

lengkap

d)

apik

13.

Pawarta sing diandharake kuwi kudune akurat, tegese informasi sing diandharake ....

a)

bener-bener dumadi

b)

kudu nyakup 5W+1H

c)

kudu dipercaya

d)

dingerteni wong akeh

14.

Salah siji tata carane maca teks pawarta yaiku ....

a)

olehe maca kudu banter lan cepet

b)

sing diwaca mung judhule wae

c)

maca nganggo pengeras swara

d)

olehe maca kudu bener lan cetha

15.

Kapan kedadeyan sing diwartakake jroning pawarta iku mujudake jawaban kanggo tembung pitakon....

a)

what

b)

when

c)

who

d)

why

16.

Sawise adus aku terus mangan.

Yen dadekake basa krama ....

a)

Sesampunipun siram kula lajeng dhahar.

b)

Sesampunipun adus kula langsung nedha.

c)

Sesampunipun siram kula langsung nedha.

d)

Sesampunipun adus kula langsung dhahar.

17.

Bapak arep lunga menyang Surabaya numpak sepur.

Tembung sing dicithak kandel benere ....

a)

kesah ; nitih

b)

kesah ; numpak

c)

tindak ; nitih

d)

tindak ; numpak

18.

Megatruh


Karo kanca kudu urip guyub rukun,

Senajan beda agami,

Apadene beda suku,

Ayo padha sing nyawiji,

Gedhe cilik tuwa anom.


Megatruh iku salah sijine jinis tembang ....

a)

dolanan

b)

macapat

c)

gedhe

d)

tengahan

19.

Megatruh


Karo kanca kudu urip guyub rukun,

Senajan beda agami,

Apadene beda suku,

Ayo padha sing nyawiji,

Gedhe cilik tuwa anom.


Tembang Megatruh ing dhuwur dumadi saka ... gatra.

a)

4

b)

5

c)

6

d)

7

20.

Cacahe wanda saben gatra yaiku ....

a)

guru wilangan

b)

guru gatra

c)

guru sastra

d)

guru lagu

21.

Badriah kuwi pancen bocah sregep.

Sregep kosok baline yaiku ...

a)

Sembrana

b)

ngebreh

c)

bodho

d)

kesed

22.

Bakul sandhangan iku yen ... menyang pasar slompretan.

a)

Kulakan

b)

dikulak

c)

kulak-kulak

d)

ngulak

23.

Wong bungah sok nemu ...

a)

Sengsara

b)

rekasa

c)

cilaka

d)

susah

24.

Saiki tahun 2021.yen ditulis nganggo aksara Jawa sing bener yaiku ...

a)
b)
c)
d)
25.

Yen ditulis latin nganggo aksara latin yaiku ...

a)

Congkrah agawe bubrah

b)

Congkrah dadi bubrah

c)

crah agawe bubrah

d)

crah dadi bubrah

26.

Pidato kanggo acara ing sekolahan sing kurang trep yaiku ...

a)

HUT RT

b)

Persami

c)

Ulangan Harian

d)

Perpisahan

27.

Bu Siti : “Rif, kowe apa sida melu kemah?”

Arif : “Siyos bu, benjang dinten Sabtu ngajeng”

Bu Siti takon menyang Arif babagan apa?

a)

Kapan olehe kemah

b)

Apa sida melu kemah

c)

karo sapa olehe kemah

d)

ing ngendi olehe kemah

28.

Ibu : “Mar, Mar, tangia!”

Marni : “Ana apa bu? Aku isih ... “

Pacelathon kasebut supaya bener diiseni nganggo tembung ...

a)

Nulis

b)

maca

c)

ngantuk

d)

sinau

29.

Kulite (busik) amarga adus banyu kali.

Tembung njero kurung yen didadekake tembung dwi wasana dadi ...

a)

Busik-busik

b)

busak-busik

c)

sisiken

d)

besisik

30.

Sing kalebu tembung dwi lingga yaiku ...

a)

bapak-bapak

b)

alun-alun

c)

ondhe-ondhe

d)

paru-paru

31.

Ukara sing nggunakake tembung rangkep dwi purwa yaiku ...

a)

Bocah sing menang lomba oleh bebungah

b)

Bocah-bocah padha dolanan ing latar

c)

Aja bengak-bengok, simbah lagi sare

d)

Yen dikandhani aja cengingisan

32.

Dina Sabtu lan Minggu sajroning liburan semester kepungkur bocah-bocah kelas enem SDN Tanggungan Gudo nganakake perkemahan sabtu malam minggu ing Bhumi Perkemahan Wonosalam Kecamatan Wonosalam Kabupaten Jombang jam pitu esuk dina Sabtu, bocah-bocah lan Bapak Ibu Guru wis padha ngumpul ing sekolahan. Budhale numpak bis Indah Jaya.

Irah-irahan (judul) perangan karangan ing dhuwur yaiku ...

a)

Dina Sabtu lan Minggu ana kemah

b)

Bocah-bocah kelas VI kemah

c)

Kemah pramuka ing Wonosalam

d)

Sabtu lan Minggu ing Bhumi Perkemahan

33.

Sing ora kalebu peranganing karangan yaiku ...

a)

Irah-irahan (judul)

b)

bebuka

c)

isi

d)

peprenah

34.

Ukara ing ngisor iki sing nggunakake basa krama alus kang bener yaiku ...

a)

Kula dipun utus bulik mundhut gendhis

b)

Kula dipun utus bulik tumbas gula

c)

Kula dikengken bulik mundhut gendhis

d)

Kula dikengken bulik tumbas gula

35.

Ukara ing ngisor iki sing nggunakake basa ngoko alus kang bener yaiku ...

a)

Nalika bapak adus, aku mangan

b)

Nalika bapak siram, aku mangan

c)

Nalika bapak adus, aku dhahar

d)

Nalika bapak siram, aku dhahar

36.

Mas Rudi dipun celuk pakdhe.

Tembung dipun celuk benere ...

a)

Didhawuhi

b)

dipun dhawuhi

c)

diaturi

d)

dipun timbali

37.

Sing kalebu tembang macapat yaiku ...

a)

Kinanthi, pucung, sinom

b)

Kinanthi, sinom, balabak

c)

Balabak, gambuh, mijil

d)

Mijil, gambuh, megatruh

38.

Tibaning swara ing pungkasaning gatra diarani ...

a)

Guru gatra

b)

guru wilangan

c)

guru lagu

d)

guru sastra

39.

Senapatine Kurawa ing perang Batarayuda yaiku ...

a)

Gathutkaca

b)

Adipati Karna

c)

Nakula

d)

Sadewa

40.

Raden Gatutkaca putrane ...

a)

Janaka

b)

Harjuna

c)

Werkudara

d)

Puntadewa

41.

Ing perangan layang surasa basa uga diarani ...

a)

Panutup

b)

bebuka

c)

titi wangsa

d)

isi

42.

Katur : Eyang Harjito dalah Eyang Putri ing Malang.

Perangan layang ing dhuwur diarani ...

a)

Adawiyah

b)

satata basa

c)

surasa basa

d)

wasana basa

43.

Matura blaka ... ora perlu isin-isin.

a)

Lelana

b)

suta

c)

sembrana

d)

rena

44.

Aku ditukokake Bulik sepatu.

Yen didadekake ukara tanduk sing bener yaiku ...

a)

Bulik dak tukokake sepatu

b)

Bulik nukokake aku sepatu

c)

aku nukokake Bulik sepatu

d)

aku ditukokake sepatu Bulik

45.

Bapak lan ibu ditimbali eyang Sastro.

Jejere ukara iku yaiku ...

a)

Bapak

b)

Bapak lan Ibu

c)

ditimbali

d)

eyang Sastro